The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

REVISI_BAHAN AJAR_DONY ARDHIANTO_TEMBANG MACAPAT

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by donyardhian, 2022-10-17 04:24:46

REVISI_BAHAN AJAR_DONY ARDHIANTO_TEMBANG MACAPAT

REVISI_BAHAN AJAR_DONY ARDHIANTO_TEMBANG MACAPAT

BAHAN AJAR
TEMBANG MACAPAT

Dony Ardhianto, S.Pd
Kelas 11/ Fase F

SMAN 3 SIDOARJO

Identitas TP
Kelas : 11/ F
Mapel : Bahasa Jawa 1. Peserta Didik dapat menganalisis
Materi : Tembang Asmaradana struktur tembang macapat melalui
berfikir kritis. (C4)
CP
2. Peserta didik dapat menciptakan
Peserta didik mampu mengevaluasi cakepan tembang macapat
dan mengkreasi informasi berupa Asmaradana secara kreatif sesuai
gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, paugerannya. (C6)
arahan atau pesan yang akurat dari
menyimak berbagai jenis teks karya 3. Peserta Didik dapat menyimpulkan
sastra (basa rinengga/lalonget dan pitutur luhur dengan kondisi
tembang macapat) dalam bentuk visual masyarakat sekarang ini (C5)
dan audio visual. Peserta didik
memahami dan mengidentifikasi ciri 4. Mengkritisi (C6) tembang
ragam bahasa dalam komunikasi Asmaradana karya teman dan
sehari- hari. mengkaitkan dengan masa kini

Dimensi Pengetahuan Pituduh Pasinaon

• Materi Pembelajaran 1.Miwiti pasinaon kanthi dedonga.
1.Faktual
▶ Teks tembang Asmaradana, rekaman 2.Nggatosaken sedaya andharan
video tembang Asmaradana saking Bapak guru
2.Konseptual
3.Literasi utawi maos materi
▶ Paugeran tembang Asmaradana ingkang sampun dipuncawisaken.
3.Prosedural
▶ Langkah-langkah membuat 4.Nindakaken pasinaon miturut
tembang Asmaradana dhawuhipun Bapak guru.
4.Metakognitif
5.Saged damel cathethan
▶ Mencipta tembang Asmaradana wonten ing buku minangka
sarana kangge sinau mandhiri.

Orientasi Masalah MATERI FAKTUAL

Para siswa sumangga dipuntingali video bab Gegaraning wong
tembang Asmaradana wonten link ngandap menika akrami
https://www.youtube.com/watch?v=SMXVS0GhQy Dudu bandha
Para siswa, sumangga dipungatosaken tuladha dudu rupa
tembang Asmaradana punika kanthi premati! Amung ati
pawitané
Luput pisan kena
pisan
Lamun gampang
luwih gampang
Lamun angèl,
angèl kalangkung
Tan kena tinumbas
arta

MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK

MATERI KONSEPTUAL

PETA KONSEP

TEMBANG Struktur tembang
MAC APAT macapat

Asmaradana

PAUGERAN TEMBANG
MACAPAT

ASMARADANA

Pitutur Luhur tembang
Asmaradana

MENCIPTA LIRIK
TEMBANG MACAPAT

ASMARADANA

Sumangga semak wonten ing youtube

https://www.youtube.com/watch?v=sQ28hKrLY6Y

Tegesipun tembang macapat

Miturut Padmosoekotjo (1960: 25) tembang macapat inggih

menika reriptan utawi dhapukaning

basa mawi paugeran tartamtu(gumathok) ingkang

pamaosipun kedah dipunlagokaken mawi kagunan

swanten.Miturut Poerwadarminto (wonten ing Kurwidaria,

2019:12) Tembang macapat inggih menika

tembang ingkang dipunsekaken sekawan-

sekawan, wondene ingkang dipunkajengaken inggih menika

sekawan wanda-sekawan wanda

Materi jangkepipun saged dipun tinggali wonten link:
https://anythingschool.blogspot.com/2018/02/menganalis
a-tembang-macapat-dari.html

Jenis saha paugeran tembang macapat

Tembang macapat (sekar alit)
titikane:

Guru lagu : tibaning

swara ing pungkasaning gatra
Guru wilangan : cacahing

wanda saben sagatra
Guru gatra
: c a cahing

gatra saben sa pada.

PENYELIDIKAN INDIVIDU DAN KELOMPOK MATERI PROSEDURAL

bab bab kang kudu digatekake supaya gampang anggone ngripta tembang macapat, yaiku :
1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang , supaya bisa mangerteni
wewatekane tembang.
Tuladhanipun : saget mendhet saking perkawis wonten ing gesangipun piyambak.
2. Temtokna tembang sing arep digawe.
Tuladhanipun: tembang asmaradana
3. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, samenika saget kagem nyerat cengkorongan.
Tuladhanipun :
Guru gatra (7), guru wilangan 8,8,8,8,7,8,8, saha guru lagu : I,a,e,a,a,u,a
Gawe ukara ukara sing salaras karo underanipun.
Tembung tembung lan ukara ukara kang wis digawe mau banjur direngkes kanthi cara milih ukara kanthi
endah kaliyan ngetrepaken paugeran.

Materi jangkepipun saged dipun tinggali wonten
link: https://online.flippingbook.com/view/1060679811/

Caranipun menganalisis

paugeran tembang macapat asmaradana:
1. Mangretosi jenis-jenisipun tembang

macapat
2.Madosi struktur tembangipun, inggih menika bab

paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagunipun kanthi tliti.

Materi jangkepipun saged dipun tinggali wonten link:
https://online.flippingbook.com/view/1060679811/

ASMARADHANA

• Tembang Asmaradana iku tegese rasa
seneng, tresna kang diparingake Gusti
marang manungsa. Urip ing alam
donya mesthi nduweni rasa seneng,
tresna. Rasa iki kudu dijaga supaya ora
mbebayani tumrap jiwane manungsa.
Tembang Asmaradana iku yasane
Sunan Giri.

• Watake tembang Asmaradana iku
luwes,
manis. Sasmitane tembung kasmaran,
asmara, brangti, kingkin, dana.

Caranipun mangertosi wosing tembang macapat:

1. Madosi struktur tembangipun, inggih menika bab paugeran guru gatra, guru wilangan,
lan guru lagunipun kanthi tliti.

2.Negesi tembung angel
Tetembungan ingkang angel wonten saklebetipun teks cakepan sekar menika. Ginanipun
kangge gampilaken anggenipun badhe madosi wosipun sekar. Negesi sekar menika saged
lumantar bausastra cithak menapa dene elektronik https://www.sastra.org/leksikon

3. Parafrase/gancaran
Parafrase tegesipun ngewahi tembang/geguritan ingkang wujudipun pupuh/pada, dados gancaran
utawi prosa. Amargi sekar menika wonten paugeranipun(guru lagu,
guru wilangan saha guru lagu) saha rinengga mawi basa ingkang endah lan mentes mila
dipungancaraken supados gampilaken nalika badhe mendhet piwulang saking saklebetipun sekar

menika. Caranipun damel gancaran inggih menika:

1. ngudhari tembung ingkang badhe dipungancaraken kanthi makna ingkang wantah saged

mawi kamus online ing https://www.sastra.org/leksikon

4. Menawi wonten tembung kawi (tembung Jawa kuna) saged dipunewahi dados tembung
jawa enggal ingkang limrahipun dipunangge ing padintenan.

5. Menawi wonten tembung garba (tembung sandi) kedah dipunudhari.

6. Kangge nglarasaken ukara supados boten kaku lan maknanipun
gamblang saged ngicali tembung ingkang wonten ing tembang macapat
umpaminipun ater-ater lan panambang.

7. Pada/bait ingkang sakawit wujud gatra-gatra, lajeng dipunewahi dados
wujud paragraf kanthi ejaan ingkang leres, nggatosaken pola ukara (J-W-
L-K) saha tandha waosipun (titik, koma lsp).

8. Damel dudutan piwulang sekar ingkang saged kangge tuladha ing
pagesangan.

Ajaran moral menika minangka piwulang kangge lampah gesang manungsa
ing alam donya supados saged gayuh gesang ingkang sae. Utawi piwulang
sae ingkang saged kangge tuladha manungsa gesang ing alam donya.

MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA

Analisis struktur (paugeran tembang Asmaradana)

Gatra 1: Ge-ga-ra-ning wong a-kra-mi

Guru wilangan 8, guru lagu i
Gatra 2: Du-du ban-dha du-du ru-pa

Guru wilangan 7, guru lagu a
Gatra 3: A-mung a-ti pa-wi-ta-né

Guru wilangan 8, guru lagu e
Gatra 4: Lu-put pi-san ke-na pi-san

Guru wilangan 8, guru lagu a
Gatra 5: Yen gam-pang lu-wih gam-pang

Guru wilangan 8, guru lagu a
Gatra 6: Yen a-ngèl, a-ngèl ka-lang-kung

Guru wilangan 8, guru lagu u
Gatra 7: Tan ke-na ti-num-bas ar-ta

Guru wilangan 8, guru lagu a

Ngripta tembang Asmaradana)

MATERI METAKOGNITIF

1. Underan : kangen
2. Tembang : asmaradana
3. Cengkorongan : Guru gatra (7), guru wilangan 8,8,8,8,7,8,8, saha guru lagu :

I,a,e,a,a,u,a
4. Gawe ukara ingkang selaras kaliyan underan

(1) kangen marang wong kang ditresnani
2) rasane kayata cedak banget
3) ananging nyatane adoh
4) sanajan wektu ora berpihak
5)Ananging mesti kelingan
6) lan pasuryanmu ora bisa tak lali
7) nganti ora iso nyawang liyane
4.Milih ukara saha ngetrepaken kaliyan paugeran
Guru gatra 7 : 1) Dayita chandraning manah (8i)

2) Katon cetha sesandhingan(8a)
3) Tanpa wujud kang nyatane(8e)
4) Nadyan wektu prakanca(8a)
5) Ananging mesti kelingan(7a)
6) Kanthi bhanu pasuryanmu(8u)
7) Tan nyingkuri tresna asih(8a)

MENGANALISIS DAN MENGAVALUASI
PEMECAHAN MASALAH

Saking ngripta Sekar macapat Asmarandhana ingkang
sinerat wonten ing nginggil kita sedaya saged :

1.Supados mangertosi paugeran tembang Asmaradana, kedah paham
teknikipun.

2.Mangertosi makna utawi teges ingkang sinerat saklebetipun cakepan mawi
basa ingkang mentes. Tamtu kemawon anggenipun madosi kedah teliti saha
sabar saged mawi bantuan kamus.

3. Lajeng saged mengekspresikan emosional menika wonteng ing karya
ingkang saget dipunpriksani dating sinten kemawon

Sekar Macapat inggih menika tembang ingkang dipunsekaken

sekawan-sekawan, wondene ingkang dipunkajengaken inggih

menika sekawan wanda-sekawan wanda.Gunggung, saha

cacahipun sekar macapat menika wonten 11 (sewelas).

Kawiwitan saking, maskumambang,

mijil,sinom,kinanthi,asmarandana,gambuh,dhandhanggula

, durma,pangkur,megatruh saha pocung. Ngripta sekar
macapat menika saget damel media kagem ngandharaken
menapa kemawon ingkang wonten ing manah, pikiran lsp.
Maos sekar macapat menika ugi saget maringi kawruh
kagem nindakaken pagesangan.

KAPUSTAKAN

1. Damardjati Supadjar. 1985. “Etika dan Tatakrama Jawa Dahulu dan Masa Kini”. Keadaan dan
Perkembangan Bahasa, Sastra, Etika, Tatakrama, dan Seni Pertunjukan Jawa, Bali dan Sunda.
Yogyakarta: Javanologi Direktorat Kebudayaan Departeman P dan K.

2. Padmosoekotjo, S. 1960. Ngengrengan Kasustraan Djawa. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.
Prasaja, Setya Amrih, dkk. 2015. Wiyata Basa Jawa Kelas XII. Yogyakarta : Dinas Pendidikan

Pemuda dan Olahraga DIY
3. Youtube : www.youtube.com/watch?v=SMXVS0GhQy
4. Internet : https://anythingschool.blogspot.com/2018/02/menganalisa-tembang-macapat-dari.html
5. Flippingbook : https://online.flippingbook.com/view/1060679811/


Click to View FlipBook Version