The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by suwarti, 2022-06-28 00:26:59

Pandawa

Kelas 3

Keywords: Bahasa Jawa

MATERI

PANDAWA

Hai kanca-kanca, jenengku Ansell.
Aku seneng rikala nonton wayang.
Sapa sing seneng wayang kaya aku?
Yuk, bebarengan sinau wayang!

Coba gatekna gambar wayang ing ngisor iki!

Apa ana sing ngerti iki gambare
sapa?
Ya bener, iki arane Pandawa.
Geneya diarani Pandawa?
Yuk, awake dhewe bisa sinau
bebarengan.

Wayang ing ndhuwur diarani Pandawa tegese anak Pandhu. Cacahe ana 5, yaiku :
Yudhistira/Puntadewa, Werkudara/Bima, Janaka/Arjuna, Nakula, lan Sadewa.

Yudhistira Werkudara Janaka Nakula Sadewa

1

Wayang iki arane Yudhistira utawa
Puntadewa.
Dadi anak mbarep amarga lahire
nomer siji utawa ndhisik dhewe.
Watake sabar, jujur, seneng ngalah
lan seneng marang kabecikan.

Iki arane Werkudara uga diarani
Bima.
Anak nomer loro. Awake gagah,
gedhe dhuwur.
Duwe watak jujur, ngabekti (berbakti)
marang wong tuwa, seneng mbelani
kabecikan.

Iki arane Janaka duwe jeneng liya
Arjuna.
Minangka anak nomer telu. Diarani uga
anak tengahan.
Parsuryane bagus dhewe. Nduweni
watak alus lan wicaksana.

Wayang kang kembar iki arane Nakula
lan Sadewa.
Putrane Prabu Pandhu kang nomer
papat lan lima.
Duwe watak jujur, setia, bekti marang
wong tuwa lan seneng mbelani
kabeneran.

2

Watake Pandawa iku apik. Kaya dene watake murid-murid Dalem Gusti Yesus.
Contone murid Dalem Gusti Yesus kang aran Bartolomeus. Duwe watak jujur
cerdas lan tulus.
Watak kang bisa kok tuladha saka tokoh wayang salah sijine yaiku jujur.
Contone tumindak jujur :
1. Menawa didhawuhi wong tuwane mundhut sabun, menawa ana dhuwit susuk

(uang kembalian) diaturke marang wong tuwane.
2. Rikala ulangan, menawa ora bisa nggarap ora nyonto garapane kancane.
3. Pas lagi dolanan ing omah jhane mecahke vas kembang, ya matur Ibu yen

dheweke kang mecahake.

Aku seneng banget,
amarga aku tansah
tumindak jujur.
Amarga aku jujur, aku
disenengi Bapak, Ibu lan
kanca-kancaku kabeh.
Matur nuwun Gusti.

3


Click to View FlipBook Version