The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by fitrotululya31, 2022-10-25 20:45:11

BAHAN AJAR TEMBANG GAMBUH

BAHAN AJAR TEMBANG

BAHAN AJAR

TEKS PIWULANG Serat
wulangreh pupuh gambuh

(https://www.timesindonesia.co.id/read/news/424636/momen-agustusan-sinden-blitar-
kebanjiran-order-manggung)

KANGGE KELAS VIII SEMESTER GASAL

Dening:
Fitrotul Ulya, S.Pd

A. IDENTITAS

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Materi Pokok : Sereat Wulangreh Pupuh Gambuh

Kelas : VIII

Semester : Gasal

B. KOMPETENSI DASAR
3.2 Menelaah teks piwulang serat Wulangreh pupuh Gambuh
4.2 Menanggapi teks piwulang serat Wulangreh pupuh Gambuh

C. INDIKATOR
3.2.1 Menguraikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam
teks piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh (C4)
4.2.1 Menyimpulkan isi piwulang Serat Wulangreh pupuh Gambuh
dalam bentuk gancaran (P5)

D. TUJUAN PEMBELAJARAN
1. Peserta didik dapat menguraikan kata-kata yang dianggep sulit yang
terdapat dalam teks piwulang Serat Wulangreh pupuh gambuh (C4)
2. Peserta didik dapat menyimpulkan isi piwulang Serat Wulangreh
pupuh Gambuh dalam bentuk gancaran (P5)

3. MATERI PEMBELAJARAN
1. Materi Faktual
Teks tembang Gambuh, dan video Tembang Gambuh yang ada di
youtube link: https://www.youtube.com/watch?v=sKpLbrysPSg
2. Materi Konseptual
Pengertian dan makna / isi serat Wulangreh pupuh Gambuh, Paugeran
tembang macapat lan watak tembang macapat (Gambuh),
3. Materi Prosedural
Penjelasan kata yang sulit dalam tembang dan gancaran Tembang

4. Materi Metakognitif
Menyimpulkan makna isi amanat atau nilai-nilai luhur yang ada dalam
serat Wulangreh pupuh Gambuh.

PETA PANGERTOSAN TEKS
KONSEP PIWULANG SERAT

WULANGREH PUPUH
GAMBUH

PAUGERAN TEMBANG
MACAPAT

GANCARAN TEKS PIWULANG
SERAT WULANGREH PUPUH

GAMBUH

Fase 1 Orientasi Pada peserta Didik

Materi Faktual

Para siswa taksih kemutan tembang macapat menika? Ing
pepanggihan menika kita badhe bahas materi serat Wulangreh pupuh
Gambuh, mangga para siswa saged dipungatosaken video ingkang
wonten ing Youtube lan teks menika.
Link: https://www.youtube.com/watch?v=sKpLbrysPSg

Gambuh Pelog Nem

2 3 5 5 5 3 56
Se kar gam buh ping ca tur

6 5 3 2 2 3 5 5 3 56
Kang ci na tur po lah kang ka lan tur

2 1 6 12 2 2 2 2 3 1 6 5
Tan pa tu tur ka tu la tu la ka ta li

1 2 2 2 31 2 3
Ka da lu war sa ka pu tuh

3 5 6 5 3 23 1 2
Ka pa tuh pan da di a won

Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Konseptual

Para siswa sumangga dipunsinauni saha dipunrembag materi ing
ngandhap menika!

1. Tegesipun Wulangreh Pupuh Gambuh
Tembung Wulangreh asale saka tembung wulang lan reh. Wulang

ateges pitutur utawa ajaran. Dene tembung reh ateges pranatan, laku,
cara, utawa tuntunan. Wulangreh tegese ajaran utawa tuntunan kanggo
nggayuh urip kang harmoni utawa selaras. Serat wulangreh iku
anggitane Paku Buwana IV saka Kraton Surakartahadiningrat,
Panjenegane nganggit serat piwulang Wulangreh iki kanti ancas paring
piwulang marang manungsa, embuh kuwi enom utawa tua. Anggone
paring piwulang marang manungsa kaandharake lumantar Serat
Piwulang kang diarani Serat Wulangreh mau. Serat Wulangreh kang
kaanggit, diwujudake ing tembang Jawa yaitu pupuh Dhandhanggula,
Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Dhudhuk Wuluh/
Megatruh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradhana, Sinom, lan
Girisa.
2. Isi Serat Wulangreh Pupuh Gambuh

Isi serat Wulangreh yaiku arupa ajaran utawa nasehat tumrape
manungsa kang maneka warna antarane yaiku, babagan agama,
keluwarga, bebrayan, kemasyarakatan, lan aturan-aturan liyane. Serat
Wulangreh iku anggitane piyayi kraton Kasunanan Surakarta yaiku Sri
Susuhunan Pakubuwono IV. Serat Wulangreh diripta wujud tembang
Macapat kang cacahe sewelas yaiku Mijil, Kinanti, Sinom, Asmaradana,
Dandanggula, Durma, Maskumambang, Gambuh, Pangkur, Megatruh
lan Pocung.

Isine sekar Gambuh yaiku bab larangan manungsa aja nganti
duweni watak adigang, adigung lan adiguna. Watak kasebut di
umpamake kewan kidang, gajah lan ula. Kewan telu mau congkak/

gumedhe amarga kaluwihane nanging tetelune mati sampyoh, karo

watak bebener. Manungsa kang ngenggoni watak bebener, ora gumedhe

bakal lestari mulya ora gampang mati sampyoh. Pupuh Gambuh

minangka pupuh kang angka 3 saka kabeh pupuh kang ana ing serat

Wulangreh. Salah sijining isi serat Wulangreh pupuh Gambuh bab iki

cerita babagan ajaran utawa nasehat kang lumrah tumraping

uripe manungsa. Yaiku babagan pitutur ,solah bawa,lan sifat kang kudu

ditiru utawa disingkiri.

3. Paugeran Tembang Macapat

Tembang macapat menika gadhahi paugeran-paugeran ingkang

naminipun guru gatra, gru wilangan lan guru lagu. Katrangan-

katerangan ingkang wonten gandheng cenenge kalih macapat inggih

menika kadosta ingkang kasebat ing ngandhap menika.

No Jenenge Istilah Tegese

1. Pupuh Kumpulane pada-pada kang padha

2. Pada Kumpulane gatra kang mangun

sawijiningtembang macapat

3. Guru gatra Larikan ing tembang macapat

4. Guru wilangan Cacahing wanda (suku kata) saben sagatra

5. Guru lagu Tibane swara (vocal) ing pungkasane gatra

Paugeran 1. Gatra setunggal guru wilangan 7, guru lagune u
tembang 2. Gatra kaping kalih wilangan 10, guru lagune u
gambuh 3. Gatra kaping tiga wilangan 12, guru lagune i
4. Gatra kaping sekawan wilangan 8, guru lagune u
5. Gatra kaping gangsal wilangan 8, guru lagune o

Dados yen diringkes paugeran tembang
Gambuh menika: 7u, 10,u, 12i, 8u, 8o

Tegesipun saben tembang ing tembang macapat menika gadhahi
watak piyambak-piyambak ingkang ginanipun kangge nggambaraken
swasana. Dados saben tembang macapat menika saged makili sawijining
swasana batin tartamtu. Mliginipun ing tembang gambuh menika saged
gambarake swasana wanuh, kulina, lan rumaket. Dados saged
dipunpundut dudutan saking tembang Gambuh menika watake wanuh,
kulina, lan rumaket.

Fase 3 Membimbing Penyelidikan

Materi Prosedural

1. Tembung tembung kang angel

Kangge supados siswa saged mangertosi tembung-tembung kang

angel, lan madosi isi lan nilai luhur ingkang wonten ing teks Serat

Wedhatama Pupu Gambuh, siswa lajeng damel kelompok kagem

nglampahi diskusi, saking diskusi mangkeh siswa saged madosi
tembung-tembung kang angel lan ugi nganalisis isi amanat lan nilai

luhur ingkang wonten ing Serat Wedhatama Pupu Gambuh, kadosta ing

ngandhap menika:

Tembung angel yaiku tembung kang nduweni tegese seng asring lan

jarang digawe ing saben dinane. Gawe mangerteni tegese awakdhewe

kudu nggoleki sek. Mulane kudu dipikir lan dimangerteni sek maknane

saka kalimat sebelahe utawa saka kabeh isi crito utawa ben iso paham

artine. Tuladha tembung tembung kang angel

Sekar : kembang, tembang

Catur : guneman, omong, papat

Kadaluwarsa : kasep

Katula-tula katali : tansah nandang cilaka/sengsara

Katutuh : disengeni, dikandhani

Kapatuh : kulina

2. Nggancarake Tembung
Sastra Jawa iku ana kang awujud tembang kang kaiket ing
paugeran lan ana kang awujud gancaran (prosa) kang luwih
mardika. Asiling sastra kang awujud gancaran luwih gampang
dipahami, mula ayo nyoba nggancarake tembang serat wulangreh
pupuh gambuh iki. Dene pisanan kang kudu dilakoni yaiku
ngerteni tegesing tembung-tembung kang ana ing tembang mau.

Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil karya

Materi
Metakognitif

Para sisiwa, lampahan sasampunipun madosi tembung ingkang angel
inggih menika para siswa gladhen madosi isi lan nilai-nilailuhur utawi
gancaran ingkang wonten ing serat wulangreh pupuh gambuh.

Makna isi lan nilai luhur kang ana ing tembang
Tembang gambuh iki ngrembuk bab tingkah laku kang kelantur,

yen ora enggal dituruti bakal nandang kasangsaran. Yen nganti kasep
anggone ngandhani bakal kulina dadi elek.

Tembang Gambuh kang kaping papat, ngrembug babagan
tumindak kang kebablasen. Tanpa nasihat bola-bali nemoni rekasa. Wis
bacut dadi kulina. Pakulina tumindak ala akibate dadi ala

Fase 5 Menganalisis dan Evaluasi

A. Dudutan:
Pupuh gambuh mujudake pupuh kang kaping 3 saka 13 pupuh.

Isine larangan nduweni watak adigang, adigung lan adiguna. Salah
sijining isi serat Wulangreh pupuh Gambuh bab iki cerita babagan
ajaran utawa nasehat kang lumrah tumraping uripe manungsa. Yaiku
babagan pitutur solah bawa,lan sifat kang kudu ditiru utawa disingkiri.
Tembang gambuh menika saged gambarake swasana wanuh, kulina, lan
rumaket. Dados saged dipunpundut dudutan saking tembang Gambuh
menika watake wanuh, kulina, lan rumaket.

B. Relevansi
Kanthi wontenipun pasinaon babagan materi serat wedhatama pupuh Gambuh saged
dadosaken para generasi mudha langkung remen nguri-uri kawruh babagan kabecikan
supados generasi mudha saged ngtrepaken piwulang ingkang wonten ing pagesangan.
Kathah piwulang luhur ingkang saged dipunpendhet saking serat wedhatama pupuh
Gambuh menika.

DAFTAR PUSTAKA

Sumarlam, & Suryani, E.S (2015). Widya Adi Basa Jawi: Tiga Serangkai.
Priyantono. 2015. Marsudi Basa lan Sastra Jawa 8: Dinas Provinsi Jawa Tengah.
Tim MGMP Bahasa Jawa Kab Jepara. 2022. Nguri-nguri Basa Jawi:


Click to View FlipBook Version