The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Nanang Tri Wahono, 2023-06-17 22:35:45

Materi UUB Kelas X Pert 1

Materi UUB Kelas X Pert 1

Materi Unggah-Ungguh Basa Kelas X Bahasa Daerah Kelas X SMKN 2 Buduran MATERI KELAS X BAB 3 Ing BAB 3 niki, materi ingkang badhe disinaoni yaku materi babagan Drama. Miturut jinise, drama kaperang dadi 2, yaiku Drama Tradisional lan Drama Modern. Drama Tradisional yaiku Drama khayalan kang isine nyritakake kesaktenan (kesaktian) salah sijine pawongan, kayata Crita Pewayangan, Dongeng, Cerita Rakyat, lsp. Drama Modern yaiku Drama kang isine nyritakake kadadeyan ing padinan. Dadi isi ceritane yaiku lakune urip manungsa ing padinan lan ing jerone ngemot (mengandung) pitutur kang migunani tumrap wong sing mirsani. Sakderenge mlebu babagan materi drama kanthi luwih jangkep, sakdurunge mangga dipun rembug babagan basa kang digunakake ing drama, salah sijine yaiku babagan Unggah – Ungguh Basa. MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA Unggah-ungguh basa utawa kang asring diarani undha –usuk basa utawa tingkat tutur. Unggah-ungguh basa iku mratandhani menawa wong Jawa guneman niku ana tingkatantingkatane. Ancas (tujuan) anane unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni tumrap wong sing diajak guneman. Ana pitutur kang ngandhakake menawa “Ajining diri gumantung ana ing lathi” maknane yaiku wong iku bias dinilai wong kang sopan utawa wong kang iso ngajeni wong liya iku didhasarake saka carane guneman marang wong liya. Sakiki langsung wae bahas jinis-jinis sarta cara panganggone unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa kaperang dadi maneka warna, nanging ingkang badhe dibahas wonten mriki yaiku babagan basa sing asring digunakake ing padinan yaiku BasaNgoko (Ngoko Lugu, Ngoko Alus) lan (Basa Krama Lugu, Krama Alus). Ing Patemon 1,dipunrembug babagan Basa Ngoko 1. Basa Ngoko. Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadhapadha. BasaNgoko isih kaperang dadi 2, yaiku : a. Ngoko Lugu Ngoko Lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung karma utawa karma inggil tumrap wong sing diajak guneman, utawa bias dirani ing basa Ngoko Lugu iku migunakake tembung Ngoko kabeh. Gunane Ngoko Lugu yaiku kanggo guneman antarane : - Wong tuwa marang bocah enom Tuladha : “Le, yen mangan iku alon-alon wae! Mengko mundhak keselek.” - Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane Tuladha : “Ton, iki garisanmu sing tak selang mau.” - Wong sing pangkate dhuwur marang pegawene/juragan menyang rewange.


Materi Unggah-Ungguh Basa Kelas X Bahasa Daerah Kelas X SMKN 2 Buduran Tuladha : “ Mbok, menyanga pasar saiki, tukokno sayur bayem lan tempe.” - Bocah cilik karo kancane - Ngunandika (ngomongdhewe) Tuladha ukara kang migunakake Basa Ngoko Lugu : Le, saiki wis wengi, kowe mulih sesuk esukwae. Ngoko KramaMadya KramaInggil Wengi Dalu Dalu Kowe Sampeyan Panjenengan Mulih Mantuk/Wangsul Kondur Sesuk Benjing Benjing Esuk Enjing Enjing Dst…. Tuladha tembung lintune saged dipunpirsani dhateng Buku Pepak Basa Jawa. Saka tuladha ing dhuwur, yaiku tuladha ukara kang digunemake wong tuwa marang bocah enom. Tembung-tembung sing digunakake yaiku ing tingkatan tembung ngoko kabeh, tanpa ana campuran tembung karma Madya lan karma inggil. b. Ngoko Alus (Andhap) Ngoko Alus/Andhap yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kang tembunge kacampur tembung karma inggil tumrap wong kang diajak guneman (sing diajak omongan). Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane : - Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade - Sedulur enom marang sedulur tuwa sing wis kulina. - Bojone priyayi marang sing lanang - Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket) Ciri-cirine basa Ngoko Alus yaiku : Tembung kang ana gegayutane (hubungan) karo Aku (orang ke 1), tetep ora owah Tembung kang ana gegayutane karo Kowe (Sing diajak guneman), sing kalebu tembung Sesulih (Kata Ganti Orang), Tembung Aran (Kata benda milik orang ke 2), Tembung Kriya (kata kerja yang dilakukan orang ke 2), Tembung Kahanan (Kata sifat yang dirasakan orang ke 2) diowahi/ dirubah menyang karma inggil. Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah


Materi Unggah-Ungguh Basa Kelas X Bahasa Daerah Kelas X SMKN 2 Buduran Tuladha basa Ngoko Alus : 1. Saiki aku arep mangan soto, menawa panjenengan badhe dhahar apa mas? Ngoko KramaMadya KramaInggil Aku Aku Kula Kowe Sampeyan Panjenengan Arep Ajeng Badhe Mangan Nedha Dhahar Saka tuladha ing dhuwur, bias ditemokake titikane (ciri-ciri) basa/ ukara kang migunakake ngoko Alus. Frase 1, ukara katujokake kanggo AKU mula ukarane ora ana sing diowahi (tetep migunakake tembung ngoko), kamangka (sedangkan) Frase 2, ukara katujokake kanggo KOWE (sing diajak guneman) yaiku kangmase, mula tembung kang kalebu ing jinis tembung Sesulih, Tembung Aran, Tembung Kriya, lan Tembung Kahanan diowahi dadi tembung Krama Inggil. Sakliyane 4 jenis tembung iku tetep migunakake ngoko, kayata tembung“menawa”lan“apa mas”.


Click to View FlipBook Version