The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Nadhif Saputra, 2023-06-06 12:49:39

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH

BAHAN AJAR

BAHAN AJAR UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA Institusi : SMAN 3 Ponorogo Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Elemen : Menulis dan Berbicara Jenjang Sekolah : SMA Kelas/ Fase : X/ E Alokasi Waktu : (4 X 45 Menit) / 2 Pertemuan CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu menggunakan bahasa daerah untuk berkomunikasi dengan guru, teman sebaya dan orang lain dalam berbagai macam situasi dan tujuan. Peserta didik menggunakan bahasa daerah untuk merespon dan berkomuniakasi berlandaskan sopan santun serta tata krama di lingkungan sekitar. Peserta didik dapat menggunakan ragam bahasa untuk komunikasi sehari-hari. TUJUAN PEMBELAJARAN Melalui model pembelajaran project based learning dengan metode ceramah, tanya jawab, diskusi, dan presentasi dengan mengembangkan kemampuan mandiri, gotong royong dan kreatif, peserta didik dapat: a. Menganalisis ragam unggah ungguh bahasa Jawa yang dipakai dalam kehidupan sehari-hari dengan benar. (C4) b. Membandingkan penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa berdasarkan lawan tutur dengan benar. (C5) c. Menyimpulkan makna penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa pada kehidupan sehari-hari dengan benar. (C6) d. Mempraktikkan penggunaan unggah-ungguh bahasa Jawa dengan percaya diri. (P2)


ATP a. Peserta didik mampu menganalisis jenis undha usuk dengan benar. b. Peserta didik mampu menganalisis karakteristik bahasa lisan sesuai dengan undha usuk yang benar. c. Peserta didik mampu menyusun teks bermain peran dengan lisan secara langsung di kelas bersama tim kelompok. d. Peserta didik mampu melakukan peran sesuai karakter tokoh dalam teks bermain peran dengan benar.


2. Pengorganisasian Peserta Didik Materi Konseptual Gatekna pacelathon ing ngisor iki kanggo mangerteni unggah-ungguh basa Jawa ing pasrawungan saben dina. Mahmud : “Assalamu’alaikum.” (karo nothok lawang omahe Ferdi) Ferdi : (Mbukak lawang) “Wa’alaikum salam. Mahmud, kene mlebua dhisik!” Mahmud : “Fer, ayo ndang budhal iki mau Tito ngabari aku yen dheweke wis ngenteni awake dhewe ing omahe Gigih.” Ferdi : “Iya, Mud. Entenana sedhela wae, aku dakpamit ibuku dhisik. Lungguha kene lo!” Mahmud : “Iya, Fer.” Ferdi : “Bu, kula nyuwun idin badhe nggarap PR wonten griyanipun Gigih. Kalawau wangsul sekolah sampun semadosan. Punika kula dipunrantos Mahmud wonten ngajeng.” Mangerteni Unggah-Ungguh Basa Jawa


Ibu : “Iya, Le. Mengko mulih jam pira kira-kira?” Ferdi : “Dereng mangertos, Bu. Nggih sacekapipun mangke kula langsung wangsul.” Ibu : “Ya wis ora apa-apa. Sing ngati-ati.” Ferdi : “Bapak wonten pundi, Bu? Kula ugi badhe nyuwun idin bapak.” Ibu : “Bapakmu mau ngendika yen arep tindak menyang Madiun. Mengko dakaturne lewat telepon wae.” Ferdi : “Oh, nggih Bu. Matur nuwun. Kula pamit rumiyin.” (salaman karo ibune) Ibu : “Iya. Ngati-ati.” Ferdi : “Nggih, Bu.” Adhedhasar pacelathon kasebut, bisa diweruhi wujud panganggone unggah-ungguh basa antarane Ferdi, Mahmud, lan Ibu. Ferdi lan Mahmud nggunakake basa ngoko lugu, Ferdi marang ibune nganggo basa krama alus, Ibu marang Ferdi nganggo basa ngoko lugu, lan ibu marang bapak nggunakake basa ngoko alus. Ing panganggone, unggah-ungguh basa Jawa mratandhani rasa urmat lan ngajeni tumrap liyan. Unggah-ungguh basa Jawa dianggo mbedakake kalungguhan pawongan ing babagan pakaryan, urip bebrayan, pokok pamicaran, lan tujuwan tartamtu, dipilihake sing mathuk kanthi ngelingi unggah-ungguhe. Ing kawitan, unggah-ungguh basa Jawa kaperang dadi 13 yaiku, (1) ngoko lugu, (2) ngoko andhap antya-basa, (3) ngoko andhap basa-antya, (4) wredha-krama, (5) mudhakrama, (6) kramantara, (7) madya-ngoko, (8) madya-krama, (9) madyantara, (10) krama inggil, (11) basa kedhaton utawa bagongan, (12) krama desa, lan (13) basa kasar. Nanging bebarengan karo pangrembakaning jaman, unggah-ungguh basa kasebut wis ora pati digatekake. Wujud krama inggil kang meh padha karo mudha-krama ing antarane taun 1982 wis arang dianggo. Kedadean iku uga ana ing wredha-krama lan kramantara sing wis arang dianggo ing taun wolung puluhan lan pungkasane ing abad sangalas, wujud basa kedhaton wis ora dienggo maneh ing Surakarta. Mula saka iku, undha-usuk basa Jawa saya suwe saya ngalami owah-owahan dadi saya ciyut maneh. Unggah-ungguh basa Jawa isih tetep dadi landhesane basa Jawa. Nanging, landhesane ora kaya paugeran sing wis diandharake ing ndhuwur. Kanthi alon-alon unggah-ungguh basa Jawa ngalami kristalisasi kang ndadekake saya ciyut. Ing jaman saiki, undha-usuk basa kaperang dadi rong perangan wae, yaiku ngoko lan krama. Ing basa ngoko ana (1) ngoko lugu lan (2) ngoko alus, semono uga basa krama kaperang dadi (1) krama lugu lan (2) krama alus utawa krama inggil. Saben unggah-ungguh basa Jawa kuwi nduweni titikan-titikan tartamtu kang kudu diugemi nalika ditrapake ing pasrawungan. Kepriye titikane unggah-ungguh basa Jawa bisa kadulu ing ngisor iki. Mangerteni Titikane Unggah-Ungguh Basa Jawa


1. Basa Ngoko Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus. Titikan basa ngoko lugu lan ngoko alus bakal diandharake ing ngisor iki. a. Basa Ngoko Lugu Basa ngoko lugu lumrahe uga diarani basa ngoko (mung sawijine cekakan kanggo nggampangake anggone ngucapake). Tembung lugu tegese asli, murni, bares, tumemen, lan apa anane. Wujud lan wewatone basa ngoko lugu kaya ing ngisor iki. 1) Tembung-tembung dipilih sing prayoga (becik lan bener), kayata: a) tembung ngoko sing sopan (ora saru) lan ora kasar, b) tembung ngoko sing umum lan baku (dudu dialek), c) saora-orane nggunakake tembung Jawa asli, lan d) tembung-tembunge ngoko kabeh (ora kecampuran krama lan krama inggil), ater-ater lan panambang tetep ngoko. 2) Pangrakite (susunane) tembung lan ukara netepi paramasastra 3) Rumpakane basa gampang dingerteni lan nyenengake. 4) Panalare urut, ora pating blasur. b. Basa Ngoko Alus Basa ngoko alus iku nuduhake basa kang watake raket banget lan alus sarta ngajeni banget marang wong sing diajak guneman, jalaran nggunakake tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman lan wong sing digunem (dicritakake). Wujud lan wewatone basa ngoko alus bisa kadulu ing ngisor iki. 1) Tembung sing dianggo ngurmati wong sing diajak guneman. a) Yen ana tembunge krama inggil kudu diganti nganggo tembung krama inggil. Tuladha: Ngoko lugu : “Kowe mau lunga menyang ngendi?” Ngoko alus : “Panjenengan mau tindak menyang ngendi?” b) Yen ora ana krama inggile tetep ngoko lugu kaya salumrahe. Tuladha: Ngoko lugu : “Sepatumu abang kae ukuran pira?” Ngoko alus : “Sepatu panjenengan abang kae ukuran pira?” 2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadhi utawa wong sing luwih enom, sanajan ana krama inggile tetep nggunakake tembung ngoko. a) Magepokan karo dhiri pribadhi Tuladha: Ngoko lugu : “Aku arep turu saiki, kowe kapan?” Ngoko alus : “Aku arep turu saiki, panjenengan kapan?” ora kena diganti “Aku arep sare saiki, panjenengan kapan?” b) Magepokan karo wong sing luwih enom


Ngoko lugu : “Dhik Sari tuku gula ing toko.” Ngoko alus : “Dhik Sari tuku gula ing toko.” ora kena diganti “Dhik Sari mundhut gula ing toko.” 3) Tembung ngoko sing magepokan karo kewan, wit-witan, lan barang sanajan ana tembunge krama inggil, tetep nggunakake ngoko. a) Magepokan karo kewan Tuladha: Ngoko lugu : “Wedhusmu njaluk mangan.” Ngoko alus : “Wedhus panjenengan njaluk mangan.” ora kena diganti “Wedhus panjenengan njaluk dhahar.” b) Magepokan karo wit-witan Tuladha: Ngoko lugu : “Wit klapa ing sawah kae mati.” Ngoko alus : “Wit klapa ing sawah kae mati.” ora kena diganti “Wit klapa ing sawah kae seda.” c) Magepokan karo barang Tuladha: Ngoko lugu : “Cagake ngadeg jejeg ing pinggir dalan.” Ngoko alus : “Cagake ngadeg jejeg ing pinggir dalan.” ora kena diganti “Cagake jumeneng jejeg ing pinggir dalan.” 4) Ora tau nggunakake tembung krama, mung nggunakake krama inggil utawa ngoko sing ora ana kramane inggil. Tuladha: a) Ngoko lugu : “Kowe apa wis lali karo aku?” Ngoko alus : “Panjenengan apa wis lali karo aku?” ora kena diganti “Panjenengan apa wis supe karo aku?” b) Ngoko lugu : “Pak guru arep mangan gedhang.” Ngoko alus : “Pak guru arep dhahar gedhang.” ora kena diganti “Pak guru arep dhahar pisang.” 5) Ater-ater dak-, kok-, dia) Ater-ater dakAter-ater “dak-“ yen dianggo guneman karo wong sing wis raket lan drajate padha utawa luwih asor, tetep nggunakake “dak-“. Tuladha: Ngoko lugu : “Iki lo Ndhuk, dakwenehi jajan.” Ngoko alus : “Iki lo Ndhuk, dakparingi jajan.” b) Ater-ater kokAter-ater “kok-“ diganti krama inggil “panjenengan”. Tuladha:


Ngoko lugu : “Sing kokdeleng kuwi apa, Pak?” Ngoko alus : “Sing panjenengan priksani kuwi apa, Pak?” c) Ater-ater diAter-ater “di-“ ora diganti krama “dipun-“, nanging tetep “di-“ Tuladha: Ngoko lugu : “Montore digawa bapak menyang Sumoroto.” Ngoko alus : “Montore diasta bapak menyang Sumoroto.” ora kena diganti “Montore dipunasta bapak menyang Sumoroto.” 6) Panambang -e, -mu, -ku a) Panambang “-e” ora diganti krama “-ipun”, nanging tetep “-e” lan mligine kanggo paprenahan diganti mawa tembung “ingkang”. Tuladha: Ngoko lugu : “Omahe simbah adoh saka kene.” Ngoko alus : “Daleme simbah adoh saka kene.” ora kena diganti “Dalemipun simbah adoh saka kene.” Paprenahan : “anake” malih “ingkang putra”, “ibune” malih “ingkang ibu”, lsp. b) Panambang “-mu” diganti krama inggil “panjenengan” lan mligine kanggo paprenahan diganti mawa tembung “ingkang”. Tuladha: Ngoko lugu : “Klambimu lagi diumbah ibu.” Ngoko alus : “Ageman panjenengan lagi diumbah ibu.” Paprenahan : “bojomu” malih “ingkang garwa” ora kena diganti “garwa panjenengan” c) Panambang “-ku” yen dianggo guneman karo wong sing wis raket lan drajate padha utawa luwih asor, tetep nggunakake “-ku”. Tuladha: Ngoko lugu : “Sing kokgawa kuwi bukuku.” Ngoko alus : “Sing panjenengan asta kuwi bukuku.” 7) Camboran “di-ake”, “kok-ake”, “dak-ne”, lan “dak-ane” a) Camboran “di-ake” ora diganti krama, nanging tetep “di-ake” Tuladha: Ngoko lugu : “Aku ditukokake sepatu anyar dening bapak.” Ngoko alus : “Aku dipundhutake sepatu anyar dening bapak.” b) Camboran “kok-ake” diganti krama inggil “panjenengan-ake” Tuladha: Ngoko lugu : “Apa sing kokrungokake mau?” Ngoko alus : “Apa sing panjenengan midhangetake mau?” c) Camboran “dak-ne” ora ana sing owah, yen dianggo guneman karo wong sing wis raket lan drajate padha utawa luwih asor.


Tuladha: Ngoko lugu : “Anakmu dakjalukne jajan.” Ngoko alus : “Ingkang putra daksuwune jajan.” d) Camboran “dak-ane” ora ana sing owah, yen dianggo guneman karo wong sing wis raket lan drajate padha utawa luwih asor. Tuladha: Ngoko lugu : “Omahmu dakturonane.” Ngoko alus : “Dalem panjenengan dakturonane.” 2. Basa Krama Basa krama kaperang dadi loro, yaiku krama lugu lan krama alus. Titikan basa krama lugu lan krama alus bakal diandharake ing ngisor iki. a. Basa krama lugu Basa krama lugu uga diarani basa krama. Tembung lugu ing basa krama lugu kanggo nyebut basa kang kurang alus. Panganggone ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman. Tembung-tembung kang digunakake awujud basa krama, ater-ater lan panambang kabeh kudu dikramakake. Ing ngisor iki bakal diandharake luwih rowa ngenani dhasar wewatone basa krama lugu. 1) Tembung-tembung sing ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep ngoko. Tuladha: Ngoko lugu : “Budhe arep lunga menyang Tulungagung numpak sepedhah montor.” Krama lugu : “Budhe badhe tindak dhateng Tulungagung nitih sepedhah montor.” 2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadhi sing ana tembung krama, tetep dikramakake. Tuladha: Ngoko lugu : “Kowe wis ngerti omahku apa durung?” Krama lugu : “Sampeyan punapa sampun sumerep griya kula?” 3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan, lan barang sing ana kramane tetep dikramakake. Tuladha: Ngoko lugu : “Wedhusku isih durung bisa mlaku. Krama lugu : “Menda kula taksih dereng saged mlampah.” 4) Ngramakake ater-ater lan panambang a) Ater-ater “di-“ dikramakake “dipun-“ Tuladha: Ngoko lugu : “Parine didol ing pasar mau esuk.” Krama lugu : “Pantunipun dipunsade wonten peken kalawau enjing.” b) Ater-ater “kok-“ dikramakake “sampeyan” Tuladha:


Ngoko lugu : “Bukuku apa kokgawa?” Krama lugu : “Buku kula punapa sampeyan bekta?” c) Ater-ater “dak-“ dikramakake “kula” Tuladha: Ngoko lugu : “Ibuku digawakake uyah dening budhe saka Madura.” Krama lugu : “Ibu kula dipunbektakaken sarem dening budhe saking Madura.” d) Panambang “-e” dikramakake “-ipun” Tuladha: Ngoko lugu : “Berase dituku Bu Ani mau sore.” Krama lugu : “Uwosipun dipuntumbas Bu Ani kalawau sonten.” e) Panambang “-en” dikramakake “sampeyan” Tuladha: Ngoko lugu : “Tulisen aksara Jawa kuwi ing kertas!” Krama lugu : “Sampeyan serat aksara Jawi punika wonten kertas!” f) Panambang “-ana” dikramakake “sampeyan-i” Tuladha: Ngoko lugu : “Turonana kamar kae wae!” Krama lugu : “Sampeyan sareni kamar punika kemawon!” g) Panambang “-na” dikramakake “sampeyan-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Gula iki wenehna Bu Leni manawa wis mulih!” Krama lugu : “Gendis punika sampeyan caosaken Bu Leni manawi sampun wangsul!” h) Panambang “-mu” dikramakake “sampeyan” Tuladha: Ngoko lugu : “Omahmu ing desa ngendi?” Krama lugu : “Griya sampeyan wonten desa pundi?” i) Panambang “-ku” dikramakake “kula” Tuladha: Ngoko lugu : “Ibuku turu jam sanga bengi.” Krama lugu : “Ibu kula tilem tabuh sanga dalu.” 5) Ngramakake rimbag camboran a) Camboran “N-a” dikramakake “sampeyan-N” Tuladha: Ngoko lugu : “Mangana dhisik sadurunge budhal sekolah!” Krama lugu : “Sampeyan nedhi rumiyin saderenge bidhal sekolah!” b) Camboran “N-ana” dikramakake “sampeyan-N-i” Tuladha: Ngoko lugu : “Macanana buku wae kanggo nambah kawruh!” Krama lugu : “Sampeyan waosi buku kemawon kangge nambah kawruh!”


c) Camboran “N-na” dikramakake “sampeyan-N-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Turokna ing kamar kono bocah kae!” Krama lugu : “Sampeyan tilemaken wonten kamar ngriku lare punika!” d) Camboran “di-ake” dikramakake “dipun-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Kowe digawakake apa sesuk? Krama lugu : “Sampeyan dipunbektakaken punapa benjing?” e) Camboran “kok-ake” dikramakake “sampeyan-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Kena apa sepedhahe mau kokulihake?” Krama lugu : “Kenging punapa sepedhahipun kalawau sampeyan wangsulaken?” f) Camboran “dak-ake” dikramakake “kula-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Mengko dakomongake bapak yen wis teka.” Krama lugu : “Mangke kula aturaken bapak menawi sampun dugi.” g) Camboran “dak-e” dikramakake “kula-ipun” Tuladha: Ngoko lugu : “Dakbukake wae jendhela kae ya?” Krama lugu : “Kula bikakipun kemawon jendhela punika nggih?” h) Camboran “dak-ane” dikramakake “kula-anipun” Tuladha: Ngoko lugu : “Daktunggonane dhisik nganti jam sepuluh mengko.” Krama lugu : “Kula tengganipun rumiyin ngantos tabuh sedasa mangke.” i) Camboran “dak-ne” dikramakake “kula-aken” Ngoko lugu : “Yen budhal mengko dakomongne ibu.” Krama lugu : “Manawi bidhal mangke kula aturaken ibu.” b. Basa krama alus Basa krama alus uga diarani basa krama inggil. Tembung-tembunge awujud basa krama lan krama inggil. Basa krama alus kuwi luwih ngajeni lan kurmat tinimbang basa krama lugu. Dhasar wewatone basa krama alus bisa kadulu ing ngisor iki. 1) Tembung-tembung ngoko sing ana krama inggile diganti nganggo krama inggil, sing mung ana kramane diganti tembung krama, dene sing ora ana kramane tetep nggunakake tembung ngoko wae. Tuladha: Ngoko lugu : “Bu Darsih tuku gula, uyah, lan sabun.” Krama alus : “Bu Darsih mundhut gendis, sarem, kaliyan sabun.”


2) Tembung sing magepokan karo dhiri pribadhi sing ana tembunge krama inggil, ora dianggo, sing dianggo tembunge krama, yen ora ana tembunge krama sing dianggo tembunge ngoko. Tuladha: Ngoko lugu : “Simbah teka jam suwelas bengi, nalika aku turu ing kamar ngarep.” Krama alus : “Simbah rawuh tabuh suwelas dalu, nalika kula tilem wonten kamar ngajeng.” 3) Tembung-tembung sing magepokan karo kewan, wit-witan, lan barang, tembunge krama inggil ora dianggo, sing dianggo tembunge krama, yen ora ana tembunge krama sing dianggo tembunge ngoko. Tuladha: Ngoko lugu : “Sapine Pak Sutris sing lara kae isih durung gelem mangan nganti saiki.” Krama alus : “Lembunipun Pak Sutris ingkang sakit punika dereng purun nedha ngantos sapunika.” 4) Ngramakake ater-ater lan panambang a) Ater-ater “di-” dikramakake inggil “dipun-“ Tuladha: Ngoko lugu : “Apa sing digawa ibumu mau, Ndhuk?” Krama alus : “Punapa ingkang dipunasta ibu panjenengan kalawau?” b) Ater-ater “kok-“ dikramakake inggil “panjenengan” Tuladha: Ngoko lugu : “Koktuku apa ora kain mau, Bu?” Krama alus : “Panjenengan pundhut punapa boten kain kalawau, Bu?” c) Ater-ater “dak-” dikramakake inggil “kula” Tuladha: Ngoko lugu : “Dakkira kowe ora mangan sate wedhus.” Krama alus : “Kula kinten panjenengan boten dhahar sate menda.” d) Panambang “-e” dikramakake inggil “-ipun” Tuladha: Ngoko lugu : “Gedhange diwenehake marang Bu Retno. Krama alus : “Pisangipun dipunparingaken dhumateng Bu Retno.” e) Panambang “-en” dikramakake inggil “panjenengan” Tuladha: Ngoko lugu : “Gawanen mrene tulisan ing kertas kae!” Krama alus : “Panjenenga asta mriki seratan wonten kertas punika!” f) Panambang “-ana” dikramakake inggil “panjenengan-i” Tuladha: Ngoko lugu : “Gawanana panganan sing akeh supaya dipangan karo kancane!” Krama alus : “Panjenengan astani dhaharan ingkang kathah supados dipundhahar kaliyan kancanipun!”


g) Panambang “-na” dikramakake inggil “panjenengan-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Rungokna pituduhe wong tuwa kae lo!” Krama alus : “Panjenengan midhangetaken pitedahipun tiyang sepuh punika lo!” h) Panambang “-mu” dikramakake inggil “panjenengan” Tuladha: Ngoko lugu : “Bojomu melu arisan PKK apa ora, Pak?” Krama alus : “Garwa panjenengan ndherek arisan PKK punapa boten, Pak?” i) Panambang “-ku” dikramakake inggil “kula” Tuladha: Ngoko lugu : “Sawahku parine dirusak tikus saengga ora bisa dipanen.” Krama alus : “Sabin kula pantunipun dipunrisak tikus saengga boten saged dipunpanen.” 5) Ngramakake rimbag camboran a) Camboran “N-a” dikramakake inggil “panjenengan-N” Tuladha: Ngoko lugu : “Lungguha cedhake Pak Firdaus ing sisih kulon!” Krama alus : “Panjenengan lenggah celakipun Pak Firdaus wonten sisih kilen!” b) Camboran “N-ana” dikramakake inggil “panjenengan-N-i” Tuladha: Ngoko lugu : “Ombenana jamu beras kencur wae!” Krama alus : “Panjenengan unjuki jampi uwos kencur kemawon!” c) Camboran “N-na” dikramakake inggil “panjenengan-N-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Simbah tumpakna mobile pakdhe kae!” Krama alus : “Simbah panjenengan titihaken mobilipun pakdhe punika!” d) Camboran “di-ake” dikramakake inggil “dipun-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Apa sing dirungokake bapakmu kae, Mas?” Krama alus : “Punapa ingkang dipunmidhangetaken bapak panjenengan punika, Mas?” e) Camboran “kok-ake” dikramakake inggil “panjenengan-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Bapak mau kokgawakake apa, Mbak? Krama alus : “Bapak kalawau panjenengan astakaken punapa, Mbak?” f) Camboran “dak-ake” dikramakake inggil “kula-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Bapak mau dakgawakake roti goreng.” Krama alus : “Bapak kalawau kula bektakaken roti goreng.”


g) Camboran “dak-e” dikramakake inggil “kula-ipun” Tuladha: Ngoko lugu : “Wangsulane daktulise ing buku dhisik.” Krama alus : “Wangsulanipun kula seratipun wonten buku rumiyin.” h) Camboran “dak-ane” dikramakake inggil “kula-anipun” Tuladha: Ngoko lugu : “Wong kae dakwenehane jajan iki ya, Bu?” Krama alus : “Tiyang punika kula caosanipun jajan punika nggih, Bu?” i) Camboran “dak-ne” dikramakake inggil “kula-aken” Tuladha: Ngoko lugu : “Iya, mengko dakomongne bapak yen wis mulih.” Krama alus : “Nggih, mangke kula aturaken bapak manawi sampun kondur.” Sawise mangerteni titikane unggah-ungguh basa Jawa, siswa diajab bisa mangerteni panganggone unggah-ungguh basa Jawa kasebut. Bab iki wigati banget tumrap para siswa amrih bisa nggunakake kanthi becik ing pasrawungan saben dina. Ing pacaturan, mangsa kala diprangguli akeh para mudha kang ora bisa ngetrapake unggah-ungguh basa Jawa kanthi becik. Kepriye panganggone unggah-ungguh basa Jawa kang trep, gatekna andharan ing ngisor iki! 1. Basa ngoko a. Basa ngoko lugu Basa ngoko lugu kuwi basa kang tembung-tembunge awujud basa ngoko kabeh. Panganggone basa ngoko lugu bisa kawaca ing ngisor iki. 1) Kanggo rembugan ing antarane sapadha-padha. 2) Kanggo rembugan marang wong sing luwih enom utawa asor drajate. 3) Kanggo swasana resmi kang ngarep-arep nganggo basa ngoko lugu supaya luwih kepenak surasane marang wong kang wis kulina. 4) Tulisan ing kalawarti, buletin, lan buku khusus nggunakake basa ngoko. 5) Kanggo sesorah (penerangan umum), kayata: wara-wara, plang (papan nama), pariwara (iklan) kang mbutuhake basa ngoko lugu. b. Basa ngoko alus Basa ngoko alus kuwi basa kang tembung-tembunge awujud basa ngoko, nanging tumrap wong sing diajak caturan lan wong sing dicatur nggunakake basa krama inggil. Kepriye panganggone, bisa kadulu ing ngisor iki. Mangerteni Panganggone Unggah-Ungguh Basa Jawa


1) Kanggo rembugan ing antarane sapadha-padha kang raket, nanging kanthi rasa ngajeni banget. 2) Kanggo rembugan marang wong sing luwih tuwa utawa dhuwur pangkate, kasugihane, lan gelare, nanging wis raket banget. 3) Kanggo rembugan ing antarane wong kang kalungguhane luwih dhuwur, nanging ing sawijine kalungguhan liyane luwih asor (andhap). 4) Kanggo rembugan kang ngandhakake wong liya kang diajeni banget. 5) Kanggo rembugan ing swasana resmi kang mbutuhake ngoko alus bebarengan ngoko lugu. 6) Kanggo tulisan ing kalawarti, buletin, lan buku sing mbutuhake ngoko alus. 7) Kanggo sesorah (penerangan umum), kayata: wara-wara, plang, lan pariwara kang mbutuhake basa ngoko alus. 2. Basa krama a. Basa krama lugu Basa krama lugu kanggo nyebut basa kang kurang alus. Panganggone ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus marang wong sing diajak guneman. Panganggone kaya andharan ing ngisor iki. 1) Kanggo rembugan antarane wong sapadha-padha kang wis kulina lan padha ajeningajenan, nanging ora kurmat banget. 2) Kanggo rembugan karo wong sing drajate luwih asor nanging durung kulina utawa wis kulina nanging kepengin ngurmati. 3) Kanggo rembugan wong kang padha durung tepung utawa durung raket. 4) Kanggo sesorah kang sipate umum, ora mawa unggah-ungguh marang wong utawa golongan tartamtu. 5) Kanggo ngarang basa tinulis kang asipat umum, ora mawa unggah-ungguh marang wong utawa golongan tartamtu. b. Basa krama alus Basa krama alus mujudake basa kang tembung-tembunge awujud basa krama inggil kabeh. Panganggone ing pasrawungan kaya sing diandharake ing ngisor iki. 1) Kanggo rembugan ing antarane wong kang padha ngajeni banget (wong sing drajate kurang luwih padha, padha dene ngajeni/ngurmati banget amarga durung pati kulina). Yen nyebutake dhiri-pribadhi lumrahe nganggo tembung “kula” dudu tembung “dalem”. 2) Kanggo rembugan karo wong sing drajate luwih dhuwur. 3) Kanggo ngandhakake wong liya sing drajate luhur. 4) Kanggo sesorah sing swasane mrelokake unggah-ungguh basa kanthi jangkep, upamane: ular-ular, medhar sabda, lan panatacara).


5) Kanggo nulis karangan sing mrelokake unggah-ungguh jangkep, upamane: buku piwulang, atur pangiring, layang kulawarga, layang ulem, lan sapanunggalane). a. Pengembangan dan Penyajian Hasil karya Materi Metakognitif Anak Polah Bapa Kepradah Jejer 1 Awan kuwi hawane panas banget, Yudha lungguhan ana kursi ing empere. Ing meja cedhak kursine sajak ana es teh sing diombe karo nyawang motor sing pating sliwer ing dalan ngarep omahe. Yudha : (Njupuk gelas sing isi es teh ing meja cedhak kursine) “Ehmmm....... seger tenan es teh iki. Cocog yen diombe ing wayah awan tur panaspanas ngene.” Dumadakan Rangga teka ing papan kono kanthi numpak montor nanging ora nganggo helem. Sawise njagangake montore Rangga tumuju ing empere Yudha. Rangga : “Ren, Ren, ayo takjak gelem?” Yudha : “Awan-awan panase kaya ngene arep ngajak nyandi kowe, Ngga? Mbok sik lungguh-lungguh kene karo ngombe es teh sing sueger iki lo! (ngangkat gelase didudohake Rangga) Rangga : (Lungguh ing kursi cedhake Yudha) “Wis ta ayo. Sesuk kuwi awake dhewe budhal kemah ta? La tasku sing arep dakgawa gawe wadhah klambi lan piranti liyane kuwi rusak. Mulane aku kepengin menyang Kraton tuku tas anyar.” Yudha : “Mengko dhisik ta ya. Iki isih panas ngono ben rada iyup sithik ngono lo.” Rangga : “Kesuwen ta ya. Aku selak arep ngeterake simbahku kondur menyang Sawoo.” (meksa Yudha amrih gelem gage budhal) Yudha : “Ya wis lek ngono. Aku takganti klambi dhisik karo pamit ibuku.” (ngadeg saka kursi banjur mlebu omah) Rangga : “Iya ndang. Aja suwe-suwe selak kesoren mengko.” Yudha wis rampung anggone ganti klambi banjur nemoni Rangga sing wis nunggu ing emper omahe. Rangga : “Wis siap? Ayo ndang budhal!” (ngadeg saka kursine banjur nyelah montore sing didelehake ing latare Yudha) “Yud, ayo ndang dakgonceng. Numpaka!” (karo ngenggokake montore) Yudha : “La awake dhewe iki arep menyang Kraton kok ora nganggo helem lo, Ngga? Mengko manawa ditilang polisi kepriye?”.


Rangga : “Ora-ora. Polisi awan-awan tur panas ngene iki ora nyegat, mesthine lak ya tuku es teler ing etan alun-alun kae utawa ngendi ngono lo.” Yudha : “Aja sembrana ngono ta. Mengko manawa ditilang tenan njur kepriye nasibe awake dhewe.” Rangga : “Wis takjamin ora bakal ditilang.” (langsung nyetir montore mlaku menyang Kraton) Jejer 2 Nalika numpak montor oleh satengahing dalan tumuju Kraton, dumadakan ing papan kono lagi dianakake razia. Sanalika Rangga lan Yudha ndredeg jalaran Rangga mung nggawa STNK wae, dene SIM durung duwe lan helem ora nganggo. Polisi : “Priiiiittt, priiiiiiitttttt.” (Nyempritake sempritane ngakon Rangga lan Yudha mandheg) “Mandheg dhisik. La iki ana bocah loro kok padha ora nganggo helem iki piye?” Yudha : “La tenan ta apa sing takomongake mau. Ditilang temenan iki mengko awake dhewe, Lih.” (ngomong lirih marang Rangga) Rangga : “Wis, aja omong wae ta. Aku ya ndredeg iki. Njur kepriye awake dhewe mengko?” Polisi : “Ditakoni kok padha omong karepe dhewe ta bocah iki? Endi helemmu lan layang-layangmu, Le?” Yudha : “Sepuntene, Pak. Kula kaliyan kanca kula punika boten ngangge helem.” (karo ndredeg matur marang polisi kasebut) Rangga : “Inggih, Pak. Nyuwun pangapunten, layang-layangipun ugi namung STNK kemawon, SIMe kula dereng gadhah.” (menehake STNK montore marang polisi) Polisi : “Lo, ngene iki lak ya jenenge ora netepi paugeran lalu lintas. Kamangka helem lan SIM kuwi uga wigati tumrape pawongan kang numpak montor. Iki uga kanggo kaslametanmu lo, Le.” (ngetokake buku cilik lan pulpen saka kasake) Rangga : “Wadhuh iki kepriye? Aku mengko didukani bapak karo ibuku temenan iki.” Yudha : “La kepriye maneh? Mau kowe wis takomongi ta takkon nganggo helem. Saiki ya wis arep dikapakake maneh. Manut polisine wae!” Polisi : “Amarga kowe bocah loro wis ora ngugemi paugeran lalu lintas mula kudu ditilang. Iki layang tilange banjur montormu dakgawa menyang kantor. Bisa kokjupuk yen wis sabubare sidhang dina Selasa minggu ngarep.” (ngelungake layang tilang marang Rangga)


Yudha : “La punika, kula wangsule kados pundi, Pak? La montore Panjenengan asta ngoten? Kula badhe matur tiyang sepuh boten mbeta HP, badhe telpon nomer HPne tiyang sepuh nggih boten apal.” Polisi : “Ya wis ngene. Iki kancamu takgawa menyang kantor. Dene kowe sing dakutus marani wong tuwamu numpak bis utawa angkodes. Mengko jaken menyang kantor polisi.” (nggeret tangane Rangga) Rangga : “Pak, ampun, Pak, ampun. Kula boten badhe ngambali malih.” (wedi manawa dilebokake pakunjaran) Polisi : “Ngene lo. Kowe kuwi ora bakal dilebokake pakunjaran nanging montormu kuwi bisa kokjupuk sawise sidhang minggu ngarep. La saiki aku kepengin ketemu wong tuwamu saprelu aweh pituduh supaya kowe ora bakal kaya mangkene maneh.” Rangga : “Nggih, Pak.” Jejer 3 Sore kuwi udan ricih-ricih. Sanajan isih jam telu, katone wis surup. Mendhung gumulung ngebaki gegana. Hawa adhem tumrecep ing angga. Angin jejogedan ngrontokake gegodhongan. Mendhung, hawa, lan angin tan prabeda jiwanggane Pak Angga lan Bu Darni sore kuwi. Pak Angga : (Lungguh ing kursi) “Bocah yahmene dolan kok durung mulih-mulih kuwi nyandi lo, Bu?” Bu Darni : (Wira-wiri sajak menggalihake Rangga sing durung mulih) “La iya lo, Pak. Bocah kok nganti yahmene durung mulih ki dolan nyandi ta, ya? Pamite mung sedhela, kok nganti suwe temen. (nyawang njaba kanthi mbukak slambu cendhela) Wis udan ricih-ricih, mendhunge anggameng mubeng. Apa arep udan angin ta ya, ya.......! (lungguh ing kursi cedhake Pak Angga) Pak Angga : “Sing sabar sik, Bu. Sapa ngerti sedhela maneh teka bocahe.” Saka njaba sajak ana sing nothok lawang. Bu Darni langsung ngadeg saka kursine banjur mbukakake lawang. Dheweke mikir yen sing teka kuwi Rangga, anak lanange. Bu Darni : (Kaget amarga sing teka dudu Rangga nanging Yudha, kancane Rangga ing sekolahan) “Lo Yudha, la Rangga endi? Jare mau arep dolan menyang omahmu.” Yudha : “Rangga, Rangga, .........” Pak Angga : “Ana apa iki, Ren? Kena apa Rangga?”


Bu Darni : “Geniya Rangga, Ren? Matura sing cetha!” (ngajak mlebu Yudha banjur lungguh ing kursi) Yudha : “Rangga, Rangga dipuntahan dening polisi, Bu.” Pak Angga : “Apa? Rangga ditahan polisi? Dhuh Gusti ........, ana lelakon apa maneh iki?” (ngelus dhadha) Yudha : “Rangga kaliyan montoripun dipuntahan dening polisi Bu. La kalawau kula numpak angkodes dipunutus ngaturi Panjenengan tindak dhateng kantor polisi.” Bu Darni : “Nanging rak ora apa-apa ta?” Yudha : “Boten, Bu.” Pak Angga : “La mau kuwi larah-larahe kepriye?” Yudha : “Kalawau siyang Rangga ngampiri kula badhe tumbas tas dhateng Kraton. Nalika badhe bidhal Rangga kula emutaken ngangge helem nanging boten purun. La dumugi satengahing margi wonten razia. Dadose nggih kenging tilang amargi Rangga ugi dereng gadhah SIM.” Bu Darni : “Bocah senengane nyepelekne wong tuwa. Dikandhani kon nganggo helem wae ora nggugu. Wis Pak, ayo nyusul Rangga menyang kantor polisi wae! Ren, ayo kowe pisan melu mrana.” Yudha : “Inggih, Bu. Mangga.” Jejer 4 Sanajan udane ngrecih nanging Yudha, Pak Angga, lan Bu Darni tetep budhal menyang kantor polisi numpak sepedhah montor kanthi nganggo jas udan. Teka ing kantor polisi, saiba kagete Bu Darni nalika anake lanang lungguh ing ruwangan kanthi ditunggoni dening polisi. Bu Darni : (Mlayu nyedhak Rangga) “Biyungalah, Ngger, Ngger. Kok ya kaya ngene nasibmu. Dikandhani wong tuwa ora manut. Njur saiki manawa wis ngene iki kepriye?” Rangga : (Ngambung tangane ibune) “Sepuntene, Bu. Kula kalawau siyang boten ngugemi dhawuh Panjenengan.” Pak Angga : “Mulane sesuk maneh kuwi yen dikandhani wong tuwa kudu manut. Yen kowe kena perkara kaya mangkene iki sapa sing bingung? Ya wong tuwamu ta?” Rangga : (Ngambung tangane bapake) “Inggih, Pak. Kula lepat. Benjing malih boten badhe ngambali kados kalawau. Amargi kula sampun ndadosaken gela saha sedhihing manah bapak kaliyan ibu. Sepisan malih nyuwun pangapunten.”


Pak Angga : “Ya wis-wis.” (nyedhak polisi sing lungguh ing kursi cedhake Rangga) “Nyuwun pangapunten, Pak. Punika yoga kula boten ngugemi paugeran lalu lintas. Salajengipun punika kados pundi?” Polisi : “Mekaten, Pak. Jalaran putranipun Panjenengan punika boten ngangge helem saha dereng gadhah SIM pramila kangge mendhet montor ingkang dipuntahan punika kedah ndherek sidhang dinten Selasa minggu ngajeng.” Pak Angga : “Inggih, Pak. Nanging yoga kula saged wangsul nggih?” Polisi : “Nggih saged, Pak. Nyuwun tulung Panjenengan kandhani supados benjing-benjing malih boten nglampahi ingkang kados kalawau.” Pak Angga : “Inggih, Pak. Sepuntene kula dereng saged nggulawenthah yoga kula kanthi sae.” Polisi : “Inggih Pak, sami-sami. Sepuntene sampun ndamel kuwuring manah Panjenengan kaliyan ibu.” Wusanane Rangga lan Yudha mulih karo Pak Angga lan Bu Darni. Dene montore isih ditahan ing kantor polisi lan bisa dijupuk minggu ngarep sawise sidhang. b.Membimbing Penyelidikan individu dan kelompok Materi Prosedural Ing wacan ngisor iki ana tembung-tebung kang luput utawa kurang trep karo unggah-ungguhe, yaiku tembung-tembung kang kacithak kandel sajroning kurung lan diwenehi nomer. Tembung-tembung kang diwenehi nomer kasebut owahana dadi tembung kang bener lan trep miturut unggah-ungguh! GETUN Wonten satunggaling dinten Jatmika kadhawuhan Pak Bambang supados ngaturi tangga tepalih rawuh ing dalemipun Pak Bambang saperlu nindakaken kendhuri. Kenduri ingkang katindakaken Pak Bambang punika kanthi hajad syukuran putranipun ingkang sampun katampi minangka Tentara. Jatmika : ”Kula nuwun.....” Pakdhe Warsito : ”Mangga....., we lha Nak Jatmika. Mangga-mangga, kene Nak lenggah kene. Jatmika : ”Inggih Pakdhe matur nuwun.” Pakdhe Warsito : ”Iki kok njanur gunung, kadingaren Nak Jatmika tekan kene, ana perlune apa mung dolan wae? Jatmika : ”Inggih Pakdhe, keparenga (omong)1 dhateng Pakdhe Warsito, bilih (tekaku)2 ing ngriki ingkang sepisan kula silaturahmi saha tuwi (keslametane)3 Pakdhe Warsito sakulawarga. Dene ingkang kaping kalih sejatosipun kula punika (dikongkon)4 Pak Bambang supados ngaturi Pakdhe Warsito


kasuwun (teka)5 ing (omahe)6 Pak Bambang saperlu kasuwun donga saha pamujinipun ing acara kendhuri syukuran. Wondene kendhurinipun badhe kawiwitan mangke sasampunipun wanci Maghrib Pakdhe.” Pakdhe Warsito : ”Yoh..., matur nuwun dene Nak Jatmika silaturahmi marang aku lan tilik keslametanku sakulawarga. Sabanjure aku kadhawuhan sowan ing daleme Pak Bambang saperlu kendhuri syukuran. Atur panuwunku muga mengko (omongna)7 marang Pak Bambang lan ing mengko muga ora ana alangan apa-apa aku bisa sowan ing daleme. Nuwun sewu Nak, Pak Bambang kok syukuran kuwi syukuran apa ta....?” Jatmika : ”Pak Bambang punika syukuran awit (anake)8 inggih punika Mas Aris ketampi anggenipun nyambut damel minangka tentara, Pakdhe.” Pakdhe Warsito : ”E..e...e..., Nak Aris putrane Pak Bambang kuwi saiki dadi tentara? Ya sokur, aku melu seneng. Jatmika : ”Nuwun sewu Pakdhe, gandheng taksih kathah kewajiban ingkang kedah kula tindakaken, keparenga kula (njaluk)9 pamit, mbok bilih (teka)10 kula punika adamel kirang renaning penggalih panjenengan kula nyuwun pangapunten. Pakdhe Warsito : ”Ya ....., ya....., Nak Jatmika semono uga aku, mbok menawa anggonku nampa tekamu iki ana luputku aku uga njaluk pangapuramu, lan ndherekake sugeng tindak.” Jatmika : ”Inggih Pakdhe, matur nuwun. Nyuwun pamit. c. Menganalisis dan Mengevaluasi Pemecahan Masalah Guru paring bimbingan dhateng siswa kangge damel dudutan saking sedaya materi ingkang dipunsinau dinten menika. Siswa kadhawuhan nggarap soal evaluasi ingkang wonten link menika:https://s.id/sinaubarengpaknadhif3


KAPUSTAKAN Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers. (Keterangan: Bausastra ini dalam bentuk aplikasi android) Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2010. Unggah-Ungguh Bahasa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua. Pratiwi, H. (2023). Keterampilan Berbicara Ragam Bahasa Jawa Krama Alus Melalui Model Pembelajaran Problem Based Learning. In Interdisciplinary and Multidisciplinary Studies: Conference Series (Vol. 1, No. 1, pp. 62-69). https://www.sastra.org./leksikon https://youtu.be/YuDGOahmEQs


Click to View FlipBook Version