The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by srio.diajengdolpin, 2021-12-01 02:00:18

PAWARTA 3

PAWARTA

Keywords: BAHASa JAWA

4.3 Menanggapi,menulis, dan
menyajikan teks pawarta secara tulis

maupun lisan.

Undha-usuk basa Jawa ing Jaman modern

1. Ngoko lugu
 Basa ngoko lugu, kadhapuk saka tembung-tembung

ngoko kabeh, tembung-tembung: aku, kowe,
lan ater-ater dak-, ko-, di-, lan panambang ku-,
mu-, ake- ora ewah.
 Basa ngoko lugu digunakake kanggo:
 Marang sapadha-padha kang wis kulina banget
 Marang sing kaprenah enom utawa andhahane
 Sing lagi ngunandhika/ mbatin
 Wong manca sing durung akeh kabisane basa Jawa
 Tuladha Pacelathon:
 Omongan bocah karo bocah sing wis kulina : “Kowe arep menyang ngendi, Di?”
 Wong tuwa marang anak : “Nik, tulung jupukna buku iku!”
 Yen lagi ngunandhika : “Kapan ya aku duwe sepedha motor?”

2. Ngoko alus

 Basa ngoko alus iku mujudake wewangunan basa kang kadhapuk saka basa
ngoko kang cecampuran karo tembung-tembung krama inggil. Ater-ater lan
panambang isih tetep ngoko.

 Basa ngoko alus digunakake kanggo :
 Wong sing pada tuwane,
 Pada drajade upamane guru karo guru, ibu marang bapak.
 Dienggo dening wong tuwa marang wong enom, sing duwe pangkat
 Dienggo dening wong tuwa marang wong enom, sing suwe ora tau pethuk
 Dienggo dening wong tuwa marang wong sing uwis kulina nanging nduweni

rasa ngajeni.
 Tuladha :
 Ibu marang bapak: “Pak, yen arep dhahar wis daktata ana ing meja.”
 Adhi marang kangmase: “Mas, yen kersa mengko dakampiri mriksani bioskup.”
 Kangmas marang adhine: “Dhik, iki lo dakcaosi oleh-oleh saka Sala.”
 Anak marang wong tuwane: “Bu, yen arep tindak dakterake”
 Guru pada guru kang wus akrab/kulina: “Lo Bu, astane ki kena apa kok

dibuntel karo digendhong barang.”

3. Basa Krama

 Basa krama, kang diarani basa krama iku basane wong enom marang
wong tuwa utawa kang sapadhane. Dene wujude yaiku tembung
krama nganggo ater-ater krama lan panambang krama. Kang lumrah
nganggo basa krama yaiku anak marang wong tuwane, murid marang
gurune, kanca pada kanca kang pati kulina.

 Tuladha :

 Ari : “Lo, Adi badhe tindak dhateng pundhi?”

 Adi : “Badhe dhateng Klaten dipuntimbali Eyang.”

4. Krama Inggil
Krama inggil yaiku unggah-ungguh basa ing tataran krama alus mujudake
wewangunan basa kang dumadi saka basa kang kecampuran tembung-
tembung krama inggil, dene eter-ater lan panambange dikramakake.

 Aku diewahi dadi kawula, abdi dalem kawula,  Basa krama inggil biasane dienggo dening :
utawa dalem.
 Priyayi cilik marang priyayi gede
 Kowe diewahi dadi panjenengan.
 Wong enom marang wong tuwa
 Ater-ater dak-diewahi dadi kawula, adalem
utawa kula  Nalika ngmongake priyayi luhur

 Ater-ater di- diewahi dadi dipun  Murid marang gurune

 Ater- ater ko- diewahi dadi panjenengan dalem/  Anak marang wong tuwane
 Batur marang bendharane
sampeyan dalem kanggo ratu.

 Panambang ku- diewahi dadi kawula, kula, abdi  Wong kang lagi tetepungan anyar

dalem kawula.Tembung arane diewahi dadi  Andhahan marang pimpinane
dalem.  Tuladha:
 Tanto : “Mangga pak pinarak ing griya kula?”
 Panambang mu- diewahi dadi dalem  Pak Narto : “Ya, matur nuwun”
 Yen ana tembung sing kudu disalini krama
 Panambang e- diewahi dadi ipun

 Panambang ake- diewahi dadi aken.

inggil, nanging krama inggile ora ana, sing

dienggo banjur krama lugu.

Matur Nuwun


Click to View FlipBook Version