PARIWARA BAHAN AJAR Kangge Kelas XI SMA NEGERI 1 REMBANG Melinda Dyah Utami, S.Pd.
BAHAN AJAR A. Identitas Nama Penyusun : Melinda Dyah Utami, S.Pd. Satuan Pendidikan : SMA Negeri 1 Rembang Purbalingga Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Fase : F Jenjang / Kelas : SMA / XI Tahun Pelajaran : 2023 / 2024 Alokasi Waktu : 2 JP (2 X 45 menit/ 1 Pertemuan) Konten / Topik : Pariwara (Iklan Abasa Jawa) B. Capaian Pembelajaran Elemen menulis: Murid mampu menulis teks nonsastra berupa iklan (pariwara, broadcast) untuk berbagai tujuan secara logis, kritis dan kreatif. C. Tujuan Pembelajaran (A-B-C-D) Melalui model pembelajaran Problem Based Learning dengan metode tanya jawab, diskusi, dan presentasi dengan mengembangkan kemampuan bernalar kritis, bergotong royong, dan kreatif murid dapat: a. mengidentifikasikan jenis dan struktur pariwara (iklan), (C1) b. menganalisis bahasa yang digunakan dalam teks pariwara, (C4) c. menganalisis isi pariwara cetak maupun elektronik, (C4) d. membuat produk pariwara baik cetak maupun eletronik secara kreatif. (P5) D. Materi 1. Faktual : Pariwara (Iklan) menggunakan bahasa Jawa. 2. Konseptual : Pengertian pariwara (iklan), ancas pariwara, jinis pariwara, paugeran pariwara, perangan pariwara, unsurunsur pariwara, tatacara damel pariwara. 3. Prosedural : Mengidentifikasikan jenis dan struktur pariwara (iklan), menganalisis bahasa yang digunakan dalam pariwara, menganalisis isi pariwara cetak maupun elektronik, membuat produk pariwara baik cetak maupun eletronik secara kreatif. 4. Metakognitif : Membagikan pariwara melalui media sosial dan teman lain untuk mengomentari pariwara yang sudah dibagikan melalui media sosial. 5. Materi remidial : Bagi murid yang belum mencapai KKTP diberi arahan untuk mempelajari kembali materi yang belum dikuasai dengan bimbingan guru, kemudian mengikuti remidial. 6. Materi pengayaan : Murid membandingkan iklan yang berasal dari berbagai macam media iklan.
E. Peta Konsep F. Materi 1. Tegese Pariwara Pariwara neng basa padinan, diarani “tawa”. Menawa neng Bahasa Indonesia, diarani “iklan”. Pariwara yaiku sawijining sarana komunikasi kang digawe kanggo wong akeh/ masyarakat, kanthi ancas (tujuan) tartamtu, kayata kanggo narik kawigatenan wong kanggo tetuku, menehi ngerti, ngandhani, lan ngajak-ajak. 2. Kagunan Pariwara Kagunan (fungsi) pariwara kang baku yaiku kanggo menehi ngerti masyarakat babagan sawijining informasi nanging uga ngemu surasa ajak-ajak (persuasif). Pariwara uga duwe kagunan kang mligi gumantung marang jinise pariwara. Saben jinise pariwara duwe kagunan kang mligi (fungsi spesifik) kayata: a. Kagunan Pemasaran → iklan niaga/ dodolan b. Kagunan Komunikasi → iklan pengumuman, penerangan c. Kagunan Pendidikan → iklan pendidikan d. Kagunan Sosial → iklan layanan masyarakat Jlentrehan (penjelasan) kanthi jangkep ngengingi jinis pariwara wonten ing papan ngandhap menika. a. Kagunan Pemasaran Kagunan iki gegayutan karo kagunan pariwara kanggo dodolan (niaga), yaiku menehi informasi babagan barang utawa jasa kang ditawakake saka produsen marang konsumen, kanthi ancas: 1) ngenalake produk (anyar) marang masarakat/ konsumen, 2) njelasake nedane produk sing dipasarake karo produk liyane, 3) supaya produk luwih dikenal dening masarakat, tinimbang produk liyane kang ora ditawakake, 4) Mbangun rasa tresna lan percaya antarane produk sing dikenalake lan calon konsumen.
Tuladha pariwara kang nduweni kagunan pemasaran b. Kagunan Komunikasi Kagunan komunikasi sajrone pariwara, yaiku sawijining pariwara dadi sarana/ alat komunikasi antarane wong kang gawe pariwara lan wong kang maca utawa ngrungokake pariwara. Tuladhane: ana pariwara ing koran kang isine ngaturaken bela sungkawa awit ana kulawrga utawa tetpungan kang seda. Rasa bela sungkawa diaturake marang kulawarga nawung sungkawa lumantar koran, iki kang disebut sarana komunikasi. Katrangan gambar: Pemerintah Desa Trirenggo ngaturaken bela sungkawa awit sedanipun Ki Seno Nugraha lumantar gambar kang kaunggah ing website. c. Kagunan Pendidikan Kagunan pendidikan sajrone pariwara, yaiku sawijining pariwara bisa kanggo menehi informasi, kabar, lan kawruh (pengetahuan) marang masarakat. Tuladhane: pariwara kang digawe dening lembaga-lembaga pemerintah kang isine nerangake program-program kang wigati/ penting dingerteni dening masyarakat.
Katrangan gambar: Lembaga GERMAS ngadharake babagan virus corona. d. Kagunan Sosial Kagunan sosial yaiku pariwara kanggo njaga kepentingan sosial, kayata menehi himbauan lan pangeling-eling marang masyarakat. Tuladhane: - Pariwara ajakan njaga resike lingkungan - Pariwara ajakan gotong royong - Pariwara ajakan tumindak kabecikan, lsp 3. Jinise Pariwara a. Jinis pariwara miturut wujude Jinis-jinis pariwara adhedhasar wujude, yaiku: 1) Pariwara awujud suara: Iklan Audio Tuladha: iklan radio, iklan nganggo toa 2) Pariwara tinulis utawa gambar: Iklan Visual Tuladha: iklan awujud poster, spanduk, utawa iklan ing koran 3) Pariwara suara lan gambar: Iklan Audio Visual
Tuladha: iklan awujud video kang disiyarake ing TV, kanal youtube utawa sosial media liyane b. Jinis pariwara miturut isine/ maksude, kayata pariwara komersil (niaga), pariwara pendidikan, pariwara sosial, pariwara politik. - Pariwara komersil (niaga) - Pariwara Pendidikan - Pariwara Sosial - Pariwara Politik c. Jinis pariwara miturut media kanggo nyebarake iklan kaperang dadi 2, yaiku: 1) Iklan cithak (cetak), tuladhane: ariwarti (koran), kalawarti (majalah), pamflet, baliho, lsp. 2) Iklan elektronik, tuladhane: ikan kang disiarake lumantar raddhio, TV, internet (kanal youtube). 4. Struktur Kebahasaan Pariwara ➢ Basa Ing Pariwara a. Basa ing pariwara iku cekak aos, cetha, lan terwaca. Uga migunakake tembung kang bisa dingerteni dening masarakat umum/ sasaran pariwara (komunikatif). b. Pariwara kalebu salah sijine kabar utawa wara-wara kanthi tujuan wong kang ngrungokake utawa maca dadi kepencut marang produk kang ditawakake, mula basa lan tulisane digawe supaya bisa narik kawigaten. c. Pariwara kang becik iku kang isine nyata, ora ngapusi, lan bener; jumbuh karo kasunyatan.
Kanthi ringkes basa ing pariwara iku kudu: a. cekak aos/ lugas basane, b. gampang dingerteni lan gampang ditampa isine (komunikatif), c. nyenengake/ narik kawigaten, d. isine nyata, ora ngapusi, lan objektif, e. sipate ngajak-ajak (persuasif). ➢ Surasa/ Isi Pariwara Isining pariwara kudu ngandhut pirang-pirang syarat ana ing ngisor iki antarane, yaiku: a. Kudu objektif lan jujur Sanajan gunane kanggo narik kawigaten para warga supaya nuku lan nggunakake produk sing diwarakake, ananging anggone ngandharake kudu kanthi srana sing cetha, ora perlu dilewihake lan ora perlu diandharake babagan sing sejatine ora ana. b. Cekak lan cetha Iklan iku lumrahe wujude cekak nanging cetha. Cekak amarga durasi iklan kuwi gumantung bayarane. Iklan sing sansaya suwe wektu utawa durasine, bayarane sansaya larang. Mula para produsen kudu pinter-pintere anggone ngatur wektu sajroning iklan. c. Narik kawigaten Iklan anggone nyusun kudu direkadaya supaya bisa ndudut atine para warga marang produk sing diiklanake. Dadi anggone ngandharake kudu nganggo strategi lan desaing sing paling apik. d. Ora nyinggung wong liya Sanajan iklan kuwi minangka sarana kanggo masarake barange, nanging saingan antarane produsen siji lan sijine kudu saingan kanthi cara sing blaka lan ora kena sikut-sikutan, ece-ecean, lan ngenyek produsen liya sing ngedol barang sing padha karo sing arep didol. 5. Struktur/ Perangan Pariwara Perangan kang kudu digatekake nalika gawe iklan, yaiku: a. Headline yaiku irah-irahan (judul) utawa bagian pengenalan babagan jeneng produk/ jasa sing ditawakake. b. Bodycopy (awak iklan) yaiku bagian inti ngenani informasi rinci kahanan/ manfangat barang/jasa sing ditawakake. Ing bagean iki bisa diwenehi ilustrasi, yaiku gambar/ foto utawa konsep kreatif. c. Close, bagian pungkasan kang isine bisa diwenehi tagline/ slogan, catch phrase, lan katrangan jeneng produsen lan babagan papan dununge produsen kayata nomer tilpun, akun media sosial, website, email,alamat, lan liya-liyane.
6. Praktek Nulis Teks Pariwara a. Mangerteni Pariwara kang becik Pariwara kang becik yaiku pariwara kang nduweni: 1) Sasaran cetha Target konsumen utawa sasaran pariwara bisa kaperang dadi target baku lan target kapindho utawa sampingan. Iki bisa kanggo nemtokake media kang kagunakake masang pariwara lan jangkauan pemasaran. 2) Fokus Sapariwara kuwe kanggo masarake sabarang utawa sajasa thok, ora tumpang tindhih antarane barang siji lan sijine ana ing sapariwara. 3) Daya Tarik Carane kanggo narik kawigaten bisa nganggo tembung lan ukara sing narik kawigaten uga nganggo desain layout sing kretif. 4) Jangkep isine - Sing ngirim pariwara - Media komunikasi - Isi iklan ana headline singkat (ora luwih saka 10 kata) - Sing nampa pariwara 5) Slogan Milih slogan nganggo tembung-tembung sing padhet lan duweni bobot sing isine nggambarake marang headline utawa judul pariwara kang gampang diwaca dening konsumen. b. Langkah-langkah nulis pariwara 1) Nemtokake jinise pariwara - Arep gawe pariwara apa? Pariwara komersil, sosial, pendidikan, kulawarga? - Arep digawe wujud pariwara kang endi? Pariwara audio, visual, utawa audio visual? 2) Nemtokake barang/ tema - Sawise milih jinise pariwara, sabanjure pilihen APA kang arep koktulis ing pariwara. - Upamane pariwara komersil, arep nawakake apa (barang/ jasa)? Upamane pariwara sosial, isine arep himbauan apa?
3) Golek ide/ informasi Ditindakake kanthi njinggelngi (observasi) marang bab kang arep digawe pariwara. Bisa uga kanthi neliti pariwara sing wis ana, teknik penyajiane kaya ngapa, kepriye anggone nata, perangan endi kang kudu kaunggulake, uga kudu golek daya pembeda. 4) Milih ide/ konsep Sawise observasi, banjur milih perangan-perangan kang katulis ing pariwara, ing antarane tulisan lan gambar ilustrasi. Kalebu milih layout utawa tatanan desain. 5) Gawe slogan unik Supaya pariwara sing bakal kagawe duwe daya pembeda lan daya tarik luwih bisa nganggo SLOGAN. Slogan yaiku ukara ringkes lan mentes kang dadi ciri khas lan gampang dieling-eling dening pamiyarsa. c. Praktek Nulis Pariwara Mangga pari siswa kalih kelompokipun piyambak-piyambak sami gladhen damel pariwara!