PAMINJA BBAASSAA JJAAWWII NOVEMBER 2022 Mahasiswa Pendidikan Bahasa, Sastra Indonesia, & Daerah 2019 Mahasiswa Pendidikan Bahasa, Sastra Indonesia, & Daerah 2020
PAMINJA TTiimm RReeddaakkssii FFaannddyy RRoommaaddhhoonnii AAnnddhhiikkaa MMaahhaarrddhhiikkaa FFaaiizz DDhheeddee IIllhhaamm SSaappuuttrraa FFrriiddaa SSeeppttyy HHaappttaannttii PPiimmppiinnaann RReeddaakkssii :: CCiinnddyy UUssaammaa RRuussllii EEddiittoorr LLaayyoouutt ::
PAMINJA Daftar Isi Pagelaran Primbon Plesir Andok Wara Wiyata Sesepuh Truna-Truni Busana Wetanan 1 3 5 7 9 11 13 15 17
KERJA SAMI HMD BAHASA INDONESIA KELAWAN PARA DOSEN FAKULTAS SASTRA ING DALEM PAGELARAN “PENTAS DRAMA ASMARA AMBA BHISMA” Departemen Bahasa Indonesia, Universitas Negeri Malang sukses gelar pesta rakyat peringatan sasi basa lan susastra ing gedung Sasana Budaya Universitas Negeri Malang , dina Setu wengi (29/10/2022). Pesta rakyat yaiku sawijining adicara gedhe kang digelar dening HMD bahasa Indonesia sawise 2 warsa ora ana pagelaran kanthi offline jalaran pandhemi covid-19. Saengga nimbulake antusias saka para penonton, kang dibuktekake kelawan kebake papan lungguh kanthi kapasitas 500 wong kuwi, malah leluwih . Para lelakon pagelaran drama “Asmara Amba Bhisma” ya iku kolaborasi watara mahasiswa, dosen, sarta alumni DBI FS Universitas Negeri Malang, antawis sanes yaiku Ivone Oktaviana, Galuh Berliant, Dr. Karkono, M.A, Dr. Azizatuz Zahro', M.Pd, Dr. Dwi Sulistyorini, M.Hum, Jamila Wijayanti, S. Pd., M. Pd., lan sapanunggal liyane. Rerangkening adicara diwiwiti saka uyon-uyon, banjur beksan saka gita lenggang tari, sambutan ketuwa pelaksana lan ketua Departemen Bahasa Indonesia, pamaosan geguritan dening pamenang lomba FLBS (Festival Literasi Basa lan Sastra), lan puncak adicara yaiku pentas drama “Asmara Amba Bisma”. Pentas drama kuwi dijupuk saka crita pawayangan Mahabharata kang luwih difokusake ing perangan asmara watara Bhisma lan Dewi Amba. Pentas drama iki digarap dening pemimpin prodhuksi Dr. Dwi Sulistyorini, M.Hum, disutradarai dening M. Abdul Aziz, panulis naskah dening Alicia Putri, penata tari dening Dr. Karkono, M.A, penata iringan musik dening tim Gatra UM, penata artistik dening Agung Putra lan Ahmad Fauzi. PAGELARAN Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 1 Apa kang kedadeyan ing adicara iki?
Ana ing siji wayah Sang Maha Bhisma menangake sayembara lan nggawa Dewi Amba puteri Raja Kasi kanggo adhi tirine Wicitrawirya. nanging sang adhi ora gelem. Kekasih dewi Amba, Raja Salwa uga ora gelem nrimane bali amarga kebacut isin wis dikalahake Maha Bhisma. Nalika ngupakara ngrebut bali Dewi Amba saka Maha Bhisma jroning lelampahan menyang Hastinapura. Dewi Amba sedih, piyambake tetep nuntut Maha Bhisma supaya tetep ngerabi amarga Bhisma kuwi kang menangake sayembara. Maha Bhisma tetep ora gelem amerga nyekel ing sumpahe, yaiku ora bakal terus numutine, Bhisma ngelingake Dewi Amba karo panah. Ora sengaja panah nembus dhadha Dewi Amba. Jero akir maute Dewi Amba sanjang menawa piyambake tetep nresnani Bhisma lan arep menunggune kanggo bareng menyang nirwana. Muga-muga kagiyatan kaya iki mampu menehake inspirasi marang masyarakat utamane generasi enom kanggo terus berkarya sarta nambahi raos tresna lan kebanggaan dadi wangsa Indonesia. Nresnani budaya ya iku salah siji ujud raos bungah lan tresna awake dhewe karo Indonesia, amarga kang nyawijekake wangsa yaiku budaya. Tresna budaya, tresna Indonesia. Kepriyea siji pentas drama mbutuhake kreativitas lan perencanaan mateng kang ngiras pemikiran lan tenaga kanggo ngawujudake pegelaran. . Liwat kolaborasi kang ditindakake watara dosen lan mahasiswa kasil ngemas pertunjukan seni kanthi modhern kelawan nyampur unsur beksan, iringan gendhing, lan tembang. Pagelaran pentas drama menika dadi pasugatan akhir pekan kang ngremenaken sarta tansaya nuwuhake raos tresna masarakat kelawan kagunan pertunjukan tradhisional. “Iki kaping kapisan aku weruh pementasan seni drama kaya ngene, adicarane menarik banget lan pambuka kang diwiwiti kelawan beksan tari soyong, banjur pamaosan geguritan lan sakteruse kuwi menarik banget. Apa maneh iringan gendhinge kang nambah kesan kentale budaya Jawi kang diangkat jroning pementasan drama iki.” gumun Sania kang dadi penonton saka pentas drama “Asmara Amba Bhisma” wengi iku. “Asmara Amba Bhisma” crita ngenani dilema watara tresna lan sumpah. Ing endi sang Maha Bhisma putera saka Raja Sentanu wis sumpah dadi Brahmacharya, Brahmana kang ora rabi utawa selibat. PAGELARAN Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 2
Budaya Jawi PITUNGAN WETON CALON PANGANTEN JALER LAN CALON PANGANTEN ESTRI LEBETING BUDAYA JAWI Indonesia menika nagari jumlah penduduk ingkang ageng. Kaliyan jumlah penduduknya ingkang ageng ndamel nagari puniki terkenal kalih beranekaragaman suku, budaya, lan bahasa. Lepat setunggal propinsi kaliyan pinten-pinten adat lan budaya inggih menika jawa. Tepang budaya jawi badhe terpikat kaliyan keunikanipun lan kekhasanipun piyambak-piyambake budaya. Budaya jawi inggih punika kabudayan ingkang dianut dening masyarakat jawi mliginipun wonten Propinsi Jawi Timur. Kathahipun budaya ingkang dipun-gadhahi saged mbentuk karakteristik ingkang unik lan benten kalih budaya saking laladan sanesipun wonten Indonesia. Lepat setunggal budaya jawi ingkang sanget kenthel inggih punika ngengingi masalah kepitadosan. Ing zaman rumiyin ngantos samenika masyarakat Jawi dipuntepang sanget kenthel kaliyan kepitadosan adatipun utawi kejawen. Adat Jawi ingkang taksih kenthel lan dipunpitados malah dipuntindakaken dening masyarakat Jawi inggih menika primbon. Primbon inggih menika tilaran saking para leluhur Jawi ingkang awujud kitab gadhah isi ngengingi ramalan, kawruh kejawen, lan benten sanesipun. primbon dipunagem dening masyarakat Jawi dados pijakan utawi gambaran saderengipun manungsa nindakaken punapa-punapa kegiatanipun. Panganggenan primbon limrahipun kagem masyarakat jawi kagem ngetang weton para calon manten saderengipun ngidak dhateng jenjang ingkang langkung saestu. Itungan kagem primbon weton saking calon panganten jaler lan panganten estri kagem sumerep punapa panganten cocok kangge nglajengaken nikahan. Lebet perhitungan primbon wonten kalih cara, inggih menika caranipun kaping setunggal ngetang weton lan neptu, ingkang kaping kalih ngetang dinten wedalan calon penganten jaler lan estri. PRIMBON Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 3
PITUNGAN WETON CALON PANGANTEN JALER LAN CALON PANGANTEN ESTRI LEBETING BUDAYA JAWI Pasaran inggih menika wonten asma ing 5 dinten yaiku legi, pahing, pon, wage, kliwon ing wonten 1 siklus. Neptu inggih menika jumah angka wonten ing dinten lan pasaran. Tuladhanipun pitungan jodoh lan weton (dinten lan pasaran wedalan) kanggo pasangan calon pengantin. Ing ngisor iki ana caranipun ngitung petung salaki rabi ing kadeleng saka nepthune dina lan pasaran di gunggung. Tuladhanipun : Keluwargi Pak Rudi badhe ngawontenaken nikahan putranipun ingkang estri. Ananging, amargi keluwargi piyambakipun taksih saking keluwargi ingkang kenthel pisan kaliyan budaya jawi, saderengipun Pak Rudi sampun madosi petung salaki rabi ing kaping kalih calon panganten kasebut. Petung salaki rabi inggih punika wonten pundi dinten wedal panganten jaler kaliyan dinten wedal panganten estri wonten etang kagem sumerep kados pundi kecocokan dinten wedal kaping kalihipun. Dados, mangke ajeng dipuntingali kados pundi kasilipun bilih dinten wedal piyambakipun sedaya dipersatukan, punapa kasilipun sae punapa mboten. Menawi kasilipun sae , mila sesambetan panganten kasebat saged lestantun lan harmonis. Sawangsulipun, bilih kasilipun mboten sae kadhangipun dipuntindakaken ruwatan langkung rumiyin kagem minangkal kesialan wonten lajeng dinten bilih nikahan kasebat badhe dipunlajengaken. PETUNG SALAKI RABI PRIMBON Majalah Wulanan Kaca 4 Ing materi nduwur iku agawe ngitung tibane penganten lanang lan wadon. Weton penganten lanang lan wadon, nepptune dina lan pasaran digunggung, banjur kabage 4,turahe diitung tiba apa. Katrangan: saumpama wetone panganten lanang jemuah pon, Neptune 6 lan 7 = 13. Panganen wadon Kamis Paing Neptune 8 lan 9= 17. Gunggung 13 lan 17= 30, kabage 4 turah 2, tiba gembbili kang tegese sugih anak, iku becik. Seumpami panganten jaler wedal wonten dinten jemuwah lan panganten estri wedal wonten dinten septu . Lebet petung salaki rabi, dinten jemuwah kepanggih kaliyan dinten septu kasilipun inggih menika cilaka (jemuwah lan setu = celaka). Menawi panganten tetep badhe nglajengaken nikahan kasebat, piyambakipun sedaya kedah ngawontenaken ruwatan supados saged minangkal kesialan ingkang badhe kedados wonten lajeng dinten. November | 2022
DOLAN KOK NANG KALI? PEH RA MASOK! Eits... jare sopo? Kali sing siji iki benerbener katon endah lan nyaman kanggo dhewekmu plesir. Arep dewean opo bebarengan rame-rame, ing kene cocok banget. Hawane sing adem lan akehe wit-witan nambahi suasana nyaman ing panggonan plesir siji iki. Kira-kira apa dhewekmu weruh iki nang ndi??? YO! Bener banget, Bumi Perkemahan Bedengan Malang. Salah sawijining panggon wisata alam sing ana ing tlatah kutha Malang. Ana ing dalan Selokerto Dusun Selokerto, Godehan, Selorejo Kecamatan Dau Kabupaten Malang. Papan panggonan iki kena digawe piknik, kemah, dolanan banyu kali kan bersih banget, utawa gur mlaku-mlaku wae. Saka pengalamanku pribadi, panggonan iki katon rame ing dina Sabtu lan Minggu. Amarga, ing dina iku gelek dienggo ada lag sawijining destinasi PERSAMI utawa perkemahan Sabtu lan Minggu. Ora mung arek enom wae sing ngunjungi panggonan iki. Ananging, saka sing bayi nganti sing sepuh katon ana ing kene. Iku kabeh amarga panggonan iki pancen cocok gae kabeh umur. Dinggon nyantai iso, dinggo nginep iso, dienggo gur dolan yo iso. Kurang opo maneh coba? Hahaha... PLESIR Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 5
PLESIR Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 6 Dhewekmu yo ora perlu khawatir menawi pingin nginep nanging ora duwe peralatane. Amarga ing kene wis disediano persewaan matras lan tenda sing regane Rp. 60.000 wae kanggo tenda isih wong 3. Piye? penak banget toh??? Wis ora usah kesuwen mikir, monggo sat set mawon dikunjungin Bumi Perkemahan Bedengan Malang. Siji maneh sing orang bisa diliwatake cah, rego tiket melbu ing panggonan iki murah banget. Saben uwong ditarik Rp. 6000 kanggo sing ora nginep lan Rp. 12.000 kanggo sing nginep. Lan tiket parkir e gur Rp. 3000 kanggo sing ora nginep lan Rp. 5000 kanggo sing nginep. Ing kene yo akeh banget panggonan sing fotogenik lek jari arek jaman saiki estetik :v Ing sakdawane dalan nang panggonan iki, dhewekmu bakal disuguhi pemandangan wit-witan jeruk, saha perbukitan kang katon endah banget. Tenang wae, akes tumpakan ning panggonan iki yo ora ruwet. Senajan saitik dalan melbu ing panggon plesir iku isih dalan watu, nanging gawe dhewekmu kabeh sing wedi ora perlu khawatir. Amarga petugas ing kunu siap ngewangi dhewekmu kanggo melbu ing lokasi lan metu saka lokasi bumi perkemahan bedengan kui.
Dening: Condro Ayu, Kharismatul Aziziyah, Natasya Risma Jebule inovasi kuwi mau sukses nggawa rejeki gawe warung Bakso Solo lan Mi Ayam iki dadi viral ning media sosial, kayata Tiktok lan Instagram. Sakabehan jinis menu ing kene kegolong murah amarga nyesuaiake karo rego pelajar lan mahasiswa. Cukup bayar 8000, awake dhewe iso ngerasakno mi sing kenyol lan sekeca sing dimasak nganggo bumbu sing marai ora cukup pesen sak mangkok wae. Salajengipun ana mi ayam mozzarella sing regane mung 13.000 lan mi ayam mozzarella pedes mung 15.000 wae. Mi ayam mozzarella wis dadi menu andelan aning warung iki, disajekna menarik nganggo teknik gas torching sing bisa dideleng langsung kaliyan para pengunjung warung Nina Rasa. Mi ayam nanging rasane keju? Hah? Apa ya enek? Hehehe.. halo “Kera Ngalam”! (arek malang) iki lho rekk! Kuliner kekinian sing kudu sampeyansampeyan kabeh padha jajal. Inovasi mi ayam sing dipadukne karo keju mozarella khas Malang sing lumer lan mulur-mulur. Panggon andok iki ana ing Jl. Cianjur No.1b, Penanggungan, Kec. Klojen, Kota Malang, Jawa Timur. Gampange, warung mie ayam kekinian iki ana ing mburi Taman Makam Pahlawan sawelah Mall Matos. Jenenge yaiku Bakso Solo lan Mi Ayam Nina Rasa. Panggon andok iki viral gayutane pas mangsa pandemi winginane, owner Mi Ayam Nina Rasa iki inisiatif gawe nambahi keju mozzarella ing nduwure mi ayam iki dadi topping geganep. ANDOK Majalah Wulanan Kaca 7 MI AYAM RASA KEJU? HAAHHH?! November | 2022
Dadi, yen sampeyan kabeh kepengen mangan bakso lan mi ayam enak tur murah, Bakso lan Mi Ayam Nina Rasa iki bisa dadi pilihan. Mahasiswa Malang endi sing ora ngerti kuliner iki? Biasane sabanjure balik ngampus, bocah-bocah kuliahan padha mampir ning warung iki mbuh karo pasangane, kanca njagonge, lan liya-liyane. Kabeh padha sekeca mangane ambek njagong ing sak pinggire dalan Cianjur nalika ndeleng kahanane dalan Malang sing rame. Kepriye? Apa ga pengen jajal? Jinis varian mi kang ana ing warung iki ora mung mi ayam ori lan mozza wae, uga ana mi ayam ati rampela lan mi ayam ceker sing regane mung 12.000 wae. Sak liyane mi ayam, miturut jenenge yaiku Bakso Solo lan Mi Ayam Nina Rasa, warung iki uga nyediakake menu bakso sing rasane uga ora perlu diragukne. Baksone sekeca, kenyol, gurih lan daginge kerasa sanget. Rineka jinis isine yaiku ana bakso alus, bakso kasar, bakso goreng, siomay goreng, lan bakso tahu sing dibyuri duduh panas lan suedeppp tenannnn!!! ANDOK Majalah Wulanan Kaca 8 MI AYAM RASA KEJU? HAAHHH?! November | 2022 Rasa mi ayam sing dipadukne karo keju mozzarella kuwi unik, yaiku kombinasi asin, gurih, lan legi creamy dadi siji. Ora mung sekeca merga mi lan kejune wae, geganpe arupa ketokan ayam sing dibumbu kecape ya uga enak lan ora atos.
Nadya, Septi, Indri AYO NGENAL GEMAPEDIA! Kegiatan puniki inggih punika ajang nepangaken UKM kangge mahasiswa enggal utawi mahasiswa lami ingkang dereng nate numuti UKM ing warsa saderengipun. Kagiyatan puniki angsal kathah alembana saking wargi Universitas Nagari Malang sasampunipun kalih warsa wingking puniki ora ana amargi pandemi. Lebet kegiatan puniki Ketua Umum GEMAPEDIA lebet website nipun sanjangaken menawi "UKM DAY dados kesempatan lan peluang kangge GEMAPEDIA nepangaken dhiri langkung sae malih lan merkiyat eksistensi saha nambah relasi kaliyan pinten-pinten UKM ing UM, ” jare Shofi. "Kawruh ingkang sae inggih menika ilmu ingkang saged dipunparingaken saha migunani" EMAPEDIA inggih punika salah setunggal organisasi mahasiswa kang ana ing Universitas Nagari Malang. Organisasi punika mlaku ing bidang sosial lan pendidikan ingkang wonten ing Malang Raya. Organisasi ingkang wekdal ing tanggal 3 sasi Januari taon 2014 kepengker, sapunika sampun mlebeti umur dhateng wolung warsa. Ing umur ingkang mlebeti dhateng wolung warsa puniki, GEMAPEDIA nyobi nembus kagiyatan ukm day ingkang dipunwontenaken dening Forum Komunikasi UKM ing gedhong ORMAWA Universitas Nagari Malang. Kagiyatan puniki dipunlampahaken ing tanggal 17 September 2022 lan dipuntumuti dening pinten-pinten UKM ing Universitas Nagari Malang. G WARA WIYATA Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 9
Kagiyatan Pengabdian Akbar dipunlampahaken ing telu perangan, inggih punika lembaga formal tingkat sekolah dhasar kang kalebu 3T (paling njaba, paling ngarep, lan paling kari) ing Kabupaten Malang, lajeng lembaga nonformal, saha lembaga pemasyarakatan. Kagiyatan puniki dipunlampahaken dening sedaya Laskar Dewantara lan dipundampingi dening Dewantara kangge nglampahaken kagiyatan nyata mudun lapangan dhateng pinten-pinten sekolah sasaran piyambakipun sedaya. Nadya, Septi, Indri Kaliyan kawontenan GEMAPEDIA ingkang taksih dados organisasi independen, mboten kathah mahasiswa ingkang sumerep menawi saleresipun wonten organisasi ingkang mlaku ing sosial pendidikan sing ana ning Universitas Nagari Malang. Kaliyan pemanfaatan sosial media lan pengalaman saking anggota piyambak, ndadekake GEMAPEDIA dipuntepang dening tiyang kathah. Ing kagiyatan open recruitment Laskar Dewantara Batch X ingkang dipunwontenaken ing warsa 2022 puniki, dipunangsali 115 pendhaptar saking 48 calon Laskar Dewantara ingkang badhe dipuntampi dados perangan dugi GEMAPEDIA ing periode puniki. Bab puniki nandhakaken menawi saleresipun taksih kathah mahasiswa ingkang nggadhahi kesadaran badhe wigatosipun perataan kangge pendidikan kang wonten ing Indonesia, utamine ing Malang Raya. Kaliyan salah setunggal proker utami GEMAPEDIA inggih punika Pengabdian Akbar, ngarahake kangge tumindak nyata para Laskar Dewantara lan Dewantara lebeting ngrencangi perataan pendidhikan mliginipun wonten ing Malang Raya. Pengabdian Akbar dipunangge dados wadah mahasiswa kangge ngasah bakat lan pengalamanipun lebet mucal. Elmi ingkang sampun dipunangsal ing bangku kuliah angsal dipunterapaken langsung ing kagiyatan pengabdian. Cocok kaliyan jargon bangga mendidik, mengabdi, dan menginspirasi anak bangsa, kang ngajeng-ajeng mugi-mugi GEMAPEDIA angsal ndidhik, ngabdi, lan nginspirasi lare bangsa ingkang mirunggan! dokumentasi kagiyatan pengabdian akbar 1 WARA WIYATA Majalah Wulanan Kaca 10 dokumentasi kagiyatan pengabdian akbar 1 November | 2022
Miturut piyambakipun, alesan dados juru kunci punden amargi uleman jiwa lan keikhlasan tanpa wonten paksaan saking sinten mawon, lan mboten ngajeng-ajeng punapa-punapa saking bidang ingkang sapunika piyambakipun tekuni (juru kunci Punden Bandulan). Pak Mashudi utawi Pak Joni dados salah satunggaling penggiat budaya ing pundi separuh umuripun dipunangge kangge nglestantunaken budaya mliginipun budaya ingkang wonten Kutha Malang. Midherek piyambakipun, budaya inggih punika aplikasi pola manah utawi cerminan gesang ingkang ngasilaken setunggaling sikap utawi lampahan sadintendinten ing pundi puniki mboten tansah mengenani seni, nanging ugi nyakup sedaya aspek gesang sadinten-dinten. Midherek Pak Joni, Punden inggih punika punapa-punapa ingkang dipunwucal ingkang pundi mboten tansah identik kalih kuburan, angsal ugi rupinipun setunggaling petilasan (papan tirakatipun tiyang-tiyang terkenal jaman semanten). Punden ingkang dipunjagi dening piyambakipun puniki inggih punika gadhahipun para leluhur utawi pendahulu Dhusun Bandulan. Piyambakipun nggadhahi nami asli pak Mashudi lan nggadhahi namaning budaya utawi asring dipuntepang dening tiyang-tiyang dados Pak Joni. Piyambakipun nate kuliah ing Madura lulusan Elmi Agami Islam. Piyambakipun ugi nate mucal 8 warsa ing jenjang MTS lan MA. Piyambakipun wekdal punika yuswa 53 warsa. Sapunika piyambakipun dados juru kunci Punden Bandulan ingkang papan ing Kecamatan Sukun, Kutha Malang. Kejawi dados juru kunci, piyambakipun ugi nekuni usaha sablon kangge ngidupi keluwargi. Pak Mashudi manggen ing Sukun, mboten tebih saking Punden kasebat . SESEPUH Majalah Wulanan Kaca 11 PAK JONI BUANA JURU KUNCI PUNDEN BANDULAN November | 2022
Majalah Wulanan Ingkang limrah ziarah dhateng punden inggih punika masyarakat sawentawis, murid-murid sekar macapat, lan para penggiat seni pencak silat. Alesan piyambakipun sedaya mrika inggih punika kangge ziarah lan kadhang-kadhang ugi wonten pinten-pinten mahasiswa ingkang dugi kangge naming taken lan tumut nglestantunaken punden kasebat. Midherek Pak Joni, cara nglestantunaken cagar punden inggih punika nyambet silahturahmi kaliyan para sesepuh, mboten mbusek sejarah kabudayan jawi, lan saestu menawi budaya inggih punika identitas lan ketahanan saking NKRI. Pangajeng-ajeng saking piyambakipun inggih punika supados budaya jawi tetep lestantun, masyarakat mboten nguntal mentah-mentah budaya saking jawi saha kedah saged milih budaya ingkang mlebet. Budaya midherek piyambakipun inggih punika salah setunggal kunci saking jangkepipun NKRI. Pak Joni sanjang menawi pandamelane kelebet dhateng lebeting budaya. Wondene budaya piyambak dipunperangaken Pak Joni dados 3 perangan. Pertami inggih punika tiyang ingkang gadhah peran dados pelaku budaya, lajeng ingkang kaping kalih tiyang ingkang dados penggiat budaya, lan ingkang kaping tiga tiyang ingkang dados palestantun budaya. Pak Joni mlebetaken piyambakipun dhateng lebet palestantun budaya. Piyambakipun remen sanget ziarah lan mampir dhateng wali-wali utawi punden-punden ingkang sanes tanpa alesan napa mawon kejawi kangge angsal kebahagiaan, kesenangan, angsal elmi, saha ketenangan gesang. SESEPUH November | 2022 Kaca 12 Piyambakipun medharaken menawi budaya inggih punika peradaban. Maksud saking peradaban ing ngriki inggih punika peradaban gesang. Saking peradaban punika, muncul budaya. Budaya asalipun saking kalih tembung, inggih punika tembung "budi" ingkang gadhah artos akhlak lan tembung "daya" ingkang gadhah artos kekiyatan. saben laladan nggadhahi budaya ingkang benten-benten. Tuladhanipun budaya jawi mboten sami kaliyan budaya madura, ugi mboten sami kaliyan budaya ingkang wonten ing laladan kalimantan. Puniki dipunwastani multikultural budaya.
Dening: Bunga Varenia, Leny Hessimawarti lan Nailatun Nafiisah Hafidzah Fatma Gardila kulina diulemi Fatma kelairan Jombang 2 Juni 2001. Bocah wadon kang raket diulemi Fatma iki 2 saduluran. Fatma asale saka kulawarga kang cukup. Bapane nyambut gawe dadi wiraswasta lan ibune dadi ibu rumah tangga. Dheweke miwiti pandhidhikan ing TK Darut Taqwa. Fatma nerusake sekolah tingkat dhasar ing MI Umar Zahid Semelo Bandarkedungmulyo Jombang, banjur tingkat menengah kapisan ing MTsN 3 Jombang. Fatma nerusake tingkat sekolah menengah dhuwur ing MAN 3 Jombang. Sawise lulus SMA, Fatma nerusake menyang perguruan dhuwur. Dheweke daftar jalur SNMPTN. Dheweke mutusake kanggo numuti gegayuhan wong tuwane kanggo njupuk jurusan pandidikan. Pungkasane Fatma njupuk jurusan pandidikan Biologi lan pandhidhikan Bahasa Sastra Indonesia dan Daerah ing Universitas Negeri Malang. Fatma lolos jalur SNMPTN ing Universitas Negeri Malang. Amarga Fatma akeh ngelampirake sertifikat ing bidang kapanulisan, Fatma akhrire ditampa ing jurusan pendidikan Bahasa Sastra Indonesia dan Daerah. Wiwitane Fatma numuti UKM IPRI lawase setaun, banjur piyambake milih kanggo numuti UKM kapanulisan. TRUNA-TRUNI Majalah Wulanan Kaca 13 BERPRESTASI LANGKUNG NYERAT November | 2022
Ing sasi September, Fatma budhal kanggo perjalanan 3 negara kasebut. Nalika kliling menyang telung nagara nggawe Fatma nduweni akeh pengalaman kang diolehi. Wektu ing Malaysia marani panggonan Bukit Bintang, Goa Caves, Menara Kembar Petronas. Menawa ing Singapura marani patung Merlion nalika ing Thailand ana wisata Gajah Putih lan isih akeh destinasi kang diparani. Ing wayah wiwit ngleboni perkuliahan semester 3, Fatma ngupadi informasi syarat-syarat ngenani panarima beasiswa BAZNAS sing kudu duweni prestasi semester 1 nganti semester 5. Wayah iku piyambake langsung numuti beasiswa kasebut. Syarat urutane saka seleksi berkas, banjur tes serat lan tes wawancara, banjur iku survei omah. Pungkasane Fatma lolos saben tese lan dheweke nampa beasiswa Jombang prestasi. Ing wayah iku, dheweke uga entuk juara siji lomba geguritan ing Bukukosong Jogja. Wayah semester lima, Fatma numuti lomba geguritan lan cerkak tingkat ASEAN kang kang dianakake dening jurusan Sastra Indonesia. Fatma menang juara loro karo irah-irahane "Lima Kunci di Negeri Kelam" ing lomba cerkak basa Indonesia ASEAN. Dheweke nglatih kemampuan kepenulisaane karo nyawijekake cerkak kang wis digawe dadi siji buku “Secuil Wajah Surga”. Piyambake uga nembe nerbitake kumpulan geguritan sing irah-irahan ‘Menyiasati Peluru di Kepala”. Miturut Fatma, motivasi nyerat iku didadekake siji pasinaon. Dheweke ngaku menawa sadurunge dudu bocah kang remen nulis. Fatma remen nulis utawa maca wiwitane saka sepupune. Sadurunge Fatma tau numuti kursus. Ing panggon kursuse ana macemmacem buku kang nggawe dheweke remen maca buku. Saliyane iku, Fatma saka cilik remen nulis diary ngenani uripe. Tansaya lekas diwasa Fatma wiwit njajal nulis cerkak lan geguritan. Awit lungguh ing bangku sekolah dheweke tansah aktif jero ekstrakulikuler lan tansah numuti lomba-lomba. Fatma remen numuti lomba, amarga kalah menang jero lomba iku bab kang lumrah lan kalebu jero fase sinau. Dheweke uga tau juarai lomba cerkak sak-Jawa Timur tingkat SMA taun 2017 kang diselenggarakake dening UNESA. Saliyane iku, dheweke kapilih dadi delegasi saka sekolahane kanggo numuti cerdas cermat islam karo klompoke kang dienekake ing UNAIR lan ngolehake juara harapan. Anane kepinterane ing bidang akademik, saengga dheweke lolos seleksi SNMPTN ing Universitas Negeri Malang karo jurusan pilihane. Ing sela-sela wayah SNMPTN, Fatma nyempatake numuti pirapira lomba. Dheweke entuk informasi lomba geguritan Pemuda Pena Indonesia kang hadiahe kliling telung nagara. Ing wektu iku, Fatma tertarik marang lomba kasebut lan ngirimake karya geguritane. Wektu diumumake pamenang lomba geguritan, Fatma pungkasane ngolehake juara kaping loro karo karya geguritane sing irah-irahane "Di Meja Rias". Kemenangane kasebut nggawe dheweke ngrasa seneng banget iso kliling menyang telung nagara yaiku Malaysia, Singapura, lan Thailand. TRUNA-TRUNI Majalah Wulanan November | 2022 Kaca 14
Busana "Joyfull" DESAIN "JOYFUL" BUSANA Alfina, Nayla Tata, Rosilia November | 2022 Kaca 15 GAWENAN FIRLY ROSELLA Istilah sandhangan asale saka basa Sansekerta, yaiku bhusana sing bisa ditegesi sandhangan. Umume, sandhangan yaiku apa wae sing dianggo saka sirah nganti sikil sing menehi rasa nyaman lan nampilake kaendahan kanggo wong sing nganggo. Lan miturut Firly, sandhangan minangka kabutuhan dhasar lan uga minangka media kanggongekspresikakesawijiningseni. Panganggone busana saben taun maneka warna lan nduweni keunikan saben taun. Kanggo taun iki, trendforcasting 2022/2023 nggawa tema co-exist sing nganggo siluet dhasar. Iki kedadeyan amarga akeh wong sing kepengin main campuran lan cocog karo sandhangan saka sandhangan siluet dhasar sing langgeng. Kayata blazer, kaos, celana, kain, lan liyaliyane. Saben uwong kudu duwe gaya busana miturut rasa lan nyoba gaya sing disenengi. Saiki, gaya busana wis nduweni kebebasan ora preduli saka jender utawa status sosial. Saben uwong duwe kesempatan sing padha kanggo macemmacemmodel sandhangansingana. Potret Firly kaliyan Model Manut Firly, jroning milih busana mahasiswa kududidasarikarostylekangdiminatidening mahasiswa iku dhewe. Tamtu pirang-pirang mahasiswa ngrasa kangelan jero nemtokake style utawa gaya sandhangan kaya apa kang pengin dheweke kabeh tampilake. menawa durung nemu gaya sandhangan kang jumbuh karo style kang dikarepake, luwih apik migunakake potongan utawa siluet basic amarga style kasebut prasaja nanging tetep artistic lan cocog kanggo gayamahasiswa. Dadi mahasiswa tata busana, Firly nggawe sawetara busana karo tema kang seje. saben koleksi kang digawe kudu berpacu ing salah siji tema trendforcating kang ana, tur terinspirasi saka apa-apa kang wis diriset luwih-luwih dhisik sadurunge nyiptakake siji busana. Pramila,FirlyRosellanjajal kanggonggawesiji busana karo tema anyar kanggo nambah maneka-warna busana-busana kang ing masaiki lagiramedigandrungi.
Filosofi "Joyful" Busana-busana ing dhuwur nduweni tema yaiku joyful kang artine mardika, tenang, lan bahagia. Sunset Waterfall uga tumut mlebu menyang jero tema busana-busana ing dhuwur. Sunset Waterfall yaiku gabungan kang sampurna kanggo nggambarake ngamardika, ketenangan, lan seneng ing sawayah kang padha. Ngamardika ing busana kasebut ngekspresiake emosi kang ana. Waterfall Sunset uga nggambarake banget busana-busana ing dhuwur. Katenangan kang dirasakake nalika wektu krungu percikan banyu, milian kali lan swaraswara alami kang ana ing cedhak waterfall, ditambah karo anane sunset kang nyengkuyung swasana tenang lan nyenengi, iso awake dhewe rasakake uga ing kaping loro busana ing dhuwur.Firly Rosella yaiku pancipta idhe lan uga nggawe busan busana kasebut. Busana ing dhuwur dipamerake dening kagiyatan fashion show ing Graha Cakrawala. BUSANA November | 2022 Kaca 16 DESAIN " " GAWENAN FIRLY ROSELLA Ing kalodhangan iki, kanggo nambah kesan kang jumbuh karo tema busana kang digawene, FirlyRosellamigunakake kainkaro warna-warna alami kang lembut. Warnawarna kang digunakake ing busanabusanane watara liya kaya soft blue, cream, jingga, deep green tur sage green. Firly Rosella milih migunakake bahan busana kang tiba jroning nggawe busana-busana kasebut. Ora mung iku, Firly Rosella milih bahan busana kang transparan kayata organdi/organza, katuntur shifon. Desain ing loro busana kasebut dijangkepi karo aksen patchwork yaiku wangun njait kang nglibatake suwekan-suwekan kain dadi desain kang luwih gedhe sarta didasarke ing pola balenan kang digawe karo wangun kain kang seje. Bab iku digunakake kanggo ngandharake kepingan-kepingan ekspresi kang ana ing alam karo gegambaran werna kang ana ing patchwork. Wondene etnik kang dipilih ing loro busana kang wis digawe yaiku parang kang nduweni fungsi kanggo nggambarake tetuwuhan kang urip ing sacedakewaterfall. Sajroning nggawe lan ngrampungake kaloro busana kasebut, Firly Rosella Ngawali karo primary lan secondary research. Bab iki ditujukake kanggo ngupadi lan nentokake tema, koleksi, siluet, lan bahan busana. Terusane, ditumuti karo panggawen moodboard, storyboard, lan mindmaping. Kagiyatan kang Firly Rosella tindakake terusane yaiku, rangcangan desain, desain prodhuksi, sarta gambar teknik utawa panggawen pola. Ing tahap pungkasan, kaloro busana kasebut oleh digawe lan dipamerake liwat adicara fashion show. Manut Firly Rosella, kekangelan jroning proses panggawen kaloro busana iki yaiku papan ing wayah. Sajroning panggawen kaloro busana kasebut dibutuhake wayah kang suwe. Ing wektu iki, kaloro koleksi busana kasebut disimpen dening sing nduwe yaiku Firly Rosella, lan menyang ngarepe arep luwih fokus kanggo ngembangake kemampuan ngrancang busanane. Alfina, Nayla Tata, Rosilia
WETANAN Geguritan Jawa dikembangake saka tembang, mula tembang nduweni wujud kang beda-beda. Wiwitane tembang-tembang kasebut awujud tembang-tembang lan geguritan kang dikarang dening pujangga lan disuguhake marang para pamimpin panguwasa. Geguritan kapacak ing taun 1929 ing majalah Kajawèn lan nerbitaké telung geguritan. Sawisé iku, diterbitake pitung geguritan maneh ing taun 1930-1940. Ing wiwitan jaman penjajahan Jepang, geguritan Jawa wis mandheg lan muncul maneh sawise revolusi. Wong kang ngarang geguritan bisa diarani Kawi (pujangga). Geguritan Jawa ingkang sampun kita mangertosi sakmenika ngrembakakaken antawisipun penutur basa Jawi kaliyan basa Bali. Iki ndadekake karya sastra geguritan Jawa klasik dadi anonim. Biasane para pujangga sing nyipta tembang tetep cendhek, lan karyane dianggep duweke umum. Pamanggih geguritan Jawa banjur ngrembaka lan identik karo geguritan bebas, yaiku geguritan kang ora kaiket ing paugeran meter, geguritan lan tembang. Kaya kang diandharake dening Suyami lan kancakanca (2002) sajrone Geguritan Tradisional ing Sastra Jawa, geguritan yaiku karya sastra Jawa kang awujud geguritan. Puisi Jawa bisa kaperang dadi rong perangan, yaiku puisi Jawa tradisional lan puisi Jawa modern. Geguritan Jawa Tradhisional awujud tembang cukup akeh jinise lan kaperang dadi telung kategori utama, yaiku geguritan tembang macapat, geguritan tembang Tengahan lan geguritan tembang emas. Puisi tradhisional Jawa bisa awujud parikan, guritan, singiri lan dolan. Semanten ugi geguritan Jawi modern saged awujud geguritan bebas, inggih menika geguritan ingkang mboten kaiket dening norma-norma kenceng ingkang wonten ing geguritan Jawi tradhisional, kadosta pupuh utawi kidung. November | 2022 Kaca 17 APA IKU GEGURITAN ?
Jaman saiki akeh sing takon "kepriye tata cara gawe geguritan?" Tata cara kang kudu digatekake sajrone gawe geguritan Jawa yaiku: 1. Nemtokake topik Nalika nggawe gegurit, sampeyan kudu nemtokake topik luwih dhisik. Tujuwane kanggo njlentrehake lan nyederhanakake. Kang paling penting yaiku sampeyan kudu nemtokake topik supaya ora angel nulis geguritan. 2. Gaya Basa/Tutur Geguritan tanpa gaya ibarat sayur tanpa uyah. Sampeyan bisa nggunakake sawetara kiasan kayata hiperbola, personifikasi, metafora lan liya-liyane. 3. Geguritan, irama lan rima Sanadyan geguritan saiki kurang nggatekake anane bait, ritme lan geguritan, unsur-unsur kasebut kudu digunakake ing pamilihing tembung, supaya gampil diwaca lan narik kawigatene pamaos. APA IKU GEGURITAN ? WETANAN November | 2022 Kaca 18