. RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (RPP) Nama Penyusun Angga Prischilla Dewi Satuan Pendidikan SMK Negeri 9 Surakarta Tahun Pelajaran 2022/2023 Jenjang SMK Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas/Semester X / Semester 1 Materi Pokok Crita Cekak (Crikak) Alokasi Waktu 1 x 45 menit A. Kompetensi Inti : B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi 3. Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi pengetahuan factual, konseptual, procedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah. 3.2 Menelaah teks crita cekak. Indikator : 3.2.1 Menelaah (C4) unsur-unsur pembangun crita cekak. 3.2.2 Menguraikan (C4) nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak.
. 4. Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri serta bertindak secara efektif dan kreatif, dan mampu menggunakan metode sesuai kaidah keilmuan. 4.2 Mengontruksi teks crita cekak dengan bahasa sendiri Indikator : 4.2.1 Mencipta (C6) crita cekak dengan bahasa sendiri. C. Tujuan Pembelajaran Tujuan pembelajaran diharapkan setelah pembelajaran ini : 1. Peserta didik (A) mampu menelaah unsur-unsur pembangun teks crita cekak(B) melalui diskusi kelompok (C) dengan percaya diri dan benar (D). (C4) 2. Peserta didik (A) mampu menguraikan nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak (B) melalui diskusi kelompok (C) dengan tepat dan benar (D) .(C4) 3. Peserta Didik (A) mampu menciptakan teks crita cekak (B) dengan bahasanya sendiri(C) dengan tepat dan benar (D).(C6) D. Penguatan Pendidikan Karakter Adapun nilai karakter yang ingin dikembangkan yaitu: 1. gotong royong 2. tanggung Jawab 3. kerjasama 4. toleransi 5. cinta damai 6. santun E. Materi Pembelajaran 1. Teks crita cekak. 2. Pengertian cerita cekak. 3. Unsur-unsur pembangun teks crita cekak. 4. Penjelasan mengenai nilai-nilai (sosial, pendidikan, budaya, agama)
. G. Kegiatan Pembelajaran Kegiatan Rincian Kegiatan Alokasi Waktu Pendahuluan 1. Orientasi / pembukaan - Guru masuk kedalam kelas membuka pembelajaran dengan berdoa, salam pembuka dan menanyakan siswa yang tidak hadir (presensi) 2. Apersepsi - Guru memberikan apersepsi dengan pertanyaan pemantik pertama terkait unsur-unsur pembangun teks crita cekak “ lare-lare, sapa sing ngerti tegese teks crikak?” dilanjutkan pertanyaan pemantik kedua “ Sapa sing wis tau maca teks crita cekak? - Guru memberikan preetes dengan menggunakan google form dengan link https://forms.gle/rkjoLDRfVD3CsuwR9 - Siswa menerima informasi tentang materi crita cekak. 3. Motivasi - Guru memotivasi siswa dengan peribahasa sederhana yang berhubungan dengan materi (urip iku urup : urip iku becike bisa menehi manfaat kanggo wong liya sanajan sithik lan aja nganti ngrugikake wong liya) - Siswa menerima informasi kompetensi, tujuan dan manfaat mempelajari crita cekak. - Siswa menerima informasi sumber belajar yang bisa digunakan. - Memberikan gambaran tentang pembelajaran yang akan dipelajari. 10 Menit Kegiatan Inti Kegiatan ini dilaksanakan dengan model Problem Bassed Learning dengan langkah-langkah sebagai berikut 1. Mengorientasikan siswa pada masalah 30 Menit F. Model Pembelajaran 1. Model Pembelajaran : Problem Based Learning 2. Pendekatan : saintifik berbasis TPACK 3. Moda Pembelajaran : Luring 4. Metode : Ceramah, diskusi kelompok, penugasan.
. - Guru memberikan materi mengenai arti crita cekak, unsur-unsur pambangun teks crita cekak dan jenis nilai-nilai yang terkandung dalam teks berupa tayangan Canva - Peserta didik mencermati uraian berkaitan dengan pengertian cerkak dilanjutkan dengan unsur pembangun crita cekak. - Peserta didik membaca contoh teks crita cekak. 2. Mengorganisasikan peserta didik - Siswa diminta duduk membentuk kelompok 4-5 orang dalam 1 kelompok. - Melalui diskusi kelompok, peserta didik menelaah unsur-unsur pembangunan teks crita cekak. - Peserta memahami isi teks dan nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak. 3. Membimbing penyelidikan mandiri dan kelompok - Peserta didik menganalisis unsur-unsur pembangunan crita cekak dan digambarkan dalam bentuk Mind Mapping. - Peserta didik merumuskan nilai-nilai yang terkandung dalam teks crita cekak. - Guru memberikan tugas dalam LKPD berupa hasil karya teks crita cekak yang dibuat sendiri. 4. Mengembangkan dan menyajikan hasil karya - Melalui diskusi kelompok, peserta didik menyusun unsur-unsur pembangun teks crita cekak dalam bentuk Mind Mapping. - Peserta didik menguraikan nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak - Peserta didik mempersiapkan konsep teks crita cekak yang akan dibuat sendiri. 5. Menganalisis dan mengevaluasi proses pemecahan masalah - Peserta didik menyajikan hasil diskusi kelompok mengenai unsur-unsur pembangun crita cekak berbentuk Mind Mapping, nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak di depan kelas. - Peserta didik memberi tanggapan baik berupa pertanyaan, sanggahan atau dukungan secara santun. Penutup - Evaluasi, kesimpulan, refleksi, RTL - Guru mengevaluasi media yang digunakan, baik google form ataupun power point, materi pembelajaran yang belum dipahami, dan evaluasi 5 Menit
. hasil pemaparan siswa yang telah presentasi. - Guru menyimpulkan mengenai cara menelaah unsurunsur intrinsik dan penentuan kata kunci dalam Mind Mipping. - Peserta didik bersama guru melakukan refleksi tentang pembelajaran yang baru saja dilaksanakan dan upaya meningkatkan kemampuan pemahaman materi cerkak dan kreatifitas dalam pembuatan Mind Mapping. - Guru menyampaikan rencana tindak lanjut berupa penyampaian materi berikutnya yaitu Teks Pawarta (siswa disuruh untuk mencari contoh teks Pawarta dalam berita yang ada di koran) - Salah seorang peserta didik memimpin doa untuk mengakhiri pembelajaran. - Guru menutup pelajaran dengan salam penutup. H. Alat/bahan dan Media Pembelajaran 1. Alat dan Bahan a. Laptop, LCD, kabel olor b. Teks Crita Cekak, Teks Materi Canva 2. Media Pembelajaran a. Power point b. Google Form c. Canva I. Sumber Belajar : 1. Buku pegangan siswa: Setyadi, Dwi Bambang Putut. 2015. Baud Basa Jawa. Intan Pariwara 2. Teks crita cekak, https://www.solopos.com/cerkak-sawah-364134 3. Pamungkasari, Sriyanti dkk. (Juni, 2017). PENINGKATAN KEMAMPUAN MEMBACA PEMAHAMAN CERITA CEKAK DENGAN METODE MIND MAPPING https://www.ojs.iptpisurakarta.org/index.php/Edudikara/article/view/45/28 4. PPT Canva https://www.canva.com/design/DAFkp5_9Mm8/2X17TIiELRXgAnRvrIMsSw/watch?ut m_content=DAFkp5_9Mm8&utm_campaign=designshare&utm_medium=link&utm_sou rce=publishsharelink
. J. Penilaian Penilaian Sikap Sosial a. Teknik Penilaian : Pengamatan (Terlampir) b. Bentuk Instrumen : Lembar Observasi (Terlampir) c. Kisi-kisi : Terlampir Guru Mata Pelajaran Angga Prischilla Dewi, S.Pd. NIP. -
. LAMPIRAN 1 : MATERI / BAHAN AJAR 1. Pangertene crita cekak Crita iku dumadi adhedhasar saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa. Sajroning kedadeyan iku, ana tokoh (pirang-pirang tokoh) lan tokoh iku nglakoni sawijine utawa rerangkening konflik utawa cecongkrahan. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining unsur pokok crita, lan katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu duwe alur. Semono uga crita cekak, uga dumadi saka urutan sawijining kedadeyan utawa prastawa, kang nyata utawa fiktif. Kang mbedakake karo crita liyane, cerkak iku dicritakake sepisan rampung, lan wis isa nuduhake karampungane crita. Mula ing padatan cerkak mung tinulis kanthi cekak lan prasaja. Surasane crita uga mung prasaja, ora mbutuhake cara ngrampungake kang kanthi jlimet. 2. Unsur crita cekak Unsur-unsur pembangun cerkak yaiku antara liyane ana tema, latar/setting, penokohan, alur, amanat, punjering crita/sudut pandang. a. Tema yaiku dhasar utawa makna sawijining crita fiksi/ ide dhasar minangka landhesane pangripta crita anggone nyusun teks crita. b. Latar/setting yaiku panggonan, wektu, swasana prastawa-prastawa ing cerkak iku kaleksanan. c. Penokohan yaiku paraga lan watake tokoh kang ana ing sajrtoning crita. d. Alur yaiku urut-urataning teks crita cekak. e. Amanat pesen saka pangripta kanggo pamaos lumantar isine crita. f. Sudut pandang yaiku carane pangripta nglakokake paraga-paragane ana ing lakon. 3. Nilai-nilai kang kakandhut ana ing crita cekak a. Nilai Sosial yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang paraga-paraga ing crita, marang lingkungan, marang bebrayan liyane ing crita cekak. b. Nilai Budaya yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang kabiyasaan, tradhisi, adat isti adat kang ana ing sajroning crita cekak. c. Nilai Pendhidhikan Moral yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang etika, sikep, tingkah laku, akhlak para paraga ing crita cekak d. Nilai Agama/ spiritual (Religi) yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang hubungan para paraga marang Gusti/ keimanan marang Gusti. 4. Tuladha crita cekak SAWAH
. Dening Sumedi Gambar dijupuk saka https://2.bp.blogspot.com/- J1LtJ5FdqTw/WP7cUOX2_yI/AAAAAAAAAtc/fqoeBkX6jF4g7sxPzoQxEgD5JRR2ZpENACL cB/s640/Petani.jpg Sesawangan esuk iku katon endah banget, kekembangan padha megrok kaya mapag mletheke sang surya. Sasi Nopember lagi ana udan siji loro kang niba, mula among tani lagi wani nyebar winih. Beda karo kanca tani liyane, saiki Pak Wandi ora menyang sawah, sawahe wis dilempit. Ana rasa bingung dadi wong sugih anyaran, dhuwit dodolan sawah isih ana bank cacahe setengah milyar rupiyah. ”Jare arep tuku mobil, Kang?” aruhe Pak Tarman karo nyesep rokoke. ”Karepku mono arep tak tukokke sawah njaban desa, rak luwih murah, dadi aku isih bisa nyambut gawe. Dene yen ana turahane dhuwit lagi ditukokake mobil sekenan kena kanggo omprengan ben dicekel si Bambang”. ”Hla, apa wis tarenan karo anakmu lanang?” “Wo… bocah saiki angel kandhanane, jare tuku mobil iku sing anyar sisan ben kena nggo carteran.” Wong saomah padha duwe penemu dhewe-dhewe. Sing enom pengin mobil. Mbokne Bambang njaluk kalung. Anake wadon pengin pit montor sekutik. Pak Wandi dadi sansaya bingung. Jebul nyekel dhuwit akeh iku malah sedhih. Biyasane wayah esuk ngene iki wis aneng sawah, embuh ndhangir embuh matun, embuh ngrabuk. Pokoke ana wae pagaweyan sing diayahi. Urip dadi wong tani sejatine kebak kabagyan lan kanugrahan. Ati tentrem ora ngangsa sanadyan asile sithik. Lagi weruh tandurane thukul ijo royo-royo wae wis nyicil ayem. Weruh pari padha kematak dadi bisa ngguyu. Nyawang pari wis kuning wis bisa ngrancang asil panenan kanggo tuku apa ta apa. Bareng saiki? Pak Wandi nyecep kopi cawisan esuk mau sing durung disenggol. Jebul donya iki mung sawang sinawang. Wong tani yen nyawang wong dagang jare rasane penak banget, pagaweyane entheng bathine sakumbrug. Para bakul nyawang pegawe negri ya padha meri. Jare linggihan neng kantor wae bayarane saben tahun mundhak, tur oleh pensiun. Suwalike sing dadi pegawe negri padha meri yen nyawang juragan gedhe saben dina numpak mobil mlebu metu menyang bank njupuk dhuwit yutan rupiyah. Nanging embuh
. nyatane sing bener sing endi. Bareng saiki ngrasakake dadi wong sugih, Pak Wandi lagi bisa mbenerake penemune mbiyen: wong tani iku sanadyan ora nyugihi nanging marakake ati tentrem amarga barang sing dipangan kabeh barang kang halal, durung ana critane wong tani padha korupsi. ”Pak, iki ana mobil sekenan ning barange isih apik,” kandhane Bambang karo nyedhaki anggone lungguh. ”Hla, regane pira?” “Njaluke sangang puluh lima yuta rupiyah, nanging bisa suda.” Durung putus anggone rembugan bab mobil sekenan wis kedhisikan tekane Lurah Samto sing gaweyane makelaran lemah. ”Dhe, sawah kidul desa ana sing didol. Murah hlo, Dhe. Selak kedhisikan wong liya.” ”Hla ambane pira lan isih ana irigasi apa ora?” “Beres kok, Dhe. Ambane kurang luwih patang ewu meter persagi lan isih kebanyon saka irigasi desa”. Krungu rembugane Lurah Samto mau Pak Wandi luwih ketarik atine. Jebul urip neng desa yen ora nyekel pacul malah atine sedhih. Gampang katerak lelara. Krungu rembugane Pak Lurah karo bapake mau Bambang atine kuwatir, sumelang bapake kena pengaruh. Lurah Samto wis nyathut dhuwite rakyat sing oleh ganti rugi proyek ratan tol. Jare kanggo ragat administrasi. Atine Pak Wandi wis manteb dhuwit dodolan sawah kudu diwujudake sawah meneh. ”Hla, njaluke pira ta, Pak Lurah?” ”Njaluke rongatus seket yuta rupiyah. Iki aku omong apa anane. Dene yen kedadeyan aku pikiren hlo!” wangsulane Lurah Samto blaka. ”Lha kok dhuwur temen. Kok kaya sawah katerak proyek.” ”Ya mengko omonga dhewe karo sing duwe. Aku mung nglantarake.” Sapungkure Lurah Samto, Bambang nyedhaki bapake. ”Rasah nggugu omongan Lurah Samto, Bapak wis ngerti ta gedhohane?” Proyek dalan tol Semarang-Solo-Kertosono gawe geger wong tani. Akeh wong sugih dadakan, nanging akeh wong nganggur dadakan. Para kadang tani sing saben dina ana sawah saiki mung thenguk-thenguk ngekep dhengkul. Sanadyan sugih dhuwit nanging atine susah. Sanadyan bisa nyawang anak-anake padha numpak pit montor nanging atine tambah ketar-ketir. Sanadyan bisa nyawang bojone padha nganggo gelang kalung nanging atine malah miris, aja-aja mengko malah dijambret. Durung genep telung sasi celengane Pak Wandi gari telung atus yuta rupiyah. Atine tambah sumelang. Nganti seprene durung oleh sawah anyar.
. Reregan sawah sansaya dhuwur. Pawadane werna-werna. Jare sakiwa tengene dalan tol arep kanggo proyek perumahan mewah. Jare sawah kono bakal dienggo proyek pabrik. Kabar ndedele reregan sawah kanggone Pak Wandi nambahi kumat lelarane. Ing pikirane Pak Wandi saiki desa-desa kebak makelar lemah. Jare arep nukoni lemah sawah kanthi rega luwih dhuwur tinimbang sesuk yen sing ngregani pamarentah. Pamarentah sajake mung mikir kabutuhane wong sugih dhuwit. Pamarentah mung mikir investor saka njaban rangkah. Dalan-dalan dijembarake kareben trek lan montor bisa liwat. Ora preduli nrajang sawahe para tani. Ora preduli nerak omahe wong cilik. Ora preduli nrabas kuburane para leluhur. Sing penting dalan tol kudu ndang rampung. Sanadyan rakyat entuk ganti rugi nanging ora mikir kanthi dawa. Apa wong tani wis siyap nampa owah-owahan kahanan? Negara Indonesia iki negara agraris. Tegal sawah dudu mung sumber pangan nanging uga sumber panguripan. Mbok dalan iki dijembarake sepira ambane tetep wae ora amot yen pabrik mobil terus diidini gawe mobil tanpa ana watesan. Sawangen dalan gedhe kae saiki kebak mobil lan motor tanpa kendhat pada rebut banter, malah ora sethithik nyawane menungsa mung kaya nyawane pitik saben dina keplindhes rodha. Pak Wandi nyawang sawahe sing saiki wis ucul saka tangane. Ing papan kono ndhisik dheweke adus kringet nggarap sawah kanggo kulawargane. Nanging, saiki Pak Wandi mung bisa nyawang buldoser ngratakake watu lan gesik kanggo dhasaran dalan tol. Let sedhela stom liwat wira-wiri ngalusake dalan aspal mau. Pikirane mumet nggagas owah-owahan jaman kang sejatine ora disarujuki, nanging wong cilik ongklak angklik bisane mung manut karo wong dhuwuran. ”Pak minggir aja, neng kono, ketabrak modar kowe!” swarane mandhor proyek dalan mau ngabangake kupinge. ”Yen aku emoh minggir kowe arep ngapa,” wangsulane Pak Wandi karo malang kerik. Weruh tumindake Pak Wandi sing nekat mau mandhore proyek nglarak Pak Wandi sarana kasar,”Minggir apa tak laporke polisi!” Ing pangrasane Pak Wandi ana wong pirang-pirang padha ngruyuk dhewehe. Pak Wandi owa trima diremehake ati lanange. Dheweke mbrontak kanthi males sakbisa-bisane. Watu krikil ing pinggir dalan mau dadi gaman kanggo males. Wat-wut Pak Wandi anggone mbandhemi wong-wong mau karo bengok-bengok,”Balekna sawahku, balekna sawahku. Aku ora butuh dalan tol. Ora sudi aku nampa dhuwitmu. Aku ora butuh pembangunan kang nyengsarakake wong cilik. Kowe dudu pemimpinku. Kowe mung ngapusi aku. Ayo dha minggato yen ora kepengin mati saka tanganku.” Tumindak lan swarane Pak wandi sansaya suwe sansaya nggegirisi. Ora let sawetara ana rombongan polisi teka. Pak Wandi dicekel lan digawa lunga menyang kutha. Mbuh wis pirang dina anggone mapan ana kono, Pak Wandi lagi eling, rumangsane dina iku atine krasa rada tentrem, awake krasa kepenak. ”Piye Pak rasane awakmu, wis kepenak ta?” pitakone Bambang karo ngelus-elus sikile
. bapake. Let sedhela ana perawat rumah sakit mara nggawa obat karo ngulungake wedang. ”Wis waras, Pak? Mangsa pirang-pirang dina kok turu thok,” pitakone juru rawat RSJ mau karo mesem. ”Wis krasa ayem atiku, rasane awakku ya wis entheng, hla iki aku aneng ngendi ta?” ”Bapak lagi lara, iki ana rumah sakit, wis gek wedang lan obate ndang diombe.” “Hla aku lara apa ta? Wong karepku esuk mau arep macul neng sawah kok wong-wong padha nyekel aku.” “Sawahe Bapak saiki aneng kidul desa, wingi wis tak sebari winih Pak, mengko Bapak bisa nggarap.” “Ya ayo aku terna mulih, ndang tak garape sawahe, wiwit mbiyen aku ora setuju dalan tol iku.” Awan iku dhokter kang mriksa Pak Wandi maringi resep anyar. Ngendhikane rong dina maneh Pak Wandi wis diidini bali mulih sauger neng ngomah diwenehi gaweyan aneng sawah. Dheweke ora lara abot nanging mung bingung. Crita iki kapethik saka https://www.solopos.com/cerkak-sawah-364134
. LAMPIRAN 2 : MEDIA CANVA BERISI MATERI PEMBELAJARAN
.
.
. LAMPIRAN GOOGLE FORM BERISI PREETES
.
. LAMPIRAN 3 : LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK (LKPD) BAB MENCIPTA TEKS CRITA CEKAK DENGAN BAHASANYA SENDIRI 1. NAMA : 2. KELAS : 3. NO PRESENSI : A. INDIKATOR Mengontruksi teks crita cekak dengan bahasa sendiri B. Judul Kegiatan : Membuat teks crita cekak menggunakan bahasanya sendiri C. Tujuan Kegiatan : Peserta Didik (A) mampu menciptakan teks crita cekak (B) dengan bahasanya sendiri(C) dengan tepat dan benar (D).(C6) D. Waktu : 30 menit E. INSTRUKSI KERJA 1. Siswa secara mandiri menentukan tema crita cekak 2. Siswa membuat kerangka karangan agar memudahkan untuk mnyusun teks crita. 3. Siswa mulai mengerjakan membuat crita cekak sesuai dengan kerangka karangan yang telah dibuatnya 4. Siswa menyajikan LKPD dalam bentuk karangan pada selembar kertas folio dan jika sudah selesai, mengumpulkan kepada guru untuk dinilai. PITAKONAN Gawea tuladha teks crita cekak ing selembar kertas folio Wangsulan........................................................................................................................................................ ............................................................................................................................................................... Hasil jawaban berupa uraian crita cekak.............................................................................................. .......................................................................................................................................................................... ............................................................................................................................................................... ......
. LAMPIRAN 4 : PENILAIAN PEMBELAJARAN 1. Penilaian Pengetahuan (Kognitif) A. Kisi-Kisi dan Soal Ulangan KISI-KISI DAN SOAL Satuan Pendidikan : SMK Negeri 9 Surakarta Kompetensi Keahlian : Semua Kompetensi Keahlian Kelas : X Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Kompetensi Dasar : Menelaah teks crita cekak Kompetensi Dasar IPK Materi Indikator Soal Bentuk Soal No Soal 3.3 Menelaah teks crita cekak. 3.2.3 Menelaah (C4) unsurunsur pembangun crita cekak. 3.2.4 Menguraikan (C4) nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak. Teks crita cekak Siswa dapat: a. menjelasakan pengertian crita cekak b. menyebutkan lan jelasna unsur-unsur pambangun crita cekak c. membuktikan unsurunsur pembangun crita cekak yang terdapat dalam teks crita cekak d. menjelaskan pengertian nilai-nilai dalam cerita cekak e. menyebutkan nilai-nilai yang terkandung dalam crita cekak Uraian 1 2 3 4 5 Instrumen/Butir Soal Pengetahuan No. Soal Kunci Jawaban Skor 1 Jlentrehna apa kang diarani crita cekak? cerkak yaiku crita kang lakon manungsa dicritakake sepisan rampung, lan wis isa nuduhake karampungane crita. 4 3 2 1
. 2 Sebutna unsur-unsur pambangun crita cekak! Unsur-unsur pambangun cerkak, yaiku: a. Tema yaiku dhasar utawa makna sawijining crita fiksi/ ide dhasar minangka landhesane pangripta crita anggone nyusun teks crita. b. Latar/setting yaiku panggonan, wektu, swasana prastawa-prastawa ing cerkak iku kaleksanan. c. Penokohan yaiku paraga lan watake tokoh kang ana ing sajrtoning crita. d. Alur yaiku urut-urataning teks crita cekak. e. Amanat pesen saka pangripta kanggo pamaos lumantar isine crita. f. Sudut pandang yaiku carane pangripta nglakokake paraga-paragane ana ing lakon. 4 3 2 1 3 Coba tunjukna unsurunsur pambangun kang kinandhut ana ing crita cekak kang ndhuweni irah-irahan “Sawah” ing materi! a. Tema : Sosial b. Latar/setting: Panggonan: omahe Pak Wandi, sawah,kutha, RSJ, Wektu : esuk, sasi November,pirangpirang dina,wingi, awan c. Penokohan Pak Wandi watak bingungan, lugu Bambang watak kuatiran Ibune Bambang watak pinginan Anake wadon watak pinginan Lurah Samto watak licik d. Alur : campuran e. Amanat : dadi manungsa kudu nduwe prinsip sing kuat, bisa wicaksana anggone nemtotake keputusan f. Sudut pandang : wong katelu katitik saka nggunakake jeneng wong 4 3 2 1 4 Sebutna lan jelasna tegese nilai-nilai kang kakandhut ana ing crita cekak! a. Nilai Sosial yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang paraga-paraga ing crita, marang lingkungan, marang bebrayan liyane ing crita cekak. b. Nilai Budaya yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang kabiyasaan, tradhisi, adat isti adat kang ana ing sajroning crita cekak. 4 3 2 1
. c. Nilai Pendhidhikan Moral yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang etika, sikep, tingkah laku, akhlak para paraga ing crita cekak d. Nilai Agama/ spiritual (Religi) yaiku nilai kang ana gandheng cenenge marang hubungan para paraga marang Gusti/ keimanan marang Gusti. 5 Sebutna nilai-nilai kang kakandhut ana ing crita cekak “Sawah”! Nilai Sosial,nilai pendhidhikan moral, 4 3 2 1 Pedoman Penskoran : Skala Skor : 0, 1, 2, 3, 4 Rubrik : 0 jika tidak dijawab 1 jika dijawab kurang benar 2 jika dijawab benar dan sedang 3 jika dijawab benar dan baik 4 jika dijawab benar dan sangat baik Skor Mak : 20 Skor Min : 0 Skor Perolehan : .... Pedoman Penilaian : Skala Nilai : 100 Skor Perolehan : (lihat skor perolehan) Skor Mak : 20 Konversi Skor ke Nilai : x100 skor maksimum skor perolehan
. A. Pengayaan dan Remidial 1) Pengayaan Pengayaan merupakan program pembelajaran untuk siswa yang mendapatkan nilai di atas KKM Soal Wacanen crita cekak ing ngisor iki kanthi premati kanggo mangsuli pitakon! Gara-gara ora nggugu wongtuwa Dening : Indah Kurniawati Agus iku satemene bocah pinter lan manut marang wongtuwane. Nanging kadhang kala ya dadi ora nggugu wongtuwa amarga prakara sepele. Kaya dina kuwi, Agus kepengin banget dolanan montor-montoran sing nganggo remot. Agus wus matur marang ibune supaya dipundhutake ing tokone Pak Wardi. Nanging ibune nyemayani sesuke amarga ing kalodhangan iku lagi ora kagungan arta. “Sesuk Bapak lak kondur saka dhines luar. Mesthi ngasta oleh-oleh lan arta ora ketang sethithik. Ibu dak nyuwun Bapak arta kanggo numbaske Agus dolanan montormontoran, nggih?,” ujare Ibu. Ibu ngendikan ngono kuwi sajane kanggo mulang putra tunggale iku supaya ajar sabar. Apa-apa kang dadi panjalukane ora kudu dituruti sakkal kuwi. Sajane Ibu ya kagungan arta, nanging ya kuwi mau. Piyambake ndidik Agus supaya bisa ajar lan mudheng kahanane wongtuwane. Biyasane Agus dikandhani pisan ngono langsung mudheng lan manut. Nanging embuh dina kuwi ana apa, Agus malah dadi rewel lan njegot. Nalika diakon maem, ora semaur, milih meneng wae.Ulate njegadul terus nganti alise sakloron arep gathuk. Rupane mbesengut lan milih neng njero kamar terus. Ibune ngelus dhadha nyawang putra kinasihe iku. Sajane bisa wae sanalika kuwi banjur ditukokake pepenginane Agus. Nanging piye maneh. Mau wus kebacut ngendika supaya Agus ngenteni sarawuhe Bapak sesuk, lagi dipundhutake dolanan montor-montoran. Ora suwe, seng omahe Agus pathing kemlothak ketibanan banyu udan saka langit. Agus sing maune ana njero kamar age-age metu. Saka cendhela omahe katon yen udane rada deres. Ya saka cendhela kuwi, Agus uga weruh Doni lan Joko, tanggane, padha udanudan keceh banyu ing njaba sinambi bal-balan. Agus dadi kepengin melu dolanan ing njaba. “Agus…boten pareng udan-udan lho nggih. Mengko mundhak masuk angin”. Ibu kayane wus pirsa apa sing ana ing njero atine Agus. Krungu ngandikane Ibune, Agus sansaya tambah mbesengut. Apa-apa ora oleh. Njaluk dolanan montor-montoran ora ditumbaske. Saiki arep nyeneng-nyenengke atine dhewe kanthi udan-udan bareng kancane, ya ora oleh. “Ibu iki karepe piye ta”. Agus nggrundel ing batin. Dheweke amung bisa nyawang kancane mau dolanan sajak gayeng ing njaban omah. Awake padha kebes, nanging senenge ora karuwan. Saya suwe nyawang, Agus saya ora tahan. Ndilalah wae nalika ditoleh, Ibune ora katon. Sajake Ibu nembe mangsak ing pawon.
. Agus age-age ucul klambi. Kathokan thok, Agus banjur mlayu metu, nggabung kancakancane bal-balan ing njaba sinambi udan-udan. Agus seneng banget.Atine bungah. Rasane mardika banget. Sekali-kali ora ngrungokake ature Ibune. “Aguuuss…..piye ta Le!Dikandhani aja udan-udan kok ora manut. Ayo gek ndang mlebu omah!”. Ibune mbengoki saka njero omah. Kayane Ibu mau weruh ana klambine Agus gumlethak ing jobin, nanging Aguse dhewe ora ana. “Riyin Buuuu….”.Semaure Agus saka kadohan. Ibune isih sabar. Nanging udakara 10 menit dienteni, Agus tetep durung gelem leren sing udan-udan. Ibune wiwit kuwatir yen kesuwen sing udan-udan mengko Agus dadi masuk angin. Mula Ibu banjur nyigrakake payung lan marani Agus ing njaba. “Ayo Agus. Wis leren. Gek ndang mlebu omah. Manut Ibu”. “Riyin Bu. Sekedhap malih”. “Ora bisa. Mengko kowe ndhak masuk angin, Ibu sing susah”. Ibu banjur nglarak tangane Agus, digeret ngarah mlebu omah. Tekan njero omah, Agus didukani Ibune amarga ora nggugu. “Wis saiki ayo dak pakpungi, gek salin klambi sing anget. Kowe lak ya durung maem barang ta?”. Agus amung meneng wae. Dheweke ora wani nyauri apa-apa. Nanging sarampunge adus lan klamben, nalika arep didulang maem, Agus tetep wae wegah maem. “Agus langsung bobok mawon Bu. Agus kesel”. Agus banjur mlebu kamare.Ibune amung ngunjal ambegan dhawa nyawang anake. *** “Ibu…Ibuuu…..”.Agus dumadakan mbengoki Ibune saka njero kamar. Ibune sing nembe ing mburi age-age ninggal isah-isahane lan setengah mlayu nuju kamare Agus. “Ana apa Le”. “Anu Bu….awak kula mboten penak banget,” Agus sambat ngrasakake awake sing ora nggenah. Ibune banjur ndemok bathuke. Rada panas. Tangan lan sikile diusap-usap, ya rada panas. Dene Agus turune njingkrung kemulan brukut sajak kadhemen kae. “Wooooo..genah iki Agus masuk angin. Piye, tenan ta ngendikane Ibu mau. Ya ngene iki yen ora manut marang wongtuwa. Saiki lak Agus ngrasakake dhewe ta akibate?”. “Nggih Bu. Nyuwun pangapunten Bu. Agus pancen salah, mboten manut Ibu. Boten kula baleni malih Bu”. “Ya wis. Ayo saiki dak keroki sedhela, mengko gek maem dhisik banjur ngombe obat. Bubar kuwi mapan turu maneh,” ujare Ibu. Kapethik saka : Jagad Sastra, SOLOPOS 1. Saka wacan kasebut, analisisen amanat ing sajroning crita! 2. Nilai-nilai apa wae kang kakandhut ana ing crita cekak kasebut?
. Pembahasan 1. Amanat kang kakandhut saka crita kasebut yaiku dadi bocah kudu manut marang wong tuwa, ora kena ngeyel lan mbantah supaya ora kuwalat. 2. Nilai Sosial katitik saka Agus kang seneng dolan karo kanca-kancane 2) Soal Remidial 1. Jlentrehna apa kang diarani crita cekak! 2. Sebutna unsur-unsur pambangun crita cekak! 3. Coba tunjukna unsur-unsur pambangun kang kinandhut ana ing crita cekak kang ndhuweni irah-irahan “Sawah” ing materi! 4. Sebutna lan jelasna tegese nilai-nilai kang kakandhut ana ing crita cekak! 5. Sebutna nilai-nilai kang kakandhut ana ing crita cekak “Sawah”! Pembahasan 1. cerkak yaiku crita kang lakon manungsa dicritakake sepisan rampung, lan wis isa nuduhake karampungane crita. 2. Unsur-unsur pambangun cerkak, yaiku: a. Tema yaiku dhasar utawa makna sawijining crita fiksi/ ide dhasar minangka landhesane pangripta crita anggone nyusun teks crita. b. Latar/setting yaiku panggonan, wektu, swasana prastawa-prastawa ing cerkak iku kaleksanan. c. Penokohan yaiku paraga lan watake tokoh kang ana ing sajrtoning crita. d. Alur yaiku urut-urataning teks crita cekak. e. Amanat pesen saka pangripta kanggo pamaos lumantar isine crita. f. Sudut pandang yaiku carane pangripta nglakokake paraga-paragane ana ing lakon. 3. Unsur-unsur pambangun crita cekak a. Tema : Sosial b. Latar/setting: Panggonan: omahe Pak Wandi, sawah,kutha, RSJ, Wektu : esuk, sasi November,pirang-pirang dina,wingi, awan c. Penokohan Pak Wandi watak bingungan, lugu Bambang watak kuatiran Ibune Bambang watak pinginan Anake wadon watak pinginan Lurah Samto watak licik
. d. Alur : campuran e. Amanat : dadi manungsa kudu nduwe prinsip sing kuat, bisa wicaksana anggone nemtotake keputusan 4. Sudut pandang : wong katelu katitik saka nggunakake jeneng wong 5. Nilai Sosial lan nilai pendhidhikan moral 2. Penilaian sikap sosial untuk diskusi No. Nilai Deskripsi Skor 1 Jujur Tidak menduplikat pekerjaan teman. 2 Disiplin mengikuti kegiatan diskusi dengan disiplin. 3 Kesantunan Menyampaikan pendapat dengan bahasa Jawa yang santun. 4 Toleran Menunjukan sikap menghargai dan memperhatikan ketika teman membacakan hasil diskusi crita cekak di depan kelas. Keterangan Penskoran 4 = Sangat Baik 3 = Baik 2 = Cukup 1 = Kurang F. Penilaian sikap sosial dalam kegiatan menanggapi hasil karya teman berupa Membuat teks crita cekak menggunakan bahasanya sendiri Objek : Teks crita cekak No. Nilai Deskriptor Skor 1 Jujur Menunjukan sikap jujur dalam berkarya. 2 Tanggung Jawab Menunjukan sikap tanggung jawab dengan menyelesaikan tugas dari guru yang berupa membuat teks crita cekak. 3 Santun Menunjukan sikap santun dengan menggunakan bahasa Jawa yang sopan ketika menanggapi dan menerima masukan ketika mengerjakan. Menunjukan sikap santun ketika menanggapi karya dari teman (kelompok lain)
. Keterangan Penskoran 4 = Sangat Baik 3 = Baik 2 = Cukup 1 = Kurang
. Lembar Pengamatan Sikap Sosial untuk Kegiatan Menanggapi Karya dan Berkarya Nama : ___________________ Kelas : ___________________ Petunjuk Berilah tanda silang (X) sesuai dengan kondisi peserta didik. (diisi olleh guru) No. Pernyataan Pilihan Ya Tidak 1. Menyelesaikan dan mengerjakan tugas dengan usaha dan hasil karya sendiri (jujur) 2. Bertanggung jawab dengan menyelesaikan tugas tepat waktu. 3. Menyampaikan pendapat secara santun ketika berdiskusi (santun) 4. Bertanya dengan menggunakan ragam bahasa yang tepat kepada guru apabila ada materi yang kurang jelas. (santun) 5. Bersikap menghargai ketika guru atau teman yang berbicara di depan kelas. (toleran) Pedoman Penskoran: Pilihan “ya” diberi skor 1, sedangkan pilihan “tidak” diberi skor 0. Karena soal berjumlah 5 butir, maka jumlah skor berkisar antara 0 sampai 5. LEMBAR PENGAMATAN SIKAP No Nama Ketekunan Kedisiplinan Kesopanan Kepatuhan Kepedulian Kerja Sama Kejujuran Ket 1 Andi MT MT BT MT MB M M 2 Bella 3 Cinta BT: Belum Tampak (D) MT: Mulai Tampak (C) MB: Mulai Berkembang (B) M: Membudaya (A)
. NO INDIKATOR Nilai Kualitatif Nilai Kuantitatif Keterangan 1 teks disajikan dengan bahasa yang baik 2 Isi sesuai dengan tema yang ditetapkan 3 Kemampuan menjabarkan cerita 4 Alur cerita dapat menggambarkan imaginasi 5 Kerapian tulisan Nilai rata-rata NILAI KUALITATIF NILAI KUANTITATIF Memuaskan 4 >80 Baik 3 68 – 79 Cukup 2 56 – 67 Kurang 1 < 55
.
.