Ketemu kang Pungkasan Sarangan mau wujud desa cilik dumunung ana sikile Gunung Lawu kang sisih wetan, bawah Kabupaten Magetan, Karesidhenan Madiun. Nanging senajan mung wujud desa cilik, ewadene akeh sing padha merlokake teka mrono, ora mung bangsa kita dhewe, dalasan bangsa manca uga akeh sing padha merlokake teka mrono. Sarangan mau dadi papan panggonan kanggo ngenggar-enggar ati, hawane adhem kepenak. Ing kono ana tlagane sing jembar bawera banget, jenenge Tlaga Pasir. Saking gedhene tlaga nganti kena kanggo praon. Pancen ing tlaga kono disedhiyani prau sewan, kanggo para andon lelana sing padha teka mrono, perlu ngenggar-enggar ati, suka-suka lan seneng-seneng. Liyane Tlaga Pasir ya ana maneh yaiku Tlaga Wurung, nanging mung cilik bae, tur ana ngisor. Sakiwa tengening papan kono kebak kahanan alam kang bisa gawe sengseming ati, lam laming pikir. Sisih kulon Gunung Lawu katon ngedhangkrang nggegirisi, kaya raseksa lagi lungguh sila katon wingit. Sisih lor katon alas greng kebak kekayon kang gedhe-gedhe, sisih wetan katon sawahsawah, tharik- tharik, kothak-kothakan. Sisih kidul Pegunungan Kendheng lan jurang pereng kang curem-curem, medeni, nanging katon asri. Ing Sarangan kono akeh hotele, papan kanggo ngasokake awak. Tanahe loh, mula sakabehing tanduran padha katon subur-subur lan lemu-lemu, ijo royoroyo. Sarehing ana papan pegunungan mula dalane ya munggah mudhun terkadhang deder banget, terkadhang tumurun banget, tur menggak- menggok, nanging wis becik, yen disawang saka kadohan kaya ula. Ing sacedhake Tlaga Pasir sisih kidul panggonan kang rada dhuwur katon ana sawijining nom- noman lagi nggambar sakiwatengene kono. Enggone nggambar sajak ngematake banget, karo saben-saben nyawang sing lagi digambar. Hawa kang isih adhem ora dirasa, dheweke terus ngobahake pensile, orak-orek ana ing kaine. Wong sing nggambar mau ora liya R. Sukmana. Wiwit ninggal Sala, sing dijujug R. Sukmana menyang Kaliurang, ana kono oleh setengah sasi, banjur bali ngetan, menyang Tawangmangu. Ana ing kono uga nganti setengah sasi, banjur ngetan, nganti anjog ing Sarangan. Ing sadalan-dalan tansah mondhag-mandheg, perlu nggambar sesawangan sing katon asri. Gambare bisa payu ana ing dalan.
Ana ing Sarangan mondhok ana omahe P. Kebayan. Saben dina pegaweane lunga nggambar ing sakiwatengene Sarangan kono, mulihe yen wayah sore. Ana Sarangan gambare payu, marga akeh para Turisten saka manca negara sing padha nukoni gambarane, kang nyata aluslan urip, gambare diaji-aji ing wong akeh. R. Sukmana rumangsa seneng atine ana ing Sarangan kono. Kajaba sawangan- sawangan sing asri-asri akeh, hawane nocoki tumrap ing dheweke. Nuju sawijining dina R. Sukmana merlokake nggambar kaya adat sabene, nanging pindhah ana sacedhaking Tlaga Wurung, cedhak karo desa cilik, kang omahe mungana 3 surup. Dene sing lagi digambar Tlaga Wurung, kang sinawang saka wetan. Mapan cedhak karo omah 3 surup mau. Lagi nengah-nengahi nyambut gawe, dumadakan atine krasa kagol banget nganti anggone nggambar kepeksa leren merga tansah keprungu tangising bayi kang bola-bali cengar-cenger nangis ora meneng-meneng. Pinangkaning tangis mau saka salah sawijining omah gedhek telumau. Embuh saka daya kapriye, bareng krungu tangising bayi kang bolabali cengar- cenger nangis ora leren leren, nganti swarane sesek, pikirane R. Sukmana banjur goreh, enggone nggambar akeh lupute. Ing batin grundelan mangkel karo wong tuwane bayi mau, dene bocah nangis kekejer kaya mengkono teka mung dinengake bae, ora dieneng-enengi. Pensile banjur dilebokake kothak, gambare ditinggal, nulimarani pernahing bayi sing lagi nangis kekejer mau. Pernah ana omah sing wetan dhewe. Saya cedhak saya cetha swaraning tangis mau, saya keprungu banter. Bareng tekan ngareping omah mau, katon sepi, ora ana kemliwering wong, mengkeno uga omah loro sing ana jejere. R. Sukmana banjur uluk salam, nanging ora ana sing mangsuli, malah swaraning tangise bayi saya seru. R. Sukmana atine ora saranta maneh banjur nekad mlebu, wusana banjur weruh bayi sing lagi nangis kekejer mau diturokake ana amben, sandhinge katon ana wong lagi mujung, kemulan brukut, ora obahobah. "Huh ora genah, wong iki, kebangeten banget, ana bocah nangis kekejer kaya ngono kok ora tangi-tangi, kaya wong mati, enggone turu." Mengkono grenenge R. Sukmana terus nyedhaki perlu arep nggugah wong sing lagi turu, karo nyawang bayising nangis mau, tetela bayi anyaran, awake isih katon abang kabeh, beteke kakehan enggone nangis. R. Sukmana maju, sikile wong kang lagi turu krudhungan mau banjur dioyog-oyog supaya tangi. Nanging bareng nembe bae nyekel sikile, R. Sukmana kaget, awitsikilewongmau adhem banget kaya es,mretandhani yen wongmau lagi nandhang lara.
R. Sukmana ora sida muring, sakala banjur thukul rasa welase. Awake wongmaudigrayangi krasa adhem kabeh. R. Sukmana mundur ora sida nggugah. Wong mau meksa durung tangi, awake isih tetep krudhungan. R. Sukmana ora weruh menyang rupane wong sing lagi lara mau, jalaran ketutupan kemul. R. Sukmana weruh kapas lan madu ana sandhinge, banjur enggal-enggal njupukkapas sethithik, diplintir, nuli diclupake ing madu didulangake menyang bayisingisih nangis mau. Sanalika bayi dadi meneng karo ngenyut kapas sing ana madune mau. Bubar iku R. Sukmana alon-alon nyedhaki wong sing lagi lara, nuli wiwit digugah maneh alon-alon. Wong sing lara banjur katon obah-obah karo sambatngruntuh. "Mbok. Mbok kula aturi tangi rumiyin," mengkono pangundange karo ngoyog- oyog awake rada seru. Wong sing krudhungan mau banjur mbuwang kemule sajak kaget, awit ana singnggugah. Nanging sepira kagete R. Sukmana bareng weruh wong sing digugah mau, sakala banjur mundur mripate nyawang mencereng, karo ngeling-eling. Kayakaya wistau weruh rupa sing kaya mengkono, ananging ana ing ngendi dheweke meksa ora kelingan, wong mau tansah dipandeng, praupane katon pucet banget kaya kertas. Wangune sing kaget ora mung R. Sukmana dhewe, wong sing digugah mau semono uga, katon kagete, weruh wong lanang ana ing sandhinge. Mripate gantimandeng mencereng nyawang R. Sukmana tanpa kedhep, awitsajak-sajake ugawis tau weruh rupa sing kaya mengkono. Mula nganti suwe anggone padha pandeng-pandengan, durung ana sing miwiti ngajak guneman, cangkem padha blangkemen kabeh. Nanging ora suwe wong wadon kang lagi nandang lara mau banjur njerit karo sambat. "Mas... Sukmana" karo arep menyat nanging ora kuwat. R. Sukmana eling, banjur ngrungkebi wong wadon mau karo bengok. "Jeng Tien..." karo nyekeli tangane kang adhem kaya es.
R. Sukmana rumangsa trenyuh banget atine, awit ora ngira babar pisan yen bakal ketemu karo kenya tilas gegantilaning atine mau ing kono, gek lagi nandang lara pisan ana omah gubug, memelasi banget. Awake kang biyen seger, singset isi, saiki katon rusak kabeh, tur pucet, cowong, kuru. Weruh kaya mengkono atine kaya sinendhal mayang rasane, nganti R. Sukmana ngruntuhake luh. Alon-alon R. Sukmana ngudhari pangrangkule awit banjur kelingan yen sing lagi dirangkul iku lagi nandang lara kang mbutuhake pitulungan tamba dhisik. "Sliramu lara Jeng?" R.A. Tien Tisnowati mung manthuk, mripate adusluh, carocosan metu. Trengginas R. Sukmanabanjur njupuk kacune, kanggo ngusapi luhe R.A. Tien Tisnowati kang kaya udan tekane. Atine saya nandhes kesedhihane. "Lara apa Jeng?" "Kiraku malaria... Mas," seret wangsulane."Wis pirang dina?" “Limang dina iki Mas." "Dhahar pil ya, kebeneran iki aku nggawa." R.A. Tien Tisnowati mung manthuk. R. Sukmana banjur njupuk pil kang tansah dikandhut, banjur diulungake R.A. Tien Tisnowati. Nanging wangune ngrekasa banget anggone arep menyat, mulabanjur ditulungi dening R. Sukmana, dipondhong ditangekake. Sawise nguntal pil, R.A. Tien Tisnowati banjur sendhensendhen ana gedheg karo ngusapi luhesing tansah carocosan metu. Mripate tansah mandeng R. Sukmana. R. Sukmana njupuk lenga dhoklonyo, disok ing kacune, banjur diulungake R.A. Tien Tisnowati. "Iki lo Jeng kanggo ambu-ambu supaya rada seger sliramu."
Kacu ditampani karo nyawang bayising lagi turu angler. "Bocahiki anake sapa Jeng?" "Anakku... Mas." "Putramu...?" "Iya." "Lha bapakne ana ngendi?" “Dadi iki putramu ta?" R.A. Tien Tisnowati manthuk. “Lha bapake ana ngendi?” “ Sareh dhisik Mas, aku durung bisa matur mengko bae, yen wis rodo entheng awakku, panjenengan dakcritani." Celathu ngono karo jupuk cangkirsing ana sandhinge, nanging wis kothong."Arep ngunjuk Jeng?" R.A. Tien Tisnowati mung manthuk. "Aku isih duwe wedang, daksimpen ing tremos ana jaba, dakjupuke dhisik ya Jeng." Bubar celathu ngono R. Sukmana setengah mlayu terus enggal-enggal metu marani termose sing ditinggal ana tengah sawah. Let sedhela wis bali karo termos lan nggawa gambar diseleh ing amben. R.A. Tien Tisnowati banjur diombeni wedang manget-manget, rada katon kepenak awake. "Matur nuwun banget Mas, rada seger rasane awakku lan bisa metu kringete,"karo mbenerake kemule kanggo nutupi sikile. R. Sukmana-sumedhot banget pikire bareng weruh kahananing awake R.A. Tien Tisnowati kang wis katon rusak banget, daginge sasat wis entek, paribasanmung kari lunglit. Gek sandhangane wis padha amoh kabeh, kemule wis dudu rupa kemul maneh nanging wujud gombal. Atine saya nggrantessedhih sumedhot. "Lagi umur pirang dina putramu iki Jeng." "Nembe patang dina Mas." "O..." karo nyawang bayising lagi turu angler tanpa kemul.
R. Sukmana menyat njupuk andhuke kang disimpen ana kothak gambar.Andhuk banjur enggal-enggal dikemulake bayi mau alon-alon. R.A. TienTisnowati nyawang karo ngruntuhake luhe. Kapethik saka: Kumandhanging Katresnan, Any Asmara