The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by nikenrusti92, 2022-10-30 11:31:39

Pawicantenan_NIKEN

Pawicantenan_NIKEN

Pawicantenan

Dening
Niken Rusti Sariwening, S.Pd

Bahan Ajar

Kangge Sinau

Pawicantenan

Mata pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas VII

Semester Genap
SMP Negeri 3 Cilacap

Kompetensi Inti (KI)

1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi, gotong
royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam
dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya
tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait dengan fenomena dan kejadian nyata.
4 Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai,
memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan
mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut
pandang/teori.

KD saha IPK

3.4. Menelaah dialog/percakapan dalam

3.4.1 Menganalisis ragam bahasa
pacelathon. (C4)
3.4.2 Menyimpulkan isi pacelathon (C6)

4.4. Menulis teks dialog sederhana.

4.4.1 Menyusun teks dialog antara anak dan orang tua (P5)
4.4.2 Memperagakan pacelathon di depan kelas (P3)
4.4.3 Mengkritisi penyaian hasil diskusi kelompok lain

Tujuan Pembelajaran

Pertemuan 1

Melalui model pembelajaran problem based learning, setelah berdiskusi dengan
kelompok, peserta didik dapat:
1.Menganalisis ragam bahasa dalam pacelathon dengan berfikir kritis.
(C4)
2. Menyusun teks pacelathon antara anak dan orang tua dengan disiplin dan tanggung
jawab. (P5)
3.Mengritisi penyajian hasil diskusi kelompok lain dengan bahasa yang baik dan benar.

Pertemuan 2

Melalui model pembelajaran problem based learning, setelah berdiskusi dengan
kelompok, peserta didik dapat:
1. Menyimpulkan isi pacelathon dengan penuh tanggung jawab. (C6)
2. Memperagakan pacelathon di depan kelas dengan baik. (P3)

FASE 1 IDENTIFIKASI MASALAH

MATERI FAKTUAL

Saderengipun ngancik dhateng
materi sumangga klik link menika:

http :
https://forms.gle/JrkY4gg2qdJBALaD9

FASE 2 MENGORGANISASIKAN
PESERTA DIDIK

MATERI KONSEPTUAL

PANGERTIAN PAWICANTENAN

Pacelathon asale saking tembung lingga
celathu, celathu menika tegesipun gineman.
Pacelathon menika gineman antawise tiyang
setunggal kaliyan sanese, ananging kedah
nggatekaken unggah-ungguh basa.

Dwija damel kelompok diskusi (Saben kelompok kadhapuk saking 4

siswa), saged nyerat pokok-pokok wos pawicantenan kangge
dasar damel kesimpulan pawicantenan.

Siswa diskusi kangge menganalisis ragam basa ingkang
dipunginakaken wonten pawicantenan.

ANCER ANCER KANGGO BAB KANG DI TINDAKAKE
NYEMAK PAWICATENAN NALIKA PAWICANTENAN

a. Topik utawi bab ingkang wonten a. Lafal utawi pakecapan basa
ginemaken b. Intonasi menika inggil ngandepipun
b. Sinten ingkang nglampahaken gineman suwanten
c. Mimik utawi praupan
c. papan gineman menika
dipuntindakaken

Unggah-ungguh pawicantenan:

Yuswa Luhuring bebuden
Peprenahan Trah
Drajat utawi Tepangan enggal
pangkat

BASA KANGGE FASE 3 MEMBIMBING PENYELIDIKAN

MATERI PROSEDURAL

PAWICANTENAN

1.Lare kaliyan lare (ngoko lugu)
2.Diwasa kaliyan diwasa (ngoko lugu)
3.Diwasa kaliyan tiyang sepah (krama alus)
4.Tiyang sepah kaliyan tiyang sepah (krama alus, ngoko andhap)

5.Tiyang sepah kaliyan lare (ngoko lugu)

langkah-langkahipun damel teks
pawicantenan mawi undha usuk ingkang trep kados ing ngandhap menika :



1. Netepaken topik utawi perkawis ingkang badhe dipunrembag ing teks

pawicantenan kasebut.
2. Nemtokaken paraga-paraga ingkang kalebet ing teks pawicantenan.
3. Nemtokaken undha-usuk basa ingkang trep kaliyan paraga-paraga ingkang

sampun dipuntemtokaken.
4. Netepaken latar utawi setting saking teks pawicantenan kasebut.
5. Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan undha-usuk ingkang

sampun dipuntemtokaken.
6. Ngrantam tetembungan ingkang sampun kapanggihaken dados ukara ing teks

pawicantenan mawi undha-usuk basa.

UNGGAH-UNGGUH BASA WONTEN PAWICANTENAN

1.Basa ngoko : perangan basa ingkang dipinginakaken kangge tiyang
sapadha padha
Ngoko lugu, menika basa ingkang panggunaane boten wonten
kecampuran basa krama.
Ngoko Alus, menika basa ngoko ingkang panggunaane kecampuran basa
krama.

2. Basa krama : perangan basa ingkang dipunginakaken kangge
tiyang sepah, saha inggil drajatipun

Krama Lugu, menika sedaya tetembungane ngangge tembung krama
ananging wuwuhane taksih migunakaken wuwuhan basa ngoko.
Krama Alus, menika kabeh tetembungane krama sedaya.

Unggah-ungguh Basa Jawa:

Basa

Basa Ngoko Basa Krama

Ngoko lugu Krama lugu
Ngoko alus Krama alus

Siswa saged madosi video unggah-ungguh wonten link ngandhap:









https://www.youtube.com/watch?v=-Diz8KIRAUg

Tuladha Pawicantenan

Sowan Pak RT
Nuju sawijining sore, Cahyana lan Fatimah sowan Pak Hadi. Cahyana lan Fatimah minangka wakil pengurus pemudha ing desane,
dene Pak Hadi minangka Ketua RT. Kang dadi underane rembug adicara tirakatan malem pitulasan ing tlatah Bongsari RT 02 RW O2.
Kecamatan Semarang Barat ing bale Desa, dina Setu malem Minggu, tanggal 16 Agustus 2011.
Cahyana : “ Assalamu’alaikum warahmatullahiwabarakatuh.”
Pak Hadi :” Wa ‘alaikum salam warahmatullah, e e… nak Cahyana karo nak Fatimah ta iki mau, kene-kene mlebu kene”
Fatimah :” Inggih Pak Hadi.”
Pak Hadi :”Kadingaren sore-sore dolan mrene, sajake kok ana bab sing penting.”
Fatimah : “Mas Cahya, kowe sing matur pak Hadi lho, sabab mas Cahya sing luwih ngerti acarasing arep diaturake!”
Cahyana :”Inggih, Pak Hadi. Bapak minangka Ketua RT ing ngriki, kula lan Fatimah punika minangka wakilipun kanca-kanca
pemudha Mekar Sari ing Bongsari ngriki badhe matur prakawis adicara tirakatan mengeti dinten kamardikan Setu ngajeng punika. ”
Pak Hadi :”Kepriye sidane miturut para pemudha apa sida arep nanggap dhangdhut!”
Fatimah :”Anu Pak…. , babagan usulan dhangdhut rumiyin punika pranyata namungguyonanipun Mas Rama, ingkang nyemoni
Cesar ingkang remenipun dhangdhut. Sareng sami pirembagan kanthi musawarah, sedaya sami sarujuk ingkang ngisi adicara punika
inggih sedaya warga Bongsari ngriki kemawon, Pak.”
Cahyana :”Kajawi ngirit ragat, ingkang baku nuwuhaken gregetipun para warga kangge ngisi kamardikan punika. Manawi
dipunetang meh sedaya warga saged dipunwakili ngaturaken kagunan kangge ngisi malem tirakatan punika. Dhik Utik, Cempluk
kaliyan Iik badhe nari kukila, punika makili warga ingkang Sekolah Dasar, Mas Wawan kaliyan groupipun badhe ngedalaken solo
organ, ing ngriku dipunsengkuyung kanca-kanca saking SMA, ingkang nembang, wonten ingkang pop, campursari, lagu perjuangan ugi
saged. Pandi ugi badhe ura-ura utawi nyekar ugi. Beni ingkang nembe sekolah ing TK Kuncup Melathi badhe dheklamasi.
Pak Hadi : :“Wah…, sajak malah dadi pepak, lan regeng. Banjur sing dadi pranata adicara apa ya wis ana? Yen ora kleru kudu ana
sing mandhegani nembang lagu kebangsaan Indonesia Raya. Yen bisa paragane aja padha, awit pemudha kene iki akeh banget.Lha
terus sing mandhegani ndedonga uga kudu ditemtokake sisan.”
Cahyana :” Ingkang mranatacara benjang Mas Nurhadi, dene ingkang mandhegani lagu Indonesia Raya Mbak Fatimah, Pak.”
Pak Hadi :” Bagus tenan. Malah kebeneran aku nyuwun tulung, sowana Pak Burhan diaturi mandhegani donga besuk. Aja lali sisan
matur becike adicara donga kuwi mapan ana wiwitan apa sing pungkasan, awit wingi sajake isih mangu-mangu. ”
Cahyana :”Inggih Pak Hadi, kadosipun cekap, punika rancangan adicaranipun, mangke manawi wonten ewah-ewahan lajeng
dhawuh kemawon dhatengMas Nur. ”
Fatimah :”Mangga Pak!”

FASE 4 : Mengembangkan Dan
Menyajikan Hasil Karya

Langkah-langkahipun kangge damel teks teks pawicantenan mawi undha-usuk
basa

1. Netepaken topik utawi perkawis
Kangge damel satunggaling teks pawicantenan, siswa perlu netepaken topik
utawi perkawis ingkang badhe dipunrembag. Ing gesang padintenan
mliginipun ing lingkungan sekolah, kathah sanget topik/perkawis ingkang
saged dipundadosaken topik kangge damel teks pawicantenan.
2. Nemtokaken paraga Anggenipun damel teks pawicantenan menika mbetahaken paraga-paraga supados
saged ngangen-angen menapa ingkang badhe dipunucapaken ing teks pawicantenan kasebut. Kanthi
netepaken paraga ugi badhe nggampilaken siswa anggenipun nemtokaken undha-usuk basa menapa ingkang
badhe dipunginakaken.
3. Nemtokaken undha-usuk ingkang badhe dipunangge Sasampunipun siswa nemtokaken sinten kemawon
paraga ingkang badhe nglampahaken pawicantenan, salajengipun siswa kedah nemtokakaken undha-usuk
basa ingkang badhe dipunangge.
4. Nemtokaken latar utawi setting pawicantenan Kanthi nemtokakaken latar utawi setting pawicantenan, siswa
saged mangretos kinten-kinten wonten pundi papan utawi latar anggenipun para paraga menika badhe
wicantenan.
5. Manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan undha-usuk Sasampunipun siswa sadaya sampun
nglampahi caranipun damel teks pawicantenan saking poin satunggal dumugi sakawan, langkah utawi cara
salajengipun inggih menika manggihaken tembung-tembung ingkang trep kaliyan undha-usuk basa ingkang
sampun dipuntemtokaken dening kelompok.

Kangge damel rantaman saking basa ngoko, siswa saged akses dhateng link
ngandhap :

https://www.sastra.org/leksikon



https://budiarto.id/bausastra/

TAHAP 5 : MENGANALISIS DAN
MENGEVALUASI PEMECAHAN

MASALAH

Sasampunipun siswa nglampahi sadaya langkah-langkahipun damel teks
pawicantenan mawi undha usuk basa ingkang trep, kawiwitan saking netepaken
topik utawi perkawis, nemtokaken paraga-paraga, nemtokaken undha-usuk basa
ingkang trep, netepaken latar utawi setting, Manggihaken tembung-tembung
ingkang trep, saha ngrantam tetembungan dados ukara ing teks pawicantenan
lajeng satunggal kelompok majeng wonteng ngajeng kelas praktek pawicantenan

Dudutan





Dudutan saking materi unggah-ungguh basa inggih menika awakipun
piyambak kedah ngugemi tatakrama kanthi ngginakaken undha-usuking basa
supados saged ngurmat utawi ngaosi dhateng tiyang sanes ingkang dipunajak
pawicantenan. Kajawi menika, anggenipun badhe matur dhateng tiyang sanes
kedah tansah nggatosaken maneka warni prekawis kadosta dhateng sinten
anggenipun wicanten, ing pundi papan utawi wayahipun, saha badhe
ngginakaken unggah-ungguh basa ragam menapa. Anggenipun matur kedah
dipuntata supados prekawis ingkang badhe dipunrembag saged katampi kanthi
sekecaning manah.

DAFTAR PUSTAKA

Mangunsuwito, S.A. 2002. Kamus Bahasa Jawa (Jawa- Jawa). Bandung: Yrama
Widya
Priyantono dan Sawukir. 2011. Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta: Erlangga.
Sudiyatmana dan Sutadi. 2015. Padha Bisa Basa Jawa Kelas VIII. Jakarta Timur:
Yudhistira.

https://www.rifyu.com/2021/02/contoh-percakapan-bahasa-jawa-halus.html
https://www.youtube.com/watch?v=-Diz8KIRAUg
https://www.sastra.org/leksikon
https://budiarto.id/bausastra/

Cekap sema
nten
Matur nuwun


Click to View FlipBook Version