The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by zainal120401, 2022-09-23 04:54:23

Cerita Cerkak

Cerita Cerkak

CERITA CEKAK

BASA JAWA
SMP/MTs
KELAS VIII

AJAR KENAL

AJAR KENAL
CERITA CEKAK

BASA JAWA

Dening

1. Sukmana Argo R.D (20020114060)

2. Bella Aprilia Nova Sari (20020114067)

3. Nadira Amelia Siswanti (20020114068)

4. Khafika Isroilliyah (20020114075)

5. Sherly Amalia Maretha R. (20020114077)

I

Atur Sapala

Isinipun buku “Ajar Kenal Cerita Cekak Basa Jawa”
punika sampun katitipriksa dening para mahasiswa Basa
Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa). Buku
punika dipunserat dening para mahasiswa Basa lan
Sastra Jawi saking Universitas Negeri Surabaya (Unesa).

Salaras kaliyan owah gingsiripun kurikulum pend-
hidhikan, buku punika sampun kacundhukaken kaliyan
Kurikulum Tingkat Satuan Pendidikan Mulok Bahasa
Daerah 2013. Manut asil paniti priksa, isinipun buku
punika sampun salaras kaliyan kurikulum enggal ingkang
dipunginakaken ing sekolah-sekolah wekdal samangke.
Isinipun buku punika sampun kasusun lelandhesan kaliyan
Standar Kompetensi Lulusan (SKL), Kompetensi Inti (KI)
lan Kompetensi Dasar (KD), sarta ngagem paugeran ing-
kang sampun dipunsusun dening Badan Standar Nasional
Pendidikan (BSNP).

Mugi-mugi kanthi wontenipun buku punika saged
mbiyantu para siswa, kadang dwija, lan sutresna Basa
Jawi anggenipun marsudi basa, sastra, lan kabudayan
Jawi supados saged ngrembaka lan lestantun.

Surabaya, April 2022
Paniti Priksa

II

Daftar Isi

Atur sapala............................................................................................................II
Daftar isi.............................................................................................................III
Kagiyatan 1: Mahami teks cerita cekak.......................................................2

1. Nyemak teks cerita cekak.........................................................................2
2. Struktur teks cerita cekak........................................................................3

Gladhen : Nganalisis Struktur Teks Cerita Cekak.............................5
3. Unsur Basa Teks Cerita Cekak (Cerkak).............................................8

A. ukara langsung lan ora langsung......................................................8
B. Unggah-ungguh basa lan undha usuk basa.................................9

Gladhen : Unsur Basa Teks Cerita Cekak (Cerkak)...................11
4. Nyimpulake Isine Teks Cerita Cekak...................................................11

Gladhen : Nyimpulaké isi Teks Cerita cekak (Cerkak)............12
Kagiyatan 2: Uji Kompetensi..........................................................................13
Kapustakan........................................................................................................19
.

III

CERITA CEKAK

KOMPETENSI DASAR INDIKATOR
1.1.1 Berdoa sebelum memulai dan
1.1 Menghargai dan mensyukuri
keberadaan bahasa daerah sebagai mengakhiri belajar
anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk 1.1.2 Menyapa dengan bahasa daerah
meningkatan pengetahuan dan
keterampilan berbahasa daerah, serta 1.3.1 Mensyukuri keberadaan bahasa daerah.
untuk melestarikan dan 1.3.2 Bercakap-cakap dengan bahasa daerah
mengembangkan budaya daerah untuk
didayagunakan sebagai upaya sebagairasa syukur pada Tuhan Yang
pembinaan dan `pengembangan Maha Esa.
kebudayaan Nasional.

1.3 Menghargai dan mensyukuri
keberadaan bahasa daerah sebagai
anugerah Tuhan Yang Maha Esa
sebagai sarana menyajikan informasi
lisan dan tulis.

2.1 Memiliki perilaku jujur dalam 2.1.1 Membiasakan perilaku jujur dalam
menceritakan sudut pandang moral berbicara
yang eksplisit.

2.2. Memiliki perilaku demokratis, kreatif, 2. 2.1 Memiliki perilaku kreatif dalam
berbahasa daerah.
dan santun dalam berdebat tentang kasus
atau sudut pandang. 2.2.2 Memiliki perilaku demokratis.
2.2.3 Membiasakan perilaku santun dalam

berbahasa.

3.1 Mengidentifikasi, memahami dan 3.1.1 Mengidentifikasi struktur teks cerita
menganalisis struktur teks, unsur pendek.

kebahasaan, dan pesan moral cerita 3.1.2 Menganalisis struktur teks cerita
cekak (cerkak) pendek.

3.1.3 Menganalisis unsur kebahasaan cerita
pendek

3.1.3 Menyimpulkan pesan moral cerita
pendek

Cerkak minangka salah sawijining asil karya sastra Jawa kang
awujud gancaran. Cerkak minangka salah sawijining karya sastra
jawa modern kang ana ing jagading kasusastran Jawa. Cerkak mi-
nangka cerita fiksi (rekan) kang ditulis kanthi paugeran-paugeran
kang beda karo karya prosa liyane kang luwih dawa. Cerkak (ceka-
kan saka tembung cerita cekak) yaiku gancaran sing ngandharake
sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan
kanthi cekak wae.

1

Kagiyatan 1 : Mahami Teks Cerita Cekak
1. Nyemak Teks Cerita Cekak

Wacanen teks cerita cekak ing ngisor iki kanthi permati!

Wot Kluwung
Dening : Ian Hasan

Bapak nambahi pitutur yen para kewan kinasih sakawit duma-
dine donya, bakal setya tuhu ngenteni ndarane ing kana, ing wot
sing nggathukake sikil loro kluwung kuwi mau.

Wus kliwat seminggu, Kinanthi, bocah wedok durung genep
sepuluh taun ngrasa getun amarga kelangan ditinggal mati Kimo,
marmut open-openan sing ditresnani. Saben dina bocah kuwi anane
mung ngalamun, males-malesan sinambi nyawang njaba jendela
kamare.

“Bapak kuwi sing ra nggagasan, marai bocah keset wae!” Ibune
protes karo mbesengut.

Ngerti anake keranta-ranta, ibu sumelang yen ngganggu si-
naune Kinan, amarga ora suwe meneh bocah kuwi arep ujian ung-
gah-unggahan kelas.

Piyambake banjur ngungkit usule mbiyen, sing jan-jane ora sa-
rujuk yen anake wedok ngingu kewan, apa maneh marmut sing
katon ringkih tur angel open-openane.

“Kinan reneo, Ndhuk!” Bapak nglempit koran sing nembe
diwaca sinambi mingsetake bokong sithik supaya gampang ngrang-
geh cangkir kopi sing neng meja.

Piyambake ngajak Kinan lungguh sandhing ana ing teras samp-
ing, sinambi ngulati undhukan lemah neng ngisor wit talok sing
ngrembuyung.

“Kaya enek sing arep mbok aturne bapak ta, Ndhuk?” Dangu
bapak sinambi ngedhepne pasuryan, persis ing sangarep mripate
Kinan.

2

Sakwise ngenteni sawetara, “Pak, napa Kimo sak niki pun teng
swarga?”

Bapak nyruput kopine sapisan maneh, sakdurunge alon-alon
ndelehke cangkire nyang meja.

“Apa ya tumon kewan mlebu swarga ta, Ndhuk?” Jawabe
bapak kanthi ekspresi sing angel dibedhek.

“Bapak ki lho…!” Raine Kinan samsaya peteng, mripate katon
kaca-kaca.

Kinan ra ngira yen bapak akhire mesem banjur nyebutake saw-
ijining perkara sing marai ati kepincut.

Bapak njelasake yen jan-jane ana uga rupane swarga kanggo
kewan—sing endah banget, mujur mlengkung ing antarane sikil
lorone kluwung….………………………… (Ana candhake)

Kanggo mangerteni isine wacan, wangsulana pitakonan ing
ngisor iki!

1. Apa irah-irahan cerkak ing ndhuwur?
2. Sapa sing dadi paraga utama cerkak ing ndhuwur?
3. Kepriye pituture Bapak kanggo paraga utama cerkak ing nd

huwur?
4. Geneya paraga utama sedhih ing cerkak kasebut?
5. Apa kang njalari Ibu ora sarujuk yen paraga utama nduweni

ingon-ingon?

2. Struktur Teks Cerita Cekak

Nalika kowe maca cerkak ing dhuwur kala wau, perlu di-
gatekake struktur-struktur teks cerkak, kayata: struktur teks ad-
hedhasar cerkak, unsur instrinsik cerkak lan unsur ekstrinsik cerkak.
Struktur-struktur kasebut bakal diandharake kaya ing ngisor iki:

a. Struktur Teks Adhedhasar Cerkak:

Struktur teks adhedhasar cerkak iku dumadi saka 4 peran-
gan, yaiku:
• Orientasi/Tetepungan

Yaiku nepungake paraga, papan panggonan, lan wektu
• Komplikasi/Pasulayan (konflik)

Yaiku diwiwiti saka tuwuhe prakara/masalah,nganti gega
watane masalah
• Resolusi/Pangudhare Prakara
Yaiku cara kanggo ngudhari reruwet utawa masalah
• Koda/Wasana crita
Yaiku pungkasane crita sarta piwulang kang bisa dijupuk
saka lelakon jroning crita.

3

b. Titikane Teks Cerkak

Titikane (Ciri-ciri) Cerita Cekak
• Awujud gancaran (prosa)
• Isine bab lelakon utawa kedadeyan ing bebrayan
• Ana paraga utama lan paraga panyengkuyung
• Ngandut piweling, pitutur, pasemon (kritik) lan

sapanunggalane

1)Unsur Instrinsik Teks Crita Cekak

Tema Tuladhane :
Yaiku dhasar/lelandhesan Tema Katresnan, Pendhidhikan,
bakunging gagasan crita Kekancan, Sosial lan Sapiturute

UNSUR Alur 1. Alur maju
INTRINSIK Yaiku reroncening kedadean 2. Alur mundur
kang dumadi sajroning cerita 3. Alur campuran

Tokoh 1. Paraga Utama
Yaiku paraga kang ana 2. Paraga Antagonis
sajroning cerita 3. Paraga Protagonis

Latar/Setting 1. Latar waktu : Awan, esuk, sore,bengi
Yaiku katrangan ngenani pang- 2. Latar panggonan : Omah, kali, alas, lsp
gonan, wayah lan kahanan kang 3. Latar swasana : Sedhih, seeng, kuciwa lsp
ana sajroning cerita
1. Wong Kapisan
Sudut Pandang 2. Wong Kaloro
Yaiku kalungguhane pangripta 3. Wong Katelu
sajroning cerita
Tujuwan saka amanat yaiku
Amanat dadi pesen gawe ngilingake
Yaiku pesen kang diandharake lan ngarahake pamaca supaya
pangripta marang pamaos bisa luwih apik ingkang bisa
dijupuk saka crita cerkak kasebut.

2) Unsur Ekstrinsik Teks Crita Cekak
Unsur ekstrinsik cerkak yaiku unsur-unsur sing ana ing njaba

karya sastra, kayata gambaran ngenani jaman, adat istiadat,
budaya, perilaku lan sikap masyarakat sing bisa ditintingi saka
cerkak. Budaya sing bisa ditintingi saka cerkak yaiku budaya Jawa
awit unggah-ungguh basane sing mung ana ing budaya Jawa.

4

Gladhen : Nganalisis Struktur Teks Cerita Cekak

Ing kagiyatan iki siswa diajak nganalisis struktur teks cerita
cekak kanthi irah-irahan ‘’Kacembang Gadhung’’. Temtokake
struktur teks cerita cekak ing ngisor iki!

Kacembang Gadhung
Dening : Kevin Meinandoval

Sipat wasis utawa kapinteran dening sakehe kewan iku kena
kanggo ngangkat sipate manungsa. Kadhang kala sipate bisa kanggo
pameling utawa tuladha sarta sarana kawruh kawicaksananing urip
ana ing alam donya.

Kacarita, ing satengahing wana gung utawa alas
gedhe kang ora nate diambah dening manungsa ana
kauripane sato wana utawa kewan alas kang jinise
iwen, yaiku jejering manuk kacembang gadhung.

Alas mau kondhang gawat kaliwat-liwat sarta
isih kebak ri bandhil bebondhotan uga wit-witan gedhe.
Akeh manuk lan kewan-kewan galak kang mapan ing
sajrone alas. Awit karana mangsa katiga kang wus lumaku
suwe, dumadakan alas mau kobong.
Ana sawijine manuk wadon kang manggon ing
jerone alas, manuk iku mau lagi wae nduweni anak
kang durung bisa mabur, lima cacahe.

Dene pasangane, utawa manuk kang lanang, lagi
miber golek babon liya ing sajabaning alas. Dheweke lali
marang pasangane. Manuk wadon ijen anggone ngopeni
anak-anake.

Nalika geni kang ngobong alas mundhak gedhe, nganti
wus meh mrambat teka ing susuhe manuk, banjur manuk
wadon mau sambat nggrantes marang anak-anake,

“Geni wus meh teka, nuju susuhe awake dhewe, bakale
ngobong kabeh apa sing dipethuki. Ora suwe maneh, awake

5

ngobong kabeh apa sing dipethuki. Ora suwe maneh, awake
dhewe melu kobong lan tumeka pati. Kabeh sato wana wis
kelangan pangarah, maneh-maneh swaraning alas gumludhug awit
saka rubuhe wit-witan kang kobong.
Oh Ngger, anakku, melas temen nasibmu. Dene kowe durung bisa
mabur. Bakale kowe mesthi dadi mangsane geni. Apa kang bakal dak
tindakake? Bapakmu wis lunga ninggalake awake dhewe nalika kowe
padha durung netes. Aku ora kuat yen ta nggawa lunga kowe kabeh
saka alas kene.”
Nadyan geni samsaya gedhe lan wus meh mrambat tumuju ing
susuhe manuk, manuk wadon mau ora nduweni pangrasa bakal
ninggalake anak-anake. Ujare kandha,
“Aku bakal tetep ana kene. Bakal mati
bareng karo kowe kabeh, Anak-anakku.”
Sawise ngucap kaya mangkono, manuk
wadon banjur weruh leng tikus,
“Sacedhake oyot wit gedhe kae ana leng
tikus. Aku bakal mapanake kowe kabeh ana i
ng sajerone leng kae. Sawise, dalane
lumebu bakal dak tutup supaya geni
ora bisa tumeka njero. Yen geni
wus sirep, aku bakal bali lan ngetokake
kowe kabeh, Anak-anakku.”
Anak-anake kabeh mau nampik panemune ibune,
kandhane,
“Ibu, tikus ing sajerone leng punika bakal nyilakani awake
dhewe kabeh. Aluwung mati kobong katimbang mati dados mang-
sane tikus, Bu.”
Ibune ngupaya supaya atine anak-anake ayem,
“Tikus ing sajerone leng kae wis dimangsa manuk alap-alap,
Ngger. Mula, ora ana sing bakal mbok kuwatirake.”
Anak-anake nyemauri kandhane ibune,
“Nanging maksih wonten tikus
sanes-sanese, Bu.
Sapatine si tikus,
mboten kok
ndadosaken mboten
wontene bebaya sanese. Ibu, enggala
ibu ninggalake kula kabeh…
…Kula kabeh mboten purun menawi mlebet
ing leng nika. Ibu mboten usah ngurbanaken
dhiri kangge kula kabeh. Kula kabeh mboten
pantes nampi pangurbananing ibu…
…Kula kabeh dereng nate males menapa-menapa kagem ibu. Kula
kabeh namung nekakaken kasusahan dhateng ibu. …
…Enggala tindak saking ngriki ibu. Saupami kula kabeh saged slamet,
ibu saged wangsul mriki sabibare geni sirep. Enggala tindak
saking ngriki, Ibu!”
6

“Plasss!” Saka cupete nala, si manuk wadon mabur ninggalake
alas.
Kanthi kebat, geni nyamber susuh kang isine anak-anak manuk
kacembang gadhung. Anak manuk sing paling tuwa kandha,

“Wong kang wicaksana iku, bisa ngerti tekane bebaya lan tetep
teguh saka bebaya kang nyedhaki.”
Kanthi mesem sarta teguh, anak-anak manuk mau angrantu tekan-
ing geni, pangucape,

“Oh geni, ibu wis ninggalake aku kabeh. Aku kabeh durung
ngerteni wujud salirane bapak. Oh geni, kowe papan pangayo-
manku….

…Sawangen, aku kabeh durung nduweni daya kakuwatan kanggo
mabur. Ora ana sing bisa ngayomi. Aku pasrah pangayoman marang
kowe, Geni.”

Kobare geni saklangkung ngobong saisine alas. Nanging karana
gaibing alam, anak-anak manuk kacembang gadhung mau, siji-sijia
ora ana sing katut kobong.

Nalika geni wus sirep, banjur ibune si manuk mau bali. Atine
kaget dene meruhi anak-anake ora ana sing kobong kepangan geni.
Kanthi bungahe ati banjur nyikep anak-anake.
Ing sajabane alas, manuk lanang meruhi dene alas kang dadi papan
susuhe pasangane kobong. Banjur kepikiran marang pasangane kang
wektu ditinggal lagi ngangremi endhog. Sakala, dheweke banjur bali
menyang papan susuhe.

Katon si manuk wadon ora perduli tekane pasangane, si manuk
lanang. Manuk wadon kadlarung bungah atine karana anak-anake
bisa slamet saka bebaya alas kobong.

Sawetara manuk wadon nyawang marang manuk lanang karo
takon kenapa dheweke bali mrene.
Kandhane manuk lanang,

“Oh pasanganku lan anak-anakku, kowe kabeh bisa slamet saka
bebaya alas kobong. Endi anakku sing paling tuwa?”
Semaure manuk wadon,

“Apa sampeyan perduli? Kana balia marang pasangan anyar-
mu!”
Kanthi ngucap kang ngemu surasa, si manuk lanang banjur kandha,

“Yen wis peputra utawa nduweni anak, jejere wanita iku mesthi
luntur kaperduliane marang kakunge. Ya, ya pancen kaya mangkene
iki, urip!” (Cuthel)

7

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Sapa wae paragane cerkak ”Kacembang Gadhung”, lan terang
na watake!
2. Sapa kang kalebu paraga utama?
3. Apa konflik kang dialami dening paraga utama ing sajrone

cerkak “Kacembang Gadhung”?
4.Sebutna latar ing crita cekak “Kacembang Gadhung”!
5.Kepriye pungkasane crita cekak kasebut?
6.Apa amanat kang bisa kapethik saka cerkak ”Kacembang Gad
hung”?

AJAR KENAL3.Unsur Basa Teks Cerita Cekak (Cerkak)
Unsur basa ing cerkak bisa katitik saka tetembungan kang ana
ing teks cerkak kasebut, kaya dene ngenani ukara sing digunakake ing
cerkak kanthi cara dititik saka jinise ukara lan unggah-ungguhe basa.

a. Ukara Langsung lan Ora Langsung

Dititik saka jinise ukara-ukara ing teks cerkak dumadi saka ukara
langsung lan ora langsung. Ukara langsung yaiku ukara sing jejere sing
ngomong, utawa wong kapisan/utama purusa sing ngomong. Ukara
Ora Langsung yaiku ukara sing ngomong/nyritakake wong katelu.

• Tuladhane ukara langsung :
Anak-anake kabeh mau nampik panemune

ibune, kandhane,“Ibu, tikus ing sajerone leng
punika bakal nyilakani awake dhewe kabeh.
Aluwung mati kobong katimbang mati
dados mangsane tikus, Bu.”
Ukara ing dhuwur iki kalebu ukara
langsung. Ing sajrone ukara iki diwiwiti
karo tandha petik loro (“) ing kawitan
ukara. Banjur sadurunge tandha waca
uga diwenehi tandha petik loro (“).

• Tuladhane ukara ora langsung
Kandhane anak-anake manuk menyang ibune, aluwung mati

kobong katimbang mati dadi mangsane tikus ing leng kuwi.

Pepeling
Bedhane Ukara Langsung lan Ora Langsung
Yen sing dadi paraga utama dadi jejere crita, artine
ukara mau diarani ukara langsung. Aja lali ditam-
bahi tandha petik loro (“) ing kawitane ukara

8

b. Unggah-Ungguh Basa lan Undha Usuk Basa

Basa Jawa tansah ngugemi unggah-ungguh basa, iki sing
mbedakake basa Jawa klawan basa liyane. Undha usuk Basa Jawa
diperang kaya ing ngisor iki:

1)BASA NGOKO

a) Ngoko lugu

Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kecampuran tem-
bung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak omongan,
wuwuhane tetep ngoko, sipate rumaket utawa akrab.

Penganggone :
• Dienggo dening sapadha-padha kang wis kulina.
• Dienggo ndhuwuran marang ngisoran.
• Dienggo wong kang wis tuwa marang sing enom, kayata: wong
tuwa marang anake, guru marang muride, eyang marang putune,
lan sapanunggalane.

Tuladha :
• Kowe gelem turu kene, Mbak?
• Kowe sesuk apa sida lunga?
• Kowe ditukokake jajan pasar?

b) Ngoko alus

Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kecampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan, krama inggil
khusus kanggo wong liya, wuwuhan tetep wuwuhan ngoko, tem-
bung kowe dadi panjenengan.

Penganggone :
• Sedulur enom marang sedulur tuwa.
• Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajade luwih
dhuwur.
• Ibu marang bapak sing wis kulina nganggo basa ngoko.

Tuladha :
• Panjenengan kersa sare kene Mbak?
• Panjenengan sesuk apa sida tindak?
• Panjenengan dipundhutake jajan pasar?

Sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku:
(1) Tembung sesulih purusa II (kata ganti orang ke-2) lan tembung
kriya.
(2) Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan pan-
ambang (akhiran) tetep ngoko.

9

2) BASA KRAMA

Basa krama diperang dadi loro, yaiku:

a) Krama lugu (Madya)

Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge
lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap
wong sing diajak pacaturan, tembung kowe dadi sampeyan, tem-
bung aku dadi kula.

Penganggone:
• Wong tuwa marang wong enom sing

pangkate luwih dhuwur
• Uwong sing tas kenalan
• Uwong ngisoran marang pemimpine

Tuladha:
• Sampeyan purun tilem mriki Mbak?
• Sampeyan benjing menapa tamtu kesah?
• Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?

b) Krama alus/inggil
Basa krama alus yaiku basa sing paling apik gawe ngehormati.
Krama alus gawe nduwurake utawa ngehormati uwong sing diajak
omong.

Penganggone:
• Wong enom marang wong tuwa
• Anak marang bapak utawa ibune
• Putu marang eyang utawa simbahe
• Ponakan marang pakdhe utawa budhene,

lan sapanunggalane
• Marang wong sing luwih dhuwir drajade
• Murid marang gurune.
• Andhahan marang pimpinane.
• Abdi utawa rewang marang juragane, lan sapanunggalane.

Tuladhane:
• Panjenengan kersa sare mriki Mbak?
• Panjenengan benjing menapa tamtu tindak?
• Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?
• Simbah badhe tindak dhateng Jakarta nitih kreta, bidhalipun

10

Gladhen : Unsur Basa Teks Cerita Cekak (Cerkak)

A. Owahano ukara langsung ngisor iki dadi ukara ora langsung lan
suwalike!

1. “Kondisine isih lemes mas, dina-dinane entek ing turon.” Kand
hane ibune Bram sedhih.

2. “Nisa, welinge Eyang, yen dadi cah ayu iku kudune kaya kem
bang mawar kae.” Ngendikane ibu nalika liwat took kembang
lan nuduhi kembang mawar kae.

3. “kula pendhetaken napa, Bu?” ujare Budi menyang gurune.
4. Ibune Ratih kandha yen biyen duweni cita-cita sing akeh njur

ganti-ganti
5. Bapak sekolah ngendika menawa murid-murid ora pareng

matu saka pekarangan sekolah ing wektu ngaso
6. Ibu kandha mengko bukune Rina cangkingen mulih

B. Owahano ukara kang nganggo basa ngoko iki dadi basa krama
lan suwalike!

1. Budi lunga menyang Surabaya numpak sepur
2. Kowe apa wis tuku gula kanggo nggawe the?
3. Rina ditukokake klambi karo ibune
4. Ibu tindak dhateng peken badhe mundhut daging
5. Simbah sampun dhahar kala wau
6. Panjenengan punapa sampun mendhet buku dhateng sekolah

an?

4. Nyimpulake Isine Teks Cerita Cekak

Cara nyimpulake isine teks cerita cekak, yaiku kanthi manger-
teni unsur intrinsik, isine, lan maksude crita saben paragrap. Maca
teks cerita cekak kanthi permati kowe bakal mangerteni apa isine
wacan. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isine
wacan.
1. Wacanen teks cerita cekak kanthi permati
2. Tulisen ukara baku ing saben pada
3. Roncenen ukara-ukara baku kae supaya dadi sapada

Gladhen :
Gawea dudutan saka cerita cekak ‘’Kacembang Gadhung’’ manut
karo pituduh ing ndhuwur!

11

Gladhen : Unsur Basa Teks Cerita Cekak (Cerkak)

A. Owahano ukara langsung ngisor iki dadi ukara ora langsung lan
suwalike!

1. “Kondisine isih lemes mas, dina-dinane entek ing turon.” Kand
hane ibune Bram sedhih.

2. “Nisa, welinge Eyang, yen dadi cah ayu iku kudune kaya kem
bang mawar kae.” Ngendikane ibu nalika liwat took kembang
lan nuduhi kembang mawar kae.

3. “kula pendhetaken napa, Bu?” ujare Budi menyang gurune.
4. Ibune Ratih kandha yen biyen duweni cita-cita sing akeh njur

ganti-ganti
5. Bapak sekolah ngendika menawa murid-murid ora pareng

matu saka pekarangan sekolah ing wektu ngaso
6. Ibu kandha mengko bukune Rina cangkingen mulih

B. Owahano ukara kang nganggo basa ngoko iki dadi basa krama
lan suwalike!

1. Budi lunga menyang Surabaya numpak sepur
2. Kowe apa wis tuku gula kanggo nggawe the?
3. Rina ditukokake klambi karo ibune
4. Ibu tindak dhateng peken badhe mundhut daging
5. Simbah sampun dhahar kala wau
6. Panjenengan punapa sampun mendhet buku dhateng sekolah

an?

4. Nyimpulake Isine Teks Cerita Cekak

Cara nyimpulake isine teks cerita cekak, yaiku kanthi man-
gerteni unsur intrinsik, isine, lan maksude crita saben paragrap.
Maca teks cerita cekak kanthi permati kowe bakal mangerteni apa
isine wacan. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake
isine wacan.
1. Wacanen teks cerita cekak kanthi permati
2. Tulisen ukara baku ing saben pada
3. Roncenen ukara-ukara baku kae supaya dadi sapada

Gladhen :
Gawea dudutan saka cerita cekak ‘’Kacembang Gadhung’’ manut
karo pituduh ing ndhuwur!

12

Kagiyatan 2 : Uji Kompetensi

A. Kanggo mahami materi cerita cekak ing ndhuwur, wangsulana
pitakonan-pitakonan kuis kanthi scan barcode ing ngisor iki!

Kanggo Siswa

Tata cara gabung kuis (kanggo siswa) :

1. Bukaen link kanggo scan barcode

2.Arahake kamera HPmu ing barcode “Kanggo Siswa”

3.Ketik kode arupa angka kang diwenehake guru ing kotak “ma-

sukkan kode game”

4.Klik gabung sawise ngetik kode ing kotak

13

B. Wacanen cerkak ing ngisor iki kanthi permati lan wangsulana
pitakonan-pitakonan kanthi patitis!

Akale Dhukun
Dening: Sri Adi Harjono

Awaaak, awak...!! Merdhukun malah nambah-nambahi
munyeng! Upama ora anut-anut Juwari, kanca kenthel nunggal
gaweyan blantik raja-kaya, mesthine ora sangsaya kaya ngene iki
anggonku poyangpayingan. Embuh! Aku iki dadi uwong teka ora
jejeg, miyar-miyur. Mula ya ngene iki dadine. Coba, aku rewang-re-
wangana yen ana kang pirsa, tulung aku dikabari, ing ngendi ana
randha telu nunggal saomah?

Mbah Wikari dhukun Ngraci sing tak sowani paring weca, aku
bisa entuk pulihan Ian bisa urip murwat kalamun aku entuk sarat
masrut arupa rambute randha telu nunggal saomah. Mbah Wikan
kuwi gurune Juwari. Biyen-biyene anggone golek bojo, penglarisan
tekan tulak balak panyabaring tenung jengges, kabeh mau kandhane
jare saka Mbah Wikan. Mulakna aku dadi semrinthil, kinthil marang
akal-ikil trekahe Juwari.

Tak akoni, aku pancen kudu golek pulihan jalaran wis kapusan
melek-melekan. Dhuwit seket yuta amblas gara-gara Bank Gaib. Wis
kaya ngono ndadak bojoku, Trinul njaluk pegat. Alesane anggone
kangelan seprana-seprene muspra tanpa tanja, dhuwit semono mau
entuk-entukan saka adol sapi lanang telu kang sineja arep kanggo
nata omah. Mangka nyatane sing kapleter ngopeni sapi-sapi kuwi
ora ana liya ya si Trinil dhewe.

14

Olehku golek sisik melik takrewangi nungsang njempalik, kaya
wong edan ditabuhi, isin wirang tak lakoni. Aku thruthusan methuki
kaur kesra alias modin ing endi-endi panggonan perlu golek keteran-
gan. Jer kang nyekel data NTR, Nikah Tak Rujuk, kelahiran Ian ke-
matian mono pancen modin. Kepriye asile? Tobaat, tobat! Anak putu
aja ana kang nglakoni kaya aku. Aku malah padha
digeguyu, jian, sontoloyo!

Suprandene nalika dina pasaran Kliwon,
ing pasar kewan ngulakan, Juwari gita-gita
methuki aku. Dheweke aweh keterangan yen
sing tak goleki seprana-seprene wis ditemokake.

Embuh saka sapa teka bisa-bisane
Juwari weruh lamun ing Desa Bendar
ana randha telu nunggal saomah kaya sing
tak goleki mau. Mula saka kuwi, utamane
aku, muji sukur marang Kang Murbeng
Dumadi dene anggonku iktiyar diijabahi Ian
sacepete kudu tak tanjihake.

“Kula nuwuuun. ..” uluk-ulukku sinambi
nata ati.
Anggonku uluk-uluk wis bola-bali, nanging panggah wae ora ana
wangsulan. Omah tembok cakrik lawas iki katon singup Ian sepi. Cet
temboke mbladhus, gek pekarangane ora kopen. Nitik saka kahanane
genah arang mambu tangane wong Ianang. Saupama aku diakon
ngecet tembok apa ngopeni pekarangan kasebut, mesthi bakal takla-
koni kanthi satulusing ati uger diijoli bodholan rambute randha telu
sing manggon neng omah kuwi.

Ora weruh sangkan-sangkane, dumadakan saka arah mburiku
jumedhul wong wadon adi yuswa mbagekake aku. Wong mau mesthi

metu saka mburi liwat iringan omah.
“Oh, mangga Nak, mangga. Pangapunten
Iho nggih, kula nembe ibut wonten gand

hok wingking. Mila nggih mboten ngertos
menawi wonten tamu, Mm, mangga Ienggah ngleb

et”
Aku manut sakreh-prentahe wong wadon kuwi, kaya andhong
katut jarane. Karo mlaku aku gagap-gagap miterang, “Kok repot pi-
yambak ta, Bu. Keng putra wonten pundi?
“Oalah, Nak...gadhah anak setunggal kemawon tebih pang-
genane. Dados Te-En-I Angkatan Laut, dhinesipun wonten Suraba-
ya,” pratelane si ibu sing kagungan dalem mau sawise Ienggah.
“Griya menika namung kula tenggani kalihan ibu ingkang
sampun thukluk-thukluk. Wong sampun yuswa wolung dasa sanga.
Pikantuk tambah mawon nggih estri malih. Nembe-nembe menika
kepenakan kula rak ndherek wonten ngriki ta, Nak. Mesakaken Nak,
randha! Dereng dangu kok, nggene pisahan.”

15

“Wah, menawi ngaten dalem menika rak dipun Ienggahi piyan-
tun tiga randha sedanten nggih, Bu?” pitakonku mancing-mancing.

“Mila kasinggihan, Nak. Ning ketingalipun
kepenakan kula menika kok taksih remen
dhateng tiyang jaler tigasanipun. Asring

dhelog-dhelog nga lamun, panyawangipun
tumlawung. Mila larenipun Iajeng kula

aken les njait dhateng Juwana, amrih
kaslimur manahipun.”

Lha dalaaah!!Ya pancen iki kang takgole
ki. Randha telu nunggal saomah. Terus kepriye
anggonku nembung sarat-sarat sing takbutu
hake? Ah, gampang! Aku bakal gawe pawadan,
nggolekake sarat kanggo tambane wong edan. Jer
nyatane aku pancen kaya wong edan.

Lagi wae mikir golek ukara sing trep kanggo
mbeberake gagasan mau, ujug-ujug, “Lha
menika ho Nak, larenipun sampun dhateng” aloke ibu sing kagungan
dalem.
Bareng weruh blegere pawongane, dladakan aku nggragap.
Trinil, Bojoku, Eh..., tilasanku! Kena apa dheweke ana kene? Apa iki
omahe wong lanang sing kabar-kabare tau nggawa Trinil menyang
Sumatra? Huh, trembelane tenan Juwari. Teka tegel-tegele dheweke
njlomprokake aku!
“Ngapa sampeyan ndadak mrene?!” pitakone Trinil alus.
Parandene panyawange tajem nunjem ing pulung atiku Saking ang-
gonku ora cepak wangsulan, merga salugune angel anggonku arep
mangsuli pitakon kuwi, pepuntone aku ganti takon. Dalan rupak
wedi kedhisikan.
“Jare nyang Sumatra, kok neng kene?”
“Aku pancen sengaja ngungsekake atiku ana kene, ing daleme
Budhe Wening. Ngapa aku kudu nunggoni
desa sing tansah gawe kelara-laraning
ati? Ing kana aku tansah weruh glibet
sampeyan. Mangka sampeyan ora
nyadhar, sampeyan ora beda kaya geni.
Sing sawayah-wayah bisa ngobong atiku.
Mas Har, tenane aku isih tresna sampeyan.
Ning sampeyan wis gawe gelane atiku. Dhuwit
seket yuta asil dodolan sapi lanang telu sing arep
kanggo nata omah wis mbok buwang, gara-gara
sampeyan kabidhung Bank Gaib” pangucape Trinil
kelayan mbrabak Ian kembeng-kembeng mripate.
Krungu omongane Trinil ngono mau, aku
banjur mak nyut kelingan. Taun kepungkur ana wong ngaku-aku
agen Bank Gaib duweke Nyai Krincing Inten ing Pub Karimun Jawa.

16

Wong mau bisa nggawe dhuwit kang ditabung ing Bank Gaib dadi
tikel matikel. Dhuwit disetorake marang Nyai Krincing Inten kanthi
cara disimpen neng lemari terus dikunci. Sinartan dianani ritual
sacukupe banjur manjer lilin Ian ngobong dupa hio. Kang aja tan ora,
ora kena mati. Pitung dina candhake lemari lagi entuk dibukak, iya
ing dina kuwi dhuwit tabunganku wis dadi tikel sepuluh. Dadi aku wis
duwe dhuwit limang atus yuta. Nanging dhuwit kang seminggu
kepungkur dibuntel mon putih, bareng dina kuwi takbukak jebul
malih gunting-guntingan kertas koran. Sakdeg-saknyet sumrepet
panyawangku, aku wis kapusan melek-melekan!

“Aku pancen luput Dhik Trinil dhek emben kae, wiwitane aku
ya wis sanggarunggi. Ning aku kena gendam, Dhik.
Gendam sing kekuwatane ngedab-edabi, aja maneh
kok nganti kena dijawil, dicablek utawa adu
pandeng. Wong lagi kena sebul wae rasane
dadi sengsem. Kang entek- entekane aku
banjur kapilut Ian kanyut ironing pangrehe
si tukang gendam mau. Ning, rak isih ana
pangapura kanggo aku ta, Dhik?” aku ngrepa
-ngrepa kelayan keranta-ranta, saengga
Trinil malih saya ndadi tangise.

“Sik ta, jan-jane iki piye genahe kok
njur tetangisan?” Bu Wening munggel gunem
bareng weruh Trinil ora kuwat ngampah tangise.

“Nggih menika Iho Budhe, tilasan tiyang jaler kula. Mas Suhar”
ature Trinil karo srikutan ngulapi eluhe

“o Iha layak! Yen ngono mbok balik wae, sing wis ya wis, sing
durung wae diati-ati. Anggep wae kaya ngimpi elek. Yen wis tangi
rak ilang” tumanggape Bu Wening.

“Nggih Nak Suhar kemawon ingkang kedah sanget
ngowahi sikep. Sedaya perkawis kedah dipun lim
bang-limbang kanthi permati Ian sampun ngantos

nilar musyawarah kalihan tiyang estri, tiyang estri
sampun kangge kalah-kalahan, Nak Har.”
Olehe tutur-tutur Bu Wening prasasat mblejeti
aku nganti tanpa awer-awer rasane. Jare yen
miturut swargi gurunadine, satemene
wong lanang kuwi wis mlendir wong wadon.
Nanging nganggo “atas nama” kuwajiban
Ian darma bektine wong wadon kang kudu
ditindakake kanggo kulawarga. Ngopeni
anak, sak, ngumbahi lan sapiturute. Ucap-ucap
ane isah-sah durung garing wae, ubarampe

mangsak Ian mangane wis kaselak dianggo maneh.
Engga wancine turu mengko, wong wadon iya isih
kudu ngladeni wong lanang. Wong wadon korban perbudakan “atas
nama” kuwajiban Ian darma bekti.

17

“Dhik Trinil, yen Budhe Wening iku budhemu, gene kowe bi-
yen-biyen kok ora nate omong karo aku?” pitakonku ndhed-
hes-dhedhes. Rasane kok kaya ana bab sing ora kalumrah.

“Tenane Budhe Wening iki ora sanak ora kadang karo aku, Mas.
Budhe Wening iki mbakayune Mbah Wikan Ngraci. Aku dititipake
Mbah Wikan ana kene dimen tentrem atiku. Ora keganggu sampey-
an!”

“Nek ngono Dhik Trinil nate sowan Mbah Wikan?” pangoyakku
kaplandreng.

“He-eh. Dhik Juwan sing ngajak”
“Juwari?! Cck cck cck! Bener, semua bisa diatur. Diatur dening
akale dhukun,” panglocitaku.
Perduli apa! Kang baku manik-manintenku sing ilang wis
ketemu! (Cuthel)
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Jlentrehake unsur intrinsik teks cerkak sajrone cerkak Akale
Dukun, lan tulis buktine saka teks cerkak kasebut!
2.Sajrone cerkak "Akale Dukun" panganggone basa ing pacelathon
kasebut apa wis trêp karo unggah-ungguh basa?
3.Tulisen maneh crita sajrone cerkak "Akale Dukun" nganggo
basamu dhewe!
4.Sebutna 5 ukara langsung sajrone cerkak "Akale Dukun" lan owa
hana dadi ukara ora langsung!

18

KAPUSTAKAN

Arfianingrum, Puji. 2020. "Penerapan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa
Sesuai Dengan Konteks Tingkat Tutur Budaya Jawa." Jurnal
Prakarsa Paedagogia. Vol. 3 no (2). 137-141

Hadi, Samsul, dkk. 2015. Kirtya Basa. Dinas Pendidikan Provinsi Jawa
Timur.

MGMP Basa Jawa. 2020. Modul Daring Kelas VII Semester I|KD
3.1-Crita Cekak (Cerkak). Surabaya: WordPress.com. Diak
ses 6 Mei 2022

Sulistiyaningsih, W., & Kurwidaria, F. (n.d.). KAJIAN UNSUR INTRINSIK
DAN NILAI PENDIDIKAN CERITA CEKAK DALAM MAJALAH JAYA
BAYA SERTA RELEVANSINYA SEBAGAI BAHAN AJAR APRESIASI
SASTRA JAWA KELAS X SEKOLAH MENENGAH ATAS.

MGMP Basa Jawa. 2020. Modul Daring Kelas VII Semester I|KD
3.1-Crita Cekak (Cerkak). Surabaya: WordPress.com. Diak
ses 6 Mei 2022

Sulistiyaningsih, W., & Kurwidaria, F. (n.d.). KAJIAN UNSUR INTRINSIK
DAN NILAI PENDIDIKAN CERITA CEKAK DALAM MAJALAH JAYA
BAYA SERTA RELEVANSINYA SEBAGAI BAHAN AJAR APRESIASI

19


Click to View FlipBook Version