Geguritan Geguritan minangka sawijining karya sastra Jawa modern wujud pangudarasane panulismarang sawijining kahanan. Geguritan wis ana wiwit jaman sadurunge kamardikan nganti seprene.Adhedhasar wektune geguritansaorane kagolong dadi 2 yaiku geguritan gagrag lawas lan geguritan gagrag anyar. 1 Jinise Geguritan Titikane geguritan lawas yaiku: Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nangingsathithike ana patanggatra Pungkasaning gatra (rima)nganggo purwakanthi guru swara Lumrahe diwiwiti nganggotembung "sun nggegurit" utawa "sun anggurit" Geguritan Gagrag Lawas “ Sun nggegurit” Geguritan gagrag lawas wis ana ing jaman sadurunge kamardikan. Sipate isih tradisional lan durung cukup ngrembaka tinimbang geguritan sing lair ing jaman kamardikan. Sanajan nulis geguritan kuwi ora ana aturan-aturane kayadene tembang macapat nanging nyatane para panganggit geguritan ing jaman tradisional iki tetep ngetung gunggunge pada,larik, wanda lan rima (tibaning swara pungkasaning gatra).Sing paling umum ing geguritan gagrag lawas iki biasane diwiwiti ukara "Sun nggegurit". DEVIKA HERFIANINGTYAS, S. PD., M. PSI. 2398011444
2 GEGURITAN Sun gegurit Kahanan jaman saiki Sipat pemudhapemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi duk jaman nguni Srawung sarwa ngati-ati? Geguritan gagrag anyar lair nalika lan sawise jaman kamardikan yaiku antarane taun 1945 nganti tekan jaman saiki. Geguritangagrag anyar wis ngalami owah-owahan.Tegese teks geguritan sing ditulis ora kaiket deningcacahing pada, larik,utawa guru lagu lan kudu diwiwiti ukara "Sun gegurit". PPG PRAJABATAN GELOMBANG 1 TAHUN Pendidikan Bahasa Jawa 2023 T U L A D H A GEGURITAN GAGRAG ANYAR DEVIKA HERFIANINGTYAS, S. PD., M. PSI. 2398011444
GEGURITAN 2398011444 Devika Herfianingtyas, S. Pd., M. Psi MACA GEGURITAN P A R A F R A S E 4 PERKARA Sadurunge pamaca gurit macakakekanggo wong liya, pamaca kudu mudheng luwih dhisik apa isi lan karepe panulis tumrap geguritan kasebut. Mula yen pamaca gurit arep macakake geguritan kuwi kudu direksa dhisik. Supaya nalika maca geguritan kudu pamaca kudu ngatekake 4 perkara sing kudu ana nalika maca geguritan yaiku: Nyritakake maneh isi geguritannganggo basane dhewesing luwiih dimudhengi kanthi wujud paragraf. Wicara / Tuturan Pangucapan utawa wicara bisa diarani pelafalan. Nalika maca geguritan kudu bener anggone ngucapake tembung. Tuladhane tembung dha – da, tha – ta, a – o, lan sapiturute. Wirama / Tempo Nada / intonasi yaitu dhuwur endeke lagune pangucapan. Nada iki ana gegayutane sikap batin panganggit. Tuladhane nalika nada nuturi, nyindir, bungah, ngamuk, lan sapiturute. Wirasa / Ekspresi Wirasa bisa katon nalika pamaca mudheng bener apa isi lan karepe panulis geguritan. Nalika maca endah geguritan, pamacakudu bisa macakegurit kanthi ekspresising trep. Wiraga / Raga Wiraga iku polahegerak awak nalikamaca geguritan. Nalikamaca geguritan, pamaca kudu bisa mragakake kahanangeguritan kuwi nganggoraga kayata tangan,driji, gulu, sikil, lsp
NGGUNAKAKE DIKSI Langkah sabanjure yaiku nemtokake diksi utawa pamilihing tembung. Diksi bisa dadi kaunikan ing sawijining geguritan. Akeh geguritan apik sing nggunakake diksi sederhana, nanging ana uga geguritan kanthi diksi sing arang dirungokake. Nah, yen arep gawe geguritan sing ora lumrah, bisa nggunakake gaya basa utawa majas. gaya basa yaiku panggunaan tembung-tembung ing bab wicara utawa nulis kanggo menehi efek-efek tartamtu kanggo panyimak utawa pamaos. tuladhane, nggunakake majas perbandhingan utawa majas metafora. NEMTOKAKE TEMA LAN IRAHIRAHAN SING NARIK KAWIGATEN LANGKAH SEPISANAN KANGGO GAWE GEGURITAN YAIKU MILIH SAWIJINING TEMA SING DIPENGINAKE MINANGKA TITIKANING GAWE GEGURITAN. TEMA GEGURITAN IKU AKEH BANGET JINISE, MILA PILIHA TEMA SING NARIK KAWIGATEN. G E G U R I T A N Nulis NEMTOKAKE KATA KUNCI SABANJURE YAIKU NEMTOKAKE KATA KUNCI. YENWIS NEMTOKAKE TEMA, TULADHANE PEPUJEN ALAMKANG ENDAH, MILA DIBACUTAKE NEMOKAKE KATAKUNCI SING ANA GEGAYUTANE KARO ALAMSEMESTA LAN RASA SYUKUR MARANG ALAM. YEN WIS DIRASA CUKUP KANGGO MIWITI GAWEPPUISI, MILA SING DILAKOKAKE YAIKUNGEMBANGAKE TUMEKANE DADI SAWIJININGUKARA UTAWA GATRA GEGURITAN. TULADHANE, SAWIJINING KATA KUNCI SINGDIGUNAKAKE KANGGO SAK LARIK, UTAWABISA WAE KATA KUNCI BANJURDIKEMBANGAKE DADI SAK PADA.
Ingatlah tiga hal yang berkaitan dengan kata dan larik dalam menulis puisi, yaitu: Kata adalah satuan rangkaian bunyi yang ritmis atau indah, atau yang merdu. Makna kata bisa menimbulkan banyak tafsir. Mengandung imajinasi mendalam tentang hal yang dibicarakan. GEGURITAN NULIS NGGUNAKAKE RIMA Rima uga kalebu unsur esensial sing bisa gawe geguritan luwih narik kawigaten nalika dirungokake. rima yaiku unen-unen sing diasilake saka huruf lan tembung. Rima bisa arupa pangulangan unen-unen kanthi sajak a-a-a-a, a-a-b-b, utawa a-b-a-b KEMBANGKAN PUISI SEINDAH MUNGKIN Sabanjure, supaya geguritan sing digawe bisa luwih narik kawigaten kanggo dirungokake, bisa ngembangake langkah-langkah iku mau. carane, susun tembung-tembung lan larik-larik geguritan dadi bait-bait. kembangake nganti dadi sawijining geguritan sing wutuh lan nduweni makna. Kudu dieling-eling yen geguritan iku dudu artikel. Tulisan geguritan kudu ringkes, padhet, lan endah. Piliha tembung sing jumbuh lan makili unsur kaendahan lan nduweni makna sing padhet.
ASESMEN FORMATIF Geguritan VISUAL Siswa disajikake geguritan kanthi kelompokan jumbuh karo gaya belajar visual, banjur dianalisis isi, nemtokake makna, lan ngartikake tembung-tembung angel sing ana ing sajeroning teks geguritan. VIDEO GEGURITAN DENGAN PEMANDANGAN AUDITORIS Siswa disajikake geguritan kanthi kelompokan jumbuh karo gaya belajar auditoris, banjur dianalisis isi, nemtokake makna, lan ngartikake tembung-tembung angel sing ana ing sajeroning teks geguritan. VIDEO LIRIK GEGURITAN KINESTETIK Siswa disajikake geguritan kanthi kelompokan jumbuh karo gaya belajar kinestetik, banjur dianalisis isi, nemtokake makna, lan ngartikake tembung-tembung angel sing ana ing sajeroning teks geguritan. VIDEO PEMBACAAN GEGURITAN DENGAN GESTUR
WICARA WIRAMA WIRASA WIRAGA G E G U R I T A N ASESMEN SUMATIF Devika Herfianingtyas, S. Pd., M. Psi. Saben kelompok gaya belajar (visual, auditori, dan kinestetik) disajikake sawijining medhia kanggo maca geguritan, banjur saben-saben siswa macakake geguritan kasebut kanthi karakteristike dhewe-dhewe nggunakeke tata cara wiraga, wirasa, wirama, dan wicara secara jelas 2398011444
P E NGA Y A A N Pengayaan iki dilakokake kanggo siswa sing wis prigel nganalisis lan maca geguritan kanthi dhasar tata cara sing wis ditamtokake ing asesmen sumatif. Disajikake teks geguritan banjur siswa dituntut bisa marafrasekake teks geguritan. GA T EK N A P E T H IK A N T EKS GEGU R I T A N I NG NGISOR IKI ! G E G U R I T A N Bumiku Kabentang indahe bumiku Tan katon ijo royo-royo Para kewan pada manut mring ndarane Ana ing sawah anggarap siti Nanging, saiki ora kaya mbiyen Nanging, saiki bumiku wis rusak Kaya-kaya wis ora ana ijo-ijoan meneh Karono ulahe manungsa Lena marang wektu Lan nglirwakake kewajiban Marang gusti, Sing akarya jagad Parafrasekake teks geguritan ing dhuwur kuwi ! https://lenteramata.com/geguritan-tema-lingkungan/
R E M E D I A L Remedial dilakokake nalika siswa sing durung paham materi lan durung bisa nggayuh ancase pasinaon. siswa disajikake sawijining geguritan banjur dianalisis teks geguritan kuwi mau. Gatekna pethikan teks geguritan ing ngisor iki ! Tulisen unsur-unsur lair lan batin teks kasebut ing ngisor iki! Irah-irahan : _______________________ Jinise geguritan : _______________________ Unsur Lair : _______________________ Unsur batin : _______________________ Tulisa piwulang teks geguritan ing dhuwur! Alam Ati sing lara dadi waras Yen ndeleng apike alam iki Pikiran sing lesu dadi tuntas Ndeleng ciptan sing Kuasa Matur syukur marang Gusti Sing wis nyiptake bumi iki Lan saisine Kita kudu ngrawat alam iki Marang dunya kang luwih apik https://lenteramata.com/geguritan-tema-lingkungan/
GEGURITAN L K P D Lembar Kerja Peserta Didik Devika Herfianingtyas , S. Pd. , M. Ps i
GEGU R IT AN NULIS ASESMEN FORMATIF ! Saka materi panulisan geguritan sing mbok sinaoni, saiki coba susunen sawijining geguritan nganggo basamu dhewe kanthi tema “Sekolah Adiwiyata” sing nggunakake metode “kata kunci”, minimal 6 larik! PAUGERAN NGIRIM TUGAS Tugas dikirim kanthi bentuk teks canva utawa aplikasi arupa liyane, banjur dikumpulakekolektif sak kelas ig G-drive! NULIS GEGURITAN Irah-irahan larik 1 larik 2 larik 3 larik 4 larik 5 larik 6
NULIS GEGUR I T AN NAMA / KELAS / NO. PRESENSI : ASESMEN SUMATIF (JUDUL) --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- --------------------------------------------- PARENTAH ! Coba saiki gawenen sawijining teks geguritan kanthi tema “Nglestarikake alam lan lingkungan hidup” kanthi gunakake majas lan metode sing wis mbok sinaoni, minimal 6 larik!