“Lamtara-Lamtara Pinggir Desa”
1. Lintange Isih Surem
SABENERE mono ya mung prakara lumrah, saupama ana bocah
loro, lanang lan wadon padha tresna tinresnanan siji lan sijine, banjur
kekarone padha ngiket janji nedya urip bebarengan. Malah yen
kekarone bisa rukun lan tansah njaga awake dhewe-dhewe, sok bisa
didadekake tuladha dening kanca-kancane. “Kae lho sing rukun kaya
Didien kae, utawa kaya Budi kae.” Sabenere mangkono iku rak mung
prakara lumrah.
Nanging kanyatan sok slenca. Sebab Donya ana pepesthen sing
jenenge nasib. Kamangka nasibe uwong iku ora padha. Kayadene
rodha, mubeng, kala-kala ana ndhuwur, kala-kala ana ngisor,
mangkono sateruse. Mangkene iki sok diarani cakra manggilingan.
Senajan kabeh dikeparengake ihtiyar, mbudidaya, nanging
wusanane uga banjur kudu sumarah ing pepesthen. Pepesthen saka
kang akarya jagad. Sumarah ing nasib.
Kayadene kang lagi tumiba ing awake Priya mudha kang aran
Mardika kuwi, nasibe lagi digawe ora kepenak. Lintange isih surem,
remeng-remeng. Menawa kabeh kancane bisa kepenak ngrakit
tresna ngiket janji, dheweke kudu ngadhepi sing jenenge nasib.
Nasib. Nasibe wong papa, wong kang kena diparibasakake kleyang
kabur kanginan. Senajan wujude gagah sigrak, nanging kepeksa
mupus, bareng ngadhepi sang nasib.
1
Pethikan Novel Jawi
Sabenere ya mung prakara lumrah, manawa Priya kaya Mardika
darbe rasa tresna lan ditresnani. Nanging bab mau oral umrah kanggone
wong kabur kanginan, tekane ing desane Pratiwi mung butuh ngluru sega
kanthi predhikat guru. Jalaran Mardika ora duwe sawah lan omah, ora
duwe kebo sapi lan tumpukan mbako.
Apa maneh kang arep ditindakake yen wong tuwane ora ana sing
sarujuk kanthi tuwuhe katresnan iki? Mlayu? Minggat? Nganyut tuwuh?
Ah, pikiran kang nistha. Mardika ora arep milig salah sawijining tumindak
ala mau. Luwih becik kaya saiki lungguh ing sangisore wit lamtara,
nyawang sawah kang gumelar amba senajan dudu sawahe, karo ngeling-
eling lelakon kang dialami sasuwene iki.
Isih cetha, njarem ing ati lan gumawang ing mripat. Nalika iki udan
deres, dalane gembel banget. Dalan padesan sing during mambu aspal.
Ana kenya iwut mbuwangi endhut sing ngebaki rodha sepedhahe. Lan ya
kenya iku sing jeneng Pratiwi. Mardika kang lagi bali saka mulang age-
age tumandhang, aweh pitulungan. Clanane diwingkis, lengen klambine
digulung, dalane dalan padesan, pancen ya mangsa udan, ya ampuunn.
Becek lan lunyu. Sepedha ora bisa mlaku, marga rodhane gembel lemah,
kepeksa banjur disurung. Kekarone banjur kenalan lan diterusake
kekancan. Pratiwin putrane wong sugih desa kono, sekolahe ana SMA.
Mardika, pak guru saka kutha ketemu Pratiwi ana dalan sangisoring
lamtara-lamtara pinggir desa.
“Iki mau saka tindak ngendi, Dhik?” pitakone Mardika.
“Saking daleme Simbah?” jawabe Pratiwi.
“Ooo, malem Minggon, ta?”
Pratiwi ora mangsuli, mung mesem. Dheweke asring krungu saka
critane adhi-adhine, yen ana pak guru anyar saka kutha, priyayine bregas
lan grapyak. Saiki ketemu lan meruhi dhewe eseme sing simpatik. Oooo,
beda banget karo pak guru sing lawas kae, sing saiki dipindhah ana
nggunung. Banjur:
“Matur nuwun, Pak Guru,” ucap panarimane Pratiwi bareng
Mardika wis rampung ngresiki sepedhahe Pratiwi.
“Padha-padha.”
2
Pethikan Novel Jawi
Wong loro banjur mlaku bebarengan, karo nuntun sepedha,
amarga yen ditumpaki mesthi gembel meneh.
“Mangga pinarak, Pak!” ucape Pratiwi bareng tekan ngarep
omahe.
“Ah, matur nuwun, liya wektu,” wangsulane karo nyawang omah
sing njenggarang magrong-magrong. Ana priyayi pengkuh, mrebawani
ngadeg ana pendhapa.
“Nuwun, Pak,” ucape Mardika karo manthuk.
“Ooo, Nak Guru. Manga, pinarak Nak. Wah, Pratiwi ngrepoti
punika kala wau,”
“Mboten kok, Pak, sepedhanipun naming gembel endhut sekedhik,
kleresan punika wau sesarengan. Anu, dalem langsung nyuwun pamit
kemawon, Pak.”
“Wah, kok kesesa ta, Nak Guru.”
“Inggih, taksih wonten ayahan saking kantor. Mbenjing-mbenjing
kemawon sowan.”
“Inggih, manga-mangga, ndherekaken,”
Iku wiwitane dheweke wanuh karo kulawarga Hadimartono, wong
sugih ing desa kono. Banjur memitrane karo Pratiwi apik lan sateruse
thukul katresnan. Pratiwi kang ruruh lan wingit pasemone sing dadi
kembange padesan kono, lan pak guru Mardika simpatik padha dene wis
ginadhuhan rasa tresna. Banjur akeh sing ngaweruhi, wong kerep
lungguhan ing sangisore lamtara pinggir desa, utawa ana sacedhake
sumberan bening ing tengah desa, karo ndeleng bocah bocah cilik padha
nggolek wader, urang ing kali cilik sacedhake. Ora pisan, ora pindho
wong-wong padesan nyekseni Pak Guru Mardika lan Pak Hadi mlaku-
mlaku ndeleng sawah kang jembar ngilak-ilak. Sajak wis trep,
maratuwane sugih, mantune pinter.
Katone endah banget katresnan iku. Nanging jebule ora an
mangkono. Ana suwara-suwara ora kepenak mlebu kupinge Mardika.
Apa kutang ta pemudha des akene sing sugih, kok milih Mardika? Apa
kurang ta pemudha des akene, kok milih guru saka kutha? Gek apa cukup
bayarane kanggo nguripi bojo during meneh yen wis anak-anak.
3
Pethikan Novel Jawi
Yen wis mangkono, Mardika mung bisa nggrantes jroning ati. Nyatane
pancen bener, yen ditaker bandhane wong tuwane Mardika, ora ana amput-
ampute karo bandha donyane kulawarga Hadimartono. Yen ditaker
kapinterane, akeh pemudha desa kono sing sekolahe dhuwur, malah
kangmase Pratiwi dhewe ana sing wis nggondhol gelar sarjana saka
Universitas Gadjahmada kana. Nanging nitik kahanan mangkono, apa Mardika
ora wenang nresnani Pratiwi? Ora wenang sesambungan karo prawan
kembange padesan iku?
4
Pethikan Novel Jawi