AKSARA MURDA
SWARA LAN REKAN
AKSARA MURDA
• Aksara Murda tegese aksara sirah utawa aksara sesirah, ing basa Indonesia diarani huruf
kapital. Aksara Murda gunane kanggo pakurmatan, tegese kanggo ngurmati. Sing lumrah
aksara murda kanggo nulis jenenge wong lan jeneng apa wae, kalebu pangkat utawa
kalungguhan. Tata carane nganggo aksara murda yaiku:
1. Aksara Murda ora kena dadi sesigeging wanda, dadi ora kena dipangku lan ora kena dipasangi.
2. Aksara Murda cukup ditulis saaksara saben satembung, kapilih kang manggon ing ngarep, yen
ora ana ya aksara burine, lan sateruse
3. Aksara Murda bisa diwenehi sandhangan
4. Aksara Murda dijangkepi pasangan saengga bisa dadi pasangan.
AKSARA MURDA
Tuladha :
AKSARA SWARA
• Aksara Swara
Aksara swara gunane kanggo nulis swara kang dadi wanda ing tembung utamane tembung manca
(asing) kanggo nyeethakake (memperjelas) pangucapane.
Tata cara nulis aksara swara :
1. Aksara swara ora bisa dadi pasangan, dadi yen ana aksara sigeg (mati) ing ngarepe mula kudu
dipangku
2. Aksara swara ora kena diwenehi sandhangan swara (wulu. suku, pepet, taling, taling tarung)
3. Aksara swara uga bisa dianggep aksara gedhe (kapital), dadi bisa digunakake kanggo nulis
jenenge kutha, desa, nagara utawa wong.
AKSARA SWARA
Tuladha :
AKSARA REKAN
• Kanggenipun Aksara Rekan :
1.Aksara rekan kangge nyerat tembung-tembung sakaing manca, menawi wigati
dipuncethakaken.
2.Aksara rekan upami kaserat wonten wanda sigeg ( mandheg ), menawi
pasanganipun kalawau mboten “mati” .
3.Aksara rekan menawi pikantuk sandhangan : wulu, pepet, cecak utawi layar,
tandha cecak tumpang tiga wonten sakngajengipun panggenan kiwa
sandhangan.
AKSARA REKAN
Tuladha :