BAHAN AJAR BAHASA JAWA TEMBANG MACAPAT Nama Penyusun : Nadhif Dwi Saputra, S.Pd. Institusi : SMAN 3 Ponorogo Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Elemen : Membaca dan Berbicara Tahun Pelajaran : 2022/2023 Jenjang Sekolah : SMA Kelas/ Fase : XI/ F Alokasi Waktu : (4 X 45 Menit) / 2 Pertemuan CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik mampu membaca dan merespon berbagai macam teks guritan/puisi, tembang macapat Pangkur, seni pertunjukan, teks anekdot di media cetak dan elektronik. Peserta didik mampu mengapresiasi dan mengevaluasi berbagai macam jenis teks fiksi dan nonfiksi berbentuk cetak atau digital. TUJUAN PEMBELAJARAN Melalui model pembelajaran problem based learning dengan metode ceramah, tanya jawab, diskusi, dan presentasi dengan mengembangkan kemampuan mandiri, berpikir kritis dan kreatif, peserta didik dapat: a. Menganalisis jenis-jenisnya tembang macapat Pangkur dengan benar. (C4) b. Memparafrasekan isi dari tembang macapat Pangkur dengan benar. (C4) c. Melagukan tembang macapat Pangkur dengan titi laras yang benar. (P3)
1. Miwiti pasinaon kanthi manungku puja mring ngarsa Gusti Kang Akarya Jagad. 2. Nggatosaken sedaya andharan saking guru. 3. Maos lan nyemak kanthi saestu materi ingkang cumawis. 4. Nindakaken piwulangan miturut dhawuh pangandikanipun guru. 5. Dipunsumanggakaken damel cathetan pribadi wonten bukunipun sowang-sowang. 1. Materi faktual Wacanen cakepan tembang pangkur ing ngisor iki. PANGKUR Ming-kar ming-kur-ing ang-ka-ra, A -ka-ra-na ka-ra-nan mar-di si-wi, Si-na-wung res-mi-ning ki-dung, Si-nu-ba si-nu-kar-ta, Mrih kre-tar-ta pa-kar-tining ngel-mu lu-hung Kang tum-rap neng ta-nah Ja-wa, A-ga-ma a-ge-ming a-ji. PITUDUH PIWULANGAN FASE 1 :IDENTIFIKASI MASALAH
2. Materi konseptual Menika materi ingkang badhe dipunrembag ing bahan ajar menika A. TEMBANG MACAPAT Tembang/sekar inggih punika reriptan utawi dhapukaning basa mawipaugeran tartamtu(gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten. B. JINISING TEMBANG MACAPAT Wonten 11 (sebelas) jinis tembang macapat inggih menika Dhandhanggula, Sinom, Pangkur, Asmaradana, Mijil, Kinanthi, Durma, Megatruh, Gambuh, Pocung, dan Maskumambang. Saben-saben tembang nggadhahi cacahing larik saben pada ingkang beda, cacahing wanda tartamtu, lan saben gatra dipunpungkasi aksara swara tartamtu ugi. TEMBANG MACAPAT PANGKUR MIRENGAKEN LAN NEMBANGAKEN CAKEPAN MITURUT TITI LARAS PAUGERAN NEGESI TEMBUNG LAN NGGANCARAKEN FASE 2 : MENGORGANISASI PESERTA DIDIK
C. PAUGERAN TEMBANG MACAPAT Tembang maccapat menika gadhah paugeran-paugeran inggih menika: Guru gatra : cacahinggatra saben setunggal pada. Guru Wilangan : cacahing wanda saben setunggal gatra. Guru Lagu : tibaning swara vokal wonten pungkasaning gatra. Saged dipunpirsanu dhateng tabel ngandhap menika:
D. TEMBANG MACAPAT PANGKUR PANGKUR GAGAD KASMARAN, laras pelog pathet nem 3 5 5 5 5 5 3 3 Ming- kar ming - kur - ing ang - ka - ra, 3 5 5 6’ 1 1 1 1 1 23 21 a - ka - ra - na ka - re - nan mar - di - si - wi, . . . . . . 5 6 1 1 1 2 2 2 si - na - wung res - mi - ning ki - dung, 6 5 5 5 5 56 5 Si - nu - ba si - nu - kar - ta, 3 5 5 6’ 3 2 3 1 1 2 3 3 mrih kre - tar - ta pa - kar - ti - ning ngel - mu lu - hung, 6 1 1 1 1 1 1 1 Kang tu - mrap neng ta - nah Ja - wa, 1 2 3 1 2 3 21 1 a - ga - ma a - gem - ing - a - ji, Cathetan: LagukaanggitdeningGunawan Sri Hastjarjo, Macapat, Jilid I, II, III.Surakarta: ASKI, 1981. (emputembangKeraton Surakarta) Cakepankapethiksaking“Wedhatama”anggitanMangkunagara IV; Mangkunagara VII, Serat-Serat Anggitan Dalem Kanjeng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.Jakarta: Nurhopkolep, 1953
Guru gatraipun : 7 gatra Guru wilangan lan guru lagu : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i. Pangkur asalipun saking tembung mungkur utawi mundur. Tegesipun, manungsa menika kedah saged mungkuraken sedaya hawa nepsunipun. Manungsa gesang wonten alam donya menika namung asipat sawetawis kemawon. Kawiwitan nalika wonten guwa garbanipun ibu, miyos, diwasa, lan pungkasanipun tilar donya. Tembang Pangkur nggadhahi watak: getun, keduwung, prihatin. Sasmitanipun tembang Pangkur : andhudhuk, megat, truh, pegat. 3. Materi prosedural Madosi Wosing Tembang Macapat Pangkur Wonten ing salebetipun cakepan tembang macapat Pangkur punika ngewrat piwulang ingkang saged dipunpendhet dening pamaos. Anggenipun mangretosi piwulang saking teks tembang macapat Pangkur kedah kanthi cara tartamtu. Dene cara ingkang saged dipunlampahi kangge mangretosi piwulang saking cakepan tembang macapat Pangkur inggih menika: 1) Madosi paugeran guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu saking tembang macapat Pangkur kanthi tliti. 2) Tetembungan ingkang angel wonten ing cakepan tembang macapat Pangkur punika dipunpadosi langkung rumiyin tegesipun menapa, supados gampil anggenipun madosi wosing sekar macapat Pangkur 3) Damel gancaran saking tembang macapat Pangkur. Gancaran/parafrase tegesipun ngewahi tembang/geguritan ingkang wujudipun pupuh/pada, dados gancaran utawi prosa. Tembang macapat ingkang ngginakaken paugeran guru lagu, guru wilangan, guru lagu saha basa-basa ingkang endah lan mentes mila kedah dipungancaraken supados langkung gampil nalika badhe mendhet piwulang saking saklebetipun tembang menika.. 4) Damel dudutan piwulang saking tembang macapat Pangkur ingkang saged kangge tuladha ing pagesangan. FASE 3 : MEMBIMBING PENYELIDIKAN
4. Materi metakognitif Menawi sampun paham lan mangetos caranipun madosi wosing tembang macapat, mangga sareng-sareng dipunlampahi ngandhap menika. A. ANALISIS STRUKTUR TEMBANG MACAPAT PANGKUR G U R U G A T R A 1 2 3 4 5 6 7 Ming-kar ming-kur-ing ang-ka-ra, A -ka-ra-na ka-ra-nan mar-di si-wi, Si-na-wung res-mi-ning ki-dung, Si-nu-ba si-nu-kar-ta, Mrih kre-tar-ta pa-kar-tining ngel-mu lu-hung Kang tum-rap neng ta-nah Ja-wa, A-ga-ma a-ge-ming a-ji. a i u a u a i 1 - 2 - 3 - 4 - 5 - 6 - 7 - 8 GURU WILANGAN Guru lagu B. NEGESI CAKEPAN TEMBANG MACAPAT PANGKUR Ming-kar ming-kur-ing ang-ka-ra, A -ka-ra-na ka-ra-nan mar-di si-wi, Si-na-wung res-mi-ning ki-dung, Si-nu-ba si-nu-kar-ta, Mrih kre-tar-ta pa-kar-tining ngel-mu lu-hung Kang tum-rap neng ta-nah Ja-wa, A-ga-ma a-ge-ming a-ji. mingkar (miGkar) : (-mingkur) kn. ak. nisihi, nyimpangi. siwi (siwi) : I kw. anak, bocah; sêsiwi: anak-anak. kidung (kidUG) : êngg. kn. 1 têmbang, rêrêpèn sinuba-suba (sinubOsubO) : br. diurmati bangêt pakarti (pakarti) : panggawe. wong Jawa (wOG jOwO) : wong desa FASE 4 : MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA
C. DAMEL GANCARAN Gancaran saking tembang macapat Pangkur: Pitutur saking ratu dhumateng kawulanipun, ngengingi bab nggulawenthah para putra menika boten pareng ngginakaken angkara murka. Lare kedah dipungulawenthah kanthi sabar. Menawi wonten ing tiyang Jawi, kathah kidung utawi tetembangan ingkang wos isinipun sae, saged kangge mucalaken bab tata krama dhumateng para putra. Menawi sampun nggadhahi sangu budi pakarti ingkang luhur lare menika saged ambyur wonten ing madyaning bebrayan kanthi sae. Mingka ratuning tanah Jawi, menika wigatos sanget paring pepemut dhumateng rakyatipun. Sampun kesupen punjer saking sedaya menika bab agami. Agami dipungambaraken kados ageman ingkang kedah tansah dipunagem wonten pundi kemawon. Menawi lare menika gadhah kawruh agami ingkang sae, wonten pundi kemawon badhe ajrih menawi nglampahi bab ingkang awon amargi ajrih kaliyan Gusti Kang Akarya Jagad. D. MADOSI PIWULANG SALEBETIPUN TEMBANG MACAPAT PANGKUR Sasampunipun damel gancaran/parafrase lajeng madosi piwulang moral utawi damel dudutan piwulang moral saking tembang macapat Pangkur ingkang saged kangge tuladha wonten ing pagesangan menika. Piwulang saking tembang macapat Pangkur ing nginggil inggih menika: 1) Kedah saged meper duka nalika nggulawenthah para putra. 2) Piwulang saking tembang-tembang Jawi saged kangge nggulawenthah putra. 3) Wasis bab kawruh menapa kemawon menika sae, ananging kedah linambaran tata krama budi pekerti rumiyin. 4) Agami menika wigatos sanget tumrap bebrayan, kadosta ageman ingkang boten saged dipunlukar sadhengah papan.
Para siswa sampun madosi paugeran, negesi tetembungan ingkang angel, damel gancaran/parafrase, madosi isi saha manggihaken piwulang saking tembang macapat Pangkur. Sumangga dipunanalisis saha dipunevaluasi proses anggenipun manggihaken sedaya unsur kala wau, saged dipuntliti malih ngengingi: 1) Paugeran sampun leres menapa dereng. 2) Pados teges tetembungan ingkang angel sampun kepanggih sedaya menapa dereng. 3) Parafrase/gancaran sampun jumbuh kaliyan wosipun tembang menapa dereng. 4) Anggenipun madosi piwulang kedahdipunjumbuhaken kaliyan kahanan samangke. KAPUSTAKAN Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers. (Keterangan: Bausastra ini dalam bentuk aplikasi android) Suparno, T. Slamet. 2013. Tembang Macapat. Surakarta: Institut Seni Surakarta. Raharjayanti, A. F. (2021). Keefektifan Media Video Pembelajaran Dari Youtube Terhadap Keterampilan Menyimak Dan Melagukan Tembang Macapat Kelas IV. Joyful Learning Journal, 10(1), 54-60. https://www.sastra.org./leksikon FASE 5 : MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI MASALAH