Undha usuk basa
Undha usuking basa yaiku trap-trapaning (stratifikasi)
basa amarga kanggo ngajeni marang wong kang diajak
wawan rembung. Ing sesrawungan masyarakat Jawa saiki
basa sing asring digunakake yaiku basa Ngoko lan Krama.
Basa Ngoko kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko Lugu lan
basa Ngoko Alus. Dene basa Krama kapilah dadi loro uga,
yaiku basa Krama Lugu lan basa Krama Alus.
Undha usuk basa Jawa ana:
1. Basa Ngoko adate dianggo wawan rembug utawa
omong-omong dening wong sing wis padha tepung apik,
akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang.
Ngoko Lugu
§ Titikane: tetembungane ngoko kabeh, ora ana sing
dibasakake.
§ Kagunaane: kanggo sapadha-padha, bocah karo bocah,
wong tuwa karo wong tuwa, wong tuwa marang bocah.
Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab.
§ Tuladha: “Tini numpak sepur.”
Ngoko alus
· Titikane: tembunge ngoko campur krama inggil tumrap
kang diajak guneman. Biasane digunakake wong sing wis
padha-padha akrab la ana usaha saling ngurmati.
· Kagunaan: Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa
marang wong enom kang isih ngajeni.
· Tuladha: “Ibu mau tindak jam enem esuk.”
2. Basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa
pacelathon dening wong sing durung tepung akrab lan
derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni
wong liya.
Krama Lugu
o Titikane kabeh nggunakake tembung krama.
o Kagunaane: wong tuwa marang wong enom kang isih
diajeni, uga wong enom marang wong tuwa nanging ora
pati ngajeni.
o Tuladha: “Adhi kula nembe tilem jam tiga dalu.”
Krama Alus
· Titikane: tembung karma inggil, ater-ater, lan
panambange karma.
· Kagunaane: bocah marang wong tuwa, wong enom
marang kang luwih tuwa kang ngajeni banget, andhahan
marang dhuwuran.
· Tuladha: “Panjenengan dipunaturi rawuh wonten
arisan menika.”
Ing ngisor iki arep dakaturake tuladha-tuladha ukara
ing basa Jawa. Tuladha-tuladha mau awujud ukara ing basa
Ngoko Lugu, basa Ngoko Alus, basa Krama Lumrah, lan
basa Krama Alus. Kapethik saka buku "Kamus Unggah-
Ungguh Basa Jawa" kaca 22-23 taun 2001, terbitan
Kanisius Yogyakarta, pangriptane Haryana Harjawiyana
lan Th. Supriya.
Alenia sing arep kanggo tuladha basa Ngoko lan
Krama mangkene:
"Wonten nem-neman nama Pak Ali, dados guru SD ing
sacelak griyanipun. Pak Ali sampun gadhah pacangan
(calon semah). Nalika samanten pacanganipun sakit,
lajeng dipunpriksakaken dhateng dhokter lan
dipunsukani resep. Ing wanci istirahat, Pak Ali nilar
sekolahan, kesah dhateng apotik ingkang papanipun
boten tebih saking sekolahan perlu numbasaken obat
resep dhokter pacanganipun".
Tuladha ing basa Ngoko Lugu
Pawicantenanipun Hasan kaliyan Nurdin, kekalihipun
kanca akrabipun Pak Ali ing dhusun.
Hasan Kaya Pak Ali mau lunga
menyang apotik, bokmanawa
kowe weruh duwe perlu apa?"
NurdinPak Ali tuku obat resep dhokter,
jarene dhek wingi calon bojone
lara."
Katrangan: Kekalihipun ngginakaken tembung-tembung
ngoko, amargi ingkang dipunngendikaken kanca
raketipun.
Tuladha ing basa Ngoko-Alus
Pawicantenanipun Bu Srini kaliyan Pak Tana, kalih-
kalihipun kanca guru SD.
Bu Kaya Pak Ali
Srini mau tindak menyang apotik,
bokmanawa panjenengan
priksa kagungan perlu apa?"
Pak Pak Ali mundhut obat resep
Tana dhokter, ngandikane dhek wingi
calon garwane gerah".
Katrangan: sawatawis tembung-tembung
ngoko dipungantos tembung krama inggil. Menawi
tembung ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi
panambang (e/ne-), boten ewah dados (dipun) lan
(ipun/nipun). Tuladha: bojone ? garwane.
lunga -> tindak
kowe -> panjenengan
tuku -> mundhut
jarene -> ngandikane
weruh -> priksa
duwe -> kagungan
bojone -> garwane
lara -> gerah
Tuladha ing basa Krama Lugu
Pawicantenanipun Mbok Radem tangganipun Pak Ali
kaliyan Pak Atma tukang kebon sekolahan.
Mbok Kados Pak Ali wau kesah
Rademdhateng apotik, bokmanawi
sampeyan sumerep
gadhah perlu menapa?"
Pak Pak Ali tumbas obat resep
Atma dhokter, criyosipun kala wingi
calon semahipun sakit."
Katrangan: sawatawis tembung-tembung
ngoko dipungantos tembung krama. Menawi tembung
ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-
), ewah dados (dipun-) lan (ipun/nipun-). Tuladha: jarene ?
criyosipun.
kaya -> kados
mau -> wau
lunga -> kesah
menyang -> dhateng
bokmanawa -> bokmanawi
kowe -> sampeyan
weruh -> sumerep
duwe -> gadhah
apa -> menapa
tuku -> tumbas
jarene -> criyosipun
dhek -> kala
bojone -> semahipun
lara -> sakit
Tuladha ing basa Krama-Alus
Pawicantenanipun Bu Tini Kepala Sekolah (taksih radi
enem) kaliyan Pak Marta guru (sampun sepuh).
Bu "Kados Pak Ali
Tini wau tindak dhateng apotik,
bokmanawi panjenengan
priksa kagungan perlu
menapa?"
Pak Pak Ali mundhut obat resep
Marta dhokter, ngandikanipun kala
wingi calon garwanipun
gerah."
Katrangan: sawatawis tembung-
tembung krama dipungantos tembung krama inggil. Ing
tembung krama dados krama inggil, ater-ater (dipun-)
utawi panambang (ipun/nipun-), boten ewah. Tuladha:
criyosipun ? ngandikanipun.
kesah -> tindak
sampeyan -> panjenengan
sumerep -> priksa
gadhah -> kagungan
tumbas -> mundhut
criyosipun -> ngandikanipun
semahipun -> garwanipun
sakit -> gerah