The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by hastarinadanis.2022, 2022-11-07 21:08:16

Aksara Jawa

ANGKA JAWA

Keywords: 12345

1 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

KOMPETENSI DASAR

KD 3.3 Menerapkan sandhangan wyanjana, 4.3 Menulis kalimat sederhana beraksara

angka Jawa dalam kalimat sederhana Jawa menggunakan sandhangan

beraksara Jawa. wyanjana, dan angka Jawa.

INDIKATOR

Pengetahuan Keterampilan

3.3.1 Menganalisis penggunaan angka Jawa 4.3.1 Mengalihaksarakan kalimat sederhana

dalam kalimat beraksara Jawa. (C4) beraksara Jawa yang memuat angka Jawa ke

dalam aksara Latin. (P4)

3.3.2 Menyimpulkan isi paragraf beraksara Jawa 4.3.2 Menulis kalimat sederhana beraksara

yang memuat angka Jawa. (C5) Latin ke dalam aksara Jawa yang memuat angka

Jawa. (P5)

2 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

FASE 1 IDENTIFIKASI MASALAH
Materi Faktual

Wonten ing fase menika para siswa badhe sinau babagan aksara Jawa. Gladhen nyerat aksara
Jawa kedah dipuntindakaken supados enggal nguaosi saha saged apal, saged paham kadospundi
caranipun nyerat ingkang leres saha laras. Aksara Jawa menika kathah wujudipun. Wonten aksara
nglegena, aksara rekan, aksara swara, aksara murda saha angka Jawa.

Samangke para siswa kedah kedah mangretosi rumiyin menapa tegesipun angka Jawa,
fungsinipun angka Jawa, kadospundi panganggenipun angka Jawa, saha kadospundi alih aksara Latin
dhateng aksara Jawa ingkang ngrewat angka Jawa.

Sasampunipun menika ugi saged ningali wujudipun angka Jawa, satemah samangke saged
mbedakaken kadospundi wujudipun angka Jawa kaliyan aksara Jawa sanesipun.

Sumber: https://www.harianhaluan.com/pendidikan/pr-103467467/pengertian-dan-cara-penulisan-angka-jawa

Para siswa ugi saged ningali video nyerat angka Jawa, kanthi link
https://www.youtube.com/watch?v=6q1wbkJS2Gw

3 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

Tuladha Panganggenipun Angka Jawa. Aksara Jawa
Aksara Latin

Ana kebo 5
Aku lair tanggal 19 Mei 1994.

Gang Melati nomer 24.

Para siswa saged manggihaken tetmbungan ingkang angel, mawi Bausastra online kanthi scan
barcode ing ngandhap menika

4 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

FASE 2 MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK
Materi Konseptual

Peta Konsep

5 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

Titikanipun Angka Jawa

Angka Jawa inggih menika peranganing aksara Jawa ingkang dipunginakaken kangge
nyerat angka utawi wilangan. panyeratan angka Jawa menika meh sami kaliyan seratan angka
Latin, satemah gampil anggenipun nyinaoni. Angka Jawa kaserat saking angka 0 dumugi 9.

Ingkang limrah dipunserat mawi angka Jawa inggih menika nyerat tanggal, taun, rega,
nomer ing alamat, bobot, lan sapiturutipun. Sanajan panyeratanipun angka saged dipunserat
mawi aksara carakan, tuladhanipun angka 5 "lima” ꦭꦶꦩ nanging wontenipun angka Jawa
biyantu seratan supados langkung ringkes.

Dados saged dipunpendhet dudutan, bilih titianipun angka Jawa inggih menika:
1. Kangge nyerat angka ing salebetipun ukara utawi wacan prasaja, tuladhanipun nyerat

tanggal, rega, taun, lan sapiturutipun.
2. Ukara ingkang ngrewat angka tetep dipunserat ngginakaken angka Jawa boten

dipunkeparengaken nyerat ngginakaken aksara carakan supados langkung ringkes.

3. Fungsi Angka Jawa
4.

Angka Jawa ingkang cacahipun wonten sedasa wilangan gadhah fungsi kangge
nggampilaken anggenipun nyerat angka mawi aksara Jawa.
Ingkang saged kaserat mawi angka Jawa inggih menika:

1. Tanggal saha wekdal
2. Gunggungipun barang saha arta
3. Panjang, bobot, isi, saha wiyaripun barang
4. Nomer margi, griya, kode pos, nomer telepon
5. Wilangan pecahan
6. Peranganipun karangan saha kitab suci.

6 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

Tuladha ukara Tuladha mawi ukara mawi aksara
Jawa
No. Fungsi mawi aksara

Latin

1 Tanggal saha  Saiki wis

wekdal tanggal 1

September

2022.

 Aku mangkat

sekolah jam

6.30.

2 Gunggungipun Aku tuku sepatu

barang saha arta regane 56.000

rupiyah.

3 Panjang, bobot, isi, Ibu mundhut

saha wiyaripun jeruk 17 kilo.

barang

4 Nomer margi, Omahku ana ing

griya, kode pos, Dalan Melati

nomer telepon nomer 46.

5 Wilangan pecahan Aku duwe pitik 6,

sapi 2.

6 Peranganipun Buku basa Jawa

karangan saha ana 35 kaca.

kitab suci

7 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

Alih Aksara
Alih aksara inggih menika pengalihan sawijining aksara setunggal dados aksara
sanesipun. Tuladhanipun alih aksara Latin dados aksara Jawa. Wonten ing wulangan menika
para siswa badhe alih aksara Jawa ingkang dados aksara Latin saha kosok wangsulipun. Ukara
aksara Jawa ing wulangan menika ngecakaken panganggenipun aksara swara, nanging ing
salebeting ukara menika boten namung angka Jawa kemawon. Ukara menika ugi mawi aksara
nglegena, sandhangan, saha pasangan.

FASE 3 Membimbing Penyelidikan
Materi Prosedural

Tata Panyeratipun

Sasampunipun para siswa mangretosi wujud saha fungsinipun angka Jawa, wonten ing
perangan menika sumangga dipunsinau bab tata panyeratipun angka Jawa.

1. Nyerat angka Jawa dipunwiwiti saha dipunpungkasi mawi pada pangkat (꧇ ꧇).
Ancasipun kangge mbedakaken antawisipun aksara Jawa kaliyan angka Jawa.
2. Menawi wonten ing sawingkingipun angka Jawa wonten pada lingsa utawi koma ( ,
) saha pada lungsi utawi titik ( . ), wonten ing wingkingipun angka Jawa boten prelu
dipunparingi pada pangkat.
3. Wilangan ingkang kedhapuk saking satunggal utawi kalih angka cekap dipunserat
ngangge aksara Jawa kemawon, sanes angka Jawa, kejawi ingkang mawi urut-urutan.
4. Menawi wonten ing sangajengipun angka Jawa wonten aksara mati, pramila aksara
matinipun kedah dipun-pangkon ( ꧀ ).

8 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

Caranipun ngecakaken angka Jawa

 Caranipun Ngecakaken Angka Jawa ing Ukara Prasaja mawi Aksara Jawa
dados aksara Latin.

1. Saderengipun ngecakaken angka Jawa ing ukara prasaja mawi aksaraJawa dados
aksara Latin, para siswa kedah sampun maos rumiyin ukara menika kanthi patitis.

2. Menawi sampun, para siswa saged ngecakaken angka Jawa ing sabenukara mawi
aksara Latin.
 Caranipun Alih Aksara ing Ukara Prasaja mawi Aksara Jawa dados Aksara
Latin

1. Caranipun alih aksara ukara mawi aksara Jawa dados aksara Latin, inggih menika
para siswa kedah sampun nglampahi tugas nomer 1 (bab cak-cakanipun angka
Jawa).

2. Para siswa kanthi titi damel alih aksara sedasa ukara ingkang mawi aksara Jawa
dados aksara Latin.

Kaidah Panyeratan Angka Jawa
A.

 Caranipun Mendhet Dudutan Kaidah Panyeratan Angka Jawa
1. Caranipun mendhet dudutan kaidah panyeratan angka Jawa, inggih menika para

siswa kedah sampun nglampahi tugas nomer 1 bab cak- cakanipun angka Jawa saha
tugas nomer 2 alih aksara Jawa dados aksara Latin.
2. Para siswa kanthi titi mantha – mantha panganggenipun angka Jawaing ukara.
 Caranipun Alih Aksara ing Ukara Prasaja mawi Aksara Latin dados Aksara

Jawa
1. Caranipun alih aksara ukara mawi aksara Latin dados aksara Jawa, inggih menika

para siswa kedah sampun nglampahi tugas nomer 1 (bab cak-cakanipun angka
Jawa).
2. Para siswa kanthi titi damel alih aksara sedasa ukara ingkang mawi aksara Latin
dados aksara Jawa.

9 | Bahan Ajar_Angka Jawaa_VII_Gasal

FASE 4 Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Materi Metakognitif

Wonten ing fase sekawan para siswa dipundhawuhi nyerat ukara ingkang ngrewat
angka Jawa saking aksara Latin dhateng aksara Jawa.

1. Anggenipun nyerat angka Jawa dhateng aksara Jawa kedah sampun maos materi
tata panyeratipun angka Jawa saha sampun gladhen nyerat.

2. Anggenipun nyerat angka Jawa saking aksara Latin dhateng aksara Jawa kedah
tlaten, sampun ngantos lira-liru anggenipun nyerat angka Jawa.

3. Kedah migunakaken pada pangkat nalika nyerat angka Jawa.
4. Siswa saged nyerat angka Jawa saking aksara Latin dhateng aksara Jawa.

FASE 5 Menganalisis dan Mengevaluasi

Para siswa, sampun dumugi ing fase 5 menika ateges para siswa sampun sinau bab angka
Jawa, kadospundi wujudipun, fungsi, tata panyeratipun saha sampun dumugi alih aksara saking
aksara Jawa dhateng aksara Latin saha kosok wangsulipun. Sasampunipun sinau materi angka
Jawa, temtu para siswa manggihi bab angel salebetipun pasinaon menika. Bab angel ingkang
dipunpanggihi nalika sinau angka Jawa:
 Anggenipun alih aksara saking aksara Jawa dhateng Latin menapa kosok wangsulipun,

para siswa kedah tliti supados boten nemahi kalepatan nalika nggarap.
 Nalika ngandharaken isi saking teks kedah mangretos teges tembung-tembungipun

rumiyin.
pertemuan 1) para siswa sampun saged nganalisis ukara mawi aksara Jawa ingkang

ngrewat angka Jawa saha saged mengalihaksarakan ukara mawi
aksara Jawa dados aksara Latin.

10 | B a h a n A j a r _ A n g k a J a w a a _ V I I _ G a s a l

pertemuan 2). Para siswa saged nyimpulaken isi paragraf mawi aksara Jawa ingkang
ngrewat angka Jawa saha saged nyerat ukara aksara Latin wonten ing aksara
Jawa ingkang ngrewat angka Jawa.

DUDUTAN LAN RELEVANSI
Dudutan
1. Aksara angka menika peranganing aksara Jawa ingkang dipunginakaken kangge
nyerat angka utawi wilangan.
2. Aksara angka cacahipun wonten 10, antawisipun angka 0 – 9 inggih menika ꧇꧐꧇ ꧇꧑꧇ ꧇꧒꧇
꧇꧓꧇ ꧇꧔꧇ ꧇꧕꧇ ꧇꧖꧇ ꧇꧗꧇ ꧇꧘꧇ ꧇꧙꧇
3. Aksara angka dipunginakaken kangge nyerat nomer dalan, papan ingkang ngginakaken
nomer, lan sapiturutipun.
4. Panyerataning aksara angka dipunwiwiti saha dipunpungkasi mawi pada pangkatingkang
wujudipun kados mekaten (꧇-꧇). Nanging menawi wonten pada lingsa utawi lungsi, pada
pangkatipun namung ing ngajeng kemawon.
5. Alih aksara inggih menika pengalihan sawijing aksara setunggal dados aksara sanesipun.

Relevansi
Siswa kedah mangretosi panganggenipun aksara Jawa mliginipun angka Jawa amargi

wigati sanget ing jaman samenika. Para siswa kedah saged nglestantunaken budaya tinggalan
leluhur menika. Jaman samenika sampunkathah panganggenipun aksara angka ing pagesangan,
tuladhanipun nyeratnomer dalan, nyerat papan ingkang ngginakaken nomer, kangge soal teka
– teki gunggungan angka Jawa, wonten ugi ing busana, jilbab lan sapiturutipun.

11 | B a h a n A j a r _ A n g k a J a w a a _ V I I _ G a s a l

Kapustakan
Winarti, Sri & Suyati. 2019. Kartika Basa Kelas VII. Yogyakarta: Dinas Pendidikan

Pemuda dan Olahraga.
Utomo, Satrio. 2019. Pengembangan Multimedia Interaktif Susun Huruf Aksara
Jawa Untuk Siswa Kelas VII SMP Piri 2 Yogyakarta. Jurusan Kurikulum dan Tenologi

Pendidikan, FIP, UNY.
Nurkhotimah, Masruroin Nurhasan. 2016. Ngundhakaken Kaprigelan Nulis

Sandhangan Aksara Jawa Siswa Kelas VIIA MTS Negeri Pare-Pare Kanthi Media
Flash. Fakultas Bahasa dan Seni, UNESA.
Mulyani, Hesti. 2011. Komprehensi Tulis. Yogyakarta: Universitas Negeri Yogyakarta.

12 | B a h a n A j a r _ A n g k a J a w a a _ V I I _ G a s a l


Click to View FlipBook Version