https://id.pinterest.com/pin/569564684125023461/
Kelas VII Semester Genap
Dening: Lulut Wahyuningsih, S.Pd.
1|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
A. Kompetensi Inti
1. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang
ilmu pengetahuan,teknologi, seni budaya terkait ppenomena dan kejadian yang tampak mata).
2. Mencoba,mengolah, dan menyaji, dalam ranah konkret( menggunakan, mengurai, merangkai,
memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, mmembaca, menghitung, dan mengarang)
sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori).
B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3.3 Memahami isi teks cerita 3.3.2 Menyimpulkan nilai moral yang terkandung dalan cerita
4.3.2 Ramayana lampahan kidang kencana (C5)
Ramayana Kidang
Menyajikan cerita wayang Ramayana lampahan Kidang
Kencana. Kencana (P3)
4.3 Meringkas isi teks cerita
wayang Ramayanan
Kidang Kencana.
C. Setelah mengikuti serangkaian kegiatan pembelajaran dengan pendekatan saintifik, model pembelajaran
Problem Based Learning (PBL), dan metode ceramah, tanya jawab, dan diskusi, serta presentasi siswa dapat:
1. Menyimpulkan nilai moral yang terkandung dalan cerita Ramayana lakon kidang kencana dengan
berpikir kritis (C5)
2. Menyajikan cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana dengan kreatif (P3)
https://www.pngegg.com/
2|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
Tahap 1 Stimulus
Materi Faktual :
1. Peserta didik nyemak dwija ingkang meragakaken wayang kanthi paraga-paraga wonten ing cariyos Ramayana
lampahan Kidang Kencana.
https://www.pngegg.com/
2. Parasiswa ugi saged nyemak tuladha pagelaran ringgit wonten ing video mawi link menika:
https://youtu.be/xe0Zvt60U3k
3|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
Tahap 2 (Orientasi Peserta Didik Terhadap Masalah)
Sumangga parasiswa saged mahami materi teks cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana wonten ing
ngandhap saha video ingkang sampun dipunsamektakaken! Menawi wonten bab ingkang dereng cetha saged atur
pitakenan dhateng dwija.
KIDANG KENCANA
Gambar 2
Ing sawijining dina Rama, Shinta, lan Lesmana ana ing wana lagi bubar nglampahi
paukuman suwene limolas taun. Lesmana menika rayinipun Rama. Nalika wong telu kuwi
ngaso ana wana, banjur dumadakan ana kidang elok banget. Sungunedawa tur rupa wulune
kuwi rada emas.Kidang kuwi playon ana sangarepe wong telu kuwi.Shinta kepincut atine,
karepe pengin nduweni kidang kuwi kanggo dheweke.Amarga tresnane Rama sing banget
gedhene, dheweke ora bisa nolak panjalukke Shinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep
nyekel kidang kuwi, dheweke aweh pesen marang Lesmana.Pesene Rama marang Lesmana
supaya tansah njaga lan ngancani Dewi Shinta ana ing wana, aja nganti pisan-pisan Lesmana
ninggalake Dewi Shinta dhewean ana ing wana.Banjur Rama mangkat golek kidang kencana
kuwikanggo Shinta. Kidang kuwi mlayu nganti tekan jeroning alas. Sansaya jero sansaya
peteng, amarga cahyaning surya ora bisa nembus tengah wana kuwi. Amarga pegel atine,
sanalika Rama langsung ngunus lan ngeculake panahe. Banjur pas kena awakke kidang
kencana kuwi. Kidang kencana ambruk ana lemah, ananging dumadakan ilang barengan karo
swara raseksa Kala Marica. Yakuwi buta saka Alengka. Kongkonane Rahwana. Swara kuwi
hangemba-emba kaya swarane Rama jaluk tulung menyang Lesmana yen Rama ketekan
cilaka. Shinta lan lesmana sing hanganti-anti tekaning
4|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
Rama uga krungu swara kuwi. Rama krasa ora kepenak atine, kelingan marang Shinta.
sanalika Rama langsung bali arep mesthekake kahanane Shinta. Shinta sing krungu swara mau
langsung trataban atine kuwatir marang kahanane Rama.Lesmana sing wis ngerti babagan
kekuatane kangmase ora nduwe rasa kuwatir. Amarga dheweke ngerti yen kangmase sekti
mandraguna. Shinta nyuwun karo Lesmana supaya nyusul lan mesthekake priye kahanane
kangmase. Lesmana ora gelem, amarga wis janji menyang kangmase yen ora bakal ninggal Shinta
dhewe ana wana kana. Lesmana wis ngemutake dening Shinta yen swara kuwi dudu swarane
Rama. Ananging saking gedhe rasa tresnane Shinta lan dheweke kuwatir ana apa-apa menyang
Rama. Ora dinyana- nyana, Shinta kebacut ngendika ora kepenak marang Lesmana. Shinta
nudhuh Lesmana seneng marang dheweke.
Amarga loro ati karo omongane Shinta, Lesmana nyanggupi panjalukke Shinta. Lesmana
nyanggupi panjalukke Shinta. Ananging ana wana kana, shinta digawekake garis bunderan lan ora
oleh metu saka garis kuwi, amarga netepi janjine marang kakangane yaiku tansah njaga Dewi
Sinta ana ing wana supaya ora ana wong kang bisa ndhusta lan nyilakani Dewi Shinta.
Bubar anggone gawe garis bunderan Lesmana langsung lunga nyusul kangmase.Rama
atine wis ora karu-karuan. Mikir kahanane Shinta saiki kepriye.Sansaya ora karuan nalika
dheweke kepethuk karo adhine ana tengah wana. Banjur arep takon menyang adhine, ananging
sadurunge takon adhine wis cerita dhisik alasane ninggal Shinta dhewe ana wana kana.Bubare
Lesmana crita anggone ninggal Shinta, Rama ngerti yen kedadeyan kuwi reka-rekane Rahwana.
Raseksa bengis sing tresna lan kepingin nduweni Shinta. Kesusu anggone mlaku nganti
kesandhung-sandhung samubarang apa sing ana lemah, Rama kuwatir yen Shinta dijupuk digawa
mlayu Rahwana
Ana wana kuwi Shinta gumun, amarga ing wana kaya ngono ana simbah-simbahgolek
kayu.Banjur simbah kuwi nyuwun toya amarga ngelak anggone golek kayu lali orasangu banyu.
Ananging kuwi namung akal-akalane Rahwana wae. Ngerti yen Shinta ikuora tegel yen weruh
kaya ngono kuwi. Pancen watake Shinta sing sayang karo sapa wae. Nalika Shinta arep menehi
toya tangane ngluwihi garis bunderan sing digawekake menyang Lesmana mau. Banjur tangane
digeret simbah kuwi lan dumadakan wujude malih asline, yaiku Rahwana. Raseksa elek tur bengis.
.
5|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
Shinta tiba ana rangkulane Rahwana lan ora bisa obah. Langsung arep digawa mabur
lunga menyang kahyangan. Lagi wae anggone mabur, dumadakan ana peksi garuda sing
araep nulungi Shinta. Peksi kuwi nduweni jeneng yaiku Jatayu. Ananging nalika gelut karo
Rahwana, Jatayu kena sabetan pedhange Rahwana. Getihe gobrah-gobrah, banjur tiba ana
bumi. Awake kebak getihe ananging dheweke isih urip. Langsung Shinta digawa lunga
menyang Alengka dening Rahwana. Rama lan Lesmana tekan panggonne Shinta mau,
ananging Shinta wis diculik dening Rahwana. Ketilapan anggone njaga Shinta wis digawa
lunga. Bingung anggone nggudak kepriye, banjur nerusake laku. Ora adoh saka panggon
kuwi mau, Rama lan Lesmana kepethuk Jatayu sing lagi tiba ing lemah tanpa daya.
Sadurunge nemoni pati, Jatayu isih bisa cerita yen Shinta dicolong Rahwana lan digawa
menyang kraton Alengka. Sawise crita marang kahanane Shinta mau, Jatayu banjur nemoni
pati.
Ana ndalan menyang Alengka, Rama lan Lesmana kepethuk karo Anoman kang
wujude wanara utawa Si kethek Putih. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama ,Anoman
didhawuhi Rama supaya nggoleki menyang ngendi Shinta didelikake lan uga menehake ali-
aline Rama lan mangerteni kekuatane kraton Alengka. Nalika arep bali Anoman dicekel
wadyabala Alengka. Karepe Anoman arep diobong, nanging Anoman banjur mabur nggawa
geni kanggo ngobong kraton Alengka, kajaba taman Argosoka, panggone Shinta didhelikake
Rahwana. Banjur wasanane kedadean perang gedhekraton Pancawati lan kraton Alengka.
Wadyabalane alengka wujud buta-buta lan Wadyabalane pancawati wujud kethek-kethek
balane Sugriwa. Wadyabala lan senapati Alengka akeh sing ketiwasan. Pancawati menang,
banjur sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya. Ananging susah atine shinta
Shinta amarga ora bisa katampa dening Rama. Amarga Shinta wis dianggep ora suci maneh
dening Rama. Piye carane supaya bisa ditampa maneh dening rama, banjur Shinta sesuci lan
reresi awake saka geni mau.Sawise sesucen lagi bisa ditampa dening Rama. Wong sakloron
kuwi uripmulya nganti tumekaning pati
Sumber: http://gebyarbudayajawa.blogspot.com/2014/12/wayang-ramayana-kidang-kencana.html
Peserta didik ugi saged ningali video wonten
ing link menika:
https://youtu.be/b-krdCDh2KY
https://www.pngegg.com/
6|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
Tahap 3 (mengorganisasikan
peserta didik)
Materi Konseptual:
Sumangga para siswa saged nyinaoni materi wonten ngandhap kanthi cara dhiskusi
klompok!
Peta konsep
Negesi
tembung
angel
Maos Manggihi Teks cariyos
Cariyos nilai moral wayang
wayang
Ramayana Ramayana
(Kidang
Kencana)
https://www.pngegg.com/ Menyajikan
cariyos
Wayang
Ramayana
Sumangga parasiswa dipunsetiti materi pasinaon wonten ing pepanggihan menika adhedhasar peta
konsep wonten ing nginggil!
7|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
Cariyos Wayang Ramayana
Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung
"wewayangan", ananging mboten ngangge rerimbagan dwipurwa lan
panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha
jiwanipun manungsa
Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking
epos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa.
Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kemawon, nanging ugi ing tlatah
sanes ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni
dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang
edi peni ing babagan cariyos dongeng kalihan warisan ingkang paring aji
sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity)
Sumber saking: https://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang
Paraga-paraga wayang Ramayana
PRABU RAMA WIJAYA
Kasatriyane : Pancawati
Gaman : Panah Gunawijaya
Sifat : Bela kautaman, belani
tumindak leres, jejegaken prakawis
kanthi adil, ngayomi para brahmana
Gambar 2 miwah para kawula.
Garwa : Dewi Shinta
8|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
DEWI SHINTA
Kasatriyane : Manthili
Sifat : Setya dhateng
garwa, temen, prasaja, sabar,
narima Gambar 3
PRABU LESMANA
Dasa nama : Widagda, Sumitratmaja
Kasatriyane : Girikastuba Gambar 4
Gaman / Aji-aji : Jemparing Naracabala,
Panah Banuwastra / Rajah Kalacakra, mantra
Kalacakra. : Jujur, bekti dhateng sadherek
Sifat
sepuh, santosa ing tekad, tansah bela ingkang
leres, jejegaken prakawis kanthi adil
Gambar 4
ANOMAN
Dasa nama : Anjani putra, Bayudara,
Kapiwara, Palwaga Seta, Maruti, Rewanda Seta
Kasatriyane : Kendhalisada
Gaman : Aji sepiangin, aji pameling, aju
Mundri : Santosa ing tekad, jujur, kendel,
Sifat
bekti lan setya dhateng Gusti
Gambar 5
9|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap
SUGRIWA
Dasa nama : Guwarsa
Kasatriyane : Guwa Kiskendha
Sifat : Sentosa ing tekad,
taberi ing teteki
Garwa : Dewi Shinta
Gambar 6
KIDANG KENCANA (Kidang Emas) Gambar 7
boten wujud aslinipun, kidang
menika memba-memba saking ditya
Kalamarica ingkang dipunutus
dening Prabu Dasamuka (Rahwana)
supados saged godha Dewi Shinta.
RESI JATAYU Gambar 8
Salah sawijining paraga wonten ing cariyos
Ramayana. Resi Jatayu menika awujud peksi
garudha ingkang gadhah watak wicaksana.
Piyambakipun ingkang paring pitulungan
dhateng dewi Shinta nalika kadhusta dening
Prabu Dasamuka (Rahwana) ananging
Gambar 8 gugur kenging gamanipun Dasamuka
10 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
PRABU DASAMUKA
Dasa nama : Rahwana, wis-
rawaputra, Sukesiputra, Dasawanda
Kasatriyane : Alengka
Gaman / Aji-aji : Pedhang ment-awa /
Pancasona : Sumongah ses-
Sifat
ongaran, wengis lan kejem, licik
Gambar 9
KALAMARICA
Ditya ingkang dados abdinipun Prabu
Dasamuka. Kalamarica kagungan sedherek
ingkang asma Ditya Sukasarana.
Kalamarica nggadhahi sifat ingkang licik,
cerdik, saha saged memba-memba dados
menapa kemawon.
Gambar 10
11 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Unsur Instrinsik Cariyos Wayang
Unsur-unsur instrinsik cariyos wayang inggih menika:
1. Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
2. Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
3. Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.
4. Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5. Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun
prastawa ing salebeting cariyos.
6. Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe
dipunaturaken dhumateng pamaos.
7. Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.
Pangripta saged dados:
a. Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
b. Purusa katiga (orang ketiga )
c. Sarwi mangertos (serba tahu )
Sumber: https://nur-fitriani.blogspot.com/
12 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Tahap 4 (Membimbing
individu dan
penyelidikan
kelompok)
Materi Prosedural
Sumangga parasiswa kanthi cara dhiskusi klompok kangge mangretosi unsur instrinsik saha saged
nyerat ringkesan cariyos wayang saged ngecakaken urut-urutaning cara ing ngandhap!
Wonten ing salebeting cariyos wayang menika nggadhahi unsur-unsur ingkang saged mbangun
cariyos saking lebetipun, saha kathah piwulangan ingkang saged dipunpendhet saking salebeting
cariyos wayang. Adhedhasar prekawis siswa saged nindakaken cara kanthi urut-urutan kados
mekaten:
1. Siswa maos kanthi pemahaman cariyos wayang Ramayana Kidang Kencana: maos
pemahaman utawi komprehensif menika maos ingkang gadhah ancas supaya mangretos
undheraning cariyos ingkang wigati menapa kemawon.
2. Siswa negesi tembung-tembung ingkang awrat wonten ing salebeting cariyos: parasiswa
saged negesi tembung ingkang angel supaya langkung sae anggenipun nindakaken maos
pemahaman, ndadosaken sedaya prekawis ingkang wigati wonten ing salebeting cariyos
saged kagayuh.
3. Siswa manggihi nilai moral cariyos Wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana:
parasiswa manggihi nilai moral cariyos Wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana
wonten ing salebeting teks, nilai moral menika ingkang gayut kaliyan pagesangan ing
zaman samenika.
4. Siswa saged menyajikan cariyos Wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana: wonten
ing gladhen 2 para siswa saged menyajikan cariyos kanthi cara ndamel buku ingkang
prasaja ngewrat gambar paraga-paraga saha cariyos Wayang Ramayana lampahan Kidang
Kencana kanthi ringkes.
13 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Para siswa saged ngginakaken
link menika kangge tambah
seserepan babagan cariyos
wayang Ramayana Kidang
Kencana:
https://youtu.be/b-
krdCDh2KY
https://www.pngegg.com/
14 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Tahap 5 (Mengembangkan
dan menyajikan hasil karya)
Materi Metakognitif:
Sumangga parasiswa mawi dhiskusi klompok saged ngecakaken urut-urutaning mangretosi wos
saking cariyos wayang Ramayana Kidang Kencana wonten ing pasinaon menika!
1. Maos Pemahaman
Para siswa maos cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana kanthi premati.
Sasampunipun maos para siswa kedah mangretosi undheraning paragraph wonten ing
salebeting cariyos saha prekawis-prekawis ingkang wigati menapa sakin wosipun cariyos.
2. Negesi tembung ingkang angel
Para siswa saged negesi tetembungan ingkang angel mawi bausastra online kados
mekaten:
Web menika saged dipunakses mawi link menika: https://www.sastra.org/leksikon
No Tembung Angel Tegesipun
1 Tuladha: Rayi Adhi
2
3
15 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
3. Manggihi nilai moral cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana
No Nilai Moral Tuladha Wonten ing Pagesangan Zaman Samenika
1
2
3
4
5
6
4. Menyajikan Cariyos Wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana
a. Para siswa saged nyetak gambar paraga-paraga wayang Ramayana
b. Para siswa ndamel buku saking kertas HVS ingkang dipunreka dados buku alit
c. Gambar paraga wayang saged dipuntempel saha dipunparingi seratan cariyos ingkang
ringkes dados cariyos bergambar
Prabu Rama Prabu Rama Dewi Shinta kadhusta
Wijaya kadherekaken Wijaya nyepeng kidang dening Rahwana nalika
ingkang garwa Dewi kencana dugi rama Wijaya nyepeng
Shinta saha rayinipun satengahing alas. kidang wonten ing
Lesmana wonten ing satengahing alas.
alas dandaka. Kidang kencana
boten wujud aslinipun. Kidang kencana menika
sejatosipun Kalamarica
ingkang memba-
memba.
16 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Tahap 6 (Menganalisa dan
mengevaluasi proses pemecahan
masalah)
1. Bab angel menapa ingkang dados pambengan gayut kaliyan pasinaon menika?
a. Anggenipun nyebataken watak-watak saking paraga wayang Ramayana taksih angel.
b. Anggenipun nyerat ringkesan cariyos wayang Ramayana asring klentu gayut kaliyan
tembung saha ukaranipun.
c. Anggenipun nyerat ngangge basa krama alus taksih kangelan ngecakaken tembung
ingkang trep.
2. Dudutan
Dudutan saking teks cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana inggih menika
saged dados pasinaon wonten ing pagesangan amargi wonten ing salabeting cariyos
kathah piwulang-piwulang luhur.
3. Relevansi
a. Cariyos wayang saged kangge sarana hiburan ingkang taksih nyengkuyung kabudayan
Jawi.
b. Piwulang-piwulang luhur wonten ing salebeting cariyos saged dipuncakaken wonten
ing padintenan.
https://www.pngegg.com/
17 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Daftar Pustaka
1. Sutardjo, Imam. 2010. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah Fakultas
Sastra Dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret Surakarta.
2. Mulyono, Slamet dan Rulita Damameita Putri. 2015. Piwulang Basa Ndhidhik Karakter
Luhur Kanggo SMP/MTs Kelas IX. Surakarta: Mediatama.
3. Yatmana, Sudi dan Wasana. 2015. Padha Bisa Basa Jawa Kelas IX SMP/MTs. Jakarta:
Yudhistira.
4. Dwiyanti, A. 2022. Implementasi Metode Picture And Picture Dalam Upaya Peningkatan
Kemampuan Bercerita Cerita Wayang Kelas VIII C Mts Negeri Prembun. Metafora:
Jurnal Pendidikan Bahasa dan Sastra
Kapethik wonten ing link:
http://jurnal.umpwr.ac.id/index.php/jibsp/article/download/1987/1163
5. Handayani, Sri. 2021. Peningkatan Keterampilan Membaca Teks Cerita Wayang
Ramayana Lakon Anoman Dhuta Dengan Media Powerpoint Pada Siswa Kelas IX.
Stilistika: Jurnal Bahasa dan Sastra.
Kapethik wonten ing link:
https://ojs.mahadewa.ac.id/index.php/stilistika/article/view/1421/1186
6. Gunawan, Eko. 2018. Pembelajaran Cerita Wayang dengan Menerapkan Metode Story
Telling Menggunakan Gambar Berseri Kreasi Siswa SMAN 1 Wonosobo. Universitas
PGRI Semarang: Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah.
Kapethik wonten ing:
http://prosiding.upgris.ac.id/index.php/pbsd18/pbsd2018/paper/view/2382/2094
7. Video Stimulus mawi link: https://youtu.be/xe0Zvt60U3k
8. Video materi wayang Ramayana mawi link: https://youtu.be/b-krdCDh2KY
9. Bausastra Jawa online mawi link: https://www.sastra.org/leksikon
18 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p
Daftar Gambar
1. Gambar Cover: http://www.asianculture.net/2015/03/gambar-wayang-wayang-ramayana-2.html
2. Gambar 1: https://www.basajawa.my.id/2021/04/ringkasan-cerita-ramayana-kiang-kencana.html
3. Gambar 2: https://www.istockphoto.com/id/vektor/wayang-kulit-prabu-ramawijaya-
gm618957644-107846027
4. Gambar 3: https://wayang.wordpress.com/2006/10/26/sinta/
5. Gambar 4: https://blog.hadisukirno.co.id/laksmana/
6. Gambar 5: https://wayang.wordpress.com/2010/03/06/anoman-sang-pembebas/
7. Gambar 6: https://wayang.wordpress.com/2010/03/14/sugriwa-2/
8. Gambar 7: https://quizizz.com/admin/quiz/608f253ba9f135001b2e813d/gladhen-kidang-kencana-7
9. Gambar 8: https://wayang.wordpress.com/2010/08/29/wayang-ramayana/wy-jatayu/
10. Gambar 9: https://wayang.fandom.com/wiki/Dasamuka
11. Gambar 10: https://wayang.wordpress.com/2010/08/29/wayang-ramayana/wy-kalamarica/
19 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p