1 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
LEMBAR KERJA PESERTA DIDIK
SMP NEGERI 1 SEMANU
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Tanggal
Pelaksanaan:
Materi Pokok : Geguritan
Nama Kelompok: Waktu mengerjakan:
1………………………………. 15 menit
2……………………………….
3……………………………….
4……………………………….
A. Identitas : VIII/ Gasal
: Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : Geguritan
Mata Pelajaran : 2 x 40 menit
Materi
Alokasi Waktu
B. Kompetensi Dasar dan Indikator
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
3 3.5 Menganalisis geguritan
3.5.2 Menelaah unsur geguritan yang akan
4 4.5 Menulis geguritan dibacakan atau melalui berbagai media.
3.5.3 (C4)
3.5.4 Memparafrase geguritan tersaji. (P3)
Menyimpulkan amanat dari geguritan
tersaji. (C5)
4.5.1 Menulis geguritan dengan memilih salah
satu tema budaya, perjuangan, dan
4.5.2 pendidikan. (P5)
4.5.3 Mempraktikkan geguritan yang telah
dibuat. (P3)
Mengritisi penyajian geguritan
berdasarkan 4W (wirama, wicara, wirasa,
wiraga). (P5)
2 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
C. Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan model Problem Based Learning,
diskusi, tanya jawab, dan presentasi, peserta didik dapat:
Pertemuan Pertama
1. menelaah unsur geguritan yang akan dibacakan atau melalui
berbagai media dengan penuh tanggung jawab. (C4)
2. memparafrase geguritan tersaji dengan penuh tanggung
jawab.(P5)
Pertemuan Kedua
1. menyimpulkan amanat dari geguritan tersaji dengan penuh
tanggung jawab. (C5)
2. menulis geguritan dengan memilih salah satu tema budaya,
perjuangan, dan pendidikan dengan kreatif.
3. mempraktikkan geguritan yang telah dibuat dengan santun.(P3)
4. mengritisi penyajian geguritan berdasarkan 4W dengan santun
(wirama, wicara, wirasa, wiraga).(P5)
D. Dimensi Pengetahuan
1 Faktual : Teks geguritan dan video membaca geguritan dengan
2 Konseptual memperhatikan 4W (wicara, wirama, wiraga, wirasa).
3 Prosedural
4 Metakognitif : Pengertian geguritan, isi geguritan, purwakanthi
geguritan, menyimak geguritan
: Memparafrase geguritan, cara menyusun geguritan,
mengartikan kata sukar.
: Menyimpulkan amanat geguritan dan membaca
geguritan, membaca geguritan.
3 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
E. Sumber Belajar
Sulistyarini &Nuryanti, Rita. 2021. Kidung Saka Gunung Antologi
Geguritan, Carita Cekak, lan Tembang Macapat. Gunungkidul:
Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan).
Maulidah, Tsalisatul. 2020. Peningkatan Keterampilan Menulis Puisi
Dengan Media Gambar. Pendidikan Bahasa Indonesia,
Universitas Billfath.
Sayuto, Indrati & Sudiprayitno, Yuwono dkk. 2017. Kartika Basa
kelas VIII. Yogyakarta. Dinas Pendidikan Pemuda dan
Olahraga DIY.
Wahyuni, Tri. 2016. Peningkatan Keterampilan Menulis Puisi
Menggunakan Kartu Kata Bagi Siswa SMP Negeri 1 Jumo
Temanggung. SMP Negeri 1 Jumo, Temanggung.
Kamus bausastra online :
https://www.sastra.org/leksikon
https://journal.unnes.ac.id/nju/index.php/kreatif/article/view/9365
https://ejournal.billfath.ac.id/index.php/karangan/article/download/46
/34/
http://jurnal.fkip.unila.ac.id/index.php/BINDO/article/view/18846
F. Pitedah Pasinaon
1. Kagatosna dhawuh ingkang kaserat ing lembar pasinaon
menika!
2. Katindakna menapa ingkang kedah kalampahan!
3. Kawaosa materi pasinaon wonten ing lembar pasinaon menika!
4. Wangsulana pitakenan-pitakenan wonten ing lembar jawab
ingkang sampun sumadhiya!
4 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
AKTIVITAS PASINAON
Pre-test
Pitedah!
Wangsulana soal-soal pilihan ganda ingkang wonten ing link
menika kanthi bener saha pener !
https://bit.ly/3rprJNQ
Fase 1 Identifikasi Masalah
Orientasi Peserta Didik
Materi Faktual
Para siswa mangga dipunsemak tuladha teks geguritan wonten ing ngandhap
menika, kangge ndamel pitakenan bab nganalisis geguritan. Para siswa ugi
saged ningali video saking link
https://www.youtube.com/watch?v=KIBeoeJnX2o
5 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Teks geguritan
Welinge Biyung
Dening: Danis
Yen lumaku aja bingung
Turuten lempenging lurung
Aja nganti kesandhung
Aja nganti kesrimpung
Aja nganti kejegung
Yen ngucapake tembung
Aja mung waton nyeblung
Disaring wiwit saka Gurung
Aja nganti nggogragke gunung
Supaya ora ngruwetke petung
Yen arep ngisi lumbung
Aja ngrusak barang disrumbung
Aja seneng ubyang-ubyung
Supaya ora kepalu kepenthung
Eling-elingen welinge biyung
Wektu iki kabeh padha bingung
Nemahi kahanan kang lagi limbung
Aja nganti tumindak tanpa petung
Tetepa eling karo Kang Maha Agung
6 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Fase 2 Mengorganisasikan Peserta Didik
Materi Faktual
Peta Konsep
Pangretosan Geguritan
Geguritan inggih menika asiling kasusastran Jawi ingkang awujud
puisi (syair). Geguritan asalipun saking tembung “gurit” ingkang tegesipun
tulisan. Geguritan ugi dipunwastani puisi Jawa modhern utawi puisi gagrag
anyar. Wonten ingkang mastani puisi bebas, amargi boten ngginakaken
paugeran/ wewaton ingkang gumathok, bebas cacahipun tembung,
ukaranipun, menapa dene cacahipun gatra. Geguritan saged karipta amargi
wontenipun angen-angen utawi inspirasi. Geguritan mujudaken karya
ingkang sipatipun pribadi, mila geguritan panganggit setunggal kaliyan
setunggalipun beda-beda. Pangangen-angen ingkang wonten ing pikiran
panganggit lajeng dipun-damel dados geguritan kados menapa ingkang
dipunkersakaken.
7 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Geguritan limrahipun ngandharaken isining ati utawi surasaning batin
panganggit rikala susah, bungah, trenyuh, kangen, menapadene kesengsem.
Geguritan saged nelakaken pitutur utawi panglipur tumrap dhiri panganggit
utawi pamaos. Anggenipun ngandharaken mawi tetembungan ingkang
prasaja, rinakit wonten ing reroncening basa saha kaendahanipun sasmita.
Titikanipun geguritan inggih menika:
1. Cekak inggih menika boten awujud ukara ingkang gladrah.
2. Mentes inggih menika tembung-tembungipun gadhah teges ingkang
sae.
3. Endah ngewrat purwakanthi swara, purwakanthi sastra utawi
purwakanthi basa.
4. Tembung-tembungipun pilihan utawi ngginakaken diksi.
Unsur-Unsur Geguritan
Wosipun geguritan wonten tigang aspek ingkang kedah dpun-gatosaken
inggih menika:
1. Kaendahan
Kaendahanipun geguritan kadhapun lumantar:
a. Pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes.
b. Migunakaken lelewaning basa ingkang saged nuwuhaken gregeting
lan raos ingkang kiyat.
c. Migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi
kaendahanipun.
2. Piwulang
Geguritan ugi ngrewat piwulang, saged suka patuladhan saha pitutur
ingkang sae, sarta migunani kangge sanguning gesang wonten ing
ngalam donya.
3. Nuwuhaken raos tresna
Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang
migunani tumrap masarakat, awit lumantar geguritan saged nyuntak
gagasan-gagasan tumrap majengipun nusa lan bangsa. Raos tresna
ingkang tuwuh inggih menika raos tresna dhateng sasaminipun
manungsa, dhumateng lingkungan, saha dhumateng Gusti ingkang
Kawasa.
4. Wutuh
Isining geguritan kedah wutuh saha nyawiji wonten ing antawisipun
perangan-perangan unsur ing geguritan, boten saged madeg
piyambak-piyambak.
8 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Wosipun Geguritan
Wosipun geguritan wonten tigang aspek ingkang kedah dipun-
gatosaken inggih menika:
1. Endahing geguritan, puisi minangka karya sastra ingkang
estetikipun inggil.
2. Wosing geguritan, wosing minangka mentes, setamh pangripta
geguritan kedah milih tembung kanthi premati.
3. Leleaning basa Jawi ingkang sinebat purwakanthi. Kalebet saking
tembung purwa ingkang tegesipun wiwitan saha gandheng
ngambali swanten, huruf, utawi tembung ingkang sampun kaebat
ing seratan saderengipun.
Purwakanthi Geguritan
Purwakanthi wonten ing basa Indonesia dipunwastani sajak utawi
rima. Jinisipun purwakanthi, yaiku purwakanthi guru swara,
purwakanthi guru sastra, saha purwaknathi lumaksita/basa.
Jinisipun purwakanthi badhe kababar kanthi langkung gamblang
wonten ing ngandhap menika:
1. Purwakanthi guru swara: tetembungan ingkang sami swantenipun
utawi aksara vokalipun.
Tuladha :
- Gemi setiti, ngati-ati.( runtuting swara i)
- Ana sega, ana upa. (runtuting swara a)
2. Purwakanthi guru sastra, tetembungan ingkang sami aksara
konsonanipun.
Tuladha :
- Sedya suka semu sengsem sekar seroja. (runtuting konsonan s)
- Sapa salah seleh. (runtuting konsonan s)
- Bibit bobot bebet. (runtuting konsonan b saha t)
3. Purwakanthi lumaksita/basa, wontenipun tetembungan ingkang
dipunambali malih wonten ing perangan salajengipun (wingking).
Tuladha :
- Para mudha, mudha mudhining nagara (runtuting tembung
mudha)
- Wujuding katresnan suci, sucining ati nglilakake jiwa
(runtutuing tembung suci)
(Djaka Lodang no.16 tanggal 20 September 2014)
9 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Sasampunipun ningali video geguritan, maos tuladha geguritan,
saha maos materi ingkang sampun dipunsamektakaken, samenika
mangga para siswa saged damel kelompok ingkang kadhapuk
saking 4 siswa. Menawi sampun damel kelompok salajengipun
sumangga saged diskusi kangge nggarap pitakenan wonten ing
LKPD. Wonten ing LKPD menika, samangke para siswa badhe sinau
ngengingi:
a. Menelaah unsur-unsur geguritan.
b. Ngandharaken piwulang ingkang wonten ing salebetipun
geguritan.
c. Nyerat geguritan mawi tema ingkang sampun dipuntemtokaken
kaliyan dwija.
Fase 3 Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural
Parafrase geguritan inggih menika ngewahi geguritan dados ukara
gancaran (prosa), ingkang ancasipun geguritan awujud basa iketan menika
saged dipunmangretosi isi utawi maknanipun. Makna utawi isi menika
wonten ingkang saged dipuntegesi wutuh miterat struktur ukaranipun utawi
denotasi (eksplisit), ugi wonten geguritan ingkang maknanipun
dipunmangretosi tundha utawi makna ingkang sinawung sajroning geguritan
(implisit).
Caranipun damel parafrase :
a. Parafrase iketan
1) Milih geguritan ingkang badhe dipunsinau, banjur dipunwaos las-
lasan, menawi wonten tembung-tembungipun ingkang angel saged
dipunpadosi wonten ing kamus.
2) Nggayutaken tembung setunggal kaliyan setunggalipun, titik, koma,
gatra setunggal kaliyan setunggalipun, ngangge tembung
panggandheng (konjungsi) ingkang jumbuh.
3) Geguritan ingkang sampun dipunowahi menika, banjur dipunserat
malih awujud gancaran geguritan, utawi prosa.
4) Lajeng dipunsarsani makna konotatif kala wau dados makna
denotative.
10 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
b. Parafrase bebas
Inggih menika maringi makna utawi negesi kanthi bebas sawijining
geguritan, saged adhedhasar asil saking parafrase iketan, utawi bebas
miterat daya imajinasi, pengalaman, saha kawaskitanipun piyambak-
piyambak.
Negesi Tembung
Para siswa saged madosi tetembungan ingkang dereng dipunmangretosi
mawi kamus online saking https://www.sastra.org/leksikon
Nyerat Geguritan
Supados anggenipun nyerat geguritan saged sae, kedah nggatosaken cara-
cara nyerat geguritan ing ngandhap menika:
1. Nemtokaken tema, ide, utawi topik geguritan.
2. Milih tembung utawi diksi.
3. Ngginakaken purwakanthi.
4. Maringi irah-irahan utawi judhul.
11 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Gladhen 1 Diskusi
Pitedah!
1. Para siswa kagatosna geguritan ing ngandhap menika kanthi
premati!
2. Damela kelompok diskusi (saben kelompok 4 siswa)!
3. Kapanggihna unsur-unsur salebeting geguritan menika!
4. Kapanggihna piwulang luhur saking geguritan menika!
5. Minangka pancatan, para siswa saged madosi tegesipun
tembung-tembung kang angel wonten ing
http://www.sastra.org/leksikon
6. Para siswa ugi saged pados referensi saking internet utawi
sanesipun.
7. Asiling pirembagan lajeng dipunserat wonten ing lembar
jawab ngandhap menika!
Anakku
Dening Yunita
Le…. thole anakku lanang
kang dadi tresnane yayah ibu
dadio bocah kang kebak asih
bener ing laku
Elinga cah bagus
wong tuwa duwi dudu kanca
nanging uga dudu mungsung
ajenana wong tuwamu
aja nganti urip kesia-sia
lamun saka donga palilahe
kowe bisa dadi manungsa guna
Le….thole cah bagus
sakiki kowe durung ngerti
abote donya
nanging piwelingku
elinga Gustimu lan wong tuwamu
(Kapethik saking: Kidung Saka Gunung, 2020: 66)
12 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Lembar Jawab Diskusi
Nama Kelompok :1. ……………………………………………
2. ……………………………………………
Kelas 3. ……………………………………………
Materi 4. ...………………………………………..
: VIII
: Geguritan
1. Bab-bab ingkang ndadosaken endahing geguritan:
2. Piwulang ingkang wonten ing salebeting geguritan :
3. Perangan ingkang saged nuwuhaken raos tresna saking geguritan:
4. Kawetahan wosing geguritan:
13 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
5. Purwakanthi ingkang wonten ing salebeting geguritan:
Pandom pambiji tugas kelompok Skor
No. Aspek dan Kriteria 20
15
1 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan 10
Jawaban cukup sesuai dengan isi teks geguritan 5
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan 20
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan 15
10
2 Pendapat sangat sesuai dengan isi teks geguritan 5
Pendapat cukup sesuai dengan isi teks geguritan 20
Pendapat kurang sesuai dengan isi teks geguritan 15
Pendapat tidak sesuai dengan isi teks geguritan 10
5
3 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan 20
Jawaban sesuai dengan isi teks geguritan 15
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan 10
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan 5
20
4 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan 15
Jawaban cukup sesuai dengan isi teks geguritan 10
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan 5
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan
5 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan
Jawaban cukup sesuai dengan isi teks geguritan
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan
Perhitungan Nilai:
Nilai = Perolehan skor no.1+2+3+4+5
x 100
Skor maksimal no.1+2+3+4+5
14 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Gladhen 2 Diskusi
Pitedah!
1. Para siswa kagatosna geguritan ing ngandhap menika kanthi
premati!
2. Damela kelompok diskusi (saben kelompok 4 siswa)!
3. Kagancarna geguritan ing ngandhap menika mawi basamu
piyambak!
4. Minangka pancatan, para siswa saged madosi tegesipun
tembung-tembung kang angel wonten ing
http://www.sastra.org/leksikon
5. Para siswa ugi saged pados referensi saking internet utawi
sanesipun.
6. Asiling pirembagan lajeng dipunserat wonten ing lembar
jawab ngandhap menika!
Nuswantara
Dening: Aulia Prastika Maharani
Sumilire angin
Ngelingake marang Nuswantara
Kaendahan alam wiwit Sabang tekan Merauke
Anggawe gumun atiku
Sugihing alam iki
Ambane kang tanpa wates
Ijone wit-witan kang nggawe segering hawa
Birune segara kang nyenengake netra
Nambahi tresnaku marang Nuswantara
Nuswantara… Nuswantara… Nuswantara
Jenengmu tansah dialem dening bangsa liya
Kaendahan alammu tansah diliru sakehing manungsa
Jare Nuswantara iku nirwana ing donya
Sujud sokur marang Gusti ingkang Maha Kuwasa
(Djaka Lodang, 17 Nopember 2018)
15 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Lembar Jawab Diskusi
Nama Kelompok :1. ……………………………………………
2. ……………………………………………
Kelas 3. ……………………………………………
Materi 4. ...………………………………………..
: VIII
: Geguritan
Papan kangge nggarap!
16 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Pandom pambiji tugas kelompok Skor
No. Aspek dan Kriteria 20
15
1 Jawaban sangat sesuai dengan teks geguritan 10
Jawaban cukup sesuai dengan teks geguritan 5
Jawaban kurang sesuai dengan teks geguritan 20
Jawaban tidak sesuai dengan teks geguritan
Skor Maksimal
Perhitungan Nilai:
Nilai = Perolehan skor x 100
Skor maksimal
Fase 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya
Amanat inggih menika pesan moral ingkang saged dipunpendhet saking
geguritan saha saged dipundadosaken tuladha wonten ing pagesangan.
Ngandharaken isi saha manggihaken nilai moral saking geguritan.
Wonten salebetipun geguritan temtu kemawon ngewrat isi ingkang
dipunandharaken dening pangriptanipun. Anggenipun ngandharaken isi
saha piwulang saking geguritan kedah nglampahi bab kados ta:
1. Bab kapisan ingkang dipuntindakaken dening siswa inggih menika
analisis saben gatranipun.
2. Saderengipun ngandharaken maknanipun saben gatra,
prayoganipun siswa kedah mangretos tegesipun tetembungan
ingkang angel.
3. Sasampunipun mangretosi tembung ingkang angel, siswa saged
ngandharaken isi kanthi nggatosaken pamilihipun tembung
ingkang dipunginakaken.
4. Menawi para siswa sampun mangretosi isinipun geguritan,
salajengipun saged manggihaken piwulang saking geguritan.
17 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Pitedah!
1. Perwakilan saking kelompok ngandharaken asiling diskusi wonten
ing ngajeng kelas!
2. Kelompok sanes saged urun rembag!
Fase 5 Menganalisis dan Evaluasi
Wonten ing fase gangsal saged dipunanalisis saha dipun-evaluasi proses
anggenipun manggihaken sedaya unsur wonten ing pasinaon geguritan.
Bab menapa ingkang taksih angel nalika sinau bab geguritan?
1. Anggenipun ndamel teks geguritan, kedah ngginakaken tembung-
tembung endah saha nggatosaken pamilihing tembung.
2. Anggenipun ndamel teks geguritan, kedah ngginakaken purwakanthi.
3. Anggenipun praktek maos geguritan kedah mawi 4W (wicara, wirama,
wirasa, wiraga).
Gladhen Individu
Post-test
Pitedah!
Wangsulana soal-soal pilihan ganda ingkang wonten ing link menika kanthi
bener saha pener !
https://bit.ly/3CvsE5J
18 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Pandom Pambiji Tugas Individu (post-test)
No. Aspek dan Kriteria Skor
10
1 Jawaban benar 10
2 Jawaban benar 10
3 Jawaban benar 10
4 Jawaban benar 10
5 Jawaban benar 50
Skor Maksimal
Nilai = Perolehan skor x 100
Skor maksimal
Lembar Pembelajaran Remidi dan Pengayaan
Ketentuan:
1. Remidial : Jika peserta didik mendapat nilai di bawah KKM (75)
2. Pengayaan : Jika peserta didik mendapatkan nilai sama atau lebih
tinggi dari KKM (75)
Soal Remidi
o Semaken link youtube menika!
https://www.youtube.com/watch?v=9Ey87ynTTKE
o Kapanggihna unsur-unsur geguritan ing ngandhap menika!
a. Bab-bab ingkang ndadosaken endahing geguritan!
b. Piwulang ingkang wonten ing salebeting geguritan!
c. Perangan ingkang saged nuwuhaken raos tresna saking
geguritan!
d. Purwakanthi ingkang wonten ing salebeting geguritan!
Soal Pengayaan
Kadamela satunggaling geguritan kanthi milih tema lingkungan
sekolah adiwiyata!
19 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l
Pandom pambiji soal remidi Skor
No. Aspek dan Kriteria 20
15
1 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan 10
Jawaban cukup sesuai dengan isi teks geguritan 5
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan 20
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan 15
10
2 Pendapat sangat sesuai dengan isi teks geguritan 5
Pendapat cukup sesuai dengan isi teks geguritan 20
Pendapat kurang sesuai dengan isi teks geguritan 15
Pendapat tidak sesuai dengan isi teks geguritan 10
5
3 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan 20
Jawaban sesuai dengan isi teks geguritan 15
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan 10
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan 5
4 Jawaban sangat sesuai dengan isi teks geguritan
Jawaban cukup sesuai dengan isi teks geguritan
Jawaban kurang sesuai dengan isi teks geguritan
Jawaban tidak sesuai dengan isi teks geguritan
REFLEKSI
Sasampunipun para siswa nglampahi pasinaon dinten menika, wangsulana
pitakenan wonten ing ngandhap menika kangge nyepakaken pasinaon
pepanggihan salajengipun!
1. Kadospundi miturut pamanggih para siswa sabibaripun nyinau
bab geguritan menika, tambahan seserepan menapa ingkang
dipuntampi dening para siswa?
2. Menapa ingkang para siswa remeni bab geguritan menika?
3. Kadospundi piwulang ingkang wonten ing salebeting geguritan
menika menawi dipunjumbuhaken kaliyan pagesangan wonten ing
jaman samenika?
20 | LKPD/B a h a s a J a w a / G e g u r i t a n / V I I I / G a s a l