The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Buku materi dasar sesorah untuk kelas 8 semester 2

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Zanell Aura, 2022-12-19 01:32:25

Sesorah Kelas 8 Semester 2

Buku materi dasar sesorah untuk kelas 8 semester 2

Keywords: Sesorah

Sesorah

Kelas X
Semester 2

Kompetensi
Inti

Menghayati dan mnegamalkan ajaran agama yang

dianutnya.

Kompetensi
Dasar

1.3. Menerima mensyukuri, menghayati, dan
mnagamalkan anugerah Tuhan berupa bahasa
Jawa dalam bentuk teks sesorah

Tujuan
Pembelajaran

Setelah pembelajaran, siswa diharapkan dapat:
1. Menguraikan jenis-jenis sesorah dengan tepat.
2. Mengidentifikasi unsur dalam teks sesorah kegiatan

sekolah dengan tepat.
3. Mempraktikkan metode-metode yang digunakan dalam

sesorah kegiatan sekolah dengan baik.
4. Menyusun teks sesorah sesuai dengan kaidah dasar

sesorah kegiatan sekolah dengan baik.
5. Menyajikan sesorah kegiatan sekolah sesuai dengan

unsur-unsur dan metode sesorah dengan baik.

Pangertosan
Jinising
Unsur
Metodhe
Ancas

Bab-bab ingkang
wigati

Sesorah inggih menika....

Sesorah utawi pidato mawi basa jawa inggih menika
nyamektakaken gagasan utawi informasi ing
sakngajengipun tiyang kathah kanthi lisan ginakaken
basa jawa. Mawi sesorah utawi pidato basa jawa ugi
saget maringi pengaruh ginakaken basa kang efektif

Jinising
Sesorah

Miturut ancase Miturut kahanane

 Menehi informasi /  Sesorah resmi.
pemanggih.  Sesorah setengah

 Menehi panglipur. resmi.
 Kanggo pangajak-  Sesorah boten

ajak. resmi.

Miturut wose

 Sesorah intelektual.
 Sesorah moral

Unsur
Sesorah

Pambuka

Pambuka isinipun : (1) pangucap salam
dhumateng para lenggah (2) pamuji dhateng Gusti
Kang Murbeng Dumadi supados tansah angsal
kangrahan dhateng pribadhi saha para lenggah, (3)
pambagya ingkang isinipun atur panuwun
dhateng para pamirsa.

Tuladha 

Pangucap Assalamualaikum Warahmatullahi Wabbarakatuh
Salam
Alhamdulillah hirobbilalamin wasolatu wasalamu aala
ambiya’iwamursalin waala alihi wasohbihi ajmain
amaba’du

Pambagya Ingkang satuhu dahat kinurmatan panjenenganipun
Bapak Kepala Sekolah.
Ingkang winantu ing pakurmatan Bapak Ibu Guru saha
sedaya karyawan.
Ingkang kinurmatan sedaya Bapak Ibu wali murid.
Saha para kanca ingkang bagya mulya.

Pamuji Ingkang kaping sepisan, sumangga kita sesarengan
ngaturaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Allah
Swt. ingkang sampun paring katah kanikmatan,
utaminipun nikmat kasarasan sahengga kita sedaya
saget kempal manunggal wonten ing acara perpisahan
kelas XII SMA Jaya Bangsa kanti mboten wonten alangan
setunggal punapa.

Ingkang kaping kalih, boten kesupen kita ngaturaken
sholawat saha salam dumateng junjungan kita Nabi
Muhammad Saw ingkang kita tenggo-tenggo
syafaatipun ing yaumul kiyamah. Aamiin Aamiin Ya
Robbal Alamin.

Wosing Sesorah

Wosing Sesorah: utawi gati laksana
inggih menika ngaturaken sedaya bab
ingkang badhe dipunadharaken.
Wonten unsur sesorah menika kedah
sae prayoganipun ringkes, tetes, titis,
lan tatas.

Tuladha:

Ingkang kaping tiga, kula minagka sesulih saking kelas 10 ugi
kelas 11, wonten ing papan menika namun saget paring donga
dumateng kakak kelas kula sedaya ingkang sampun lulus saha
badhe nilaraken pawiyatan SMA Jaya Bangsa menika. Mugi-mugi
mbak mas sedaya tansah pinaringan hidayah saking Allah. Mugi-
mugi saget angayuh cita-cita panjenagn sedaya. Kula tansah
paring donga mugi-mugi mbak mas sedoyo dados tiyang ingkang
saget bekti kaliyan priyantun sepuh kalihipun saha paring
manpangat kangge masyarakat, nusa bangsa saha agami.

Sepisan malih, kula nyuwun dhateng mas lan mbak sedaya,
senajan sampun lulus, ampun kesupen kalih bapak lan ibu guru
SMA Jaya Bangsa saha kita adik-adik ingkang taksih ngangsu
kawruh wonten sekolah menika. Mugi-mugi silaturrahim tetep
kajagi dumgui winatesing yuswa.

Panutup

Panutup: panutup dipunwiwiti kanthi
(1) dudutan utawi kesimpulan saking
sesorah ingkang sampun
dipunandharaken (2) pangajeng-ajeng
ingkang isinipun nyuwun donga
pangestu (3) wasana basa menika atur
panuwun, pangaputen.

Tuladha:

Dudutan Sampun cekap semanten atur saking
& kula minagka sesulih kelas 10 saha 11.
Menawi kathah kalepatan saha solah
Wasana Basa bawa ingkang boten mranani ing
penggalih kula nyuwun aguning
pangaksami.

Pangajeng- “Aja dadi uwong sing rumangsa bisa
ajeng lan rumangsa pinter. Nanging dadiya
uwong sing bisa lan pinter
rumangsa."

Matur nuwun

Wassalamualaikum Warahmatullahi
Wabbarakatuh

Metodhe
Sesorah

Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca
sawutuhe naskah utawa teks sesorah kang wis gawe
sadurunge. Methode iki biasa digunakake ing adicara
resmi kayata pidhato kenegaraan, upacara mengeti dina
nasional. Nanging uga bisa digunakake dening wong
kang lagi gladhi. kaluwihane sesorah bisa runtut,
kekurangane kurang komunikatif.

Metodhe Impromtu, yaiku sesorah kanthi
dadakan/spontan. Metodhe iki biasane digunakake
dening wong kang prigel sesorah.

Metodhe Ekstemporan, yaiku sesorah kanthi
gawe catethan bakune/pokok-pokoke sesorah.
Metodhe iki biasane digunakake dening wong
kang prigel sesorah. Kaluwihane bisa runtut lan
komunikatif.

Metodhe Apalan, yaiku sesorah kanthi
ngapalake naskah utawa teks kang wis
digawe. Metodhe iki biasane digunakake
dening wong kang lagi anyaran paring
sesorah utawa isih gladhi. Kaluwihane
bisa ngandharake dhewe, kekurangane
kurang komunikatif luwih-luwih yen
ana sing lali.

Ancas
Sesorah

Nyukani informasi
Pamikut amrih kapilut
Damel yakin
Atur panglipur
Atur prentah
Atur panyarue/pangeling-eling

Bab-Bab

Ingkang

Wigati

Basa lan Sastra,

basanipun tiyang kedah
laras kaliyan ingkang
dipunadhepi lan
swasanipun, menawi
ingkang dipunadhepi pini
sepuh, kedah ngagem basa
krama. Menawi ngadhepi
lare-lare saged mawi basa
ngoko utawi krama madya.
Langkung prayogi menawi
saged migubakaken basa
ingkang endah mawi
purwakanthi, parikan,
wangsalan, lan basa-basa
kawi pilihan ingkang damel
sengsem lan marem.

Wiraga, solah bawa kedah

mantep, ngadeg jejeg, asta
ngapurancang, sirah boten
dingkluk utawi ndangak
supados boten njelehi
ingkang mirsani. Wiraga
ingkang luwes merak ati
damel keprananing para
panyarsa.

Wirama. Wirama menika

wigatos supados inggil
andhapipun suwanten trep
kaliyan teks sesorah.
Dadosaken ancas saha
wosing sesorah saged

Wirasa menawi

mahyakaken sesorah kedah
ginakaken rasa kang trep
kaliyan swasana.

Wicara. Ingkang sae

menika terang saha saged
kawaos, cetha, boten sora, lan
lirih. Suwanten ingkang
cetha ndadosaken panyarsa
raos marem saha mongkog.

Gladhen

https://forms.gle/we4pMEApZpRYRN6F8

Daftar
Pustaka

Hariwijaya, M. (2018). Pamedhar Sabda dan
Sesorah Basa Jawi. Diandra Kreatif.

Profil
Penyusun

Syahnas Khaqi Zakiyah Dyah Irawati
21205241017 21205244008

Zanell Aura Dewi Esti Rustianingsih
21205244021 21205244054

Kelompok 9
PBD B 2021


Click to View FlipBook Version