The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by miss.idafahruroz, 2023-07-31 18:54:51

Tuladha Sandiwara 1

Tuladha Sandiwara 1

Sandiwara Sinau Basa Jawa SMK Bina Nusantara Semarang 1 Tuladha Sandiwara 1 Gekbengine ngono Bejo arep ngajak Asep ngdelok wayang nang alun-alun, tapi Asep ora ono. Pas ketemu kare Asep, Bejo banjur takon karo Asep. Bejo : Jange awakmu mambengi kui nondi to, Har? Asep : Nyaopo kok takon aku mambengi kondi? emange lapo, Jon? Dimas : Awakmu kui arep di jak nonton wayang nang alun-alun karo Bejo. Tau semalam ada wayang. Deni merasa kaget karena dia tidak mendengar beritanya. Deni : Lho.. emange mambengi ono wayang toh nang alun-alun? awakmu jare sop? aku kok gak krungu yo? Bejo : Iyo, ono. Deni : Waduh.. geton tenak aku cah gak nonton mambengi. Yo opo kon iki kok gak ono seng ngandani aku? Ujug-ujug tijo ngomong... tijo : Lha kue arep ndelok wayang barang kuri nyapo toh jane? wong wayang wae kok arep kon delok, palok ndelok tv tok omah. Deni : Lho.. lho.. lho.. piye toh jane awakmu iki? wong ono wayang kok anok ndelok tv tok imah iku. Kui ngerti ora nek wayang kui salah sijini budoyo wong Jowo? Dimas : Pancene! Wayang iku salah sijini budoyo wong Jowo sing kudu dilestarekno. Asep : Iyo, bener kui. Ojo sampe wayang kui ogak awak dewe lestarekno soale kui wasisan bangsa lho.. ngawur wae awakmu iku, Yon! tijo malah ngeyel banjur ngomong yen wayang kuwi ora ono gunane. tijo : Walah.. wayang wae kok digawe ribut. Lak palang ndelok liyane. Emange wayang kui tontonan opo toh.. gak ono menarik’e blas kui!! Kanca-kanca tijo san soyo gregeten marang tijo Bejo : Wah.. awakmu iki pancen payah tenan. tak antem misan kue.. mosok wong urip kok gak ngerti warisan budoyo.


Sandiwara Sinau Basa Jawa SMK Bina Nusantara Semarang 2 Deni : Iyo, tenan tijo iki.. payah kok iki, Yon! Asep : Piye toh Yon, wong kui budoyomu dewe kok malah kon enyek?! Dimas : Yo ngono kui, wong nek wes lakone wae ora jejek yo ngono kui. Wong budoyo kui identitas bangsa kok malak di inyek. Saking sekawan kancane Tijo, akhire Bejo biso nyadarke Tijo yen nglestarike budaya Indonesia khususe budaya Jawa kuwi penting. Bejo : Yon, aku arep takon kare awakmu.. tijo : Takon opo? ndang takon Bejo : Awakmu karo Sinta (pacarnya tijo) maune seneng opo ora? tijo : Ora. Bejo : Lha terus opo sing nggarahi kon seneng? tijo : Lha aku maune ngangget nek Sinta iku ora wong wedok apik kok. lhadak'e cae ndueni sifat-sifat sing apik /terpuji. Akhire aku ya mbes seneng. Bejo : Budoyo yo ngono kui.. awakmu ora seneng kare wayang kui yo mergo awakmu ora ngerti sejarahe. Jajal awakmu ngerti sejarahe lak kue iso seneng. tijo njuk meneng ngrenungi awake dhewe.. banjur ngomong tijo : Wah iyo yo.. ketok'e bener sing kon omongno kui.


Sandiwara Sinau Basa Jawa SMK Bina Nusantara Semarang 3 Tuladha sandiwara 2 (Guru lan Murid) Isuk iku pelajaran bahasa inggris. Putro koyo biasane manggon mburi karo ngemuti pensil. Bu guru nunjuk Putro kon jawab pertanyaane. Bu guru : Putro cobo jawab boso inggrise pintu opo? Putro : Door bu Bu guru : Nek boso inggrise mbuka pintu? Putro : Open the door bu Bu guru : Terakhir boso inggrise pintu ra dibukakke opo put? Putro : Gedoor-gedoor bu Koncone Putro do ngguyu mergo Putro jawab koyo ngono pas ditakoni bu guru. Tuladha sandiwara 3 Petruk entuk bonus akeh soko bos e. Duite terus digunakne nggo liburan ning Bandung. Pas transit ning Terminal Sumedang, Petruk ganti bis anyar. Pas wes mlebu bis anyar Petruk langsung lungguh. Terus ana wong lanang mlebu trus bengok-bengok, "Nangkana, nangkana, nangkana". Petruk ngirone wong iki kondektur bus e. Dheweke trus pindah panggonan mergo dikon karo wong lanang mau. "Nangkana, nangkana, nangkana," bengok wong anyar mau. Petruk sing bingung ngirone panggonane wes dipesen uwong. Akhire dheweke pindah panggonan ning mburi dhewe. "Nangkana, nangkana, nangkana," omong e wong lanang iku maneh. Petruk sing mangkel trus takon karo bapake iku. "Pak, aku iki wes pindah-pindah nggon isih mbok kon pindah ae. Jane bis e iki wes kebak opo piye?" takon Petruk. "Lho, Mas. Ngomong apa ya? Mau nangka?" jawabe wong lanang kuwi karo nyodorke bungkusan plastik bening isi buah nangka. "Mboten, Pak. Maternuwun, kulo kelentu," jawab Petruk karo ngempet isin.


Sandiwara Sinau Basa Jawa SMK Bina Nusantara Semarang 4 Tuladha sandiwara 4 (Doketer lan Simbah) Dokter : Mbah, untune jenengan niku sampun ompong, kulo pasangi untu anyar mawon nggih? Simbah : Yowis rapopo, lha rego piro? Dokter : Murah mbah naming rong yuto mawon. Simbah : Yo pasangen wae, gek ndang Dokter : (masang untu palsu dingo simbah) Dokter wis rampung masang untu palsu dinggo simbah. Simbah ngekeki duit nang doktere. Simbah : Iki dok duite, tak bayar pas rong yuto yo. Dokter : Nggih mbah matur suwun nggih. Simbah wis mlaku tekan latar klinik gigi trus diceluk meneh karo doktere Dokter : Mbah niki duite palsu! Jenengan bade ngapusi to? Simbah : Lha ngapusi pie? Dokter : Lha niki duite jenengan palsu lakyo ngapusi. Simbah : Yo pak dokter kan masang untu palsu nang cangkemku to, yo aku bayare nggo duit palsu. Wong podo-podo palsune. Dokter : ??????? Tuladha Sandiwara 5 Pak Farhad : Shakinah, sore iki awakmu iso sinau bareng Mbak Nadia kanggo nyiapke ujian sekolah. Shakinah : Mbak Nadia sinten nggih pak? Pak Farhad : Iku anake koncone bapak sik ngajar les. Mbak Nadia iki pinter nggarap soal matematika iso ngancani lan ngewangi sinau. Shakinah : Nggih pak. Kulo, purun sinau bareng Mbak Nadia. (neng ruang tamu omah, Shakinah kenalan karo mbak Nadia)


Sandiwara Sinau Basa Jawa SMK Bina Nusantara Semarang 5 Nadia : Shakinah kelas pinten? Shakinah : Kelas 3 SMP Mbak. Nadia : Gelem mulai sinau sore iki opo sesok sore? Shakinah : Langsung mawon mboten nopo-nopo mbak. (Lingguh jejer wong 4, Bu Zakiyyah lan Pak Farhad ndelok Shakinah bungah sinau bareng Mbak Nadia. Terus, bu Zakiyyah nawarke Shakinah ngawekke maeman) Bu Zakiyyah : Yawis pak, iki ditinggal wong 2 ben sinau bareng. Engko ibu tak nggaweke cemilan. Pengen ngunjuk nopo Mbak Nadia? Nadia : Saestu bu, nopo mawon purun. Bu Zakiyyah : Jus jeruk wae ya. Nadia : Nggih bu, maturnuwun sanget. (Shakinah jupuk buku neng kamar dinggo sinau bareng Nadia. Suara lawang didodog) Salma : Shakinah.... Shakinah.... Shakinah : (Nggowo buku karo mbukak lawang) Aduh Salma, aku arep sinau. Gak iso dolan disek. Salma : Lho sinau apa, Shakinah? Shakinah : Matematika, apa awakmu melu sinau sisan karo guru les? Salma : Apa aku oleh melu? Bakal sinau apa, aku gak tau les. Nadia : Sinau matematika sik yo, jare awakmu rodo angel nggarap soal itung-itungan. Kancane arep melu sisan? Ayo rene cah 2. Shakinah : Nggih mbak. Nadia : Mulai seko median sik yo, jajal tak kei 1 soal tok garap engko nek ora mudeng langsung takon wae. Shakinah : Sik iki mbak, la kok angel soale. Mbok sik gampang wae mbak. Nadia : Iki paling gampang kok, jajal sik jajal. (Shakinah akhire nggarap soal kui, nanging bola-bali ekspresine ketok mumet. Salma ya pada wae) Shakinah : Mbak aku ramudeng tenan garap iki. Salma : Aku wis nggarap, tapi gak ketemu jawaban, Mbak. (Ngguyu) Nadia : Yawis tak jelaske sik yo, dadi iki tok urutke sik nomor angkane sik seko cilik neng gede. Njuk sik podo tok jejerke. Nek uwis lagi tok masuke rumus.


Sandiwara Sinau Basa Jawa SMK Bina Nusantara Semarang 6 Shakinah : Ngene iki udu mbak? Nadia : Nah, iyo bener. Geneo wis iso, iki coba lanjutke meneh garap soal lain. Shakinah : Mbak piye nek leren sik. Nadia : Lagi 1 soal loh iki mosok andang leren. Shakinah : Aku rodo kesel e mbak. Nadia : Yawis leren sik yo, 10 menit terus lanjut meneh. (Mlaku neng ruang tengah, Nadia ngobrol karo bapak ibu Shakinah) Nadia : Pak, wau niku nek kulo amati Shakinah sakjane bocah pinter. Nanging, kadang sok ora sabaran mecahke soal matematika, dadi hasile niku kurang maksimal. Pak Farhad : Owalah, ngunu to. Yo, tok kancani terus yo sik sinau. Bu Zakiyyah : Iyo nduk, ben Shakinah iso oleh biji duwur ujiane. Njaluk tulung yo. Nadia : Nggih pak bu, kulo rencangi Shakinah sinau. Niku kalih kancane dadi mundak semangat. Shakinah : Yok, mbak mulai sinau meneh. Shakinah karo Salma dadi sregep sinau bareng dikancani mbak Nadia. Alhasil biji ujiane akhire iso meningkat dibandingke sebelume.


Click to View FlipBook Version