The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by donyardhian, 2022-11-03 21:20:40

TEMBANG MACAPAT

TEMBANG MACAPAT

TEMBANG
MACAPAT

Dony Ardhianto

 minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran
guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

 Macapat yaiku maca papat papat
 geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka

pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa anyar

Tembang macapat (sekar alit)
titikane:

Guru lagu : tibaning swara

ing pungkasaning gatra

Guru wilangan : cacahing

wanda saben sagatra

Guru gatra : cacahing gatra

saben sa pada.

1. 2. 3. 4.
MASKUMAMBANG MIJIL SINOM KINANTHI

7. 6. 5.
DHANDHANGGULA GAMBUH ASMARADHANA

8. 9. 10. 11.
DURMA PANGKUR MEGATRUH POCUNG

Maskumambang saking tembung “mas”
ingkang saget mangertosi jati dhirinipun, saha
“kumambang” utawi kemampul , ateges
gesangipun taksih ngambang gumantung
dhatheng ibunipun rikala wonten kandhutan

Watak : Menggah watakipun tembang
maskumambang menika nggambaraken
swasana sedhih, susah utawi nalangsa.

• Filosofi : Tembang Mijil mratelakaken bilih
satunggaling wiji utawi winih sampun lahir
ing ngalam donya. Mijil pinangka
pralambang wiwitaning manungsa
ngambah ing alam donya ingkang taksih
suci, taksih ringkih pramila taksih
mbetahaken pangrengkuh lan kedah dipun
jagi.

• Watakipun tembang mijil nggambaraken
swasana ingkang tinarbuka, kebak ing
pitutur saha katresnan

• Filosofi :Sinom tegese anom, enom,
timur; nggambarake kahanan sing isih
enom nalika si bocah kudu ngangsu
kawruh, golek elmu saakeh-akehe
kanggo keslametane. Tembang Sinom
karipta dening Sunan Gunung Jati.
Watake tembang.

• Watak : Tembang Sinom menika
watakipun supados saget mangreh ing
kasabaran, ramah dhumateng sok
sintena kemawon lan nengenaken
dhateng laku sumadulur

• Kinanthi tegese digandheng, dikanthi.
Tembang macapat Kinanthi nggambarake
si bocah kang digandheng, dituntun
supaya bisa slamet uripe. Kinanthi iku
yasane Sunan Adi Erucakra.

• Watak : asih-asuh. Sasmitane asring
nggunakake tembung kinanthi, kanthi,
sinartan.

• Tembang Asmaradana iku tegese rasa
seneng, tresna kang diparingake Gusti
marang manungsa. Urip ing alam donya
mesthi nduweni rasa seneng, tresna. Rasa
iki kudu dijaga supaya ora mbebayani
tumrap jiwane manungsa. Tembang
Asmaradana iku yasane Sunan Giri.

• Watake tembang Asmaradana iku luwes,
manis. Sasmitane tembung kasmaran, asmar
a, brangti, kingkin, dana.

• Filosofi : Tembung Gambuh maksude mbuh
lan jumbuh (ngerti) /jumbuh utawa sarujuk.
Yaiku gegambarane wong kang goleki
cocoke utawa goleki apa kang durung
dimangerteni kanthi ngerti lan cocok.

• Watake rada sereng. Sasmitane Gambuh,
anut, wimbuh, tambuh

• Filosofi : Tembung Dhandhanggula
saking tembung dhandhang lan gula.

Dhandhang menika teges pangajab,
dene gula menika manis.
Dhandhang menika teges wadah, dene
gula menika manis.
Filosofi tembang Dhandhanggula menika
mawa teges gesanging manungsa
kagungan pangajab manggiha gesang
ingkang mulya kebak ing kabagyan.
• Watak :Wondene tembang

dhandhanggula menika sifatipun
umum (universal), luwes saget konjem
ing manah

• Durma asal saka tembung ―
darma utawa weweh

Durma asal saka tembung
Munduri Mangsa Muda.

Maksude manungsa kudu wis bisa
mikirne kaluwarga lan tangga
teparo, sawise uripe manungsa
seneng, sarwa kecukupan banjur
bisa darma, weweh utawa tetulung.
Tembang Durma iki yasane
Kanjeneg Sunan Bonang. Tembang
macapat Durma ngelingake yen
manungsa tansah mbutuhake
bantuwane wong liya, ora bisa urip
dhewe mula kudu rukun lan tansah
nandur kabecikan.
• Watake seru, sereng banget.

Sasmitane durma, mundur.

• Filosofi : Tembung pangkur menika
saking tembung mungkur ingkang
ateges nilaraken.Filosofi tembang
Pangkur menika nggambaraken
tiyang gesang ingkang sampun
mengkeraken kadonyan (duniawi),
nilaraken nafsu angkara murka,
nyimpangi saking tumindak
awon.Sampun nyelak dhateng
Pangeran.

• Watak :Watakipun tembang Pangkur
gagah, sentosa, prakosa lan agenging
manah. Tembang Pangkur menika
cocog menawi kagem mratelakaken
semangat pahlawan lan cariyos
perjuangan

• Filosofi : Tembung megatruh saking
“megat” lan “roh”, ingkang
tegesipun pegat kaliyan rohipun .
Filosofi tembang megtruh menika
nggmbaraken bilih sejarah
gesangipun ing alam donya sampun
rampung. Roh ipun sampun pegat
kaliyan badan wadhag (jasmani)
lan roh badhe wangsul ing
ngayunan Gusti.

• Watak :Watakipun tembang
Megatruh menika: sedhih, nalangsa.

• Filosofi : Pocung kapendhet saking
tembung pocong. Nggambaraken
pungkasing lampahan gesang kita utawi
seda sasampunipun dipun suceni lajeng
kabungkus mori pethak utawi dipun
pocong saderengipun kapetak ing sasana
laya

• Watak :Watakipun tembang Pocung menika
mardika utawi bebas.Ugi dipun wastani
sakkarsanipun pribadi. Biasanipun
tembang Pocung menika kagem
nyariosaken bab ingkang lucu (humor) lan
ugi kagem paring pitutur


Click to View FlipBook Version