The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fitrotululya31, 2022-10-11 10:15:59

BAHAN AJAR TEKS SESORAH

BAHAN AJAR TEKS SESORAH_

BAHAN AJAR

TEKS SESORAH

KANGGE KELAS IX SEMESTER GENAP

Dening:
Fitrotul Ulya, S.Pd

IDENTITAS

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Materi Pokok : Teks Sesorah

Kelas : IX

Semester : Genap

Kompetensi Dasar dan Indikator

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

3.1. Menelaah isi teks Sesorah. 3.1.1 Peserta didik dapat menganalisis
struktur isi teks Sesorah. (C4)
4.3 Membuat dan menyampaikan isi
teks Sesorah 3.1.2 Peserta didik dapat menyimpulkan
isi teks Sesorah (C5)

4.3.1 Peseta didik dapat membuat teks
Sesorah (P5)

4.3.2 Peserta didik dapat mengkomunikasikan
isi teks pidato secara lisan dalam ragam
krama. (P4)

TUJUAN PEMBELAJARAN

1. Peserta didik dapat menganalisis struktur isi teks Sesorah. (C4)
2. Peserta didik dapat menyimpulkan isi teks Sesorah (C5)
3. Peserta didik dapat membuat teks Sesorah (C6)
4. Peserta didik dapat mengkomunikasikan isi teks Sesorah secara lisan dalam

ragam krama. (P4)

MATERI PEMBELAJARAN
1. Materi Faktual

Teks Sesorah dan Video pembacaan teks Sesorah
2. Materi Konseptual

Pengertian Sesorah dan tujuan Sesorah
3. Materi Prosedural

Menganalisis struktur teks Sesorah
4. Materi Metakognitif

Membuat teks Sesorah dan menyampaikan isi teks Sesorah

Pangertosan Sesorah

PETA Ancasing Sesorah
KONSEP Struktur Sesorah
Cara Damel Sesorah

Fase 1 Identifikasi Masalah

MATERI FAKTUAL

Para siswa mangertosi menapa Sesorah menika? Ing pepanggihan menika kita badhe bahas
materi Teks Sesorah, mangga para siswa saged dipungatosaken teks pidato ing ngandhap
menika.

TEKS SESORAH

Assalamualaikum Wr. Wb

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinabekten, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru Saha karyawan ingkang kinurmatan adhik-adhik kelas tuwin
rencang rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan Rahmat saengga ing wekdal menika
kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas XI, ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggeniun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, mila saged ngrampungaken kewajiban
anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan menika. Kula sakanca
namung saget memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak Ibu Guru
pikantuk piwales sangking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan
kasarasan, kawilujengan lan katentreman saha saged nggulawentah dhateng adhik-
adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih Panjenengan.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga
mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahipun Gusti Allah, Amin
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa
ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb

MATERI KONSEPTUAL Fase 2 Mengorganisasi Peserta Didik

Sumangga para siswa dipunsinauni bab Teks Sesorah ing ngandhap menika

A. Pangertosan Sesorah
sesorah inggih punika wicanten utawi medharaken gagasan, sarana lisan ing
sangajengipun tiyang kathah kanti ancas tartamtu.

B. Ancasing Pidhao/tujuan Sesorah
1. Atur Pambagyo
Inggih menika sesorah kangge nampi rawuhipun tamu ingkang wonten ing
adicara punapa kemawon kadosta acara syukuran, supitan, tanggap warsa,
pangantenan.
2. Atur kabar/paring informasi
Inggih menika sesorah ingkang maringi kabar utawi informasi,
umpamanipun acara rapat organisasi lan promosi barang
3. Atur pangajak
Inggih menika sesorah ingkang ancasipun supados ingkang mirengaken
percaya ketarik atinipun lan purun nindhakaken punapa ingkang
diandharake dening tiyang ingkang sesorah, umpaminipun sesorah ing
panggen ibadah
4. Atur panglipur
Inggih menika sesorah ingkang maringi panglipur utawi nggedhekake atine
marang para sutresna ingkang nembe nandgang susah, umpaminipun
sesorah ing sangajengipun para kadang ingkang nembe nandhang
pacobaning urip arupa musibah bencana alam, kepaten lan sanesipun.
5. Atur panyarue/ngemutake
Inggih menika panemu kanthi dhasar-dhasar ingkang ganep tumrap
sawenehing ana ana, tuadhanipun tontonan lumantar TV, panggenipun HP
lan internet ingkang kirang becik tumraping bocah sekolah. supitan,
tanggap warsa (ulang tahun), pengantenan.

6. Atur kabar/paring informasi kabar/informasi,umpamane acara rapat
yaiku sesorah kang aweh
organisasi, promosi barang.

Fase 3 Membimbing penyelidikan

MATERI PROSEDURAL

Para siswa sesampunipun mahami lan maos materi bab teks Sesorah ing
nginggil, sumangga dipunsinauni sesarengan materi ing ngandhap menika
ingkang badhe ngandharaken bab caranipun nganalisis struktur teks Sesorah

Cengkorongan/struktur Sesorah
1. Salam pambuka

Wonten ing teks Sesorah ingkang sepisan kedah madosi salam pambuka
yaiku ingkang isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata
nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa
salam liyane
2. Purwaka/pambuka
Pambuka menika atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur
marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur
panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing
acara iku
3. Isi/surasaning Basa
Yaiku isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane
4. Pangarep arep
Yaiku isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa
marang tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
5. Salam panutup
Yaiku isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur
ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk
sing ora mranani penggalih.

Tuladha Cengkorongan Sesorah

No Cengkorongan Isi Sesorah

Sesorah

1. Salam pambuka  Salam Pambuka
Assalamualaikum Wr. Wb

2. Purwaka/pambuka  Sapaan
Dhumateng Bapak Hartana Ingkang kula hormati
lan dhumateng rencang-rencang sedaya ingkang
kula tresnani

 Syukur
Puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun
paringi kesehatan kita sedoyo. Saengga kita saged
makempal sesarengan kanthi pinaringan kesarasan
soho kawilujengan.

3. Isi/surasaning Para hadirin ingkang berbahagia, kula teng mriki
ajeng ngaturaken sesorah ingkang tena Narkoba.
4. Pangarep-arep Ngaturaken babakan narkoba kita mangertosi wekdal
5. Salam panutup menika narkoba saben ndintene dados berita tumanter
TV, napa media massa utawi Koran. Kita mangertosi
bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri
langkung-langkung agami.

Narkoba ngrusak sistem saraf pusat lan organ-
organ liane, kaya Jantung, Paru-paru, Hati lan Ginjal,
sak sinteno ingkang ngomsumsi, mboten pejabat,
artis, rakyat, guru, murid, sugih lan mlarat

Monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi
narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang
kesengsaraan. Mugi-mugi kita ngatos gampil kepincut
barang ingkang haram menika
Nyuwun Pangapunten,
Cakep sementen ingkang kula aturaken, menawi
wonten kelepatan kula nyumun pangapunten
Wasalammu'alaikum Wr.Wb

Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

MATERI
METAKOGNITIF

Sesampunipun maos Sesorah, sumangga para siswa
sakmenika damel teks Sesorah lan andharaken isi teks
Sesorah ing ngginggil isinipun punapa,
Cara nyerat Sesorah

1. Nentokaken tema utawi pokok pembicara
2. Nentokaken ancas Sesorah
3. Nyusun kerangka Sesorah
4. Ngempalaken bahan bahan
5. Ngembangaken kerangka Sesorah supados naskah

utawi teks Sesorah kaliyan ngginakaken ukara
ingkang sae, narik kawigatosan lan gampil
dipunpahami.

Fase 5 Menganalisis dan Evaluasi

Dudutan:

1. Sesorah menika micara utawa matur/nglairake gagasan sarana lisan ing
sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu

2. Ancasing Sesorah menika atur pambagyoharjo, atur kabar/paring
informasi, atur pangajak, atur panglipur lan atur panyarue utawa
ngemutake

3. Cengkorongan utawi setruktur ingakng wonten ing teks Sesorah menika
wonten salam pambuka, purwaka menika atur pakurwatan marang tamu,
surasaning utawa isi ingkang wonten ing Sesorah, pangarep arep, lan
salam panutup yaiku nyuwun pangapura.

Relevansi

Kanthi wontenipun pasinaon babagan materi teks Sesorah dadosaken
para generasi mudha utawa para siswa langkung remen nguri-uri
kawruh babagan basa, supados para siswa menika saged anggenipun
ngtrepaken Sesorah basa Jawa ing masyarakat.

DAFTAR PUSTAKA

Priyantono, 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa 9: Dinas Provinsi jawa Tengah.
Sumarlam, & Suryani, E.S (2015). Widya Adi Basa Jawi 3: Tiga Serangkai.
Tim MGMP Bahasa Jawa Kab. Jepara. 2022. Nguri-nguri Basa Jawi.


Click to View FlipBook Version