The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Nanang Tri Wahono, 2023-06-09 13:33:13

Materi Tembang Macapat Kelas X

Materi Tembang Macapat Kelas X

// PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT UKB PASINAON BAHASA DAERAH Kanggo Kelas X SMA/SMK/MA/SMK


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 1 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran 1. Identitas Mata Pelajaran : Bahasa DaerahX (Wajib) Kelas / Semester : X/ 2 Kompetensi Dasar : Indikator Pencapaian Kompetensi : Materi Pokok : Macapat Alokasi : 4 pertemuan Tujuan Pembelajaran : 3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern sesuai dengan karakteristik. 4.6 Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern. Indikator pencapaian kompetensi 3.6.1 Menjelaskan jenis tembang macapat/ mamaca macopat. 3.6.2 Menentukan ciri-ciri tembang macapat/ mamaca macopat. 3.6.3 Menafsirkan isi tembang macapat/ mamaca macopat. 4.6.1 Merencanakan pembuatan tembang macapat/ mamaca macapat. 4.6.2 Mempublikasikan tembang macapat/ mamaca macopat hasil karya sendiri. 4.6.3 Melagukan tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri di depan kelas. 4.6.4 Menceritakan isi tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern sesuai dengan karakteristik dan membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C). Unit KegiatanBelajar (UKB)


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 2 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran Materi : Para siswa wis ngerampungake pasinaon sadurunge lan nduweni mupangat kang becik. Ing babagan iki para siswa bakal sinau ngenani Pitutur Luhur ing Tembang Macapat. Tembang macapat mono mujudake karya sastra Jawa kang adiluhung. Tumekaning saiki tembang macapat isih ngrembaka lestari. Akeh sing padha kasmaran marang tembang macapat.


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis 3 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah 2. Peta Konsep Para pujangga ing jaman b marang masyarakat kang awujud tulisan sarana diripta mawa temb tembung-tembung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para pujangga jaman biyen nduweni bobot sing adiluhung, jaman saiki akeh bocah-bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga kalebu bocah sing ora seneng tembang lan ora bisa nembang? Sadurunge, kanggo ngrewa peta konsep ing ngisor iki kanthi patitis. PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT Ngidenifikasi, Maca, ngripta, lan PITUTUR LUHUR I Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran ng jaman biyen, menawa kepengin maringi piwulang marang siswane lan marang masyarakat kang awujud tulisan sarana diripta mawa tembang. Ka bung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para pujangga jaman biyen nduweni bobot sing adiluhung, kebak piwulang, lan pitutur luhur. Geneya bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga kalebu bocah sing ora seneng tembang lan ora bisa nembang? grewangi para siswa lan ngrembakake kompete thi patitis. Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat jinise tembang macapat 11 macem macapat ciri-ciri tembang macapat njlentrehake isi tembang macapat Maca, ngripta, lan publikasi macapat ngrakit tembang macapat publikasi tembang macapat nyritakake isi tembang macapat karya mandiri PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT maringi piwulang marang siswane lan g. Kanthi nggunakake bung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para kebak piwulang, lan pitutur luhur. Geneya bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga akake kompetensi, coba sinaoni 11 macem macapat Guru gatra Guru Wilangan Guru Lagu NG TEMBANG MACAPAT


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 4 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran a.Pambuka Saiki kowe wis ngerteni ancase nyinaoni babagan iki. Ayo bebarengan diwiwiti pasinaon ngidentifikasi tembang macapat! Tembang macapat iku tetembang klasik jawa kang mula bukane jaman para wali. Mulane isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat akeh kang isine budi luhur, akhlak, lan kabudayaan agung. Tembang macapat kabehe ana sawelas. Ing tembang macapat, ana istilah guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Apa kowe weruh apa iku sing diarani guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu? Mengko, ayo bebarengan ngrembug babagan kuwi kabeh! Sajrone nyinau tembang macapat, kaajab para siswa ngandelake rasa syukure marang Gusti Kang Maha Suci. Kanthi ridhane Gusti, wong Jawa kaparingan sastra tembang macapat kang kebak pitutur luhur. Lelelandhesan sipat jujur, tresna budaya, disiplin, lan tanggung jawab para siswa diajab bisa nemokake pitutur luhur mau lan ngecakake piwulang becike ing pasrawungan . para siswa uga diangkah bisa ngripta tembang macapat, nerangake kaendahan basa, nyritakake surasana tembang karyane uga nembangake kanthi titilaras lan trapsila kang becik. b. Kagiyatan Inti Semaken lan gatekna tembang Pucung ing ngisor iki! Ngupadi Piwulang 1. Sekar pucung tambane ati kang bingung, ngupadi piwulang wewarah ingkang sejati, weh pepadhang ambirat ribeding nala. 2. Nadyan ngidung ora mung anggere mbengung, nggereng nggero sora, surasane datan isi, sisip sempir kepara dadi sulaya 3. Lamun ngidung udinen swara kang melung, wicarane cetha, ngemu surasa kang edi, wulang wuruk mrih luhuring budi tama


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis 5 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur lan wewarah kang becik. Kanggo tegese tembung-tembung kang utama (tembung Ing ngisor iki tegese tembung ngupadi = nggoleki; ngudi piwulang = wewarah kabecikan wewarah = piwulang; pitutur ambirat = ngresiki; ngilangi ribeting = ruweting nala = ati; pangrasaning ati ngidung = nembang; ura-ura sora = seru; banter surasane = tegese datan = ora edi = endah Tembang utawa sekar yaiku rumpakan kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana (titilaras) lan rasaning basa (sastra). 1. Kagiyatan Pasinaon Ayo, melu kagiatan pasinaon iki ka Rasaning basa (sastrane) Rasaning swara Kagiatan Pasinaon 1 Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh 1. njlentrehake jinise tembang macapat 2. njlentrehake ciri-ciri tembang macapat 3. njlentrehake isi tembang macapat Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran Kapethik saka: Sekar Sari Kidung Rahayu (kaca:17) Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur lan wewarah kang becik. Kanggo ngerteni isi sawijine tembang, luwih dhisik kudu bisa ngerti tembung kang utama (tembung-tembung baku). Ing ngisor iki tegese tembung-tembung baku jroning tembang pucung ing ndhuwur. weh pepadhang = aweh tuntunan mbengung = nyuwara ngung-ngung sisip sambire = kurang-kurang begjane budi-tama = tumindhak kang becik sulaya = geseh; ora cocog; padudon udinen = golekana; budi dayanen melung = mbengkeluk; melot lamun = yen; menawa sisip = luput; salah kepara = malah Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). iki kanthi patitis! •jinis lan tata paugerane •kawruh basane •surasa, pitutur luhure •titilaras •pedhotan •trapsilane Kagiatan Pasinaon 1 Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh dikarepake bisa: njlentrehake jinise tembang macapat ciri tembang macapat njlentrehake isi tembang macapat Kapethik saka: Sekar Sari Kidung Rahayu (kaca:17) Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur ngerteni isi sawijine tembang, luwih dhisik kudu bisa ngerti tembung baku jroning tembang pucung ing ndhuwur. ngung kurang begjane tama = tumindhak kang becik geseh; ora cocog; padudon udinen = golekana; budi dayanen basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape perangan rasaning swara


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis 6 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah A. Paugeran Tembang Macapat Tembang macapat iku nduwei paugeran kaya ing a. Guru gatra Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine y Gambuh Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tanpa tutur katula-tula katali kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon b. Guru Wilangan. Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kan wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sa pola sajak. Tuladha : Gambuh Sekar gambuh ping catur - 7 kang cinatur polah kang kalantur tanpa tutur katula-tula katali - kadaluwarsa katutuh - 8 kapatuh pan dadi awon - 8 c. Guru lagu Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda yaiku paugeran kang awujud guru lagu. Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong pungkasane gatrane tembang. Tuladha : Gambuh Sekar gambuh ping catur - u Guru gatra Jinis lan Paugeran Tem Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran Paugeran Tembang Macapat ng macapat iku nduwei paugeran kaya ing ngisor iki. yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha : Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tula katali cacahe 5 gatra kapatuh pan dadi awon Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sa kang cinatur polah kang kalantur - 10 12 minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda yaiku paugeran kang awujud guru lagu. Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing Tembang macapat Guru gatra Guru wilangan Guru lagu Tembang Macapat yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang aiku guru gatra. Tuladha : Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut g awujud cacah utawa etungan. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru dhinging swara ing


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 7 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran kang cinatur polah kang kalantur - u tanpa tutur katula-tula katali - i kadaluwarsa katutuh - u kapatuh pan dadi awon - o Tembang pucung pada 1 ing dhuwur yen digoleki guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune kaya ing ngisor iki. Gatra Cakepan Guru Gatra, Guru Wilangan, lan Guru Lagune 1 Sekar pucung tambane ati kang bingung, 12u 2 Ngupadi piwulang 6a 3 Wewarah ingkang sejati, 8i 4 Weh pepadhang ambirat ribeding nala. 12a B. Jinise Tembang Macapat. Cacahe tembang macapat iku ana 11 werna/ jinis, yaiku Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Gambuh, Dandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. a) Maskumambang Tuladhane tembang maskumambang: Klek-klek biyung sira aneng ngendi Enggal tulungana Awakku kecemplung warih Gulagepan wus meh pejah Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung-apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim. b) Mijil Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Tuladhane tembang mijil, yaiku. Mijil ing donya siniwi ratri Kabeh durung katon Amung anjali soca ing tembé Lelaku alon siniji-siji Nunggu mring wartaning Sesotya satuhu Tembang ing nduwur nyeritakke “Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing bumi Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi Tata Tentrem Kerta Raharja Lir Saka Sambikala, kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem rakyate sengsara, lir mulya kebak durjana”. c) Sinom Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. d) Kinanthi Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanti saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe butuh tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan.


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 8 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran e) Asmaradana Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. f) Gambuh Asale saka tembung lingga yaiku jumbuh/ sawiji, dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kulawarga. Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing paling gampang, tuladhane tembang gambuh, yaiku: Sekar gambuh ping catur Kang cinatur Polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluwarsa katutur Katutuh pan dadi awon Tembang Gambuh pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku g) Dandanggula Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan. Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ana ing tembang iki. Tuladhane tembang dandhanggula, kang cinipta dening Sunan Kalijaga: Ana kidung rumeksa ing wengi teguh hayu luputa ing lara luputa bilahi kabeh jin setan datan purun paneluhan tan ana wani miwah panggawe ala gunaning wong luput geni atemahan tirta maling adoh tan ana ngarah ing mami guna duduk pan sirna h) Durma Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, aja lali nindakake Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma). i) Pangkur Tembung pangkur asale saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa. Tuladhane tembang pangkur, yaiku. Jinejer neng Wedhatama mrih tan kemba kembenganing pambudi mangka nadyan tuwa pikun yen tan mikani rasa yekti sepi asepa lir sepah samun samangsane pasamuwan gonyak-ganyuk nglelingsemi. j) Megatruh Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita menungsa mesthi mati.


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 9 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran k) Pucung Tembang pucung uga tembang macapat kang gampang ditembangake. Lumrahe tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise menungsa mati banjur di-pocong. Kayata ukara kang unine, “Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitutur becik, tuladhane: Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani setya budya pangekesing dur angkara Tembang pucung nduweni watak kang luwes, ateges bisa kanggo kahanan apa wae amarga luwes. DAFTAR PUSTAKA Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Jawa. Jilid II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing. Padmosoekotjo, S. 1978. Suluk Pedhalangan. Surabaya: Citra Jaya Murti. Purnomo, Bambang, dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Jawa Timur. Riyadi, Imam. 2006. Pinter Basa Jawa 1. Jawa Timur: Yudhistira. Sukendro, Dhita P., dan Triana W.S. 2015. Wiyata Basa. Surabaya: Penerbit Duta. http://www.longlifeducation.com/2011/12/tembang-macapat-pangkur.html. http://kampoengilmu.com/tembang-macapat/ http://www.pelajaran.click/2015/07/mengenal-tembang-maskumambangsecara.html. http://sinaunembang.blogspot.co.id/p/tembang-macapat.html


Tembang Macapat Kelas X Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN2 Buduran MATERI KELAS X TEMBANG MACAPAT PERTEMUAN 7 Minggu kalawingi sampun disinaoni babagan pengerten tembang macapat lan paugeran-paugerane. Sakniki mangga dipunlajengaken nyinaoni babagan Kawruh Basa lan Nggancarake/nyritakake isine tembang macapat (ngowahi tembang dadi prosa/karangan). Nggancarake tembang yaiku bisa diarani nyritakake tembang kanthi migunakake basa kang wantah/ basa kang luwih gampang dimangerteni. Tuladhane gatekna ing tabel ngisor iki ! Tembang Pangkur Gancarane Eman-eman para muda Lamun tanpa sastra kagunan sepi Nadyan darbe rupa bagus Tur sugih busanarta Nanging lamun tanpa sastra rai samun Sekar tepus saupama Amrengangah nora wangi. Eman-eman Manawa wong nom nganti wuta ing sastra lan sepi ing kagunan. Sanajan darbe rupa bagus tur sugih rajabrana pisan, Manawa wuta ing sastra, raine mesti kujem. Pepindane kaja kembang tepus, yaiku : warnane mrengangah endah, nanging gandane ora wangi.


Tembang Macapat Kelas X Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN2 Buduran Kawruh basa ing tembang macapat iku werna-werna. Gumantung marang pujangga utawa pangriptane. Kabeh mau kanggo nglairake gagasane. Gatekna bagan ing ngisor iki! Tembang tembung kawi tembung garba tembung saroja purwakanthi bali swara sandhi asma sengkalan Tembung kawi, yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan. Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjut digawe bebarengan. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine. Bali swara, yaiku ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni guru lagu. Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sandi asma ya iku tetenger kang ora ngegla kang pancen disingidake, digawé wadi, disandi


Tembang Macapat Kelas X Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN2 Buduran Tembang pangkur ing dhuwur nggunakake tembung kawi: (lamun, darbe, sekar,nora.) Tembung kawi kasebut digunakake ora mung nambah kaendahan wae, nanging uga kanggo nyukupi guru lagu, guru wilangan, lan purwakanthi. Buktine ing pada 2, nggunakake tembung lamun tegese yen. Umpama diganti tembung yen guru wilangane dadi kurang sawanda: Yen tanpa sastra kagunan sepi(10i). Purwakanthi ing pangkur kasebut, yaiku eman-eman para muda. Tembung-tembung kasebut kalebu purwakanthi guru swara a. Semaken lan gatekna tembang ing ngisor iki! Sakehing kang dumadi makardi lir hyang widhi tansah makarya nguribi jagad tan leren surya, candra lan bayu, bhumi tirtakalawan agni peparing panguripan mring amrih wus mungkur anane nuhoni darma iku dadya sastra cetha tanpa tulis nulat lakuning alam Gladhen 1.3 1) Saka tuladha ing dhuwur, tembang macapat kasebut kalebu jinise tembang apa? Coba terangna wangsulanmu! 2) Kawruh basa apa wae sing ana sajrone tembang kasebut? 3) Coba gancarna tembang macapat kasebut! 4) Pitutur apa kang ana ing tembang macapat kasebut kanggo panguripan saben dinane (Supados langkung gampil, sumangga migunakaken Pepak Basa Jawi)


Click to View FlipBook Version