The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Wulan Kadarsih, 2023-03-02 23:13:22

Remidial Bahasa Jawa

Remidial Bahasa Jawa

Remidial Monggo Dipirsani! Bahasa Jawa


Aturan Saged dipunsiapaken Kertas lan Alat tulis rumiyin 1 2 Wangsulana pitakon ing ngisor kanthi cetha lan lengkap Kepareng bikak modul kalihan catatan


n o . 1 N alik a j a m a n s a m a n a, Atiku kalara-lara, Dijajah bangsa walan d a, Agawe nelangsane bang s a, Banda donya sirna, Samono uga nyawa, Lumebere getih ludira, Dadi saksi bela nagara, Walanda gawe pinggeting a ti, Saben ari dina lan wengi, Tansah dedonga marang Gusti Muga Walanda ora bali. a. Mit u r u t g e g u rit a n in g n d u w u r, a n alisis la n u d a r a n a, mle b u k a t e g o ri g e g u rit a n g a g r a g la w a s a p a a n y a r ? J ela s n a ale s a n e! b. Geguritan ing nduwur nduweni m a k n a k a n g j e r o, jelasna artine geguritan kasebut per bait, banjur susunen ing paragraf, (siji paragraf, minimal 5 uka r a )!


n o 2 Kawiwitan mawa tembung sun gegurit Mawa lelewaning basa Mawa diksi kang pinilih Mawa purwakanthi swara ing pungkasaning gatra Cacahing wanda saben sagatra padha utawa meh padha Mawa basa kang endah Mawa persajakan Mawa piwulang bab tata krama Gatekna ukara ing ngisor iki : 1. 2. 3. 4. 5. 6. 7. 8. a. Ukara ing nduwur iku paugerane geguritan. Tulisna kang dadi paugerane Geguritan Gagrag Lawas! b. Ukara ing nduwur iku paugerane geguritan. Tulisna kang dadi paugerane Geguritan Gagrag Anyar!


n0 3 Mung tindake dhewe datan winaonan ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pasti den arani sisip, iku wong ala, ngganggo bener pribadi, a. Pethikan Tembang Durma ing nduwur iku, nduweni guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Tulisna kanthi cetha guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune! b. Pethikan Tembang Durma ing nduwur nduweni isi lan nasehat kanggo pribadi. Jlentrehna nasihat apa kang ditulis ing tembang kasebut


Sinau Bareng Kanca Ing sawijining dina, ana pemuda sing wis podo dadi kanca akrab wiwit cilik, yaiku Toni lan Habib. Lorone podo seneng sinau lan dadi juara kelas mewakili sekolah lomba ing nyandi-nyandi. Untunge pintere bocah loro iku ora marai dheweke sombong, dadi podo disenengi karo kanca sekolahe. Akeh kancane sing jaluk warah materi ning kelas sakdurunge ulangan ben ora melu remed kabeh. Dina: “Aku kok ora mudheng blas ya karo materi matik sing himpunan iki.” Joni: “Lha awakdewe tibake podo wae, Din. Aku kat wingi wis maca lan sinau tapi isih bingung karo konsep sing dimaksud.” Dina: “Terus penake piye ya, Jon? Masa awakdewe kudu melu bimbel ben isa mudeng karo materi iki?” Joni: “Bimbel saiki larang pol, Din. Ora duwe duit aku lek saiki kudu melu bimbel.” Habib: “Din, Jon, ana apa iki? Arep ulangan opo piye kok koyoe lagi seru obrolane?” Dina: “Iki lho, Bib, Ton. Aku karo Joni bingung materi matik. Sampek saiki ora isa mudheng karo iki.” Toni: “Terus hubungane karo bimbel mau apa? Kowe arep melu bimbel?” Joni: “Larang banget, Ton. Ora isa lek arep bimbel saiki.” Toni: “Yawes ngene wae, aku karo Habib sering sinau bareng mben dina Senin. Lek kowe arep melu, ayo.” Habib: “Mengko sinau bareng ben podo iso mudheng kabeh.” Dina: “Tenane iki? Ora ganggu kowe mengko?” Toni: “Ya ora. Ngko diomongne maneh ya. Ayo saiki kelas dhisik.”


no 4 Tulisna unsur instrinsik drama kang ana ing nduwur!


no 5 Saumpama Naskah drama “Sinau bareng Kanca” durung ana pungkasane. Tulisen lanjutan naskah drama kasebut, minimal 10 baris pacelathon!


Click to View FlipBook Version