TUGAS BAHASA JAWA TEMBANG MACAPAT
Anggota Kelompok: 1.Popi Dewi Febriani 2.Rina Widya Ayuningtyas
Anggota Kelompok: 3.Nur Ma ' rifah 4.M.Tajul Muslimin
TEMBANG MACAPAT
Pengertian Tembang Macapat Tembang yaiku susastra/sastra,utawa anggitan/karangan kang kaiket dening guru lagu,guru wilangan,lan guru gatra Macapat yaiku tembang tradisional ing tanah jawa. Diarani tradhisional amarga kaiket dening gurugatra, guru wilangan, lan guru lagu. Saben baitmacapat nduweni baris ukara sing diarani gatra , lansaben gatra nduweni guru wilangan, lan dipungkasinggango uni pungkasan sing diarani guru lagu.Macapat tegese maca papat-papat, yaiku carane macaandhegane saben patang wanda [suku kata].
Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional jinisi lan perangane dadi telung perangan gedhe : a. Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik) : Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula. b. Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan) : Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung. c. Puisi tembang gedhe (kawi) : Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa. JINISING TEMBANG MACAPAT
Guru Gatra : Guru gatra yaiku cacahing / gunggunge gatra /baris/larik, saben sapada/sapupuh/sabait. Saben-saben tembang macapat nduweni guru gatara kang beda-beda. Guru Wilangan : Guru wilangan tegese gunggunge wanda (suku kata) saben sagatra. Kayadene guru gatra, saben tembang nduweni guru wilangan kang beda-beda. Guru Lagu : Guru lagu tegese tibaning swara ana ing pungkasaning gatra kang dinulu saka guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane. PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat 1.Maskumambang(4 Gatra) = 12i, 6a, 8i, 8a 2.Mijil(6 Gatra)= 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u 3.Sinom(9 Gatra)= 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a 4.Kinanthi(6 Gatra)= 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i 5.Asmaradana(7 Gatra)= 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a 6.Gambuh(5 Gatra)= 7u, 10u, 12i, 8u, 8o 7.Dhandhanggula(10 Gatra) = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a 8.Durma(7 Gatra) = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i 9.Pangkur(7 Gatra)= 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i 10.Megatruh(5 Gatra)= 12u, 8i, 8u, 8i, 8o 11.Pocung(4 Gatra)=12u, 6a, 8i, 12a
Pupuh ing Serat Wulangreh Dhandhanggula 8 pada Kinanthi 16 pada Gambuh 17 pada Pangkur 17 pada Maskumambang 34 pada Megatruh 17 pada Durma 12 pada Wirangrong 21 pada Pocung 23 pada Mijil 26 pada Asmaradana 28 pada Sinom 33 pada Girisa 25 pada Serat Wulangreh ana 13 Pupuh tembang kang isine yaiku kaya ing ngisor iki
1.Pocung : kendho tanpa greget, piwulang becik. 2.Gambuh : rumaket, kulina, wanuh wani. 3.Pangkur : sereng, nepsu, gambarake kekarepan kang 4.Durma : galak, jengkel, utawa muring. 5.Maskumambang :sedhih, susah, nlangsa, kelara-lara, ngeres-eresi. 6.Megatruh : sedhih, susah, ora duwe pangarep-arep. 7.Wirangrong : asipat wibawa,kanggo jlentrehake kaanan kang duweni teges agung,kaendahan alam,piwulang 8.Mijil : wedharing rasa utawa ati utawa ajaran ora gampang nglokro 9.Kinanthi :seneng,asih lan tresna Watak Tembang Macapat Serat Wulangreh
10.Asmaradhana : tresna,sengsem,sedhih,prihatin 11.Dhandhanggula : luwes lan ngresepake 12.Sinom : grapyak,sumanak,nanging sok-sok wekasane dadi sereng marga ora keturutan karepe 13.Girisa : gagah, wibawa wanti-wanti Watak Tembang Macapat Serat Wulangreh
Gambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibune,sing durung kaweruhan Lanang utawa wadon mas ateges durung weruh Lanang utawa wadon kumambang ateges uripe ngambang Nyang kandhutane ibune Jinising Tembang Macapat 1.Maskumambang
Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i) Sanadyan wong tuwa (6 a) Yen duwe watek tan becik (8 i) Miwah tindak tan prayoga (8 a) TULADHA
Mijil kui tegese lair lan wis cetha Priya utawa wanita.Tembang mijil nggambarake laire si jabang bayi.Tembang Iki nduweni watak Gandrung utawa prihatin,kanthi Sasmita wijil,mijil,wiyos,utawa rarasati 2.Mijil Jinising Tembang Macapat
Lan dimantep mring panggawe becik (10 i) Lawan wekas ing ngong (6 o) Aja kurang, iya panrimané (10 é) Yen wis tinitah marang Hyang widhi (10 i) Ing badan puniki (6 i) Wus pepancen ipun (6 u) TULADHA
Sinom ateges Kanoman,minangka kalodhangan sing paling Wigati kanggone wong Anom supoyo bisa ngangsu kaweruh seakeh akehe Jinising Tembang Macapat 3.Sinom
Nulada laku utama (8 a) Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i) Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 a) Panembahan senapati (8 i) Kepati amarsudi (7 i) Sudaning hawa lan nepsu (8 u) Pinesu tapa brata (7 a) Tanapi ing siyang ratri (8 i) Amemangun karye naktya sing sasama (12 a) TULADHA
4 4.Kinanthi Kinanthi iku asale saka Tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah pengutipan ing alam donya Jinising Tembang Macapat
Dadiya laku nireku (8 u) Cegah dhahar lawan guling (8 i) Lawan aja sukan sukan (8 a) Anganggowa sawatawis (8 i) Ala wateke wong suko(8 o) Nyuda prayitna ning batin(8i) TULADHA
5.Asmaradana Tembung Asmaradana umume kanggo wong sing lagi gandrung.Asmaradana ateges rasa tresna,Tresna matang liyan (Priya lan wanita lan kosok baline) kang Kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi Jinising Tembang Macapat
Aja turu soré kaki (8 i) Ana Déwa nganglang jagad (8 a) Nyangking bokor kencanané (8 é) Isine donga tetulak (8 a) Sandhang kelawan pangan (7 a) Yaiku bagéyanipun (8 u) wong melek sabar narima (8 a) TULADHA
Jinising Tembang Macapat 6.Gambuh Gambuh asale saka Tembung jumbuh/sarujuk kang ateges Yen wis jumbuh/sarujuk banjir digathukake antara e Priya lan wanita sing padha duweni rasa tresna mau,ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan
Sekar gambuh ping catur (7 u) Kang cinatur polah kang kalantur (10 u) Tanpa tutur katula-tula katali (12 u) Kadaluwarso katutur (8 u) Kapatuh pan dadi awon (8 o) TULADHA
Jinising Tembang Macapat 7.Dhandhanggula Gambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge,apa kang digayuh bisa kasembadan.Kelakon duwe sisihan/bojo,duwe anak,Urip cukup kanggo sakulawarga.Mula Kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine,bisa diarani dhandhanggula
Lamun sira anggeguru kaki (10 i) Amiliha manungsa kang nyata (10 a) Ingkang becik martabate (8 é) Sarta kang wruh ing hukum (7 u) Kang ngibadah lan kang wirangi (9 i) Sokur oleh wong tapa (7 a) Ingkang wus amungkur (6 u) Tan mikir paweweh ing lyan (8 a) Iku pantes sira guranana kaki (12 i) Sartane kawruhana (7 a) TULADHA
Durma asale saka Tembung darma/weweh.Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe,banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi Nandang kancitrakan,mula banjur tuwuh rasa kepengin durma/weweh marang sapadha-padha.Kabeh mau disengkuuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiyale manungsa Jinising Tembang Macapat 8.Durma
Wusnya tibeng bentala prabu Rahwana (12 a) Pancasonane dadi (7 i) Sirna tatu nira (6 a) Tung tumpulih sedaya (7 a) Nepak bau kradha angrik (8 i) Ndedel ngawiyat (5 a) Ngusir nanendra peksi (7 i) TULADHA
Jinising Tembang Macapat 9.Pangkur Pangkur Iku asale saka tembung Mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu Angkara murka.Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha
Sekar Pangkur kang winarna (8 a) lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i) ala lan becik puniku (8 u) prayoga kawruhana (7 a) adat waton puniku dipun kadulu (12 u) miwa ingkang tatakrama (8 a) den kaesthi siyang ratri (8 i) TULADHA
Tembang Iki gambarake manungsa kang lagi sakaratul maut.Megatruh asale saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane Awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa Jinising Tembang Macapat 10.Megatruh
TULADHA Na ra kena sinelak selak pineluk (12 u) Mring kang ngadhang adhang sisip (8 i) Yen loro anggepi reku (8 u) Teman kether maring ngening (8 i) Adoh kae let tan adoh (8 o)
Jinising Tembang Macapat 11.Pocung Tembang Iki gambarake kaanane manungsa nalika tekan pungkasaning lakon.Raga kang wis pisah Karo nyawa mau diarani layon,jisim,utawa mayit.Layon,jisim,utawa mayit mau banjur dibungkus mori warna putih sing diarani dipocong
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u) Lekase lawan kas (6 a) Tegese kas nyantosani (8 i) setya budya pangekesing dur angkara (12 a) TULADHA
Sampun cekap semanten, mbok bilih wonten kirang lan luwihnipun katuran kula lan anggota kelompok kula sedaya, kula pun aturi pengapunten
MATUR SUWUN