The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by astriawilujeng21, 2023-02-14 20:57:01

Tembang Macopat

Kelompok 1 kelas XI.IPA

Tembang macapat XI-MIPA SMAN 1 Senori TUGAS BAHASA JAWA


Nama kelompok 1. Siti Muna Anggita 2. Amanda Novita Anggreni 3. Ela Septiyani


TEMBANG MACAPAT IKU TEMBANG TRADISIONAL ING TLATAH JAWA .TEMBANG MACAPAT UGA DI ARANI "MACA PAPAT_PAPAT" SABEN LAREK MACAPAT DUENI BARIS UKARA SING DI ARANI GATRA LAN SABEN GATRA DUE SAWATARA GURU WILANGAN (SUKU KATA) TINAMTU ,LAN DI PUNGKASI NGANGGO UNI PUNGKASAN SING DI ARANI GURU LAGU. MANGERTENI TEMBANG MACAPAT


Paugeran tembang macapat Guru gatra Guru gatra yaiku cacahe Gatra utawa larik ing saben tembang Guru wilangan Guru wilangan yaiku cacahe wanda ing Gatra-Gatra tembang. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak Guru lagu Guru lagu yaiku salah sawijining pawugeran tembang macapat minangka dhongdhinging swara ing pungkasane gatrane tembang .


1.Maskumambang 2.Mobil 3.Sinom 4.Kinanti 5.Asmaradana 6.Gambuh JiNISing TEMBANG MACAPAT 7.Dhandanggula 8.Durma 9.Pangkur 10.Megatruh 11.Pocung


Mijil Mijil ateges wis lahir lan wis cetha pria utawa wanita .guna Mulan wong kang lagi prihatin. Guru gatrane :6 Gatra Guru wilangan lan guru lagu :10i, ,6o ,10e ,10 i ,6i ,6o Tuladhane: Mijil ing Dunya disini Ratri (10i) Kabeh durung Katon (6o) Lelaku alon siniji -siji (10i) Nunggu mring wartaning (6i) Sasotya satuhu (6u)


Sinom Sinom ateges kanoman ,minongko kalodhangan sing paling Wigati kanggo wong anom supoyo biso ngangsu kaweruh sak akeh-akehe. Guru gatrane: 9 gatra Guru wilangan lan guru lagu: 8a, 8i, 8a, 7i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a Tuladhane : Nuladha laku utama (8a) Tumrape wong tanah Jawi (8i) Wong agung ing Ngeksiganda (8a) Panembahan senapati (7i) Kepati amarsudi (7i) Sudane hawa lan nepsu (8u) Pinesu tapa brata (7a) Tanapi ing siyang ratri (8i) Amemangun karyenak tyasing sasama (12a)


Kinanthi Kinanthi saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges di tuntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya. Guru gatrane: 6 gatra. Guru wilangan lan guru lagune: 8u, 8i, 8a, 81, 8a, 8i Tuladhane: Padha gulangen ing kalbu (8u) Ing sasmita amrih lantip (8i) Aja pijer mangan nendra (8a) Kaprawiran den kaesthi (8i) Pesunen sarira nira (8a) Sudanen dhahar lan guling (8i)


Asmaradana Asmarandana teges ateges rasa Tresna ,Tresna marang liyan (Priya lan wanita lan kodok baline )kang Kabeh mau Wis dadi kodrat ilahi. Guru gatrane: 7 gatra Guru wilangan lan guru lagune: 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a. Tuladhane: Dhuh garwaku Banowati (8i) Sirya kariya raharja (8a) Ingsun anemahi layon (8o) Mring becik pamomong ira (8a) Mring para putra nira (7a) Dhuh nyawa atmaja ingsun (8u) Dadya kariya raharja (8a)


Gambuh Gambuh saka Tembung jumbuh/ sarujuk banjur di gatukake antara e priya lan wanita sing Podo ndueni rasa Tresna mau,ing pangangkah supaya bisa urep bebrayaan. Guru gatrane: 5 gatra. Guru wilangan lan guru lagune: 7u, 10u, 12i, 8u, 8o. Tuladhane: Sekar gambuh ping catur (7o) Kang cinatur polah kang kalantur (10u) Tanpa tutur katula-tula katali (12i) Kadaluwarsa kapatuh (8u) Kapatuh pan dadi awon (8o)


Dhandhanggula Dhandhanggula gambarake uripe wong kang lagi seneng seneng ee . Apa kang di gayuh bisa kasembadan.klakon ndue sisihan /bojo ,due anak ,Urip cukup kanggo SK kulawarga. Guru gatrane: 10 gatra Guru wilangan lan guru lagune: 10i, 10a, 8e, 7u, 91, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a. Tuladhane: Ana kidung rumeksa ing bengi (10i) Teguh ayu luputa ing lara (10a) Luputa bilahi kabeh (8e) Miwah panggawe ala (7a) Jin setan datan purun (7u) Paneluhan tan ana wani (9i) Gunaning wong luput (6) Geni atemahan tirta (8a) Maling adoh tan ana ngarah ing mami (12i) Guna duduk pan sima (7a)


Durma Durma saka Tembung darma /weweh .wong uen wis rumangsa kacukupane uripe ,banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane Kang lagi nandang kacintrakan ,mula banjur tuwuh rasa kepingin darma /weweh marang Sapada pada . Guru gatrane: 7 gatra Guru wilangan lan guru lagune: 12a, 7i, 6a, 7a, 81, 5a, 7i. Tuladhane: Dipunsami ambanting sariranira (12a) Cegah dhahar lan guling (7i) Dorapan sudaa (6a) Nepsu kang ngambra-ambra (7a) Lerema ing tyas sireki (8) Dadi sabarang (5a) Karsa nira lestari (7i)


Pangkur Pangkur saka Tembung Mungkur kang ateges ngingkiri hawa nafsu Angkara murka .kang di pikir tansah kepingin weweh marang Sapada pada . Guru gatrane: 7 gatra. Guru wilangan lan guru lagune: 8a, 11i, Bu, 7a, 12u, Ba, 8i Tuladhane : Jinejer ing wedhatama (8a) Mrih tan kemba kembenganing pambudi (11i) Mangka nadyan tuwa pikun (8u) Yen tan mikani rasa (7a) Yekti sepi sepa lir sepah asamun (12u) Semasane pasamuwan (8a) Gonyak-ganyuk nglelingsemi (8i)


Megatruh Megatruh saka Tembung Megat roh Utawa pegat rohe/ nyawane, Awit wis titi wancine katimbalan marak sowan meriang sing maha kuwasa Guru gatrane: 5 gatra. Guru wilangan lan guru lagune: 12u, 8, 8u, 81, 8o. Tuladhane: Sigra milir sang gethek sinangga bajul (12u) Kawan dasa kang jageni (8i) Ing ngarsa miwah ing pungkur (8u) Tanapi ing kanan-kering (81) Sang gethek lampahnya alon (8o)


Pocung Pocung Yen wis dadi layon/ mayit banjur dibungkus mori putih Utawa Dipocong sak durunge dikubur Guru gatrane: 4 gatra. Guru wilangan lan guru lagune: 12u, 6a, 8i, 12a Tuladhane: Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12u) Lekase lawan kas (6a) Tegese kas nyantosani (81) Setya budya pangekesing dur angkara (12a)


Pupuh ing serat wulangreh 1. Dhandhanggula 8 pada 2. Kinanti 16 pada 3. Gambuh 17 pada 4. Pangkur 17 pada 5. Maskumambang 34 pada 6. Megatruh 17 pada 7. Durma 12 pada 8. Wirangrong 21 pada 9. Pocung 23 pada 10. Mijil 26 pada 11. Asmarandana 28 pada 12. Sinom 33 pada 13. Girisa 25 pada


Wewatakaning lan sasmitaning tembang macapat Tembang Watake Sasmitane Maskumambang Mijil Sinom Nelangsa,prihatin ,lan sedhih banget Kumambang, ketimpul, langbang, kencana, lan timbul Gandrung, lan prihatin Wijil, mijil, wios, lan rarasati Wantah Anom,taruna, srinata,ron kamal,pengrawit, logondhang


Wewatakaning lan sasmitaning tembang macapat Tembang Watake Sasmitane Kinanti Asmaradana Gambuh Asih-asuh Luwes lan manis Rada sereng Kanthi lan sinartan Kasmaran, asmara, brangti, kingkin, lan dana Gambuh, anut, wimbuh, lan tambuh


Wewatakaning lan sasmitaning tembang macapat Tembang Watake Sasmitane Dhandhanggula Durma Pangkur Luwes ,lan manis seru,lan sereng banget sereng Sarkara,manis,madu ,Hartati,lan dhandhang durma,lan mundur pungkur,kur,lan kepungkur


Wewatakaning lan sasmitaning tembang macapat Tembang Watake Sasmitane Megatruh pocung Prihatin,getun,lan keduwung sasenenge Andhudhuk,tuh, pegat,lan Megat pocung,cung,lan kaluwak


Matur Nuwun Sampun Ningali


Click to View FlipBook Version