The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Buku ini terdiri atas beberapa kumpulan karya sastra yaitu geguritan dan cerkak

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by dilakusuma220, 2021-07-19 05:16:16

Buku Antologi Geguritan lan Cerkak

Buku ini terdiri atas beberapa kumpulan karya sastra yaitu geguritan dan cerkak

Keywords: Karya Sastra,Geguritan,Cerkak

DAFTAR ISI

SAMPUL………………………………………...……………………………………………
KATA PENGANTAR ...…………………………………………………………………….. i

BAB 1 GEGURITAN..........................................................................................2

ADHUH DHUH................................................................................................................................. 3
TIYANG ALIT.................................................................................................................................. 3
UWIS.................................................................................................................................................. 4
RAMAKU .......................................................................................................................................... 4
TRESNA NOMOR 13....................................................................................................................... 5
SEDHIH............................................................................................................................................. 5
TRESNA DUKA................................................................................................................................ 6
PAGEBLUK ...................................................................................................................................... 7
AYEM ................................................................................................................................................ 7
SEWATES KANCA.......................................................................................................................... 8
LDR .................................................................................................................................................... 8

BAB 2 CERKAK.................................................................................................9

KETIBAN PELEM.........................................................................................................................10
SEMAPUT .......................................................................................................................................12
DI TLADUNG PITEK....................................................................................................................14
KEBACUT LAMBE ABANG........................................................................................................16

1

BAB 1 GEGURITAN

2

ADHUH DHUH

Adhuh…dhuh…
Wanci esuk tumekane paran
Nyawang wong mburu kesenengan
Tansah ngoyak-ngoyak panguripan
Tanpa eling cilakane ragan

Sing nang paran padha anjejaga
Sing nang dalan padha ngupakara
Sing nang omah tansah dedonga
Mugya tansah pinaring santosa

Semarang, 31 Maret 2021
(Pernah dibukukan dalam Antologi Dipta Pradanggpati, PBSJ 2019 ‘D)

TIYANG ALIT

Petenge wengi mrambat ing ngisor kreteg layang
Bocah-bocah cilik padha turu pules jejeran
Tanpa kemul lan tanpa bantal sing disayang
Mung lembar kerdus lawas kang dadi landesan

Sorot lampu kendaraan lan brisike dalan dadi saksi
Ademe angin wengi nembus kulite kang tipis
Weteng kang luwe pirang-pirang dina uga ora dirasa
Dhuh gusti, paringano kuat balungan cilik iki
Kang saben dinane tansah ngulandara golek rejeki
Mugia bisa dadi manungsa kang prayoga

Pringapus, 14 April 2021
(Pernah dibukukan dalam Antologi Dipta Pradanggpati, PBSJ 2019 ‘D)

3

UWIS

Nalika ngulandara ing negri landa
Ketemu wanita pepujaning ati lan raga
Esem lan guyune tansah ngridu
Ora ngira kabeh kuwi namung candu.

Mbok uwis..
Wanita landa kuwi mung mampir ning ati
Pancen iki wes takdire
Ibarat kaya langit lan bumi
Tresna iki bakal ora bisa nyawiji

Pringapus, 21 April 2021
(Pernah dibukukan dalam Antologi Dipta Pradanggpati, PBSJ 2019 ‘D)

RAMAKU

Ramaku…
Sira naming putramu
Kang tansah ngabekti marang sliramu…

Rama…
Ngertia Rama, yen jagad sakmenika amba
Lan pangkat iku tanpa tuladha…
Ramaku, panjalukmu kang ora bisa kepanggah iku,
Namung gawe sara putramu…

Ramaku…
Sira naming putramu,
Putramu iki naming bisa nyengkuyung apa pangarepmu,
Panjalukku, muga Rama tansah bahagia mulya

Pringapus, 14 Juni 2021
(Pernah di publis di Instragram dilaak__)

4

TRESNA NOMOR 13

Kursi nomer 13 sing dadi saksi
Agawe kepincuting atiku saiki
Kayata tembang pangkur, wewarahe Ibu
Saben dina sliramu dak rindu…

Dhuh, wong ayu pepujaning atiku,
Inspektur Is, kapan angonku ketemu?
Angonku nunggoni sliramu
Kayata setyaku marang negaraku…

Pringapus, 17 Juli 2021
(Pernah di publis di Instragram dilaak__)

SEDHIH

Antarane lampu kuning surem ing duwur meja
Ing tengah wengi, nalika para jangkrik padha tetembangan
Kenangan kalawan kenangan…
Cerita kalawan cerita…

Saya wengi, saya banter tangisku iki
Sing nglarani dudu pie carane nahan tangis
Ananging, ora bisa cerita nalika duka

Pringapus, 18 Juli 2021

5

TRESNA DUKA

Nalika suratmu dak waca…
Ora krasa, eluh mili deres ana pipi
Ati kaya kesamber gledek
Lambe ora bisa ngucap apa-apa

Dhuh wong bagus, pepujaning atiku
Ora krasa wes patang taun
Anggonku ngenteni tekamu…
Nanging, Ngertia wong bagus…
Undangan sing mbok kirim iku,
Saiki agawe ajur atiku…

Apa iki seng jenenge tresna?
Apa bener kaya ngene iki?
Jarene tresna iku gawe bungah
Ananging kenapa seng dak rasa malah kuciwa?

Dhuh Gusti,
Tresnaku ora bisa nyawiji!
Paringano kula kuat ati
Kanggo Nompo kasunyatan iki

Pringapus, 18 Juli 2021

6

PAGEBLUK Pringapus, 18 Juli 2021
Pringapus, 19 Juli 2021
Tibane wis rong taun ora krasa
Saben dina namung was was seng dirasa
Para pungawa negara makarya ngasi lali dina
Para tenaga medis uga makarya ngasi lali keluarga

Kahanan kang saya mbeda batin
Nambahi raos gela ugi priyatin
Ora nom, ora tuwa, Ora cilik, ora gedhe,
Padha bingung karepe dewe

Gusti mugi pagebluk engal paripurna
Supados panguripan saged ayem lan Sentosa

AYEM

Sepi lan ayem
Hawa adem ing wayah subuh gawe tentrem
Kumandang adzan uga nyemsemake
Awak kang teles sakwise wudhu agawe seger

Banjur dak gelar sajadah ayuku
Dak nggo rukuh gawe ngadep pangeranku
Ayem, lan tentrem seng dak rasa
Namung bisa ngucap syukur karo dedonga

7

SEWATES KANCA

Awak dewe tinakdir namung dadi kanca
Aku ora ngira yen akhire bakal kaya mengkene
Yen awakmu duwe rasa tresna
Mas… pangapurane…
Ora sakmestine dewe kaya mengkene…
Rasaku kawalan awakmu namung sewates kanca
Panjalukku awakdewe tetep kekancan wae…

Pringapus, 19 Juli 2021

LDR

Kepisah mergo jarak
Lan tinemu mergo wektu
Sabar lan ikhlas dadi bumbu
Kadang Rindu tumeka dadi candu
Kaya nggeret ati lan raga iki dingo pilu
Namung bisa tinemu lewat kembange turu
Dhuh wong ayu, Pepujaning atiku
Dak enteni tekamu
Mugi Gusti paring restu
Angonku sesandingan marang sliramu

Pringapus, 19 Juli 2021

8

BAB 2 CERKAK

9

KETIBAN PELEM

Ing sawijining dina, Bayu ngajak kanca-kanca mengko sakwise sekolah, jitungan ing ngarep
omahe Bayu.

“Cah, ayo mengko bali sekolah, dolanan jitungan kaya wingi kae ning kebune
Bapakku.” Omonge Bayu.

“Aku melu…” saurane Doni.
“Aku ya melu, mngko aku karo Wulan.” Tambahe Wulan.
“Aku ya melu san ahh, tak ngajak Joko karo Dodo ya?” tambahe Angga.
“Wahh, iya cah.. malahane nek rame..”

Atine Bayu seneng banget, kamongka kaya kembang sing mekrok. Sakwise bali sekolah, wis
padha salin lan maem. Doni,Gendhis,Wulan,Angga,Joko, lan Dodo padha kumpul ning
ngarep omahe Bayu lan langsung dolanan jitungan. Delalah Bayu seng mbasang.

“Tak itungi siji tekan sepuluh yaa.. pokokke padha mumpet kabeh lo yaa..”
“Iyo-iyo!” karo padha guyu.

Sakwise Bayu ngitung wis rampung, Bayu malah ditimbali Bapakke.
“Yu…Bayu.. mreneo ngewangi bapak ngudhuh pelem.”
“Dalem, Pak. Niki kula tasih dolanan jitungan kalih anca-kanca, Pak.”
“Wis, mreneo! Kanca-kancane diundang kabeh sisan ngewangi bapak.”
“Inggih, Pak. Gaessss!!! Ayo padha metuo, ayo ngewangi bapakku ngundhuh pelem.”
“Pie ta, Yu… Wis padha mumpet barang ok.” Omongane Joko radi mangkel.
“Sepurane ta, ayo to… lumayan mngko mangan pelem bareng-bareng”
Kanca-kanca: “Wahhh iki rejeki nomplok! iya ayo mangkat!”

Sakwise kui Kanca-kanca padha mangkat nyang kebune Bapakke Bayu. Jarak omahe bayu
karo kebun pelem 100 meter.

“Pak, kula kalih kanca-kanca ngewangi napa niki, Pak?”
“Iki lhooo, nampani pelem,terus ndelehke neng keranjang. Bapak tak menek, mngko
awakmu karo kanca-kancamu nampani ya,?”
“Inggih, Pak.”
“Aja padha gojek loyaa! Mngko mundhak nibani sirah.”
“Inggih, Pak.” Semaure Bayu, Joko, Angga, lan Dodo.
“Gendhis karo Wulan, lungguh wae ya nok. Mengko mundhak ketibanan pelem.”
“Inggih, Pak.” Semaure Ghendhis karo Wulan.

10

Banjur Bapake Bayu menek wit lan siyap-siyap nibakke pelem, kanthi aba-aba supaya padha
gentian nampani. Sakwise intuk akeh, Bayu malah gojek karo Dodo.

“Lotooo malah padha gojek” Bapake Bayu rodo grememeng.
Ananging Bayu lan Dodo ora ngrungokkake, malah padha geguyon. Delalah pas Bapakke
Bayu nibakke pelem, nibani sirahe Bayu kro Dodo.
“Makbluk!!!!”
“Aduhhh!”. Suarane Bayu Kro Dodo mbengok banter.
“lotooooo, Bocah nek dikandhani wong tuo koyo mbah dol mbeleh cempe, mbregudul sak
karepe dewe. Ya ngunu kui”. Ngendikane Bapakke Bayu kro guyu ngakak.
“hahahahahah…” kanca-kanca padha ngakak ra uwis-uwis.
“Pinuk rasane, Cah. Nganti kliyengan sirahku” ngendikane Bayu kro Dodo sinambi
cengengesan.
“Wis, kana padha leren sik, mangan pelem bareng-bareng”. Ngendikane Bapakke Bayu.
“Inggih, Pak.” Semaure Bayu lan Kanca-kanca.

(Cerkak ini sudah dibukukan dalam Antologi Dipta Pradanggpati, PBSJ 2019 ‘D)

11

SEMAPUT

Mbiyen nalika kelas Difa 7 SMP ana pengalaman kang ora bisa dilalakake. Dina kui
dina senin, Difa lan kancane mangkat sekolah kaya biyasane. Jarak seko omah tekan
sekolahan pancen rada adoh, kira-kira 1 Km. ananging mbiyen iku padha mlaku bareng-
bareng dadi ora krasa yen adoh. Dina iku pancen Difa rada ora penak awake, ditambah
meneh Difa bar putus cinta karo pacar bisone. Biyasalah mbiyen iku isih cinta-cinta monyet.

Dina iku Difa rada kawanan angone mangkat sekolah, dadi ora sempet sarapan. Difa lan
kancaku jenenge Dhik Nensi mangkat seko omah jam 07.30 tumekan sekolahan, pas ngarep
gerbang sekolah, bele muni.
“Ehhh… Dhik ayo mlayu, bel ewes muni kae…”
” Hooh ek mba.. ya Allah adewe telat ki mesti…”
“Ayo dek… lari…” omongane Difa sinambi mlayu
” Aja banter-banter mba… aku wedi nek tibo”

Difa karo Dhik Nensi langsung glagaban lan mlayu nuju kelase dewe-dewe. Aku wektu
iku kelas 7G lan Dhik Nensi kelas 7C. Aku langsung mlebu kelas ngo nyelehke tas lan
mblayu nuju lapangan melu Upacara Bendera. Delalah Difa dikonkon kanca-kancane yoiku
Eka lan Umi baris nek ngarep pisan.
“Kene Dif, nek ngarep kene..” Omongane Eka.
“Emoh ahh...aku nek mburinan wae, Ka”
“Heeh Dif, awakmu nek ngarepan wae…” Tambahe Umi.

Akhire Difa baris nek ngarep pisan, keadaan biyasa wae, ngapasi amanat sirahe Difa rada
abot ananging ora dirasa karo Difa.
“Dif, kok raimu pucetmen. Koe ngelu po?” takone Umi.
“Ihh hooh ik df, ayo tak terke nek UKS wae daripada semaput.” Tambahe Eka seng saya sue
saya khawatir karo Difa.
“Oralah, sedelok ngkas mesti rampung iki. Nangung mngko ae”

Ora sue, Difa malah maju neng ngarep Mlayu, terus njugrus… tibakno Difa semaput.
Langsung diguyu karo kabeh wong. Jangute Difa babak bunyak, Difa langsung digawa neeng
UKS lan langsung ditangani karo bocah-bocah PMI. Sakwise sadar Difa ditiliki kro
Umi,Eka,lan Nensi pas jam Istirahat.
“Asalamualaikum, Difa..” Suarane Eka, Umi, lan Dhik Nensi alon-alon.
“Wa’alaikumussalam”
“Pie awakmu Dif? Wes mendingan durung? Apane seng lara Dif? Takone Umi.
”Alhamdulillah uwis mendingan, Mi… dengkul kro jangutku seng iseh lara..”
“ Mbak Difa, mau ki sampean pie kok iso mblayu terus njugrus? Takone Dhik Nensi.

12

“Loh, apa iya? Aku ora kelingan apa-apa ik, Dhik”
“Hoo mba, sampean ddi guyonan sak lapangan mau..”
“ Ya Allah.. sak kelinganku ki akum au koyo dijorokke tapi aku rangerti sopo”
“Loh mburimu wae aku ok dif, aku ora ngapak-ngapakno awakmu…” tambahe Eka.
“Berati…. Ohh aku mudeng..” tambahe Umi seng curiga kro demitdemit deng ana ning
sekolahan.
“Ihh medeni ik ya.. ya Allah…” tambahe Dhik Nensi.
“Hustt.. ora pareng ngunu kui, mundak mngko dewe iso ciloko. Wes aku ora popo, iki mngko
aku bisa melu pelajaran kaya biyasane.”
“Iya Difa, enggal mari ya.. “ munine Eka, Umi lan Dhik Nensi bebarengan.
“Aamiin ya Allah, maturnuwun ya cah..”
Ora let suwe, bel masuk muni lan kabeh padha balek kelas.

(Cerkak ini sudah dibukukan dalam Antologi Dipta Pradanggpati, PBSJ 2019 ‘D)

13

DI TLADUNG PITEK

Ing sawijing dina, Siti wis janjian karo kanca-kancane arep tumbas sandhangan neng toko
klambi dina minggu. Sak durunge budal,Siti pamitan karo bapakke.
“Pak, kula kalih kanca-kanca mangkeh ajeng tumbas klambi seragaman”
“ Oh iya, Lha sanguine wes ana durung sing dingo tuku klambi?”
“ Sampun niki pak, wau diparingi kalih Ibuk.”
“Oh yawes”
“Inggih, Pak.”

Esuke pas dina minggu, siti tangi gasik amarga took klambi wonten ing semarang kota. Siti
tangi langsung adus siyap-siyap dandan, sakwise dandan, Siti pamitan karo bapakke siti.
“Pak, pak… kula ajeng mlampah”
“Nduk, saiki tanggal piro?” Takone Bapak.
“ sakniki tanggal 4 ta, Pak.”
“ Wadhuh.. lali aku nek saiki Pon.”
“ Lha nopo ajeng nyetorke pitek sakniki ta, Pak?”
“Lha iya to, bapak wes kangsen kro Pak Sobirin. Mngko tulung pitek e dipakani ya nduk,
pakanane ana ning ngisor kurungan.” Jawabe Bapak.
“Ya Allah, Pak. Siti wes dandan barang ok yayaa dikon makani pitek..”
“Bapak selak awan ki nduk, ora popo sediluk tok ya, yawes bapak tak mangkat sik.”
“ Inggih, Pak.”

Siti banjur menyang kendang. Siti jipuk pakan pitik ing ngisor kurungan banjur makani
pitek seng ana nek njero kendang. Sitti ora sengaja weruh pitek babon seng ana anakke. Siti
lewat sakngarepe pitik banjur siti mlayu bengak-bengok.
“aaaaa!!! Ibukkk!! Bapak!!! Tulung!! mak globrakkk!!!” Siti mbengok banter lan akhire tibo.

Siti tibo kepleset terus ditladung pitek, siti ora ana sing nulungi, banjur tangi dewe karo
nangis amargo klambine gopak mbelek pitik kabeh.
“wedhusss!!! wis dandan ayu-ayu, malah tibo gopak mbelek san!”

Let sedelok bapakke siti mulih.
“lohhh.. kok gopak kabeh kimau ngopo nduk?” Takone Bapak.
“dhawah pak, siti ditladung pitek” karo nangis..
“ealah anak midokku seng petel deweee.. wes cup meneng” Bapak karo ngampet guyu.
“gara-gara bapak, aku mboten sios tumbas klambi kalih kanca-kanca” eyele Siti.

14

“yawis lik salin, adus maneh. Mngko bar kui budhal mbek bapak neng toko klambi,
alhamdulillah mau pitik e diborong kro Pak Sobirin.”
“ yeyyy alhamdulillahhhhhh… inggih Pak”

(Cerkak ini sudah dibukukan dalam Antologi Dipta Pradanggpati, PBSJ 2019 ‘D)

15

KEBACUT LAMBE ABANG

Ing salah sawijing pabrik, ana HRD naminipun Pak Bambang. Umure wes ngancik
setengah abad, senajano uwes rada tuwa dewekke isih seneng gudo karyawati-karyawati
liyane lan penampilane isih kaya cah nom. Pak Bambang menika dikenal Om bams. Ing
wayah istirahat Om bams ugi seneng nyeteri utawa bayari mangan karyawati-karyawati,
mulane dewekke disenengi kro karyawati-karyawati liyane. Pak Bambang uga naksir salah
siji karyawane jenengane Siti. Siti kui nganten anyar, senajano ngerti nek siti iku wes duwe
bojo, Om bams panggah nguda Siti. Bar bada besar iki Pabrik ngadakke piknik nyang Saloka.
Om Bams ketemu kro saiti terus ngandani yen ssk pabrik ngadakke piknik.

“Sayangkuh….. mrene dak kandani, wara-waraake liyane ya yen mbesuk minggu
pabrik ngadakke piknik nyang saloka… jam 07.00 bise mungkur seko kene” kandane Om
Bams.

“Dalem Om… Oh Enggih Om sendika dhawuh… Om kula angsal ngajak mas mboten
nggih? Menawi kanca-kanca ugi ngajak garwanipun pripun om?” takone Siti.

“Oleh to… mosok gak olih… yahhh ngalamat ditinggal pacar-pacaran kih” guyone
Om bams.

“Nggeh mboten a Om, menawi om mangkeh saged ngajak ibu negara om supados
tambah rame.

“Ibu Negara wis 2 taun iki lara struk beb, wes ora bisa apa-apa… dadi Om iki wes
kaya duda…”

“Ealah, Om ngapunten kula mboten sengaja, Om”. Omonge Siti.

“Iya ora papa sayangku, jane ki aku wes ngincer sliramu tapi wes kedisik.an wong
liya hehehe…”

“Heheheh Om… Om…. Nggih mpun om kula tak langsung wara-wara kalih kanca-
kanca nggih, Om”

“Oh iya sayangkuuu….”

Siti banjur nyang line, wara-wara marang liyane yen sesuk minggu pabrik ngadakke piknik
oleh gawa pasangan.

Dina Minggu wis teka, isuk-isuk bis padha jejer-jejer nunggu penumpang sing bakalan
ngebak.i manut line pabrike. Persis omongane Om Bams, Bis mungkur jam 07.00 seko
Pabrik tumuju Tempat Wisata Saloka. Sak tekane Saloka lapangan dingo parkir wes kebak
banget. Akeh banget bis pariwisata kang jejer-jejer nek kunu. Om Bams kaget banjur mfoto
pangonan parker kang kebak mau. Mlebu wonten tempat karcic, para karyawan-karyawan
dikei gelang siji-siji kanggo tanda yen uwis oleh mlebu, pertama mlebu Om bams spiclees
jebul gone apik tur jembar banget. Om Bams banjur misah karo rombongan pabrik amargo
ora kepingin gangu pasang-pasangane. Ing tengah-tengah Om Bams mlaku-mlaku, dewekke
ditutake karo woong wedok ayu rupane tur resik kira-kira umure wes 24 tahun, ananging
koyo bibar wae nangis, banjur Om Bams nakoni.

16

“Ana apa mba? Kok kayane bibar nangis?”
“Mboten kok pak, mboten napa-napa… kula angsal tumut njenengan pak, kula
menika bibar diputus pacare kula njur kula ditinggal ngeten… kula kiyambak.an niki”
“Eh.. aja ngundang Pak, Om bams wae… ealah ya Allah, iya mba gak papa, kula ugi
kiyambakan… oh iya jenengmu sapa mba?
“Oh nggih Om Bams, Nama kula ratna…”
“Lha pacarmu keneng napa kok mutuske awakmu ngunu wae banjur ditinggal?”
takone Om Bams.
“Kula menika dituduh menawi ngentekke artanipun, Om padahal kula namung
nyambut lan sampun kula balekke”
“Lhoo lha ngo opo mba?”
“Mekaten Om, Ibu kula wonten desa nembe gerah, gerahipun nggih sampun dangu,
kula wonte mriki nggih dereng gajian, dados kula nyambut artane, Om. Lha sakniki kula
bingung Om kedhah nyambut sinten malih” jawab Ratna karo mimbik-mimbik meh nangis.
Om Bams ngrasa mesakke, lan langsung menyang ATM kanggo ndudut tabungan 5 yuta,
batine supaya bisa mbantu mba Ratna, lan Om Bams, gadhah Niyatan nikahi Mba Ratna.
Mbak Ratna uga purun nampi Om Bams. Sak wise arta didudut seko ATM banjur artane
diparingake Mbak Ratna. Kelorone banjur mlaku-mlaku mubeng-mubeng saloka kro cerita-
cerita. Ing sakwijining Lorong Om Bams kalih Mbak Ratna dicegat wong 2 gedi-gedi awake
ugi nodong pistol. Mbak Ratna ditarik paksa kro Bandit mau. Tapi aneh, Mbak Ratna ko kora
ana perlawanan blas, ora bengok uga manut tenan. Jebule mbak Ratna iku gerombolan bandit.
Dewekke nyamar supaya bisa nipu korban. Seng dadi korbane ya Om Bams. Bandit mau
mblayu gowo lungo duwite Om Bams 5 yuta.
“Tolonggggggggg!!!!! Ada copet!!!!!” Bengok.e Om Bams, banter.
Ananging kebacut wis lungo bandite. Om Bams mbur bisa deleg-deleg gelani artane kang wis
digawa mlayu. Ora suwe Om Bams ketemu kro rombongan pabrik, Om Bams Cerita.
Semenjak kejadian iku Om Bams, ora tau godani karyawati-karyawati liyane. Dewekke saiki
malah sregep sholat, ngaji, Ugi tambah gemati marag Garwane.

TAMAT

17


Click to View FlipBook Version