KD. 3.3 Menelaah teks pawarta
KD. 4.3 Menanggapi, menulis, dan
menyajikan teks pawarta secara
tertulis maupun lisan.
2. Titiane pawarta:
a. Tinemu ing akal (penalaran logis),
b. Informasi pepak kang jumbuh karo rumus 5 W
+ 1 H,
c. Struktur basa kang trep,
d. Diksi trep ora ambigu
e. Narik kawigaten
f. Basa kang nengsemake
3. Perangan pawarta:
a. Headline (judul/ irah-irahan).
b. Deadline (batas wektu): nudhuhake papan
kedadeyan lan jeneng media massa.
c. Lead (teras pawarta) biyasane katulis ing
wiwitan paragraf.
d. Body language (surasane pawarta, bahasa
tubuh) minangka pengembangan pawarta.
4. Unsur pawarta: 5W + 1H
5. Sifat Pawarta:
a. Aktual (anyar) f. Tintrim/ ketegangan
b. Jarak (adhoh/cedhak) g. Kemajuane inovasi
c. Penting h. Emosi
d. Akibat i. Humor
e. Congkrah/ konflik
6. Nilai pawarta miturut Syamsul M. Romli:
a. Cepet (aktual & pas wektune)
b. Nyata (informasi babagan sawijining fakta)
c. Penting (sesambungan karo wong akeh)
d. Menarik (bisa narik kawigatene pamiyarsane)
7. Etika nulis pawarta:
a. Objektif: pawarta ora kena dikantheni
kepentingan pribadhi)
b. Cover both side: pawarta iku imbang aja abot
siji, luwih-luwih nyebutake pihak-pihak kang ana
sesambungane karo pawarta kasebut.
8. Teknik nulis pawarta:
a. Pengorganisasian/ nglumpukake data/ fakta
b. Nemtokake teras berita (lead)
c. Milih tembung
9. Editing utawa penyuntingan:
Yaiku pagawean kang intelektualitas & teknis jalaran mbutuhake wawasan kang
amba kanggo validasi fakta ing sawijining fakta, uga tliti nalika milih tembung,
ukara, & tanda wacan.
Tujuan editing yaiku ndadekake naskah dadi hebat, layak siar, layak muat, enak
diwaca, sarta gampang dipahami pamaca.
Teknik Editing kaperang dadi lara yaiku:
a. Teknik editing redaksional
1) Golek kesalahan-kesalahan faktual lan dandani. Saumpamane salah tulis
bab jeneng, jabatan, gelar, tangga kedadeyan, jeneg papan panggonan,
alamat lsp.
2) Dandani kaluputan ing panganggo tandha wacan.
3) Tegas ngenani bab panganggonan huruf kapital, panganggonan gelar,
tandha wacan, ejaan, tata basa, pamilihan jenis huruf kanggo judhul lsp.
4) Nyingkat tulisan dicocogake karo panggonan kang ana, kalebu ngguwak
paragraf kang ora penting.
5) Ngganti tembung utawa istilah kanggo njangkepi prisip ekonomi
tembung.
6) Njangkepi tembung utawa istilah kanthi bahan tipografi, kayata judhul
(subjudhul), yen diperlokake.
7) Nulis/ nemtokake judhul & teras pawarta, yen diperlokake.
8) Ing saperangan surat kabar, editing uga kalebu nulis caption (katranngan
gambar) kanggo photo lan pagawean liyane kang ana sesambungane kari
crita kang disunting mau.
b. Teknik editing subtansional.
1) Nggatekake apa naskah pawarta wis bisa netepi nilai-nilai
jurnalistik lan kriteria layak muat, aktual, faktual, penting, &
narik kawigaten.
2) Naliti apa naskah pawarta wis naati doktin kajujuran (fairness
doctrine) utawa asas keberimbangan (cover both side).
3) Nggatekake opini, interpretasi, utawa penilaian luwih dominan
tinimbang fakta kasil liputan.
4) Njaga supaya ora kedadean kontradiksi ing sawijining
pawarta.
5) Njaga supaya ora penghinaan, arti ganda, lan tulisan kang
njengkelake (bad state).
6) Sadar ngenani sipat-sipat umum bab umur, taraf hidup, &
gaya hidup para pamaca utama kalawarti, lang nyunting
naskah kanthi sipat umum.
7) Ndandani tulisa opini (artikel) kanthi maneka cara tanpa
ngrusak cara oamanggit ngandakake panemune.
8) Njaga mlebune iklan kang ora dikarepake ing sajrone pawarta.
a. Nggunakake f. Ekspresi kang trep
pangucap kang trep g. Ngatur alaon lan
b. Pamedhote frasa cepete pamaca
kang trep h. Ngolah treping
c. Nggunakake mlebu wetuning napas
intonasi, nada, lan i. Mahami wacan
tekanan kang trep j. Pracaya marang dhiri
d. Ngreteni tandha pribadi
wacan kanthi trep
e. Swara kang cetha
Ekspresi kang trep
Hajad Kawula Dalem Lampah Budaya Mubeng Benteng Diilangi
Kanggo nyingkiri penyebaran Covid-19 Keraton Yogyakarta ngilangi Hajad Kawula
Dalem Lampah Budaya Mubeng Bengteng kanggo mengeti gantine Taun Jawa 1 Sura
jimangkir 1954, kang tiba ing dina Kemis (20/8/2020) ngesuk.
Penghageng Kawedanan Hageng Panitrapura Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, GKR
Condrokirana ngendika tradhisi Mubeng Benteng ora dianakake kanggo mengeti gantine
taun Jawa iki kanggo netepi himbauan pamarintah.
Kanggo dimangerteni, ritual 1 Suro kanthi tradisi Tapa Bisu ngubengi Benteng Keraton
Yogyakarta biasane dianakake nalika tengah wengi.
Ing upacara kasebut, panyarta Mubeng Benteng ora enthuk celatu sanadyan namung
satembung.
Mubeng Benteng yaiku tradhisi kuna, kang duweni ancas kanggo mapak wiwite taun anyar
penanggalan Jawa 1 Sura utawa 1 Muharam.
Panyarta Mubeng Benteng mlaku mubeng kurang luwih 5 kilometer, biasane ing tradhisi iki
dipeloni ewonan warga saubenge Yogyakarta sarta para abdi dalem Keraton.
Mubeng Benteng diwiwiti saka Keben, ing saubenge Bangsal Ponconiti Keraton Yogyakarta.
Proses diwiwiti sawise lonceng Kyai Branjanala ing regol Keben diunekake kaping 12.
Abdi dalem kang wis nganggo sandhangan Jawa tanpa keris nggawa gendera Indonesia
sarta panji-panji Keraton Yogyakarta.
Rombongan abdi dalem ana ing ngarep banjur disusul masyarakat, kalorone meneng
namung ndedongan sajrone proses Mubeng Benteng. Rute kang diubengi yaiku wiwit
Keben, ngliwati dalan Rotowijayan, dalan Kauman Agus Salim, Wahid Hasim, Surowijayan.
Banjur ngliwati pojok Benteng Kulon, MT Haryono, Mayjen Sutoyo, pojok Benteng Wetan,
Brigjen Katamso, Ibu Ruswo, Alun-alun lor lan bali ning Keben.
Kapetik saka Kompas. Com