4.2 MENULIS DAN MENYAJIKAN SINOPSIS TEKS CRITA
CEKAK YANG DIBACAKAN.
A. Nulis synopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/
cocog karo konteks lan pranatan/ aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutan lan basane
synopsis kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga,
watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang
digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu
padha karo urutan crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo
nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.
B. Naliti sinopsis crita cerkak gegayutan karo njumbuhake karo
konteks lan pranatan
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja umpamane)
padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan
kaya ngene iki umume diarani njlimeti/ menyunting. Ing kegiyatan njlimeti/
disunting bisa aksarane, urutane ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku
mau umpama ana kang kleru ya dibenerake perangan kang kurang ditambahi,
lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isene crita ora prelu dibenerake,
amarga iku hake panganggit/ pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake
gagasan. Kemerdikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran
diarani lisesia poetika.
Cuplikan crita cekak
Sepisan lang Pungkasan
Wektu kuwi aku lagi munggah kelas lima. Nalika mlebu kelas, ana murid anyaran lanang
sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi beda karo kanca-kancaku sing lawas. Dheweke
duwe ciri, sikile sengkleh siji sing tengen, awake gering, lan rambute aring-aring, meh gundhul, jenenge
Andri.
Ing dina sepisanan mlebu iku, Bu Guru ndhawuhi supaya saben siswa ngenalaken awake
dhewe-dhewe ing ngarep kelas.Tekan gilirane bocah anyar kuwi mau, kanca-kancaku sakelas padha
ngguyu cekakakan. Bu Puji, guruku rada duka amarga kanca-kancaku sajake ngina marang Andri.
…
….Aku langsung ngadeg, nulungi Andri karo mberesi buku-bukune sing morak-marik mau.Andri
banjur ngucapake matur nuwun menyang aku, tangane isih ngebut-ngebutake klambine sing reged.
…
Udakara patang wulan sabanjure,Andri wis seminggu ora mlebu sekolah.Atiku dadi goreh, ngetha-
etha ngapa Andri ora mlabu sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani dheweke.
…
Bu Neli, ibune Andri ndangu,“Iki apa Dhik Olin?” Aku manthuk alon. Banjur Bu Neli maringake
lempitan dluwang saka kanthonge.Aku dhredheg.
“Sadurunge katimbalan dening Gusti,Andri titip marang ibu supaya maringake layang mau marang
Olin.Andri kepengin ngucapake matur nuwun amarga Dhik Olin wis gelem dadi kancane Andri.Ya
mung Dhik Olin kanca sepisan lan pungkasane Andri.”
Aku mbukak lempitan dluwang mau karo trenyuh, nangis, lan getun dene aku tau nggetak Andri
nganti tekan patine aku durung bisa njaluk ngapura.
Dening: Geraldin Mauriauli Banurea