The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Nanang Tri Wahono, 2023-07-19 03:27:30

BUKU AJAR KELAS XI SMT 1 OK

BUKU AJAR KELAS XI SMT 1 OK

nanang triwahono BAHASAJAWA KELASXI BUKU AJAR DiSUSUN Oleh: SMK NEGERI2 BUDURAN SEMESTER 1


Bader/Kls XI/ Geguritan Bahasa Daerah/ SMKN 2 Buduran/ Kelas XI Materi Kelas XI “Geguritan” Kompetensi Dasar: 3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks drama, prosa, atau puisi sesuai dengan kaidah. 4.1 Menginterprestasi, menanggapi, dan memperagakan teks drama, puisi dan prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif. Tujuan Pembelajaran Setelah mempelajari materi, diharapkan siswa mampu : 1. Menganalisis struktur teks geguritan. 2. Mengidentifikasi isi teks geguritan 3. Mengidentifikasi pesan/amanat dalam teks geguritan. 4. Memparafrase geguritan (merubah puisi menjadi prosa) 5. Membaca indah teks geguritan 6. Menanggapi pembacaan teks geguritan. A. RINGKESAN PIWUCAL. Geguritan utawi guritan aslinipun saking tembung lingga gurit, tegesipun : 1. Tulisan ingkang awujud tatahan 2. Kidung utawi tembang Nggurit tegesipun : 1. Ngarang tembang utawi kidung, utawi rerepan 2. Nglakokaken tembang utawi kidung Miturut kamus utawi bausatra, geguritan menika uran-uran utawi karangan kang pinathok kados tembang, nanging guru gatra, guru wilangan, lan guru lagunipun boten ajeg. Menawi miturut Sadlidinata (1994:45), geguritan inggih menika iketaning basa ingkang memper syair (syair jawi gagrag enggal). B. JINISIPUN GEGURITAN Geguritan jinisipun wonten kalih : 1. Geguritan gagrak lawas Geguritan menika ngginakaken basa jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan menika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang ngangge Purwakanti guru-swara. Paugeranipun geguritan gagrak lawas ingkang sampurno inggih punika: a. Cacahipun gatra mboten ajeg, nanging lumrahipun sakedhikipun wonten sekawan gatra.


Bader/Kls XI/ Geguritan Bahasa Daerah/ SMKN 2 Buduran/ Kelas XI b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami c. Dong-ding utawi guru lagunipun sedaya manggen wonten wekasipun gatra runtut inggih punika ngangge purwakanti guru swara. d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan ngangge bebuka “sun gegurit”nanging mboten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” naming wonten nginggil piyambak. Tuladha: Sun gegurit, Wateke wong kampung jati Bekti marang yayah wibi Setya marang sakeh janji 2. Geguritan gagrak anyar Geguritan gagrag anyar ngginakakén basa Jawa jaman samenika lan dipunserat ngangge aksara latin, lan sampun ngginakakén kertas/ dluwang. Geguritan gagrag anyar mboten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan mboten ngangge tembung “sun gegurit”, sampun mboten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag anyar menika saged dipunwastani puisi Jawa bebas. C. STRUKTUR TEKS GEGURITAN Stuktur geguritan wonten 2, yaiku struktur fisik lan struktur batin. a. Struktur Fisik. Struktur fisik yaiku wujud kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan. Kanggo ngenali struktur fisik, para siswa kudu ngeling-eling marang tembung, ukara, gatra, pada, lan tata panulisan kang ana ing geguritan. Ing wekdal niki, struktur fisik kang dirembug yaku : 1. TIPOGRAFI (Blegere Geguritan) Sing dimaksud tipografi yaiku wujud nyata kang bisa dideleng langsung. Ana geguritan kang ditulis mepet ana kiwa, ana sing malah mepet sisih tengan, ana uga sing rata ing tengah. Ana sing ing pada (bait) siji nganti telu rata ing kiwa, banjur pada sakteruse rada nengah, lsp. Iku kabeh murni wewenange panggurit (panulis), lan para pamaos nduweni wewenang kanggo ngartekake tipografi mau. Ana sing tembung ing saben gatra cekak banget, ana uga kang katulis kanthi dawa. Ana sing saben gatra diwiwiti aksara gedhe, ana uga kang nganggo aksara cilik, ana kang migunakake tanda pawacan (tanda baca), ana uga kang ora migunakake tanda pawacan. 2. DIKSI (PAMILIHAN TEMBUNG) Ing geguritan, diksi utawa pamilhan tembung asring banget digunakake marang panggurit. Diksi bisa awujud pamilihan tembung kang endah, bisa uga malah


Bader/Kls XI/ Geguritan Bahasa Daerah/ SMKN 2 Buduran/ Kelas XI tembung sing kasar. Kang wigati (penting) pamilihan tembung mau bisa kanggo nguatake surasa(makna) utawa rasa swasana geguritan kang ditulis. Ana panulis kang migunakke basa rinengga (Materi kelas X Semester 2 Bab 1) ana uga kang migunakake basa lumrah (bahasa sehari-hari) Basa Rinengga kang asring digunakake kayata : a. Purwakanthi Purwa : Wiwitan, ngarep; Kanthi : nggandheng, melu. Purwakanthi iku tembung kang nduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra. Jinise purwakanthi ana 3 yaiku: Purwakanthi Guru Swara. Yaiku purwakanthi kang awewaton (didasarkan) runtuting swara (vocal), mapane ana ing mburi tembung, frase, bisa uga ukara. Tuladha : - Rata-rata padha lara mata Ing tuladha ukara iki, huruf vocal saben pungkasan tembung iku padha. - Witing tresna, jalaran saka kulina. Purwakanthi Guru Basa Yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtuting sastra, utawa bisa awujud konsonan kang dibaleni, mapan ana ing ngarep tembung. Tuladha: - Sluman, Slumun, Slamet - Bobot, bibit, bebet, lsp Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita. Yaiku purwakanthi kang adhedhasar runtuting wanda(suku kata) bisa uga tembung, mapane sejajar. Tuladha: - Akukududuwewedhus - Nandhang lara, larane wong lara lapa. b. Tembung Kawi Tembung kawi yaiku tembung-tembung jawa kuna, panganggone tembung kawi daianggep bisa kanggo nambah kaendahan lan surasa saka geguritan. Tuladha : Tresnaku marang sliramu, kaya ilining tirta saka kali menyang segara. Tembung tirta kalebu tembung kawi, kang duweni arti “Banyu” c. Lsp (tuladha basa rinengga lintune saged dipuntingali dhateng pepak Basa Jawa) 3. IMAJI/ PANYITRA. Sajroning geguritan para panggurit migunakake tetembungan kang nduweni daya panyitra/imajinasi kanggo nglairake gagasan. Imaji iku antarane yaiku Paningal (sing bisa ditonoton), Pangrungu, lan Pangrasa.


Bader/Kls XI/ Geguritan Bahasa Daerah/ SMKN 2 Buduran/ Kelas XI 4. TEMBUNG KONKRET Yaiku tetembungan kang bisa ditangkep dening alat indra kang bisa nuwuhake imaji. Tembung konkret ing kene bisa arupa pepindhan (kiasan) uatawa pralambang. Tuladha: bun (embun) bisa dadi pralambang wening, niyat suci, tulus, endahing swasana esuk, lsp. 5. BUSANANING BASA (GAYA BAHASA) Yaiku panggone basa kang bisa nguripake swasana lan nuwuhake anggepan (konotasi) tartamtu sarta bisa nuwuhake rasa kaendahan. 6. WIRAMA (RIMA) Yaiku runtuting swara ing geguritan kang bisa ing wiwtan, tengah, utawa ing pungkasaning gatra (larik) b. Struktur Batin Struktur batin yaiku wujud geguritan kang ora kasat mata. Struktur batin iki diwangun dening struktur fisik wau. Mulane antarane struktur fisik lan batin iku padha pentinge. 1. TEMA/MAKNA (SENSE) Yaiku kekarepan utawa maksud tartamtu kang kinandhut ing saben tembung, gatra (larik), pada (bait), lan sakabehe pada ing geguritan. 2. RASA (FEELING) Yaikut pandungkape rasa (sikap) panggurit tumrap bakune pirembugan kang kinandhut ing geguritan kang ditulis. Pandungkape rasa kang kinandhut ing geguritan iki ana sambung rapete karo blegere (sosok/latar belakang) panggurit, yaiku saka latar belakang agama, pendhidhikan, jenis kelamin, kelas sosial, jabatan/kedudukan ing masyarakat, umur, pengalaman sosilogis lan psikologis, lan kawruh (pengetahuan) panggurit. 3. NADA (TONE) Yaiku kekarepane panggurit marang pamaos salaras karo isine geguritan. Kekarepan iki bisa arupa pesen kang sipate ngguroni (menggurui), ndhikte (mendikte), kerja sama, ngudhari prakara (memecahkan masalah), masrahake (mborong kersa) marang para maos, lan sapiturute. 4. AMANAT Saben panggurit mesthi nduweni tujuan nalika ngarang geguritane. Tujuan utawa amanat iki didhelikake, sinandhi ing reroncening tembung, ukara, gatra, lan pada. Geguritan sing becik iku geguritan kang duwe guna paedah tumrap bebrayan utawa tumrap para pamaose. https://pengetahuan34.blogspot.com/2016/02/materi-basa-jawa-geguritan.html Buku Sastri Basa Kanggo SMA/SMK/MA/MAK/ Dinas Provinsi Jawa Timur.


Bader/Kelas XI/ Geguritan 2 Bahasa Daerah/ Kelas XI/ SMKN 2 Buduran MateriKelas XI BAB 1 Pertemuanke 2 TuladhaGeguritan GagragLawas GagragAnyar Sun Nggegurit Kahanan jaman saiki Siphat pemudha - pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi jaman nguni Srawunge sarwa ngati-ati Yen manut wasiteng tama Priya srawung lan wanita Gampang kena panggoda Nerak ing laku susila Temah darbe jeneng ala Wusananing tibeng papa Marhaban Ya Romadhon Langit pasrah Ngutapake mungkure sasi ruwah Ana rasa tentrem Nadyan rembulan durung mesem Angina aweh sasmita Getering rasa bungah Mecaki dina-dina kebak barokah Marhaban ya romadhon Pasrah, sumarah Lelandhesan iman lan taqwa Njaga santosaning batin Ngliwati kamar-kamar proses Kamar pasa Kamar teraweh Kamar tadarus Kamar iktikaf Kamar sodaqoh Dina-dina tanpa kedhat ing panuwung Lumunture lumut-lumut dosa Karang siniram sihing gusti Minggu kalawingi, para siswa sampun nyinaoni materi babagan Pangerten Geguritan, Jinis Geguritan, sarta Struktur Geguritan. Kagem pasinaon dinten niki ingkang badhe dipunrembug yaiku babagan Tatacara Ngrakit Geguritan, Tatacara Nggancarake Geguritan, sarta Tatacara Maca Endah Geguritan. A. Nulis Geguritan 1. Nemtoake tema 2. Milih tembung kang becik 3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes 4. Migunakake basa kang endah 5. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah


Bader/Kelas XI/ Geguritan 2 Bahasa Daerah/ Kelas XI/ SMKN 2 Buduran B. Nggancarake Teks Geguritan. Nggancarake (memparafrase) utawa bias diarani ngowahi geguritan dadi karangan bebas, yaiku nduweni ancas supaya geguritan bias luwih gampang dimangerteni. Amarga geguritan mestine migunakake tembung lan ukara sing ringkes, padhet, kebak arti. Mulane kanggo mangerteni apa kang dimaksud panulis iku dudu prakara kang gampang. Salah sijine kanggo nggampangake yaiku kanthi nggancarake geguritan niku wau. Tata carane menawa badhe nggancarake geguritan yaiku : 1. Ukara-ukarane tembang utawa geguritan kang mawa tembung bali swara kudu diudhari, dhapukane ukara kawolak-walik. 2. Menawa ana tembung kawi (tembung Jawa kuna) kudu diowahi dadi tembung Jawa anyar kang lumrah dianggo utawa dirungokake saben dinane. 3. Menawa ana tembung garba (tembung sandi) kudu diudhari. 4. Kanggo nglarasake ukara supaya ora kaku bias mbuwang utawa ngilangi tembung sawetara. Mangkana uga tumrap ater-ater lan panambang. 5. Pada/bait kang sakawit wujud bait-bait, kaewahana dadi paragraph kanthi ejaan kang bener. Nggatekake titik, koma, tandha pitakon, tandha prentah,lan sapanunggalane. Tuladha : Geguritan Gancaran URIPKU Nglamunku sugaring pucuk himawan Nalika warsa mbanjiri pangarasan Uripku Saya suwe saya ngambang Ilang Ora nemu dalan URIPKU Nglamunku sing mumbul tekan angkasa buyar dadakan. Sebabe udan dumadakan nelesi bathukku. Ing nglamunku mau, urip dakrasakake saya nglambrang. Suwe-suwe ilang kaya wong mlaku sing ora nemu dalan C. Maca Endah Geguritan Para siswa mestine sampun mangerteni tata cara maca geguritan kanthi endah. Maca geguritan diarani kasil nalika wis bener lan pener ing bab basane (lafal, Intonasi, andhegan/jeda, lsp), lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solahbawa, wirama, lsp). Lan sing luwih penting maneh, maca geguritan kanthi endah iku tujuane sing paling penting yaiku sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling, lan kaendahaning geguritan sing diwaca. 1. Tata cara maca geguritan sing becik, yaiku : a. Geguritan kudu wis ditemokake struktur fisik lan batine. b. Geguritan diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bageyan kang penting kudu dingerteni luwih dhisik. c. Geguritan diwenehi tanda pamaca lan tanda andhegan. d. Kanggo gladhen, geguritan diwaca manut tanda pawacan lan tandha andhegan uga katrangan solah bawane.


Bader/Kelas XI/ Geguritan 2 Bahasa Daerah/ Kelas XI/ SMKN 2 Buduran Sing kudu digatekake nalika maca geguritan a) pocapan/lafal (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kudu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bias ngucapake aksara kanthi bener, umpamine mbedakaken aksara (a, å, i, o, è, é, ê, ta, tha, da, dha). b) Wirama Tata cara / Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bias minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh. c) Wirasa Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepaken karo isining geguritan umpamane :nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane. d) Wiraga Ekspresi/mimic yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lan polatan (mimik) kudu luwes (orakaku), prasaja lan ora katon lamun digawe-gawe.


Materi Basa Jawa “ Geguritan “ Kelas XI Pertemuan 5 RA MOKAL Ra mokal yen bocah-bocah takon aku Pak, angka jawa nggo ngetung apa Apa bisa dak nggo bakulan ula Apa bisa dak nggo tamba lara Lha yen pasar wis nganggo kalkulator pak dhokter wis sarwa komputer Ditutul thet dadi mesin jet Diuntir-untir dadine nuklir Nganti ambune kiyamat wis krasa cedhak Katon tombole ing pangkalan-pangkalan Lan aku isih kok pleter carakaan Apa aku bisa balapan Le, thole Basa Jawa ra bisa dienggo golek bojo Angka Jawa ateges etung-etungan Ngeleluri satra Jawa ora ateges dodolan kewan Kuwi sawijining kabudayan Yen copot ateges awakmu ora kathokaan Gladhen ! 1. Kepiye sing dikarepake printah nyinaoni aksara angka lan carakan? 2. Apa budaya jawa iku kudu dikalahake karo wolak walike jaman? 3. Apa sing kudu dilakoni manungsa kawula muda nyawang jaman sing saya tuwa? 4. Amanat apa sing iso kapethik saka geguritan kasebut?


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1 Bader SMKN2 Buduran Materi Kelas XI BAB 2 Upacara Adat Jawa (Pertemuan 1) Ing materi niki bakal dirembug babagan Upacara Adat Jawa. Kanthi anane pirembagan materi niki, mugi-mugi para siswa bisa tambah pengetahuan babagan Upacara Adat Jawa. Kedah dimangerteni menawa upacara adat yaiku ritual kang dilaksanakake sekelompok orang/masyarakat, kita minangka penerus/keturunan kedah nglestantunake amarga ing jaman sakiki akeh wong kang wis ninggalake tradisi iki, utawa bisa darani wong Jawa kang ilang Jawane. Sakniki, mangga sareng-sareng disinaoni materi niki. 1. Pangerten Upacara Adat Upacara Adat yaiku tata upacara sing wis dumadi ing masyarakat Jawa kang ana gegayutane karo lakuning urip manungsa. Diwiwiti saka jero kandhutan nganti tumekaning pati. Saben wektu sing dilampahi manungsa iku mau dianakake upacara, ancase tolak balak, nyuwun keslametan marang Gusti, sarta bisa uga kanggo ngucapake raos syukur marang Gusti. Upacara adat kalawau bisa katujokake kanggo manungsa, bisa uga katujokake kanggo Alam. Tuladhane kang katujokake kanggo manungsa yaiku neloni (3 bulan ibu mengandung), tingkeban, sepasaran, selapan, tedhak siten, khitanan, nikahan, lsp. Menawa kang katujokake kanggo alam kayata Ruwat Desa, Nyadran, lsp. 2. Jinis- jinise upacara adat Jawa A. Upacara Adat kang katujokake kanggo manungsa. Ana maneka warna upacara adat kang katujokake kanggo manungsa, diwiwiti saka ing jero kandhutan nganti tumekaning pati, kayata : a. Neloni b. Tingkeban/Pitonan c. Brokohan d. Sepasaran e. Selapanan f. Tedhak Siten (Mudhun Lemah) g. Nyapih h. Khitanan i. Nikahan j. Geblag (Ngesur Tanah) k. Nelung Dina l. Mitung Dina m. Nyatus Dina n. Mendhak Pindho o. Nyewu Ing Jero Kandhutan Bayi Lahir Dewasa Tumekaning Pati


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1 Bader SMKN2 Buduran p. Lsp….. B. Upacara Adat kang katujokake kanggo Lingkungan. Saben daerah duweni maneka warna upacara adat kang dilaksanakake, kayata : a. Ruwat Desa b. Nyadran c. Larung Saji d. Petik e. Lsp …. 3. Pirembagan (Pembahasan) a. Upacara Adat Neloni. Upacara adat Neloni kang duweni arti 3 yaiku upacara adat sing dilakasanakake nalika ibu ngandhut 3 wulan. Nalika nindakake upacara adat iki biasane ana pirantine awujud Sega Tumpeng, Gudhangan, Jenang Abang Putih, Sega Kuning kang dideleh ana takir. Tata cara sing dilampahi yaiku ngundhang tangga kanggo kenduri. Upacara iki dilaksanakake kanthi ancas kanggo ngucapake raos syukur marang Gusti, amarga ing kandhutan 3 wulan jabang bayi sampun diwenehi Roh (nyawa). b. Upacara Adat Tingkeban/Pitonan. Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga disebut mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara iki dianakaké ing pitung sasi meteng lan pisanan kali. Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban. Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi. Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'. Upacara mitoni utawa wilujengan pitung wulanan iki lumrahe nganggo ubarampe kang disedhiyani dening kulawarga wanita kang nembe ngandhut. Ubarampe slametan nglimputi sekul janganan, jenang abrit, jenang baro-baro, jajan pasar lan sriyatan kang ginawe saka wijen, dhele, kacang kang kagangsa ing gendhis.


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1 Bader SMKN2 Buduran Saliyane iku uga cengkaruk timbal, penyon, pring sadhapur lan tumpeng robyong kang arupa tumpeng dicemplungake ing cething, diwenehi iwak kebo lan endhog godhog, gereh, krupuk. Ubarampe liyane awujud janganan mentah kayata lombok, terong, janganan lan sawetara jinis kembang-kembangan. Tumpeng janganan digawe cacah pitu dijangkepi pitung iji apem conthong. Jroning upacara mitoni iku uga ana tatacara gantos penganggen ngantos kaping pitu kang sabanjure disebut tingkeban. Nut Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra, upacara tingkeban iki dileksanakake nalika tanggal ganjil tanpa ngliwati purnama (sadurunge tanggal 15, upamane tanggal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15). Tata carane siraman, ing papan kang wus ditemtokake dicepakake jembangan wadhah banyu kang wus diwenehi kembang setaman. Banyu kang wus diwenehi kembang setaman kuwi dianggo siraman wanita kang lagi ngandhut. Upacara siraman dhewe dileksanakake wanci jam 11.00 WIB amarga dipracaya para hapsari uga tumurun saka kayangan saprelu arep adus. Dene kang mimpin siraman yakuwi dhukun, dene kang nyiram wanita kang ngandhut yaiku para pinisepuh putri kang cacahe pitu utawa sangang wong. Cidhuk banyu kang dianggo kudu saka bathok utawa siwur. Papan kanggo lungguhe wanita kang lagi ngandhut iku arupa dhingklik cilik kang dilambari godhong apa-apa, saliyane itu uga godhong kluwih, kara, maja, dhadhap serep, alang-alang, klasa mendhong, dhingklik uga dilambari kain warna-warna, contone sindur, jarit kanthi motif yuyu sekandhang. Padusan kakrobong utawa ditutup nganggo kain jarit motif rangrangan utawa cindhe. Padusan iki ana ing latar sisih kiwa utawa tengen omah kanthi lawang ngadhep ngetan. Krobong dirias nganggo tuwuhan jangkep arupa pisang, tebu lan cengkir gadhing. Ing Serat Tatacara anggitane Ki Padmasusastra kasebutake, rampung siraman banjur ganti kain pasatan lan diubedi letrek utawa kain jarit kang logro sarta dianggoni sabuk saka godhong tebu tulak. Saka njero letrek kuwi pinisepuh nglebokake tropong ing njero jarit lan nyeblokake. Sabanjure sabuk mau dipotong nganggo keris. Sawuse pedhot, bojone wanita kang lagi ngandhut iku diakon lunga tanpa pamit. Bebarengan karo kuwi ibu Maratuwa mbanting endhog pitik mentah lan bapake mecah cengkir gadhing kang wus digambari Kamajaya-Kamaratih, Janaka-Subadra, utawa Panji lan Candra Kirana, banjur disigar dadi loro. Nalika mecah cengkir direwangi bapak kandhunge wanita kang lagi ngandhut kuwi. Wanita kang ngandhut banjur diiring mlebu omah lan ngadeg ing ngarep petanen. Ing papan kuwi wus dicepakake sinjang lan kemben cacah pitu. Sateruse para pinisepuh nganggokake jarit iku mbaka siji. Rampung nganggo siji banjur diuculi, banjur dianggokake maneh liyane. Ngono terus nganti kaping enem lan para pinisepuh mesthi ngomong durung patut. Kang pungkasan, para pinisepuh nganggokake jarik truntum kemben motif bangotulak. Bebarengan karo kuwi, para pinisepuh padha ngomong wis patut.


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1 Bader SMKN2 Buduran c. Upacara Adat Brokohan Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet. Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku “barokah” sing maknane ngarepake berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi. Sesajèn upacara sing dibutuhaké yaiku: Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras. Golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam. Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga. ANGKAH Upacara brokohan tujuwané kanggo keslametan prosès kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi bocah sing apik. RANGKÉYAN UPACARA Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusaké andum sesajèn brokohan kanggo sedulur lan para tangga. d. Upacara Adat Sepasaran Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah. Slametan iki biasane dianakake bareng karo puputan. Puputan yaiku prastawa pedhote tali puser bayi.Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedanglan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih. e. Upacara Adat Selapanan Upacara adat selapanan yaku upacara adat kang dilaksanakake nalika bayi umur selapan, utawa 35 dina. Itungan iki dijupuk saka itungan dina kang cacahe ana 7 (SeninMinggu) lan itungan pasaran kang cacahe 5 (Pahing, Pon, Wage, Kliwon, lan Legi). Itungan iki hasil saka 7 dina lan 5 pasaran kang ketemu cacahe 35 dina. Tuladhane bayi lahir ing dina Kemis Pon, dadi selapane bayi tiba ing dina Kemis Pon. Upacara iki


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1 Bader SMKN2 Buduran biasane dilaksanakake kanggo raos syukur awit keslametan kang sampun diparingake Gusti marang Ibu lan bayine. Ing upacara iki bayi dicukur rambute lan dikethoki kukune. Ing bancaan selapanan, menu wajib yaiku Sega Putih lan Gundangan/urap-urap. f. Upacara Adat Tedhak Siten (Mundhun Lemah) Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan". Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton. Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata: a. Pengaron sing diisi kembang setaman. b. Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut. Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata: 1) Pari sabengket 2) Kapuk sabengket 3) Piranti nulis 4) Bokor kang diisi beras kuning 5) Werna-werna jinis dhuwit 6) Perhiasan" c. Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan. d. Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak. e. Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhakundhakané urip sing arep dilakoni anak. f. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna. g. Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka. Urutane Upacara tedhak siten 1. Tedhak jadah pitung warna: yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan. 2. Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.


Bahasa Daerah XI/Upacara Adat/Pert 1 Bader SMKN2 Buduran 3. Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau. 4. Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau. Kagem pertemuan niki, kula kinten ngantos sementen rumiyen ingkang kedah dipun rembug, kagem pembahasan lintune saged dilajengaken tetepangan saklajenge. Matur nuwun.


Materi Upacara Adat Jawa/Kelas XI Bader SMKN2 Buduran Upacara Adat Jawa Materi Kelas XI Pertemuan 7 Kalawingi sampun dipunrembag maneka warna upacara adat Jawa, yaiku Neloni, Tingkeban, Brokohan, Sepasaran, Selapanan, lan Tedhan Siten. Ing patemon dinten niki, badhe dipunrembag malih babagan upacara adat Jawa salajenge. g. Upacara Adat Nyapih. Nyapih asalipun saking tembung "sapih" ingkang anggadhahi pangertosan pisah utawi misahaken. Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi ingkang ancasipun kangge nylameti lare ingkang nembé mandhek nyusu ibunipun. Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubarampé kanggé nyapih larènipun. Ananging, sakpunika sampun jarang utawi malah sampun boten wonten ingkang ngginakaken ubarampé. Wonten ing ngandhap punika ubarampe ingkang dipunginakaken tiyang Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara nyapih, kadosta: Kupat ingkang dipun sigar lajeng dipun isi abon wonten saktengahipun. Katul ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta bal alit-alit, lajeng dipun dang. Kembang "borèh" 7 Tumpeng alit Ron jati ingkang dipuntungkupaken Senthir ingkang dipunsélèhaken wonten sakngandhaping ambén Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên pinggan ingkang wonten toyanipun Ndog pitik mentah Ron gedhang ingkang dipun suwèk-suwèk lajeng dipun tali kaliyan ndonga : "ora mbundheli godhong, nanging mbundheli tutuké si jabang bayi". Ancasipun supados bayi boten réwèl Wanci ndalunipun, laré dipun beta wonten njabi griya, lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang raja. Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên bubur ingkang dipun sadé dhateng laré-laré ingkang "kreweng" minangka artanipun. "Kreweng" utawi tugelan gendhèng, lajeng


Materi Upacara Adat Jawa/Kelas XI Bader SMKN2 Buduran dipunkempalakeên, dipun paringi kembang saha kemenyan lajeng dipun larung wonten kali. Upacara Adat kang katujokake kanggo Lingkungan. 1. Upacara Adat Ruwatan Ruwatan iku salah sijine upacara adat Jawa sing ancase kanggo mbebasake wong/komunitas utawa wilayah saka ancaman bebaya. Inti upacara adat ruwatan iki sejatine arupa dedonga, nyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamane bencana alam lan liya-liyane. Uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis dilakoni sing iso nyebabake bencana. Menika sekedhik pembahasan babagan maneka warna upacara adat kang dipun lampahi masyarakat Jawa. Ingkang katulis ing dhuwur namung dados tuladha, amarga saben daerah duweni tatacara upacara adat kang beda-beda. Sakniki, kasuwun para siswa saged nyinaoni babagan upacara adat kang tasih kalampahan ing daerah panjenengan sedaya saperlu kanggo nglestantunaken budaya. Tuladha Tugas nyerat Upacara Adat kang tasih dilampahi ing daerah. Arane Upacara Adat : Tingkeban ing Desa ....., Kec. ...., Kab. ..... 1 Pangerten Upacara adat tingkeban ing desa ..... dilaksanakake nalika ibu ngandhut umur 7 wulan/lapan. Upacara iki dilaksanakake namung kagem kandhutan kang sepisan 2 Ancas dilaksanakake Ancas dilaksanakake upacara Adat Tingkeban ing desa ..... yaku kanggo ngucapake raos syukur marang Gusti amarga sampun dipunparingi rejeki badhe kagungan putra, sarta kanggo nyenyuwun marang Gusti supadhos Ibu lan Bayi sehat ngantos lair, dipuntebihaken saking bab kang boten sae. 3 Tatacara pelaksanaan Tata cara lampahing adicara Tingkeban ing desa ...... yaiku : 1. Ngundang tangga teparo lan sedaya kaluwarga


Materi Upacara Adat Jawa/Kelas XI Bader SMKN2 Buduran kanggo rawuh ing adicara. 2. Bancakan, dipimpin dening modin lan disekseni para kaluwarga lan tangga teparo. 3. Siraman, ancase kanggo ngresiki (mensucikan). Ing desa Mojoreno, kang nglampahi siraman yaiku Calon ibu lan Calon Bapak. Dipun wiwiti saking Modin, wong tuwa, banjur dilanjut kaluwarga liyane nganti ping 7. 4. Ganti sewek/jarik. Dipunlampahi dening calon Ibu. Calon ibu dipuntempeli jarik ping 7, kanthi diseskseni dening para kaluwarga, sewek/jarik sing kaping 7 padha bebarengan ngomong yen wis patut/pantes. Lsp. 4 Ubarampe Ubarampe kang kudu ana ing upacara adat Tingkeban ing desa .... yaiku : 1.Tumpeng Kuat. Tumpeng kuwat minangka simbol supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè séhat saha kuwat. Bahan ingkang dipun-ginakaken inggih punika wos. Tumpeng ugi dipunhias ngginakaken tigan ayam godhog 35 iji, tahu, tèmpè, iwak asin goreng, lombok mentah ingkang dipundamel rerenggan saha tèrong mentah ingkang dipunoncéki nanging kulitipun tetep taksih nèmplèk, saha dipunsukani urab-uraban. 2.Jajan Pasar. Jajan pasar punika boten kedah dipundamel piyambak nanging tumbas kèmawon wonten ing pasar. Jajan pasar ingkang dipuntumbas antawisipun kuè apem, kuè cucur, kuè bolu, kuè lapis, saha woh-wohan kados ta, nangka, jeruk, bengkowang, timun, pisang, kacang godhog, lan sapanunggalanipun. Sedaya jajan pasar kala wau dipuntata kanthi rapi nembè dipunsajikaken. 3.Keleman. Keleman inggih punika kados ubi-ubi nan. Keleman ingkang dipunbetahaken dados ubarampè upacara tingkeban wujud pitung jinis, kados ta: ubi jalar, tèla,


Materi Upacara Adat Jawa/Kelas XI Bader SMKN2 Buduran gembili, kenthang, wortel, ganyong, saha erut. Manèka warna keleman dipunsajikaken wonten ing satunggal wadhah kados ta nyiru. 4.Rujakan. Rujakan punika kadamel saking manèka warna woh-wohan kados ta: jeruk, timun, blimbing, pisang watu, lan sapanunggalanipun. Sedaya bahan rujak dipuncampur dados satunggal saha dipunsajikaken kanthi saé ngantos raosipun rujak èco. Ancasipun inggih supados bayi ingkang badhé dipunlairaken samangkè saged ngremenaken kulawarganipun. 5.Dawet. Kangge nggampilaken anggènipun damel, dawetipun saged dipuntumbas wonten ing pasar saha ing griya namung kantun mangsak dawetipun kanthi dipuncampur santen supados raosipun èco. Manawi kepéngin seger saged dipuntambahi ugi és batu. 6. lsp.....


Teks Tanggap Wacana Kelas XI Pert 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran 1. Identitas a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah b. Kelas/Semester : XI/1 (satu) c. Kompetensi Dasar : d. Materi Pokok : Pranatacara e. Alokasi Waktu : 4 x 45 menit f. Tujuan Pembelajaran : g. Materi Pembelajaran UNIT KEGIATAN BELAJAR (UKB) NGGEGULANG WEDHARING BASA 3.3 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks pewara atau pidhato sesuai kaidah. 4.3 Menyajikan kegiatan sebagai pewara atau berpidhato dengan menggunakan tata karma sesuai sesuai dengan konteks budaya. Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik dapat mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks pewara atau pidhato sesuai kaidah dan mencipta, melafalkan teks pewara dan teks, sehingga peserta didik dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C). Para siswa wis ngerampungake pasinaon upacara adat lan nduweni mupangat kang becik. Ing babagan iki para siswa bakal sinau ngenani nggegulang wedharing bada. Sesorah mono mujudake piwulang kang adiluhung kanggo panguripan ing bebrayan. Tumekaning saiki sesorah isih ngrembaka lestari. Akeh digunakake dening adicara upacara adat utawa tetepangan resmi.


Teks Tanggap Wacana Kelas XI Pert 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran 2. Peta Konsep 3. Kegiatan Pembelajaran Kegiatan pasinaon 1 A. Tanggap wacana (Pidhato) Tanggap wacana utawa rawuh / tamu / undhangan) sarana sing becik ing adicara tartamtu. Bab – bab kang kang kudu 1. Swara lan lagu pocapan cetha, 2. Nggatekake tata rakite ukara 3. Mangerteni sapa wae para ngetrepake tata trapsila sing 4. Nggunakake unggah – unggu 5. Anggone micara ora ngambra Perangan naskah tanggap wacana a) Salam pambuka Salam pambuka yaiku salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utwa sing kepareng rawuh. b) Panyapa Panyapa yaiku nye kanggo paring pakurmatan. c) Purwaka d) Surasa basa (isi) e) Wigatine (kesimpulan) f) Pangarep – arep (harapan) g) Wusana (penutup) h) Salam panutup Pewara Struktur teks Tanggap Wacana Kelas XI Pert 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran Kegiatan Pembelajaran (Pidhato) utawa pidhato yaiku ngandharake gagasan marang sarana micara sing wis kasusun kanthi tata urutan tartamtu. kudu digatekake sadurunge nindakake tanggap cetha, supaya bisadimangerteni wong akeh (vocal ukara kang becik, supaya karepe bias dimangerteni. para rawuh/ tamu sing rawuh lan swadanane, sing becik. ungguh sing becik. ngambra – ngambra singkat, padhet, lan duweni bobot Perangan naskah tanggap wacana Salam pambuka yaiku salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu utwa sing kepareng rawuh. Panyapa yaiku nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan. Wigatine (kesimpulan) arep (harapan) Wusana (penutup) Sesorah Pewara Struktur teks pewara Pidhato struktur teks pidhato jinis pidhato marang wong liya (para urutan lan paugeran tanggap wacana (pidhato) (vocal lantang) dimangerteni. swadanane, saengga bias bobot isi. Salam pambuka yaiku salam pakurmatan sing sepisan marang para tamu but sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut


Tanggap Wacana & Pranata Adicara Kelas XI Semester 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran MATERI TEKS TANGGAP WACANA (PIDHATO) & PRANATA ADICARA (Pertemuan 2) Kalawingi sampun disinaoni babagan materi tanggap wacana babagan Pangerten lan Struktur teks, wekdal menika badhe dipun rembag malih babagan Jinis-jinise pidhato manut isine, banjur dilajengake kalian ngrembag babagan teks Pranata Adicara. Jinis – jinise pidhato manut isine : 1. Pidhato pambuka, yaiku pidhato ringkes (Singkat) kang diandharake dening pembawa acara utawa MC. 2. Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijining kegiyatan. 3. Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang diandharake ing sawijining adicara tartamtu kanthi wektu kang mung sedhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji. 4. Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang diandharake dening wong kang nduweni pengaruh kanggo ngresmekake samubarang. 5. Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas utawa kegiyatan. 6. Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine ngenani sawijining laporan pertanggung jawaban tugas utawa kegiyatan. B. Pranata Adicara / Pranatacara / MC Pranata adicara yaiku sawijining paraga sing nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing sawijining acara. Struktur Teks Pewara : 1. Salam Pambuka 2. Panyapa 3. Pambuka 4. Wosing Pranatacara 5. Panutup 6. Salam Panutup Katrangan : 1. Salam Pambuka yaiku atur pakurmatan kang sepisan marang para rawuh utawa para tamu. 2. Panyapa yaiku nyebut sapa wae kang rawuh utawa para tamu wiwit saka sing sepuh utawa sing paling dikurmati, nganti sing paling enom kanggo ngajeni para rawuh / tamu. 3. Pambuka yaiku isi pakurmatan, atur panuwun marang kang padha rawuh, sarta atur pamuji Syukur marang Gusti. 4. Wosing pranatacara yaiku rantaman adicara kang arep dileksanakake.


Tanggap Wacana & Pranata Adicara Kelas XI Semester 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran 5. Panutup yaiku ngemot atur panuwun uga nyuwun pangapura menawa ana kaluputan apa wae. 6. Salam panutup yaiku atur pakurmatan kang pungkasan marang para rawuh utawa para tamu. Pranata adicara kudu nggatekake apa kang diarani 4W, kang isine : Wiraga, Wicara, Wirasa, lan Wirama. 1. Wicara tegese, nggunakake basa kang trep. 2. Wirasa tegese, kudu ngerteni mungguh wirasane basa. 3. Wirama, tegese, mijiling basa kang wijang, ririh, rereh, lan pratitis. 4. Wiraga tegese, solah tingkah, tandang tanduk kudu subasita. TULADHA TANGGAP WACANA Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. Ingkang kawulo hormati Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMK N 2 Buduran Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali kelas SMK N 2 Buduran Ingkang kula tresnani rencang-rencang SMK N 2 Buduran Puji syukur katuraken in ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Asih awit ing wekdal menika kita taksih pinaringan karaharjan saengga ing wekdal menika kita saged makempal ing papan menika. Kula Nanang wakil saking kelas 12 ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresan anggenipun nggulawentah dhumateng kula lan rencangrencang, saengga kita saged ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan SMK N 2 Buduran. Kula lan rencang-rencang namung saged ngaturaken pandonga mugi-mugi amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Allah SWT, tansah pinaringan kawilujengan, kasarasan, lan karentreman, saengga kita saged nggulawenthah dhateng para murid ngantos paripurna kanthi biji ingkang sae. Kula lan rencang-renang ugi nyuwun agenging pangapunten awit asring ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih Bapak Ibu Guru sedaya. Salam Pambuka Panyapa Purwaka Surasa Basa (ISI)


Tanggap Wacana & Pranata Adicara Kelas XI Semester 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran Dhumateng Bapak Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat Gusti Allah. Aamiin..Aamiin…Aamin. Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalilh, kula nyuwun agenging pangapunten. Wassalamualaikum wr.wb TULADHA TEKS PRANATA ADICARA Assalamu'alaikum Wr.Wb Bapak Kepala Sekolah SMK N 2 Buduran ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani. Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan adicara, inggih menika : 1. Atur pambuka 2. Atur pangandikan saking ketua panita. 3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI 4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII 5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK N 2 Buduran 6. Panutup Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos waosan basmallah sesarengan, matur suwun. Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula sumanggaaken. .................... Matur suwun. Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula sumanggaaken. .................... Matur suwun. Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil kelas XII kula sumanggaaken. .................. Pangarep-arep Panutup Salam Panutup Salam Pambuka Panyapa Purwaka Wosing Pranata Adicara


Tanggap Wacana & Pranata Adicara Kelas XI Semester 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran Matur suwun. Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK N 2 Buduran. Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. .................. Matur suwun. Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Mangga kita pungkas adicara ing siang menika kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillalamin. Matur suwun. Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksami dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur Wasssalamualaikum Wr. Wb TUGAS ! Gawea tuladha teks Tanggap Wacana utawa Teks Pranata Adicara (Pilih salah siji ). Saged ditulis ten buku, saged ugi diketik. (Kagem Teks Tanggap Wacana Tema kang saged dipilih inggih menika babagan Kabudayan & Kesehatan) Wosing Pranata Adicara Panutup Salam Panutup


Materi Teks Sesorah Kelas XI Smt 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran Kalawingi sampun disinau babagan struktur teks, jinis-jinis, sarta bab kang kudu digatekake nalika nindhakake Tanggap Wacana & Pranata Adicara. Kagem sakniki dipunlajengaken malih babagan basa, amarga nalika nindhakake Pidhato utawa dadi Pranata Adicara, kedah saged migunakake basa kang becik, yaiku kanthi migunakake unggah-ungguh basa kang trep. Dados sakniki mangga dipun sinau babagan Unggah-Ungguh Basa. MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA Unggah-ungguh basa utawa kang asring diarani undha –usuk basa utawa tingkat tutur. Unggah-ungguh basa iku mratandhani menawa wong Jawa guneman niku ana tingkatantingkatane. Ancas (tujuan) anane unggah-ungguh basa yaiku kanggo ngajeni tumrap wong sing diajak guneman. Ana pitutur kang ngandhakake menawa “Ajining diri gumantung ana ing lathi” maknane yaiku wong iku bias dinilai wong kang sopan utawa wong kang iso ngajeni wong liya iku didhasarake saka carane guneman marang wong liya. Sakiki langsung wae bahas jinis-jinis sarta cara panganggone unggah-ungguh basa. Unggah-ungguh basa kaperang dadi maneka warna, nanging ingkang badhe dibahas wonten mriki yaiku babagan basa sing asring digunakake ing padinan yaiku BasaNgoko (Ngoko Lugu, Ngoko Alus) lan (Basa Krama Lugu, Krama Alus). 1. Basa Ngoko. Basa Jawa Ngoko yaiku perangan Basa Jawa kanggo guneman marang wong sapadhapadha. BasaNgoko isih kaperang dadi 2, yaiku : a. Ngoko Lugu Ngoko Lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung karma utawa karma inggil tumrap wong sing diajak guneman, utawa bias dirani ing basa Ngoko Lugu iku migunakake tembung Ngoko kabeh. Gunane Ngoko Lugu yaiku kanggo guneman antarane : - Wong tuwa marang bocah enom Tuladha : “Le, yen mangan iku alon-alon wae! Mengko mundhak keselek.” - Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane Tuladha : “Ton, iki garisanmu sing tak selang mau.” - Wong sing pangkate dhuwur marang pegawene/juragan menyang rewange. Tuladha : “ Mbok, menyanga pasar saiki, tukokno sayur bayem lan tempe.” - Bocah cilik karo kancane - Ngunandika (ngomongdhewe)


Materi Teks Sesorah Kelas XI Smt 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran Tuladha ukara kang migunakake Basa Ngoko Lugu : Le, saiki wis wengi, kowe mulih sesuk esukwae. Ngoko KramaMadya KramaInggil Wengi Dalu Dalu Kowe Sampeyan Panjenengan Mulih Mantuk/Wangsul Kondur Sesuk Benjing Benjing Esuk Enjing Enjing Dst…. Tuladha tembung lintune saged dipunpirsani dhateng Buku Pepak Basa Jawa. Saka tuladha ing dhuwur, yaiku tuladha ukara kang digunemake wong tuwa marang bocah enom. Tembung-tembung sing digunakake yaiku ing tingkatan tembung ngoko kabeh, tanpa ana campuran tembung karma Madya lan karma inggil. b. Ngoko Alus (Andhap) Ngoko Alus/Andhap yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kang tembunge kacampur tembung karma inggil tumrap wong kang diajak guneman (sing diajak omongan). Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane : - Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade - Sedulur enom marang sedulur tuwa sing wis kulina. - Bojone priyayi marang sing lanang - Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket) Ciri-cirine basa Ngoko Alus yaiku : Tembung kang ana gegayutane (hubungan) karo Aku (orang ke 1), tetep ora owah Tembung kang ana gegayutane karo Kowe (Sing diajak guneman), sing kalebu tembung Sesulih (Kata Ganti Orang), Tembung Aran (Kata benda milik orang ke 2), Tembung Kriya (kata kerja yang dilakukan orang ke 2), Tembung Kahanan (Kata sifat yang dirasakan orang ke 2) diowahi/ dirubah menyang karma inggil. Ater-ater dak-, ko-, di- lan panambang -ku, -mu, -e, -ake ora owah


Materi Teks Sesorah Kelas XI Smt 1 Bahasa Daerah Kelas XI SMKN 2 Buduran Tuladha basa Ngoko Alus : 1. Saiki aku arep mangan soto, menawa panjenengan badhe dhahar apa mas? Ngoko KramaMadya KramaInggil Aku Aku Kula Kowe Sampeyan Panjenengan Arep Ajeng Badhe Mangan Nedha Dhahar Saka tuladha ing dhuwur, bias ditemokake titikane (ciri-ciri) basa/ ukara kang migunakake ngoko Alus. Frase 1, ukara katujokake kanggo AKU mula ukarane ora ana sing diowahi (tetep migunakake tembung ngoko), kamangka (sedangkan) Frase 2, ukara katujokake kanggo KOWE (sing diajak guneman) yaiku kangmase, mula tembung kang kalebu ing jinis tembung Sesulih, Tembung Aran, Tembung Kriya, lan Tembung Kahanan diowahi dadi tembung Krama Inggil. Sakliyane 4 jenis tembung iku tetep migunakake ngoko, kayata tembung“menawa”lan“apa mas”.


Materi Unggah-Ungguh Basa Pertemuan ke 2 Minggu kalawingi sampun disinaoni babagan unggah-ungguh basa yaiku basa Ngoko. Ingkang dirembag inggih menika basa Ngoko Lugu lan Ngoko Alus. Menawa dipundhut kesimpulan, bisa diarani menawa basa ngoko Lugu yaiku basa padinan, basa akrab, basa kang biasane dingo gegojekan karo kancane. Menawa ngoko alus, wis ana wujud pakurmatan kang digunakake, diwujudake kanti ana tembung kang diowahi menyang tembung Krama Inggil. Nanging ora kabeh tembung, sing perlu diowahi yaiku tembung kang katujokake kanggo wong sing diajak guneman, kayata Tembung Sesulih Purusa (Kata Ganti Orang), Tembung Kriya, Tembung Aran, Tembung Kahanan. Kagem Basa Ngoko Alus saged digambarake kados mekaten . Keterangan : KGO ; Kata Ganti Orang ( Tembung Sesulih Purusa) KB : Kata Benda (Tembung Aran) KK : Kata Kerja (Tembung Kriya) KS : Kata Sifat (Tembung Kahanan) Tetep Ngoko (Ora diowahi) Basa Ngoko Alus Sing Diajak Guneman Sing Guneman Sing Diowahi yaiku: 1. KGO 2. KB 3. KK 4. KS Sakliyane 4 jenis tembung iku Tetep Ngoko Diowahi menyang Tembung Krama Inggil


Tuladha : Ngoko Lugu : Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku mangkat sekolah numpak mobil karo bapak. Ukara kasebut, menawa diowahi dadi Ngoko Alus, paling dhisik yaiku panjenengan padosi kang perlu diowahi menyang Tembung Krama Inggil niku jinis tembung napa. Manut kang dijabarake wau sing perlu diowahi yaiki KGO, KK, KB, lan KS sing ditujokake kanggo sak liyane sing ngomong. Dadi sakliyane 4 jinis tembung wau kudu utuh ngoko. Sakniki kula tandani tembung kang kalebu 4 jenis kasebut . Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku mangkat sekolah numpak mobil karo bapak. Tembung ingkang digaris bawah, yaiku tembung kang katujokake kanggo sing guneman (ngomong) dadi tembunge tetep ngoko utawa ora perlu diowahi. Tembung ingkang digawe kandel (bold), yaiku kalebu tembung Sesulih Purusa (KGO) kanggo wong liya, mula mangke diowahi menyang Krama Inggil. Tembung ingkang digawe miring (italic) , yaiki tembung kriya (Kata Kerja) kanggo wong liya, mangke uga diowahi menyang krama Inggil. Tembung Aran (kata benda) yaiku mobil, tembung iki ora perlu diowahi. Tembung Kahanan, ora ditemokake ing ukara kasebut. Mula, intine kang perlu diowahi namung tembung kang di Bold lan Italic, saengga ukarane dadi : Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku tindak sekolah nitih mobil karo rama/bapak. Mugi-mugi penjalasan kula saged ditampa kanthi gambling. Sakniki mangga dilajengaken dhateng tingkatan tembung liyane. 1. Basa Krama Basa Krama kaperang dadi 2, yaiku krama Lugu lan Krama Alus. a. Krama Lugu. Basa Krama Lugu yaku basa kang migunakake tembung krama madya. Dados sedaya tembunge diowahi menyang Krama/Krama Madya. Kanggo sing guneman, utawa wong liya tetep nganggo tembung Krama Madya. Panganggone basa Krama Lugu yaku : - Kanggo guneman wong sing sedrajat, nanging durung raket utawa akrab. Tuladhane menawa para siswa kepanggih kaliyan tiyang kang seumuran, lan nembe kepanggih kawitan (baru bertemu) utawa dereng akrab. Tuladhane menawa takon alamat : “Mas, pangapunten, sampeyan mangertos menawi badhe dhateng Alun-Alun Sidoarjo niku medal pundi nggih?” Tembung “Sampeyan” kalebu tembung ing tingkatan Krama Madya :


Ngoko Krama/Krama Madya Krama Inggil Kowe Sampeyan Panjenengan Aku Kula Kawula/Dalem Mangan Nedha Dhahar Omah Griya Dalem Nunggang/Numpak Numpak Nitih Tuladha liyane; “Mas, mangga nedha rumiyen” “Griya kula wonten Candi mbak, menawi sampeyan griyanipun pundi?” Dados menawa wonten soal kados ngeten : Owahana ukara iki miturut unggah-ungguhe sing trep! “Mas, jenengmu sapa?, omahmu ngendi?, kowe mau mrene numpak apa?” Wangsulane yaiku bisa diowahi menyang Krama Lugu, amarga ukarane katujokake kanggo “Mas”, bisa diartekne mewawa guneman karo wong sedrajat, lajeng soal iku nakokake jeneng, dadi bisa disimpulke menawa wong iku durung akrab. Ukarane owah dadi ngene : “Mas, sampeyan namine sinten?, griyanipun pundi?, sampeyan wau mriki numpak napa?.” b. Krama Alus. Basa Krama Alus yaiku basa kang migunakake tembung-tembung krama (Kanggo sing guneman) kecampuran krama inggil, tumrap sing diajak guneman. Utawa bisa disimpulke menawa guneman migunakake basa krama Alus, tembung kanggo sing ngomong migunakake tembung krama Madya, kamangka kanggo wong liya nganggo Krama Inggil tembunge. Tuladha : Ngoko Lugu: “Dina Senin, aku mangkat sekolah numpak sepeda motor, lan kangmasku mangkat sekolah numpak mobil karo bapak.” Krama Alus: “Dinten Senin, kula budhal sekolah numpak sepeda motor, menawi kangmas kula tindak sekolah nitih mobil kaliyan bapak.” Panganggone Basa Krama Alus yaiku : 1. Kanggo guneman wong enom marang wong tuwa 2. Marang wong sing luwih dhuwur drajate


Utawa bisa diarani basa Krama Alus iku basa sing paling sopan menawa kanggo guneman. Dadi menawa para siswa guneman karo wong sing luwih tuwa utawa wong sing kudu diajeni, basa sing trep yaiku basa Krama Alus.


Click to View FlipBook Version