The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by lulutwahyu, 2022-10-30 09:14:40

BAHAN AJAR 2 (SASTRA)

BAHAN AJAR 2 (SASTRA)

https://id.pinterest.com/pin/569564684125023461/

Kelas VII Semester Genap

Dening: Lulut Wahyuningsih, S.Pd.
1|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

A. Kompetensi Inti
1. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang
ilmu pengetahuan,teknologi, seni budaya terkait ppenomena dan kejadian yang tampak mata).
2. Mencoba,mengolah, dan menyaji, dalam ranah konkret( menggunakan, mengurai, merangkai,
memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, mmembaca, menghitung, dan mengarang)
sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori).

B. Kompetensi Dasar dan Tujuan Pembelajaran Tujuan Pembelajaran
Kompetensi Dasar

3.3 Memahami isi teks cerita 3.3.1 Menganalisis unsur instrinsik teks cerita Ramayana lakon
4.3.1 kidang kencana (C4)
Ramayana Kidang
Membuat ringkasan isi teks cerita wayang Ramayana lakon
Kencana. Kidang Kencana

4.3 Meringkas isi teks cerita

wayang Ramayanan

Kidang Kencana.

C. Setelah mengikuti serangkaian kegiatan pembelajaran dengan pendekatan saintifik, model pembelajaran
Problem Based Learning (PBL), dan metode ceramah, tanya jawab, dan diskusi, serta presentasi siswa dapat:
1. Menganalisis unsur instrinsik teks cerita Ramayana lakon kidang kencana dengan penuh tanggung jawab
(C4)
2. Membuat ringkasan isi teks cerita wayang Ramayana lakon Kidang Kencana dengan berpikir kritis (P3)

https://www.pngegg.com/

2|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Tahap 1 Stimulus

Materi Faktual :
1. Peserta didik nyemak dwija ingkang meragakaken wayang kanthi paraga-paraga wonten ing cariyos

Ramayana.

Gambar 1

https://jateng.tribunnews.com/2016/02/25/unik-pak-guru-di-demak-ini-mengajar-menggunakan-media-wayang-kulit

https://www.pngegg.com/

2. Parasiswa ugi saged nyemak tuladha pagelaran ringgit wonten ing video mawi link menika:

https://www.youtube.com/watch?v=OYiYtUnxfL4

3|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Tahap 2 (Orientasi Peserta Didik Terhadap Masalah)

Sumangga parasiswa saged mahami materi teks cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana wonten ing
ngandhap saha video ingkang sampun dipunsamektakaken! Menawi wonten bab ingkang dereng cetha saged atur
pitakenan dhateng dwija.

KIDANG KENCANA

Gambar 2

https://www.basajawa.my.id/2021/04/ringkasan-cerita-ramayana-kiang-kencana.html

Ing sawijining dina Rama, Shinta, lan Lesmana ana ing wana lagi bubar nglampahi
paukuman suwene limolas taun. Lesmana menika rayinipun Rama. Nalika wong telu kuwi
ngaso ana wana, banjur dumadakan ana kidang elok banget. Sungunedawa tur rupa wulune
kuwi rada emas.Kidang kuwi playon ana sangarepe wong telu kuwi.Shinta kepincut atine,
karepe pengin nduweni kidang kuwi kanggo dheweke.Amarga tresnane Rama sing banget
gedhene, dheweke ora bisa nolak panjalukke Shinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep
nyekel kidang kuwi, dheweke aweh pesen marang Lesmana.Pesene Rama marang Lesmana
supaya tansah njaga lan ngancani Dewi Shinta ana ing wana, aja nganti pisan-pisan Lesmana
ninggalake Dewi Shinta dhewean ana ing wana.Banjur Rama mangkat golek kidang kencana
kuwikanggo Shinta. Kidang kuwi mlayu nganti tekan jeroning alas. Sansaya jero sansaya
peteng, amarga cahyaning surya ora bisa nembus tengah wana kuwi. Amarga pegel atine,
sanalika Rama langsung ngunus lan ngeculake panahe. Banjur pas kena awakke kidang
kencana kuwi. Kidang kencana ambruk ana lemah, ananging dumadakan ilang barengan karo
swara raseksa Kala Marica. Yakuwi buta saka Alengka. Kongkonane Rahwana. Swara kuwi
hangemba-emba kaya swarane Rama jaluk tulung menyang Lesmana yen Rama ketekan
cilaka. Shinta lan lesmana sing hanganti-anti tekaning

4|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Rama uga krungu swara kuwi. Rama krasa ora kepenak atine, kelingan marang Shinta.
sanalika Rama langsung bali arep mesthekake kahanane Shinta. Shinta sing krungu swara mau
langsung trataban atine kuwatir marang kahanane Rama.Lesmana sing wis ngerti babagan
kekuatane kangmase ora nduwe rasa kuwatir. Amarga dheweke ngerti yen kangmase sekti
mandraguna. Shinta nyuwun karo Lesmana supaya nyusul lan mesthekake priye kahanane
kangmase. Lesmana ora gelem, amarga wis janji menyang kangmase yen ora bakal ninggal Shinta
dhewe ana wana kana. Lesmana wis ngemutake dening Shinta yen swara kuwi dudu swarane
Rama. Ananging saking gedhe rasa tresnane Shinta lan dheweke kuwatir ana apa-apa menyang
Rama. Ora dinyana- nyana, Shinta kebacut ngendika ora kepenak marang Lesmana. Shinta
nudhuh Lesmana seneng marang dheweke.

Amarga loro ati karo omongane Shinta, Lesmana nyanggupi panjalukke Shinta. Lesmana
nyanggupi panjalukke Shinta. Ananging ana wana kana, shinta digawekake garis bunderan lan ora
oleh metu saka garis kuwi, amarga netepi janjine marang kakangane yaiku tansah njaga Dewi
Sinta ana ing wana supaya ora ana wong kang bisa ndhusta lan nyilakani Dewi Shinta.

Bubar anggone gawe garis bunderan Lesmana langsung lunga nyusul kangmase.Rama
atine wis ora karu-karuan. Mikir kahanane Shinta saiki kepriye.Sansaya ora karuan nalika
dheweke kepethuk karo adhine ana tengah wana. Banjur arep takon menyang adhine, ananging
sadurunge takon adhine wis cerita dhisik alasane ninggal Shinta dhewe ana wana kana.Bubare
Lesmana crita anggone ninggal Shinta, Rama ngerti yen kedadeyan kuwi reka-rekane Rahwana.
Raseksa bengis sing tresna lan kepingin nduweni Shinta. Kesusu anggone mlaku nganti
kesandhung-sandhung samubarang apa sing ana lemah, Rama kuwatir yen Shinta dijupuk digawa
mlayu Rahwana

Ana wana kuwi Shinta gumun, amarga ing wana kaya ngono ana simbah-simbahgolek
kayu.Banjur simbah kuwi nyuwun toya amarga ngelak anggone golek kayu lali orasangu banyu.
Ananging kuwi namung akal-akalane Rahwana wae. Ngerti yen Shinta ikuora tegel yen weruh
kaya ngono kuwi. Pancen watake Shinta sing sayang karo sapa wae. Nalika Shinta arep menehi
toya tangane ngluwihi garis bunderan sing digawekake menyang Lesmana mau. Banjur tangane
digeret simbah kuwi lan dumadakan wujude malih asline, yaiku Rahwana. Raseksa elek tur bengis.

.

5|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Shinta tiba ana rangkulane Rahwana lan ora bisa obah. Langsung arep digawa mabur lunga
menyang kahyangan. Lagi wae anggone mabur, dumadakan ana peksi garuda sing araep nulungi
Shinta. Peksi kuwi nduweni jeneng yaiku Jatayu. Ananging nalika gelut karo Rahwana, Jatayu
kena sabetan pedhange Rahwana. Getihe gobrah-gobrah, banjur tiba ana bumi. Awake kebak
getihe ananging dheweke isih urip. Langsung Shinta digawa lunga menyang Alengka dening
Rahwana. Rama lan Lesmana tekan panggonne Shinta mau, ananging Shinta wis diculik dening
Rahwana. Ketilapan anggone njaga Shinta wis digawa lunga. Bingung anggone nggudak kepriye,
banjur nerusake laku. Ora adoh saka panggon kuwi mau, Rama lan Lesmana kepethuk Jatayu
sing lagi tiba ing lemah tanpa daya. Sadurunge nemoni pati, Jatayu isih bisa cerita yen Shinta
dicolong Rahwana lan digawa menyang kraton Alengka. Sawise crita marang kahanane Shinta
mau, Jatayu banjur nemoni pati.

Ana ndalan menyang Alengka, Rama lan Lesmana kepethuk karo Anoman kang wujude
wanara utawa Si kethek Putih. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama ,Anoman didhawuhi Rama
supaya nggoleki menyang ngendi Shinta didelikake lan uga menehake ali-aline Rama lan
mangerteni kekuatane kraton Alengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadyabala Alengka.
Karepe Anoman arep diobong, nanging Anoman banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong
kraton Alengka, kajaba taman Argosoka, panggone Shinta didhelikake Rahwana. Banjur wasanane
kedadean perang gedhekraton Pancawati lan kraton Alengka. Wadyabalane alengka wujud buta-
buta lan Wadyabalane pancawati wujud kethek-kethek balane Sugriwa. Wadyabala lan senapati
Alengka akeh sing ketiwasan. Pancawati menang, banjur sawise perang Rama lan Shinta bali
menyang Ayodya. Ananging susah atine shinta Shinta amarga ora bisa katampa dening Rama.
Amarga Shinta wis dianggep ora suci maneh dening Rama. Piye carane supaya bisa ditampa maneh
dening rama, banjur Shinta sesuci lan reresi awake saka geni mau.Sawise sesucen lagi bisa ditampa
dening Rama. Wong sakloron kuwi uripmulya nganti tumekaning pat

Peserta didik ugi saged ningali
video wonten ing link menika:
https://www.youtube.com/watc

h?v=IUW_nv-ZpbM

https://www.pngegg.com/

6|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Tahap 3 (mengorganisasikan
peserta didik)

Materi Konseptual:

Sumangga para siswa saged nyinaoni materi wonten ngandhap kanthi cara dhiskusi
klompok!

Peta konsep

Negesi
tembung

angel

Maos Unsur- Teks cariyos
Cariyos unsur wayang
wayang instrinsik
Ramayana Ramayana
(Kidang
Kencana)

https://www.pngegg.com/

Ringkesan
cariyos

Sumangga parasiswa dipunsetiti materi pasinaon wonten ing pepanggihan menika adhedhasar peta
konsep wonten ing nginggil!

Cariyos Wayang Ramayana

Wayang punika tembung wod ingkang tegesipun sami kaliyan tembung
"wewayangan", ananging mboten ngangge rerimbagan dwipurwa lan
panambang -an. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak saha
jiwanipun manungsa

Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking
epos Mahabarata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa.
Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kemawon, nanging ugi ing tlatah
sanes ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni
dening UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang
edi peni ing babagan cariyos dongeng kalihan warisan ingkang paring aji
sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity)

Sumber saking: https://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang

Paraga-paraga wayang Ramayana

PRABU RAMA WIJAYA

Kasatriyane : Pancawati

Gaman : Panah Gunawijaya

Sifat : Bela kautaman, belani

tumindak leres, jejegaken prakawis kanthi

adil, ngayomi para brahmana miwah para

Gambar 3 kawula. : Dewi Shinta
Garwa

1|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

DEWI SHINTA

Kasatriyane : Manthili

Sifat : Setya dhateng

garwa, temen, prasaja, sabar, narima Gambar 4

PRABU LESMANA

Dasa nama : Widagda, Sumitratmaja

Kasatriyane : Girikastuba Gambar 4

Gaman / Aji-aji : Jemparing Naracabala, Panah

Banuwastra / Rajah Kalacakra, mantra

Kalacakra. : Jujur, bekti dhateng sadherek
Sifat

sepuh, santosa ing tekad, tansah bela ingkang

Gambar 5 leres, jejegaken prakawis kanthi adil

ANOMAN
Dasa nama : Anjani putra, Bayudara, Kapiwara,

Palwaga Seta, Maruti, Rewanda Seta

Kasatriyane : Kendhalisada

Gaman : Aji sepiangin, aji pameling, aju

Mundri : Santosa ing tekad, jujur, kendel,
Sifat

bekti lan setya dhateng Gusti

Gambar 6

2|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

SUGRIWA

Dasa nama : Guwarsa
Kasatriyane : Guwa Kiskendha
Sifat : Sentosa ing tekad,

taberi ing teteki
Garwa : Dewi Shinta

Gambar 7 Gambar 8

KIDANG KENCANA (Kidang Emas)
boten wujud aslinipun, kidang menika
memba-memba saking ditya
Kalamarica ingkang dipunutus dening
Prabu Dasamuka (Rahwana) supados
saged godha Dewi Shinta.

RESI JATAYU Gambar 8

Salah sawijining paraga wonten ing cariyos

Ramayana. Resi Jatayu menika awujud
peksi garudha ingkang gadhah watak

wicaksana. Piyambakipun ingkang paring

pitulungan dhateng dewi Shinta nalika
kadhusta dening Prabu Dasamuka

Gambar 9 (Rahwana) ananging gugur kenging

gamanipun Dasamuka

3|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

PRABU DASAMUKA

Dasa nama : Rahwana, wis-

rawaputra, Sukesiputra, Dasawanda

Kasatriyane : Alengka

Gaman / Aji-aji : Pedhang ment-awa /

Pancasona : Sumongah ses- ongaran,
Sifat

wengis lan kejem, licik

Gambar 10

KALAMARICA
Ditya ingkang dados abdinipun Prabu
Dasamuka. Kalamarica kagungan sedherek
ingkang asma Ditya Sukasarana.
Kalamarica nggadhahi sifat ingkang licik,

cerdik, saha saged memba-memba dados
menapa kemawon.

Gambar 11

4|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Unsur Instrinsik Cariyos Wayang

Unsur-unsur instrinsik cariyos wayang inggih menika:
1. Tema,inggih menika gagasan baken ingkang dados dhasaring cariyos.
2. Paraga,inggih menika purusa ingkang nglakokake cariyos.
3. Penokohan,inggih menika gambaran watak paraga.
4. Alur/plot,inggih menika rerangkening cariyos ingkang kadhapuk kanthi logis.
5. Latar/setting,inggih menika panggenan,wekdal,utawi swasana kadadosanipun

prastawa ing salebeting cariyos.
6. Amanat/pesan,inggih menika pitutur utawi pesen pangripta ingkang badhe

dipunaturaken dhumateng pamaos.
7. Sudut pandang,inggih menika posisi pangripta wonten ing cariyos.

Pangripta saged dados:
a. Purusa kapisan paraga utama (orang pertama pelaku utama )
b. Purusa katiga (orang ketiga )
c. Sarwi mangertos (serba tahu )

5|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Tahap 4 (Membimbing
individu dan
penyelidikan

kelompok)

Materi Prosedural
Sumangga parasiswa kanthi cara dhiskusi klompok kangge mangretosi unsur instrinsik saha saged
nyerat ringkesan cariyos wayang saged ngecakaken urut-urutaning cara ing ngandhap!

Wonten ing salebeting cariyos wayang menika nggadhahi unsur-unsur ingkang saged mbangun
cariyos saking lebetipun, saha kathah piwulangan ingkang saged dipunpendhet saking salebeting
cariyos wayang. Adhedhasar prekawis siswa saged nindakaken cara kanthi urut-urutan kados
mekaten:

1. Siswa maos kanthi pemahaman cariyos wayang Ramayana Kidang Kencana: maos
pemahaman utawi komprehensif menika maos ingkang gadhah ancas supaya mangretos
undheraning cariyos ingkang wigati menapa kemawon.

2. Siswa negesi tembung-tembung ingkang awrat wonten ing salebeting cariyos: parasiswa
saged negesi tembung ingkang angel supaya langkung sae anggenipun nindakaken maos
pemahaman, ndadosaken sedaya prekawis ingkang wigati wonten ing salebeting cariyos
saged kagayuh.

3. Siswa nganalisis unsur-unsur ingkang mbangun cariyos: parasiswa madosi unsur-unsur
ingkang mbangun cariyos ing salebeting cariyos punapa saged dipunsebat unsur instrinsik,
kados ta: tema, paraga, watak paraga, alur, latar utawi setting, sudut pandang, saha amanat
saking cariyos.

4. Siswa saged ndamel review utawi ringkesan cariyos: wonten ing pungkasan siswa saged
ndamel ringkesan cariyos kangge tandha sampun mangretos saha paham wos saking
cariyos ingkang dipunwaos.

6|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Parasiswa saged ngginakaken
link menika kangge tambah
seserepan babagan cariyos
wayang Ramayana Kidang
Kencana:
https://www.youtube.com/watch
?v=t_aX-eSDLv0

https://www.pngegg.com/

7|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Tahap 5 (Mengembangkan
dan menyajikan hasil karya)

Materi Metakognitif:

Sumangga parasiswa mawi dhiskusi klompok saged ngecakaken urut-urutaning mangretosi wos
saking cariyos wayang Ramayana Kidang Kencana wonten ing pasinaon menika!

1. Maos Pemahaman
Para siswa maos cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana kanthi premati.
Sasampunipun maos para siswa kedah mangretosi undheraning paragraph wonten ing
salebeting cariyos saha prekawis-prekawis ingkang wigati menapa sakin wosipun cariyos.

2. Negesi tembung ingkang angel
Para siswa saged negesi tetembungan ingkang angel mawi bausastra online kados
mekaten:

Web menika saged dipunakses mawi link menika: https://www.sastra.org/leksikon

No Tembung Angel Tegesipun

1 Tuladha: Rayi Adhi

2

3

8|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

3. Analisis unsur instrinsik Asiling analisis
No Unsur Instrinsik
1 Tema a. Prabu Rama Wijaya Ksatriya, Budi Luhur
2 Paraga/watak b.
c.
3 Alur d.
4 Latar/setting
5 Sudut pandang
6 Amanat

4. Ringkesaning cariyos
Tata cata damel ringkesan inggih menika:
a. Wonten irah-irahanipun
b. Kedah saged mangsuli pitakenan: punapa, sinten, kenangapa, kapan, wonten ing pundi, saha
kados pundi.
c. Wonten amanat/pitutur luhur
d. Dipunserat kanthi tata tulis saha ejaan ingkang trep

Cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana menika nyariosaken Prabu Rama
Wijaya, Dewi Shinta, saha Prabu Lesmana ingkang nglampahi paukuman wonten ing wana
dangunipun………………………………………………………………………………………………………………………………
…….……………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………………………………
………

9|Bahan Ajar Wayang Ramayana Kelas VII Semester Genap

Tahap 6 (Menganalisa dan
mengevaluasi proses pemecahan
masalah)

1. Bab angel menapa ingkang dados pambengan gayut kaliyan pasinaon menika?
a. Anggenipun nyebataken watak-watak saking paraga wayang Ramayana taksih angel.
b. Anggenipun nyerat ringkesan cariyos wayang Ramayana asring klentu gayut kaliyan
tembung saha ukaranipun.
c. Anggenipun nyerat ngangge basa krama alus taksih kangelan ngecakaken tembung
ingkang trep.

2. Dudutan
Dudutan saking teks cariyos wayang Ramayana lampahan Kidang Kencana inggih menika
saged dados pasinaon wonten ing pagesangan amargi wonten ing salabeting cariyos
kathah piwulang-piwulang luhur.

3. Relevansi
a. Cariyos wayang saged kangge sarana hiburan ingkang taksih nyengkuyung kabudayan
Jawi.
b. Piwulang-piwulang luhur wonten ing salebeting cariyos saged dipuncakaken wonten
ing padintenan.

https://www.pngegg.com/

10 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p

Daftar Pustaka

1. Sutardjo, Imam. 2010. Kajian Budaya Jawa. Surakarta: Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra
dan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret Surakarta.

2. Mulyono, Slamet dan Rulita Damameita Putri. 2015. Piwulang Basa Ndhidhik Karakter Luhur
Kanggo SMP/MTs Kelas IX. Surakarta: Mediatama.

3. Yatmana, Sudi dan Wasana. 2015. Padha Bisa Basa Jawa Kelas IX SMP/MTs. Jakarta:
Yudhistira.

4. Dwiyanti, A. 2022. Implementasi Metode Picture And Picture Dalam Upaya Peningkatan
Kemampuan Bercerita Cerita Wayang Kelas VIII C Mts Negeri Prembun. Metafora:
Jurnal Pendidikan Bahasa dan Sastra
Kapethik wonten ing link:
http://jurnal.umpwr.ac.id/index.php/jibsp/article/download/1987/1163

5. Handayani, Sri. 2021. Peningkatan Keterampilan Membaca Teks Cerita Wayang
Ramayana Lakon Anoman Dhuta Dengan Media Powerpoint Pada Siswa Kelas IX.
Stilistika: Jurnal Bahasa dan Sastra.
Kapethik wonten ing link:
https://ojs.mahadewa.ac.id/index.php/stilistika/article/view/1421/1186

6. Gunawan, Eko. 2018. Pembelajaran Cerita Wayang dengan Menerapkan Metode Story
Telling Menggunakan Gambar Berseri Kreasi Siswa SMAN 1 Wonosobo. Universitas
PGRI Semarang: Pendidikan Bahasa dan Sastra Daerah.
Kapethik wonten ing:
http://prosiding.upgris.ac.id/index.php/pbsd18/pbsd2018/paper/view/2382/2094

7. Video Stimulus (https://www.youtube.com/watch?v=OYiYtUnxfL4)
8. Video Pendek (https://www.youtube.com/watch?v=IUW_nv-ZpbM)
9. Video materi tambahan: ( https://www.youtube.com/watch?v=t_aX-eSDLv0)
10. Kamus Bausastra Jawa online (https://www.sastra.org/leksikon)

Daftar Gambar

1. Gambar Cover: http://www.asianculture.net/2015/03/gambar-wayang-wayang-
ramayana-2.html

2. Gambar 1: https://jateng.tribunnews.com/2016/02/25/unik-pak-guru-di-demak-
ini-mengajar-menggunakan-media-wayang-kulit

3. Gambar 2: https://www.basajawa.my.id/2021/04/ringkasan-cerita-ramayana-
kiang-kencana.html

11 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p

4. Gambar 3: https://www.istockphoto.com/id/vektor/wayang-kulit-prabu-
ramawijaya-gm618957644-107846027

5. Gambar 4: https://wayang.wordpress.com/2006/10/26/sinta/
6. Gambar 5: https://blog.hadisukirno.co.id/laksmana/
7. Gambar 6: https://wayang.wordpress.com/2010/03/06/anoman-sang-pembebas/
8. Gambar 7: https://wayang.wordpress.com/2010/03/14/sugriwa-2/
9. Gambar 8:

https://quizizz.com/admin/quiz/608f253ba9f135001b2e813d/gladhen-kidang-
kencana-7
10. Gambar 9: https://wayang.wordpress.com/2010/08/29/wayang-ramayana/wy-
jatayu/
11. Gambar 10: https://wayang.fandom.com/wiki/Dasamuka
12. Gambar 11: https://wayang.wordpress.com/2010/08/29/wayang-ramayana/wy-
kalamarica/

12 | B a h a n A j a r W a y a n g R a m a y a n a K e l a s V I I S e m e s t e r G e n a p


Click to View FlipBook Version