LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD)
Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa
Jeneng Siswa :
Kelas/ Jurusan :
No Presensi :
Sekolah : SMK Harapan Mulya
MAPEL : Bahasa Jawa
Materi : Teks Deskripsi Rumah Adat Jawa
Kelas : X/ I Semua kompetensi keahlian
Wektu : 2 x 30 menit
Kompetensi Dasar : 4.4 Menanggapi dan menceritakan kembali isi teks deskriptif tentang
IPK rumah adat Jawa.
: 4.4.1 Melafalkan kata yang terdapat pada teks deskriptif tentang rumah
adat Jawa sesuai dengan kaidah pelafalan yang tepat.
4.4.2 Melafalkan kalimat yang terdapat pada teks deskriptif tentang
rumah adat Jawa sesuai dengan kaidah pelafalan yang tepat.
4.4.3 Menceritakan kembali isi teks deskripsi rumah adat jawa.
Pituduh Kagiatan :
1. Wacanen kanthi tlesih tugas kang wis cumawis.
2. Wacanen kanthi tlesih pituduh kanggo nggarap lan numpuk tugas.
3. Tugas iki digarap kanthi mandiri.
4. Sinaua bahan ajar kang wis cumawis kanggo nggampangake sajrone sinau.
5. Goleka sumber utawa referensi saka maneka sumber, saumpamane modul, buku paket utawa
internet.
6. Topik permasalahan kang dirembug ditulis ing lembar LKPD kang wis cumawis.
Teknis Pengerjaan LKPD :
1. Sacara mandiri pahamana topik permasalahan kang dicawisake.
2. Sawise rampung nggarap, kasil garapan diunggah ning link kang dicawisake.
Pakaryan 1
Wacanen teks deskripsi ngenani omah adat Jawa ing ngisor iki kanthi premati!
Saperangan tembung isih ana kang luput jroning ejaan panulisan apa dene pelafalane.
Banjur temokna penerapan pelafalan basa Jawa (vokal & konsonan) kang bener lan
luput!
Teks Deskripsi Omah Adat Jawa
Omah mujudake papan kang wigathi tumrap gesange manungsa ing alam donya. Omah
dadi papan kanggo nyelehake awak, pikiran sarta sakabehing bandha dhonya sasuwene gesang
ana ing alam donya. Mungguhing wong bebrayan, saben komunitas kang manggon ing sawijining
papan duweni pasarujukan utawa keseragaman ing bab tata bentuk lan wujud omah. Bab mau
sering dikenal kanti sebutan omah adhat kang dadi ciri utawa panandha sawijining komunitas
tartamtu. Kayadene kang wus dikenal dening masyarakat, tumrape wong Jawa duweni omah adat
kang unik lan khas minangka dadi titikan kang sering dikenal kanthi sebutan Omah Joglo. Ing
wewangunan omah joglo, kebak ngandhut nilai seni arsitektur kang ora mung kanggo pepasrening
konstruksi omah, nanging uga minangka wujud nilai lan norma masarakat pendhukunge.
Menawa di sawang saka wujud lan wewangunane omah adat Jawa iki duweni
peranganperangan bageyan lan ruwangan kang uga duweni fungsi dhewe-dhewe. Lamun diwawas
saka perangan bageyan, omah adat Jawa bisa kaperang dadi telu yaiku; 1) bageyan payon, 2)
struktur/balungan omah, lan 3) jogan. Dene menawa diwawas saka perangan ruwangan, omah adat
Jawa lumrahe diperang dadi papat yaiku; 1) teras utawa pendopo, 2) pringgitan, 3) dalem agung,
lan 4) gandhok utawa pawon. Ing bageyan payon, omah adat jawa duweni ciri kang unik yaiku
wujud payon kang ombo, lan rada semeleh utawa ora mireng banget. Struktur payon ing omah
adat Jawa lumrahe awujud pencu (piramid) mucuk ing dhuwur. Perangan payon iku antarane ana
gendeng minangka panutuping payon, wuwong minangka panutup ketemune gendheng ntarane
sisi siji lan sijine (ngarep, samping, mburi), sarta makutha utawa tandha kang kapasang ana ing
dhuwur dhewe lan pener ing tengah-tengah. Wujod makutha iki saben wilayah ing masyarakat
Jawa duweni ciri dhewe-dhewe. Ana kang nggunakake tandha makutha utaka mahkota ratu,
gambar wayang, sato kewan lan liya-liyane.
Ing bageyan struktur/balungan omah, omah adat jawa duweni cagak utawa soko utama
cacah papat lan pangeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing sadhuwure saka minangka
pangiket saka siji lan sijine. Kajaba iku, soko cacah papat kang diiket pangeret modhel tumpang
iki dadi panyangga utama perangane payon. Soko cacah papat mau lumrahe madeg ing sadhuwure
umpak utawa pondhasi saka kang kagawe saka watu minangka dhasaring struktur omah. Struktur
omah kang mangkene iki nglambangake dene manungsa iku mujudake makhluk sosial kang ora
bisa nglakoni urip kanthi dhewekan, nanging kudu tansah tulung-tinulung lan sesambungan karo
wong liya. Kanthi saka guru kang kuwat minangka pondhasine omah iku negesake lamun
karukunan lan mat sinamatan ing bebrayan iku uga kuwat lan bisa njalari masarakate uga dadi
kuwat.
Ing bageyan jogan, lumrahe omah adat jawa duweni ciri kang isih nggunakake prinsip
cendhek dhuwur. Umpamane bageyan omah ing teras utawa pendhapa, lumrahe duweni ciri jogan
kang luwih dhuwur tinimbang ruwangan utawa bageyan omah liyane. Semana uga antarane
pringgitan, dalem agung kang ngemot senthong utawa kamar lan uga pawon utawa gandhok.
Kabeh isih ngetrepake prinsip cendhek dhuwur minangka pralambang dene wong Jawa isih
ngugemi paugeran undha usuk lan tata adat kesantunan.
Sabanjure, omah adat jawa yen diwawas saka perangan ruwangan kang sepisanan yaiku
teras utawa pendhapa. Teras utawa pendhapa dumunung ing ngarep dhewe. Fungsi utamane
kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Ana payon gantung
kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok, saengga ora kena soroting srengenge. Ruwangan
iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane
ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan sapiturute.
Ruwangan sabanjure yaiku pringgitan kang mapan ana ing antarane pendhapa lan dalem.
Ing jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa upacara
tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit, mula dijenengke
pringgitan (saka tembung “ringget” kang ateges wayang).
Ruwangan katiga yaiku Dalem Agung. Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing
patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan
omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula
asifat luwih tinutup (privasi). Ing perangan iki ana reuwangan senthong/kamar.
Krobongan/senthong minangka ruwangan kang istimewa. Ing wiwitane fungsi utama ruwangan
iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud
pusaka lan piranti aji liyane. Kang duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing
ruwangan iki. Mula ing ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling.
Ruwang kang pungkasan yaiku Gandok utawa Pawon/pekiwan. Mapan ana ing mburi
dhewe. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi
lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo olah-olah, dhahar, lan adhus.
Nulat saka guna panganggone, mula dipapanake ana ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika
sing duwe omah reresik dhiri, lan dhahar.
Adhedhasar andaran kasebut bisa dijupuk dudutan ngenani wewangunan omah adat Jawa
kang awujud joglo yaiku nenuntun manungsa supaya urip sesambungan karo wong liya (sosial)
lan tulung-tinulung iku ndadekake manungsa ora ongas lan ngurmati siji lan sijine, uga ora bakal
lali marang Gusti kang nitahake. Wewangunan fisik uga dadi sawijining tandha undhak-undhakane
panguripane manungsa kang ngemot nilai intrinsik kearifan lokal. Sawijining kearifan lokal bisa
ditemokake ing omah adat tradhisi. Omah adat minangka sawijining wujud nyata kabudhayan
kang bisa disawang kanthi kasad mata.
Pakaryan 2
Sawise bisa nemokake kesalahan ejaan lan pelafalan saka isining teks deskripsi coba
benekna kesalahan mau kanthi trep ing papan kang cumawis.
No Tembung kang ejaan/ Pembenaran tembung kang ejaan/
pelafalane kurang trep pelafalane kurang trep
1
2
3
4
5
6
7
8
9
10
11
12
13
14
15
16
17
18
19
20
Pakaryan 3
SawisePkaokkabreynaenrake kesalahan ejaan lan pelafalan tembung ing dhuwur, coba tembung mau
balekna marang ukara asale ing teks deksripsi banjur rekamen nganggo pesan voice note
ngenani pelafalan kang trep saka tembung mau ing tataran ukara! Asiling rekaman dikirim
lumantar WAG!
Pakaryan 4
Sawise para siswa balekake tembung marang ukara asale ing teks deksripsi lan ngrekam
nganggo pesan voice note ngenani pelafalan kang trep saka tembung mau ing tataran ukara.
Banjur tontonen tuladha youtuber nalika nyeritakake omah adat Jawa
(https://www.youtube.com/watch?v=fT_pjdq3INc), sakwise iku coba ceritakna meneh isine teks
deksripsi ngenani omah adat Jawa mau miturut versimu kanthi cara direkam kanthi wujud
audio visual, kaya dene awakmu dadi reviewer bab omah adat Jawa, banjur dikirim ing link
google drive kang wis cumawis saperlu dikoreksi dening Guru sadurunge kok unggah ana ing
chanel Youtubemu dhewe-dhewe!
Link tautan vidio :
………………………………………………………………………………………………………