The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Nanang Tri Wahono, 2023-07-19 03:32:59

BUKU AJAR KELAS X SMT 2 OK

BUKU AJAR KELAS X SMT 2 OK

BAHASA JAWA KELAS X N A N A N G T R I W A H O N O B U K U A J A R S M K N E G E R I 2 B U D U R A N S E M E S T E R 2


MATERI BAHASA DAERAH KELAS X SEMESTER 2 KOMPETENSI DASAR MATERI POKOK 3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa dalam teks sastra dan non sastra secara lisan dan tulis. 4.4 Membandingkan penggunaan bahasa dalam teks sastra dan non sastra secara lisan dan tulis. Teks yang memuat basa rinengga/lalongèt Karakterisitik bahasa dalam teks sastra Jenis basa rinengga/ lalongèt Makna basa rinengga/ lalongèt. Penggunaan basa rinengga/ lalongèt . panyandra/oca’ pangalem Teks sastra dan non sastra Teknik menyusun kalimat Teknik menyusun paragraf Teks panyandra/oca’ pangalem 3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks beraksara Jawa/ carakan Madura sesuai kaidah 4.5 Menyusun paragraf menggunakan aksara Jawa/ carakan Madura sesuai kaidah Teks yang memuat Aksara Murda/aksara rajȃ, Aksara Swara, dan Aksara Rekan/aksara rèkaan Tata cara penulisan: - Aksara Murda/aksara rajȃ. - aksara swara/ Aksara Rekan/aksara rèkaan Teknik menulis kalimat menggunakan : - Aksara Murda/aksara rajȃ - Aksara Swara - Aksara Rekan/aksara rèkaan Teknik menulis paragraf 3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern sesuai dengan karakteristik. Teks tembang macapat/ mamaca macopat Jenis-jenis tembang macapat/ mamaca macopat Ciri-ciri tembang macapat/ mamaca macopat


4.6 Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern. Teknik penulisan tembang macapat/ mamaca macopat Tatacara publikasi tembang macapat/mamaca macopat Teknik melagukan tembang macapat/ mamaca macopat


Basa Daerah Kelas X Smt 2/SMKN2 Buduran Basa Daerah Kelas X Smt 2/SMKN2 Buduran SMA KANGGO /SMK KELAS X Semester 2


Basa Daerah Kelas X Smt 2/SMKN2 Buduran 1. Identitas a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa b. Semester : 2 (Dua) c. Kompetensi Dasar : 3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis penggunaan bahasa dalam teks sastra dan non sastra secara lisan dan tulis. 4.4 Membandingkan penggunaan bahasa dalam teks sastra dan non sastra secara lisan dan tulis. 2.PetaKonsep 3.Kegiatan Pembelajaran 1) PetunjukUmum UKB a) Baca dan pahami materi pada Buku Teks Pelajaran. Lihat dan baca pada Buku Teks Pelajaran (BTP): Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA kelas X. 2013. Surabaya: Duta. Halaman 52-63 2) KegiatanBelajar Ayo……ikuti kegiatan belajar berikut dengan penuh kesabaran dan konsentrasi!!! Basa Rinengga Pangerten Jinis Tuladha Karakteristik UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB)


Basa Daerah Kelas X Smt 2/SMKN2 Buduran Mbangun Konteks lan Pemodelan Basa Rinengga Kagiyatan Pasinaon 1 Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab basa ing teks sastra utawa non sastra, khususe babagan basa rinengga. Sadurunge, kanggo nggampangake anggone nyinaoni bab iki, Ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor iki! Basa Rinengga asring diwastani basa endah. Basa rinengga gabungan saka tembung basa lan rinengga. Rinengga tegese dipacaki utawa dipaesi amrih endah saha ngresepake. Basa rinengga asring diprangguli ing geguritan, sesorah, tanggap wacana, panyandra manten, saloka, lan saroja. Carane ngrengga basa, yaiku: 1. Sarana diandharake utawa diserat mawa ukara liya ingkang tetembungane ngemu surasa luwih bregas. 2. Diganti tetembungane sawetawis, utama diganti tembung kawi. Jinise Basa Rinengga Tembung Entar Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi beda saka asal usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan) . Tuladha: 1. Dasar bocah pinter lan meneng, mula saiki dadi bau tengene Pak Rohmad. Bau tengene tegese wong kang dipercaya. 2. Dadi wong iku sing dawa ususe ngadhepi pacobaning urip ing donya iki. Dawa ususe tegese sabar. Tembung Saroja Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dienggo bebarengan. Tuladha: 1. Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras. Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan. 2. Cilik gedhe, enom tuwa, padha jejel riyel ngebaki dalan. Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel, yaiku ngesuk utawa suk-sukan. Tembung Garba Tembung garba yaiku tembung loro kang digabung dadi siji kanthi ngelongi cacahe wanda. Tuladha: 1. Narpa + endah = narpendah 2. Sugih + arta = sugyarta 3. Malebu + ing =malebweng Basa Rinengga


Basa Daerah Kelas X Smt 2/SMKN2 Buduran GLADHEN! Sawise maca lan mangerteni uraian materi kasebut, coba garapen pitakon-pitakon ing ngisor iki! Gawenen ukara tembung-tembung ing ngisor iki! 1. dawa tangane 6. gagah prakosa 11. amba jangkahe 2. landhep pikire 7. jabang bayi 12. adol kringet 3. lunyu ilate 8. welas asih 13. prapteng 4. babak bundhas 9. abang kupinge 14. kawuleng 5. abang mbranang 10. adol ayu 15. aneng


Basa Daerah Kelas X Smt 2/SMKN2 Buduran


BADER KELAS X (BASA RINENGGA) Bader SMKN2 Buduran/KelasX/Semester 2 Minggu kalawingi sampun disinaoni materi basa rinengga babagan Tembung Saroja, Tembung Entar, lan Tembung Garba. Kagem pasinaon dinten niki mangga dipunlajengaken malih babagan materi menika. Ilmu basa kang kalebu ing basa rinengga liyane yaiku : A. Purwakanthi Purwa : Wiwitan, ngarep; Kanthi : nggandheng, melu. Purwakanthi iku tembung kang nduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra. Jinise purwakanthi ana 3 yaiku: Purwakanthi Guru Swara. Yaiku purwakanthi kang awewaton (didasarkan) runtuting swara (vocal), mapane ana ing mburi tembung, frase, bisa uga ukara. Tuladha : - Rata-rata padha lara mata Ing tuladha ukara iki, huruf vocal saben pungkasan tembung iku padha. - Witing tresna, jalaran saka kulina. Purwakanthi Guru Basa Yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtuting sastra, utawa bisa awujud konsonan kang dibaleni, mapan ana ing ngarep tembung. Tuladha: - Sluman, Slumun, Slamet - Bobot, bibit, bebet, lsp Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita. Yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtuting wanda(suku kata) bisa uga tembung, mapane sejajar. Tuladha: - Aku kudu duwe wedhus - Nandhang lara, larane wong lara lapa. B. Tembung Kawi Tembung kawi yaiku tembung-tembung jawa kuna, panganggone tembung kawi daianggep bisa kanggo nambah kaendahan lan surasa saka geguritan. Tuladha : Tresnaku marang sliramu, kaya ilining tirta saka kali menyang segara. Tembung tirta kalebu tembung kawi, kang duweni arti “Banyu” (Tuladha tembung lintune saged dipunpirsani dhateng pepak) C. Panyandra Nyandra tegese nggambar utawa amarna kaendahan utawa kahanan sarana pepindhan dadi sing luwih digatekake yaiku gegambaraning kaendahan utawa kahanan wong nyandra iku ora mesthi nganggo basa rinengga, tegese nganggo basa kang lumrah A. CANDRANENG MANUNGSA ( PERANGANENG AWAK ) a) Alise : nanggal sapisan b) Astane : nggandewa gadhing


BADER KELAS X (BASA RINENGGA) Bader SMKN2 Buduran/KelasX/Semester 2 c) Athi-athine : ngudhup turi d) Awake : ramping e) Bangkekane : nawon kemit f) Bathuke : nyela cendhane g) Bokonge : manjang ngilang h) Brengose : nglaler menclok, nguler keket i) Lsp..(Tuladha lintune saged dipunpirsani dhateng pepak) B. CANDRA SOLAH BAWA ( TANDANG GAWE ) a) Lakune kaya macan luwe, tegese menawa tandang gawe wong iku sregep lan cepet kaya dene macan kang lagi luwe sing nguber mangsane. b) Pangamuke kaya bantheng ketaton, tegese yen ngamuk angel ditambani lan ora bisa dikandhani. c) Swarane kaya mbelah – mbelahna bumi, tegese swarane gedhe/banter d) Lsp..(Tuladha lintune saged dipunpirsani dhateng pepak) D. CANDRANING MANGSA ( KAANANING ALAM ) a) Satya murca ing embanan = candrane mangsa kasa. Tegese : Wiwit wit – witan padha brindhil b) Bantala rengka = candrane mangsa karo. Tegese : lemah – lemah padha nela ( mlethek ) c) Suta manut bapa = crandrane mangsa ketelu. Tegese : wit gembili ( gadhung ) padha mrambat. d) Waspa kumembenng jroning kalbu = candrane mangsa kapat. Tegese : tuk – tuk padha pipet ( bumpet ) e) Pancuran mas semawur ing jagat = candrane mangsa kalima. Tegese : wiwit akeh udan f) Rasa mulya kasucen = candrane mangsa kanem. Tegese : ungsum who – wohan mirasa g) Wisa kentar ing maruta = candrane mangsa kapitu. Tegese : akeh lelara h) Ajrah jroning kayun = candrane mangsa kawolu. Tegese : mangsane kucing gandhik i) Wedharing wacana mulya = candrane mangsa kasongo. Tegese : mangsane gareng muni, gangsir ngenthir j) Gedhong minep jroning kalbu = candrane mangsa sepuluh. Tegese : akeh kewan meteng, manuk ngendhok k) Sotya sinara wedi = candrane mangsa sada. Tegese : mangsane manuk gloloh l) Tirta sah saking sasana = candrane mangsa desta. Tegese : mangsa pedhidhing utawa adhem


Aksara Murdha, Aksara Swara & Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN 2 Buduran (ATURAN PENULISAN AKSARA JAWA PERT 2) Minggu kalawingi sampun disinaoni sekedhik aturan menawi nyerat migunakake Aksara Jawa babagan Panganggone Pangkon, Panyeratan Aksara Manut kaliyan cara Pelafalan, lan Panulisa Tembung Andhahan. Sakniki mangga dipun lanjut malih sinaune babagan cara panulisan Aksara Jawane . 4. AKSARA MURDHA lan PASANGANE a. Aksara Murdha cacahe ana 7, yaiku b. Aksara Murdha bisa digunakake kanggo nulis jeneng Uwong, Gelar, Jeneng Lembaga, Wulan, Tanggal, lan papane kudu diwiwiti huruf Kapital. c. Aksara Murdha ora kena mati/dipaten, ananging bisa digunakake kanggo mateni aksara amarga Aksara Murdha uga duweni pasangan. d. Tata cara panulisan Aksara Murdha yaiku diwiwiti sa ngarep dhewe ora ana murdhane, mula bisa dijupuk Aksara Ing burine. Tuladha : Murdhane, mula dijupuk aksara ing burine) e. Aksara Murdha namung ditulis 1 aksara saben tembung (kata) Tuladha : Aksara Murdha, Aksara Swara & Aksara Rekan Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN 2 Buduran MATERI AKSARA JAWA KELAS X (ATURAN PENULISAN AKSARA JAWA PERT 2) Minggu kalawingi sampun disinaoni sekedhik aturan menawi nyerat migunakake Aksara Jawa babagan Panganggone Pangkon, Panyeratan Aksara Manut kaliyan cara Pelafalan, lan Andhahan. Sakniki mangga dipun lanjut malih sinaune babagan cara AKSARA MURDHA lan PASANGANE Aksara Murdha cacahe ana 7, yaiku Aksara Murdha bisa digunakake kanggo nulis jeneng Uwong, Gelar, Jeneng Lembaga, Wulan, Tanggal, lan tembung-tembung liyane sing ana ngendi wae papane kudu diwiwiti huruf Kapital. Aksara Murdha ora kena mati/dipaten, ananging bisa digunakake kanggo mateni aksara amarga Aksara Murdha uga duweni pasangan. Tata cara panulisan Aksara Murdha yaiku diwiwiti saka ngarep, menawa huruf ngarep dhewe ora ana murdhane, mula bisa dijupuk Aksara Ing burine. Murdhane, mula dijupuk aksara ing burine) Aksara Murdha namung ditulis 1 aksara saben tembung (kata) (ATURAN PENULISAN AKSARA JAWA PERT 2) Minggu kalawingi sampun disinaoni sekedhik aturan menawi nyerat migunakake Aksara Jawa babagan Panganggone Pangkon, Panyeratan Aksara Manut kaliyan cara Pelafalan, lan Andhahan. Sakniki mangga dipun lanjut malih sinaune babagan cara Aksara Murdha bisa digunakake kanggo nulis jeneng Uwong, Gelar, Jeneng tembung liyane sing ana ngendi wae Aksara Murdha ora kena mati/dipaten, ananging bisa digunakake kanggo mateni ka ngarep, menawa huruf ngarep dhewe ora ana murdhane, mula bisa dijupuk Aksara Ing burine.


Aksara Murdha, Aksara Swara & Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN 2 Buduran Menika Aksara Murdha, Pasangan, lan Tuladhane Aksara Murdha, Aksara Swara & Aksara Rekan Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN 2 Buduran Menika Aksara Murdha, Pasangan, lan Tuladhane


Aksara Murdha, Aksara Swara & Aksara Rekan Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN 2 Buduran Gladhen ! Owahana ukara ing ngisor iki menyang Aksara Jawa kanthi trep ! 1. Benjing wulan Juni, pak Bambang badhe tindak dhateng Kutha Semarang. 2. Mas Toni nembe kemawon mundhut sepeda motor enggal. 3. Dina Senin benjing aku wiwit mlebu sekolah. 4. Sekolahanku mapan ana ing Kabupaten Sidoarjo, Kecamatan Buduran. 5. Aku dikongkon ibuk njupuk panci ing daleme pak Parjo.


// PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT UKB PASINAON BAHASA DAERAH Kanggo Kelas X SMA/SMK/MA/SMK


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 1 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran 1. Identitas Mata Pelajaran : Bahasa DaerahX (Wajib) Kelas / Semester : X/ 2 Kompetensi Dasar : Indikator Pencapaian Kompetensi : Materi Pokok : Macapat Alokasi : 4 pertemuan Tujuan Pembelajaran : 3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern sesuai dengan karakteristik. 4.6 Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern. Indikator pencapaian kompetensi 3.6.1 Menjelaskan jenis tembang macapat/ mamaca macopat. 3.6.2 Menentukan ciri-ciri tembang macapat/ mamaca macopat. 3.6.3 Menafsirkan isi tembang macapat/ mamaca macopat. 4.6.1 Merencanakan pembuatan tembang macapat/ mamaca macapat. 4.6.2 Mempublikasikan tembang macapat/ mamaca macopat hasil karya sendiri. 4.6.3 Melagukan tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri di depan kelas. 4.6.4 Menceritakan isi tembang macapat/mamaca macopat karya sendiri Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional atau modern sesuai dengan karakteristik dan membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau modern, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C). Unit KegiatanBelajar (UKB)


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 2 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran Materi : Para siswa wis ngerampungake pasinaon sadurunge lan nduweni mupangat kang becik. Ing babagan iki para siswa bakal sinau ngenani Pitutur Luhur ing Tembang Macapat. Tembang macapat mono mujudake karya sastra Jawa kang adiluhung. Tumekaning saiki tembang macapat isih ngrembaka lestari. Akeh sing padha kasmaran marang tembang macapat.


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis 3 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah 2. Peta Konsep Para pujangga ing jaman b marang masyarakat kang awujud tulisan sarana diripta mawa temb tembung-tembung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para pujangga jaman biyen nduweni bobot sing adiluhung, jaman saiki akeh bocah-bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga kalebu bocah sing ora seneng tembang lan ora bisa nembang? Sadurunge, kanggo ngrewa peta konsep ing ngisor iki kanthi patitis. PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT Ngidenifikasi, Maca, ngripta, lan PITUTUR LUHUR I Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran ng jaman biyen, menawa kepengin maringi piwulang marang siswane lan marang masyarakat kang awujud tulisan sarana diripta mawa tembang. Ka bung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para pujangga jaman biyen nduweni bobot sing adiluhung, kebak piwulang, lan pitutur luhur. Geneya bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga kalebu bocah sing ora seneng tembang lan ora bisa nembang? grewangi para siswa lan ngrembakake kompete thi patitis. Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat jinise tembang macapat 11 macem macapat ciri-ciri tembang macapat njlentrehake isi tembang macapat Maca, ngripta, lan publikasi macapat ngrakit tembang macapat publikasi tembang macapat nyritakake isi tembang macapat karya mandiri PITUTUR LUHUR ING TEMBANG MACAPAT maringi piwulang marang siswane lan g. Kanthi nggunakake bung lan lelewaning basa kang endah, pranyata tembang asli reriptane para kebak piwulang, lan pitutur luhur. Geneya bocah sing ora seneng nembang tur ora bisa nembang? Apa kowe uga akake kompetensi, coba sinaoni 11 macem macapat Guru gatra Guru Wilangan Guru Lagu NG TEMBANG MACAPAT


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 4 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran a.Pambuka Saiki kowe wis ngerteni ancase nyinaoni babagan iki. Ayo bebarengan diwiwiti pasinaon ngidentifikasi tembang macapat! Tembang macapat iku tetembang klasik jawa kang mula bukane jaman para wali. Mulane isi lan cerita kang ana ing sakjroning tembang-tembang macapat akeh kang isine budi luhur, akhlak, lan kabudayaan agung. Tembang macapat kabehe ana sawelas. Ing tembang macapat, ana istilah guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Apa kowe weruh apa iku sing diarani guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu? Mengko, ayo bebarengan ngrembug babagan kuwi kabeh! Sajrone nyinau tembang macapat, kaajab para siswa ngandelake rasa syukure marang Gusti Kang Maha Suci. Kanthi ridhane Gusti, wong Jawa kaparingan sastra tembang macapat kang kebak pitutur luhur. Lelelandhesan sipat jujur, tresna budaya, disiplin, lan tanggung jawab para siswa diajab bisa nemokake pitutur luhur mau lan ngecakake piwulang becike ing pasrawungan . para siswa uga diangkah bisa ngripta tembang macapat, nerangake kaendahan basa, nyritakake surasana tembang karyane uga nembangake kanthi titilaras lan trapsila kang becik. b. Kagiyatan Inti Semaken lan gatekna tembang Pucung ing ngisor iki! Ngupadi Piwulang 1. Sekar pucung tambane ati kang bingung, ngupadi piwulang wewarah ingkang sejati, weh pepadhang ambirat ribeding nala. 2. Nadyan ngidung ora mung anggere mbengung, nggereng nggero sora, surasane datan isi, sisip sempir kepara dadi sulaya 3. Lamun ngidung udinen swara kang melung, wicarane cetha, ngemu surasa kang edi, wulang wuruk mrih luhuring budi tama


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis 5 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur lan wewarah kang becik. Kanggo tegese tembung-tembung kang utama (tembung Ing ngisor iki tegese tembung ngupadi = nggoleki; ngudi piwulang = wewarah kabecikan wewarah = piwulang; pitutur ambirat = ngresiki; ngilangi ribeting = ruweting nala = ati; pangrasaning ati ngidung = nembang; ura-ura sora = seru; banter surasane = tegese datan = ora edi = endah Tembang utawa sekar yaiku rumpakan kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana (titilaras) lan rasaning basa (sastra). 1. Kagiyatan Pasinaon Ayo, melu kagiatan pasinaon iki ka Rasaning basa (sastrane) Rasaning swara Kagiatan Pasinaon 1 Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh 1. njlentrehake jinise tembang macapat 2. njlentrehake ciri-ciri tembang macapat 3. njlentrehake isi tembang macapat Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran Kapethik saka: Sekar Sari Kidung Rahayu (kaca:17) Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur lan wewarah kang becik. Kanggo ngerteni isi sawijine tembang, luwih dhisik kudu bisa ngerti tembung kang utama (tembung-tembung baku). Ing ngisor iki tegese tembung-tembung baku jroning tembang pucung ing ndhuwur. weh pepadhang = aweh tuntunan mbengung = nyuwara ngung-ngung sisip sambire = kurang-kurang begjane budi-tama = tumindhak kang becik sulaya = geseh; ora cocog; padudon udinen = golekana; budi dayanen melung = mbengkeluk; melot lamun = yen; menawa sisip = luput; salah kepara = malah Tembang utawa sekar yaiku rumpakan basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape kudu nggunakake kagunan swara. Mulane ing tembang macapat ana perangan rasaning swara (titilaras) lan rasaning basa (sastra). iki kanthi patitis! •jinis lan tata paugerane •kawruh basane •surasa, pitutur luhure •titilaras •pedhotan •trapsilane Kagiatan Pasinaon 1 Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Sawise nyinaoni babagan iki, kowe kabeh dikarepake bisa: njlentrehake jinise tembang macapat ciri tembang macapat njlentrehake isi tembang macapat Kapethik saka: Sekar Sari Kidung Rahayu (kaca:17) Menawa ngerti isine tembang pucung ing dhuwur, pranyata tembang iku ngemu pitutur ngerteni isi sawijine tembang, luwih dhisik kudu bisa ngerti tembung baku jroning tembang pucung ing ndhuwur. ngung kurang begjane tama = tumindhak kang becik geseh; ora cocog; padudon udinen = golekana; budi dayanen basa kanthi paugeran tartamtu kang pangucape perangan rasaning swara


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis 6 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah A. Paugeran Tembang Macapat Tembang macapat iku nduwei paugeran kaya ing a. Guru gatra Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine y Gambuh Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tanpa tutur katula-tula katali kadaluwarsa katutuh kapatuh pan dadi awon b. Guru Wilangan. Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kan wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sa pola sajak. Tuladha : Gambuh Sekar gambuh ping catur - 7 kang cinatur polah kang kalantur tanpa tutur katula-tula katali - kadaluwarsa katutuh - 8 kapatuh pan dadi awon - 8 c. Guru lagu Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda yaiku paugeran kang awujud guru lagu. Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong pungkasane gatrane tembang. Tuladha : Gambuh Sekar gambuh ping catur - u Guru gatra Jinis lan Paugeran Tem Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran Paugeran Tembang Macapat ng macapat iku nduwei paugeran kaya ing ngisor iki. yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha : Sekar gambuh ping catur kang cinatur polah kang kalantur tula katali cacahe 5 gatra kapatuh pan dadi awon Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sa kang cinatur polah kang kalantur - 10 12 minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda yaiku paugeran kang awujud guru lagu. Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing Tembang macapat Guru gatra Guru wilangan Guru lagu Tembang Macapat yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang aiku guru gatra. Tuladha : Tembung wilangan ana gegayutane karo angka.. Yen kaloro tembung kasebut g awujud cacah utawa etungan. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru dhinging swara ing


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 7 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran kang cinatur polah kang kalantur - u tanpa tutur katula-tula katali - i kadaluwarsa katutuh - u kapatuh pan dadi awon - o Tembang pucung pada 1 ing dhuwur yen digoleki guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune kaya ing ngisor iki. Gatra Cakepan Guru Gatra, Guru Wilangan, lan Guru Lagune 1 Sekar pucung tambane ati kang bingung, 12u 2 Ngupadi piwulang 6a 3 Wewarah ingkang sejati, 8i 4 Weh pepadhang ambirat ribeding nala. 12a B. Jinise Tembang Macapat. Cacahe tembang macapat iku ana 11 werna/ jinis, yaiku Maskumambang, Mijil, Sinom, Kinanthi, Asmaradana, Gambuh, Dandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. a) Maskumambang Tuladhane tembang maskumambang: Klek-klek biyung sira aneng ngendi Enggal tulungana Awakku kecemplung warih Gulagepan wus meh pejah Maskumambang nggambarake menungsa isih ana ing alam Ruh lan durung lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung-apung. Nggambarake menunggo ana ing njero rahim. b) Mijil Mijil kuwi artine lahir utawa bahasa inggrise mbrojol. Tuladhane tembang mijil, yaiku. Mijil ing donya siniwi ratri Kabeh durung katon Amung anjali soca ing tembé Lelaku alon siniji-siji Nunggu mring wartaning Sesotya satuhu Tembang ing nduwur nyeritakke “Alhamdulillah awake dhewe lahir ono ing bumi Pertiwi kang jarene Gemah Ripah Loh Jinawi Tata Tentrem Kerta Raharja Lir Saka Sambikala, kathah ingkang korupsi, pemimpin ayem rakyate sengsara, lir mulya kebak durjana”. c) Sinom Gambaran menungsa nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. d) Kinanthi Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanti saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe butuh tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lang pangarep-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan.


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 8 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran e) Asmaradana Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna. f) Gambuh Asale saka tembung lingga yaiku jumbuh/ sawiji, dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kulawarga. Gambuh iki salah sawijining tembang macapat sing paling gampang, tuladhane tembang gambuh, yaiku: Sekar gambuh ping catur Kang cinatur Polah kang kalantur Tanpa tutur katula-tula katali Kadaluwarsa katutur Katutuh pan dadi awon Tembang Gambuh pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku g) Dandanggula Gambaran urip kang wis mapan, manis, lan mulya. Cukup sandang, papan, lan pangan. Dhandhanggula isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ana ing tembang iki. Tuladhane tembang dandhanggula, kang cinipta dening Sunan Kalijaga: Ana kidung rumeksa ing wengi teguh hayu luputa ing lara luputa bilahi kabeh jin setan datan purun paneluhan tan ana wani miwah panggawe ala gunaning wong luput geni atemahan tirta maling adoh tan ana ngarah ing mami guna duduk pan sirna h) Durma Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan, aja lali nindakake Darma (Durma asale saka darma/sedhekah utawa derma). i) Pangkur Tembung pangkur asale saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa. Tuladhane tembang pangkur, yaiku. Jinejer neng Wedhatama mrih tan kemba kembenganing pambudi mangka nadyan tuwa pikun yen tan mikani rasa yekti sepi asepa lir sepah samun samangsane pasamuwan gonyak-ganyuk nglelingsemi. j) Megatruh Saka tembung Megat : pisah, Ruh : nyawa / roh. Nggambarake menungsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasaning cerita menungsa mesthi mati.


Tembang Macapat/ Ngidenifikasi, ngerteni, lan nganalisis macapat 9 | UKB Pasinaon Bahasa Daerah Kelas X/SMKN2 Buduran k) Pucung Tembang pucung uga tembang macapat kang gampang ditembangake. Lumrahe tembang pocung isine cangkriman (tebak-tebakan). Tembang iki nggambarake sak uwise menungsa mati banjur di-pocong. Kayata ukara kang unine, “Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane mati uga”. Ana uga tembang pocong kang isine pitutur becik, tuladhane: Ngelmu iku kelakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani setya budya pangekesing dur angkara Tembang pucung nduweni watak kang luwes, ateges bisa kanggo kahanan apa wae amarga luwes. DAFTAR PUSTAKA Padmosoekotjo, S. 1953. Ngengrengan Kasusastran Jawa. Jilid II. Jogjakarta: Hien Hoo Sing. Padmosoekotjo, S. 1978. Suluk Pedhalangan. Surabaya: Citra Jaya Murti. Purnomo, Bambang, dkk. 2015. Sastri Basa. Surabaya: Dinas Pendidikan Jawa Timur. Riyadi, Imam. 2006. Pinter Basa Jawa 1. Jawa Timur: Yudhistira. Sukendro, Dhita P., dan Triana W.S. 2015. Wiyata Basa. Surabaya: Penerbit Duta. http://www.longlifeducation.com/2011/12/tembang-macapat-pangkur.html. http://kampoengilmu.com/tembang-macapat/ http://www.pelajaran.click/2015/07/mengenal-tembang-maskumambangsecara.html. http://sinaunembang.blogspot.co.id/p/tembang-macapat.html


Tembang Macapat Kelas X Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN2 Buduran MATERI KELAS X TEMBANG MACAPAT PERTEMUAN 7 Minggu kalawingi sampun disinaoni babagan pengerten tembang macapat lan paugeran-paugerane. Sakniki mangga dipunlajengaken nyinaoni babagan Kawruh Basa lan Nggancarake/nyritakake isine tembang macapat (ngowahi tembang dadi prosa/karangan). Nggancarake tembang yaiku bisa diarani nyritakake tembang kanthi migunakake basa kang wantah/ basa kang luwih gampang dimangerteni. Tuladhane gatekna ing tabel ngisor iki ! Tembang Pangkur Gancarane Eman-eman para muda Lamun tanpa sastra kagunan sepi Nadyan darbe rupa bagus Tur sugih busanarta Nanging lamun tanpa sastra rai samun Sekar tepus saupama Amrengangah nora wangi. Eman-eman Manawa wong nom nganti wuta ing sastra lan sepi ing kagunan. Sanajan darbe rupa bagus tur sugih rajabrana pisan, Manawa wuta ing sastra, raine mesti kujem. Pepindane kaja kembang tepus, yaiku : warnane mrengangah endah, nanging gandane ora wangi.


Tembang Macapat Kelas X Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN2 Buduran Kawruh basa ing tembang macapat iku werna-werna. Gumantung marang pujangga utawa pangriptane. Kabeh mau kanggo nglairake gagasane. Gatekna bagan ing ngisor iki! Tembang tembung kawi tembung garba tembung saroja purwakanthi bali swara sandhi asma sengkalan Tembung kawi, yaiku tetembungan kang cak-cakane winates ana ing basa endah Tembung garba yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji kanthi nyuda cacahing wandane, lumrahe tinemu ing tembang, minangka kanggo njumbuhake guru wilangan. Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese banjut digawe bebarengan. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine. Bali swara, yaiku ukara kang diwalik papan panggonane kanggo nuhoni guru lagu. Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Sandi asma ya iku tetenger kang ora ngegla kang pancen disingidake, digawé wadi, disandi


Tembang Macapat Kelas X Bahasa Daerah/Kelas X/ SMKN2 Buduran Tembang pangkur ing dhuwur nggunakake tembung kawi: (lamun, darbe, sekar,nora.) Tembung kawi kasebut digunakake ora mung nambah kaendahan wae, nanging uga kanggo nyukupi guru lagu, guru wilangan, lan purwakanthi. Buktine ing pada 2, nggunakake tembung lamun tegese yen. Umpama diganti tembung yen guru wilangane dadi kurang sawanda: Yen tanpa sastra kagunan sepi(10i). Purwakanthi ing pangkur kasebut, yaiku eman-eman para muda. Tembung-tembung kasebut kalebu purwakanthi guru swara a. Semaken lan gatekna tembang ing ngisor iki! Sakehing kang dumadi makardi lir hyang widhi tansah makarya nguribi jagad tan leren surya, candra lan bayu, bhumi tirtakalawan agni peparing panguripan mring amrih wus mungkur anane nuhoni darma iku dadya sastra cetha tanpa tulis nulat lakuning alam Gladhen 1.3 1) Saka tuladha ing dhuwur, tembang macapat kasebut kalebu jinise tembang apa? Coba terangna wangsulanmu! 2) Kawruh basa apa wae sing ana sajrone tembang kasebut? 3) Coba gancarna tembang macapat kasebut! 4) Pitutur apa kang ana ing tembang macapat kasebut kanggo panguripan saben dinane (Supados langkung gampil, sumangga migunakaken Pepak Basa Jawi)


Click to View FlipBook Version