The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

2610121114-Yulita Eka Ningtias-UAS Bahan ajar

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ekayulita43, 2021-12-09 11:17:29

Menulis Cerita Legenda

2610121114-Yulita Eka Ningtias-UAS Bahan ajar

Keywords: legenda,cerita rakyat

Yulita Eka Ningtias

CERITA LEGENDA

Kelas VIII/Ganjil

Kompetensi Inti

Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah
konkret (menggunakan, mengurai, memodifikasi,
dan membuat) dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung menggambar, dan
mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di
sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut
pandang atau teori.

Kompetensi Dasar

Menulis cerita legenda

Indikator

1. Membaca dan memahami tentang legenda
2. Mengetahui struktur legenda
3. Mengetahui unsur legenda
4. Memahami cerita legenda
5. Mengetahui tata cara penulisan cerita legenda
6. Menulis cerita legenda

Tujuan pembelajaran

1. Berdiskusi tentang legenda
2. Menentukan tema/topik cerita legenda
3. Menentukan tokoh dan penokohan cerita
legenda
4. Memahami suatu cerita legenda
5. Menulis cerita legenda

Tujuan pembelajaran

1. Berdoa sebelum memulai pembelajaran
2. Siswa mendengarkan dan mempelajari teks
sandiwara
3. Setelah siswa mengerti mengenai teks
sandiwara, lalu menjawab pertanyaan yang ada
4. Jika ada materi yang belum dipahami bisa
ditanyakan kepada guru

Pangerten cerita legenda

Legenda saka basa l
atin (legere) kalebu cerita

prosa rakyat kang dianggeo duweni crita
minangka sawijining kedadeyan kang ana. Mula
kuwi legenda asring dianggep minangka sejarah
kolektif utawa folk history. Saliyane kuwi,
amarga ora duweni catetan kang asipat objektif,
crita kasebut kalakon distori, saengga ora jarang
critane kuwi beda karo crita asline. Mula kuwi,
sadurunge para ahli gunakake crita kuwi kanggo
rekonstruksi sejarah, para ahli bedakake saka
hal – hal kang ngenani folklore. Miturut Buku
Sari Kata Bahasa Indonesi, Legenda yaiku crita
rakyat jaman biyen kang ana gegayutan kanthi
sawijining kedadeyan, lan mula bukane
panggonan.
Tuladhane yaiku : Sangkuriang, Batu Menangis,
lan Danau Toba.

Legenda miturut para ahli yaiku :




-Sajroning KBBI, legenda
yaiku crita rakyat

jaman biyen kang ana gegayutane karo peristiwa
sejarah
-Miturut Emeis, legenda yaiku crita kuna kang
saperangan miturut sejarah lan saperangan
maneh miturut angen – angen.
-Miturut Pudentia, Legenda yaiku crita utawa
hikayat kang dipercayai tumrap para masarakat
dhaerah kang uwis kedaden, nanging ora
dianggep suci lan ora dipdhakake karo Mite
-Miturut Hooykaas, legenda yaiku dongeng
ngenani saperangan hal miturut crita kang
ngemu mitologi.

Sdrkaiaejkukdapyaaudptkeaynakyganeennsrgatewlnenigjgie–nenimndpguaanpgaynenagrgiektgneuonannasiinangw.midujihnlauinwgbuurckraiisntaae

Titikane Legenda

1.Crita legenda dianggep kang bener kedaden
2.Duweni sipat kadonyan, kedadeyan ing jaman
biyen, panggonane ana ing panggonan kang wis
dikenal
3.Paraga utamane yaiku manunga
4.Kalebu kelompok crita ngenani tokoh utawa
kedadeyan tartamtu
5.Critane kang pindhah – pindhah saengga
dikenal nganti negara manca

Struktur Legenda

a.Orientasi, yaiku bageyan wiwitan saka crita.
Orientasi ngemu pangenalan paraga, gambaran,
wektu lan latar panggonan saka ngendi crita
kuwi.
b.Komplikasi, yaiku klimaks saka crita. Ngemu
puncak masalah kang dilakoni paraga sajroning
crita
c.Resolusi, yaiku ngamu solusi masalah crita
d.Koda, yaiku bageyan pungkasan saka crita.
Biyasane ngemu pesen kang kasimpen sajroning
legenda kuwi.

Unsur Legenda

1) Unsur instrinsik
Unsur – unsur kang kasusun ana ing sajrone
sandiwara.
·Tema : Uderaning prakara kang arupa ide
dhasar crita, tema kang dinggo ana ing legenda
dumadi saka bab – bab kerep diprangguli ana
bebrayan.
·Paraga lan Watak
Paraga utama : paraga kang paling akeh
gegayutane karo paraga liya
Paraga pambiyantu : paraga kang biyantu
paraga utama.
Watak : ciri – ciri karakter paraga
Antagonis : watak ala
Protagonist : watak becik
Tritagonis : penengah
·Alur : urut – urutan lakune crita utawa dalaning
crita
Alur maju
Alur mundur
Alur campuran
·Amanat : yaiku pesen moral kang ana ing
sajrone crita kang bisa kajupuk dening pamaca.

·Gaya basa : yaiku tata cara panganggone
basa kang bisa awujud dhialek, tata ukara
lan majas
·Latar
Latar wektu
Latar panggonan
Latar swasana
2) Unsur ekstrinsik
Yaiku unsur kang ana ing sakjabane crita
ananging unsur kuwi duweni pengaruh ing
sistem crita. Kayata pendhidhikan,
panggawean, lan sosiyal ekonomi.

Tata Cara Nulis

Legenda

1. Nemtokake dhaerah sumber crita rakyat
Amarga saben dhaerah duweni ciri khas dhewe – dhewe,
mula kuwi perlu nemtokake dhaerah sumber crita.
2. Pilih salah sawijining crita kang unik
Nemtokake crita kang miturute unik lan cocok kanggo
diangkat dadi karya.
3. Gawe gambaran paraga, latar lan alur
Gawe ngembangake para, latar lan alur saka crita
kasebut supaya krasa luwih nyata.
4. Nemtokake Orientasi lan Koda
Nemtokake orientasi lan koda supaya pamaca isa kegawa
marang alur crita jaman biyen.

Informasi Pendukung

https://youtu.be/fOrK1QiDwiU

Latiyan – Latiyan

Gladhen 1

1.Apa kang diarani legenda?
2.Apa wae titikane legenda?
3.Apa wae struktur legenda?
4.Apa kang diarani resolusi?
5.Apa wae tuladhane legenda?

Wangsulan :

Gladhen 2

Wacanen Legenda basa Jawa ing Ngisor iki!

Mila Bikanipun Desa Kwijenan, Kelurahan Jelakombo,
Kecamatan Jombang, Kabupaten Jombang.

Nalika rumiyin wonten kakung kalihan garwa kinasihipun,
asmanipun inggih menika Nyi Siti kalihan kang Nalatruna.
“Dhi, nang kono ana alas sing ora tau ditekani manungsa”,
ngendhikanipun kang Nalatruna marang Nyi Siti.
“lajeng wonten menapa kang mas?”, wangsulanipun Nyi Siti.
Lajeng kang Nalatruna cariyos rak panjenenganipun badhe
bika alas menika dados dalemipun Nyi Siti lan Kang
Nalatruna.
“menapa sampun panjenengan pirsani kang mas?”, Nyi Siti
wedi menawi kathah kewan wonten alas menika.
Lajeng wangsulanipun Nalatruna, “orapapa dhi, yen awak ee
lakoni bebarengan gusti mesthi paring kaslametan marang
awak ee”. Saking andharanipun kang Nalatruna, Nyi Siti
sampun yakin kangge babad alas menika.

Samantunipun babad alas menika, Nyi Siti lan Kang
Nalatruna mangun dalem wonten mriku.
‘Mugi – mugi dalem menika saget tentrem ugi rukun kangge
panguripanipun kita nggih, kang mas”, ngendhikanipun Nyi
siti.
Kang Nalatruna ugi remen yen garwanipun remen kalihan
dalem menika.

“Ayem ya, dhi? Yen sepi kaya ngene iki”, kang Nalatruna
ngendhika kalihan Nyi Siti ing ngajeng dalemipun.

Lajeng nyi Siti mangsuli, “inggih, kang mas. Matur
nembah nuwun nggih”. Salaminepun kang Nalatruna lan
nyi Siti bale wisma wonten dhaerah ingkang sampun
didadosaken dalemipun, wonten sawijining dinten kang
Nalatruna pejah amargi gerah. Dadosipun nyi Siti
piyambak wonten dalemipun. Dalemipun Nyi Siti wonten
dhaerah ingkang sepi. Warga wonten sakitaran dhaerah
menika nimbali Nyi siti kanthi asmanipun Siti Nalatruna.
Wonten saperang warga ingkang cariyos ngenanis nyi
Siti Nalatruna, “mas, Nyi Siti Nalatruna menika piyambak
ananging saget makmur nggih?”
“iya, dheweke ijenan nanging sregep tandhang gawe.
Merga kuwi Nyi Siti Nalatruna ayem makmur masiya
kuwi ijenan ing dhaerah kunu”, wangsulanipun warga
salintunepun
Nyi Siti ugi asring wonten peken kangge mundhut
kaperluwan sabendinten. Panjenenganipun ugi sumeh
kalihan warga salintunipun. Amargi menika kathah
warga ingkang remen kalihan unggah ungguhipun nyi Siti
Nalatruna menika ngantos nyi Siti menika misuwur
wonten dhaerah menika amargi becik solah bawanipun.

Amargi kathah ingkang cariyos Nyi Siti Nalatruna
piyambak wonten dhaerah menika, dhaerah menika
dipuntimbali “kwijenan” saking tembung ‘kuwi ijenan’,
ingkang nggambaraken yen nyi Siti Nalatruna randha
ingkang piyambakan wonten dhaerah mriku ananging
makmur amargi sregep tandhang gawe. Ngantos
samenika wonten sawijining dhaerah ing kwijenan
ingkang namung wonten randha kemawon ananging sami
makmur ugi boten kekirangan.

Pitakonan!

1.Apa irah – irahan saka legenda ing dhuwur?
2.Bageyan ndi kang diarani Koda?
3.Kepriye kahanane Nyi Siti nalika ditinggal Kang
Nalatruna?
4.Kepriye prasane para warga marang Nyi Siti Nalatruna
nalika urip dadi randha?
5.Pesen ap kang bisa kapethik saka crita ing dhuwur?

Wangsulan :

Uji Kompetensi

A.Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi cara milih

jawaban kang paling bener!

1. Wacanen pethikan teks ing ngisor iki!

Ing sawijining desa ana para kawula kang wis akrab banget,

yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro kuwi seneng banget nggawe

ulah. Nganti kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga

mesthi digarai. Nalika kuwi sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.

Teks ing dhuwur kalebu bageyan…

a.Sinopsis c. Narasi

b.Dhialog d. Orientasi

2.Legenda kalebu sastra apa…

a.Geguritan c. Parikan

b.Prosa d. Dhialog

3.Apa kang dimaksud legenda?

a.Crita rakyat kang nyritakake ngenani dewa dewi, utawa jinis

crita rakyat kang asifat sakral.

b.Crita rakyat kang ngenani mula bukane panggonan

c.Crita rakyat kang nyritakake ngenani sejarah

d.Crita rakyat kang nyritakake ngenani pahlawan

4.Kang dudu kalebu unsur instrinsik teks sandiwara yaiku…

a.Tema

b.Paraga lan watak

c.Pangripta

d.Amanat

5.Wigatenana ing ngisor iki!

a)Nemtokake dhaerah sumber

b)Nemtokake panggonan nulis

c)Gawe gambaran paraga, latar lan alur

d)Nemtokake pangripta

e)Nemtokake orientasi lan koda

Kang kalebu babagan kang kudu digatekake nalika nulis legenda

yaiku…

a.a, b, c c. a, c, e

b.c, d, e d. a, c,d

Panilen Dhiri

Sabanjure mangerteni materi ngenani teks Sandiwara,
isinen panilen dhiri kanthi tandha () sajrone kolom ing
ngisor iki!

Respon Balik

Coba gawea cerita legenda ing dhaerah mu utawa crita
mula bukane dhaerahmu!

Daftar Pustaka

https://saintif.com/legenda-adalah/
https://toriqa.com/legenda-bahasa-jawa/
https://www.kompasiana.com/ali.muakhir/5599de1f579773
b507f680f2/10-cara-mudah-nulis-cerita-rakyat?
page=all#section2


Click to View FlipBook Version