PENGEMBANGAN BAHAN AJAR KELAS 7-8-9 Dhosen pengampu: : Octo Dendy Andriyanto, S.Pd., M.Pd. Kasusun Dening: 1. Angelica Wahyu Kartika Budiarti (20020114021) 2. Windha Pradhita Citra Yulihapsari (20020114041) 3. Ilmiyatul Khamdiyah (20020114049) 4. Anum Ambarini (20020114052) 5. Sri Indah Wahyuni (20020114057) JURUSAN BASA LAN SASTRA DHAERAH FAKULTAS BASA LAN SENI UNIERSITAS NEGERI SURABAYA 2023
DAFTAR ISI COVER...........................................................................................................................................1 DAFTAR ISI...................................................................................................................................2 KLAS 7 TEKS SESORAH...........................................................................................................................4 TEKS WAYANG ..........................................................................................................................14 KLAS 8 TEKS TANGGAPAN DESKRIPTIF .........................................................................................27 TEKS IKLAN...............................................................................................................................34 KLAS 9 CANGKRIMAN………………………………………………………………………………...42
TEKS SESORAH Materi Pembelajaran A. Pangertene Sesorah Sesorah yaiku micara ngenani gagasan utawa panemu sarana lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah ana ing basa Indonesia diarani pidato. Ancase wong sesorah utawa medar sabda yaiku kanggo ngutarake panguneg-uneg utawa mratelakake informasi kanthi medhar pangandhikan ana ing sangarepe wong akeh supaya padha mangreteni sing diandharake. Sesorah utawa pidato Jawa utawa tanggap wacana yaiku jlentrehake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Ancase sesorah iku warna-warna, kayata menehi panglipur, menehi kawruh, apa dene ajak-ajak. Mula, kanthi nyinau sesorah, kita bisa sinau babagan ngandharake panemu utawa gagasan ing sangarepe wong akeh kanthi maneka warna ancas, kita uga bisa sinau kawruh tembung, unggah-ungguh, lan gladhi rasa pracaya dhiri. Pangerten Sesorah Pidato pamicara iku digatekake dening kabeh kang ngrungokake. Kabeh kang ana ing panicara saka klambi, rambute, nganti carane mlaku ing podium digatekake dening pamirenge. Kepriye carane ngadeg uga ora luput saka pengamatanne pamireng pidato iku. Apa kang ora pas saka pamicara bisa dadi bahan panacad dening para pamireng. Panacad iku nyababake pidatone ora kasil kanthi apik. Sadurunge gawe naskah utawa teks pidato, amrih becike gawe cengkorongane kaya ing ngisor iki. a. Uluk salam/salam pembuka. 1) Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja-puji, atur panuwun. 2) Surasane basa/surasa pidato. 3) Ringkesan isi pidato 4) Salam panutup.
B. Jinis Sesorah Jinise sesorah kaya ing ngisor iki a. Miturut gunane Miturut gunane, sesorah kabagi dadi pirang-pirang jinis, yaiku kaya ing ngisor iki. 1) Sesorah lan medhar sabda Sesorah lan medhar sabda yaiku tetembungan kang digunakake kanggo apa bae kang sipate umum tumrape micara ing sangarepe wong akeh 2) Ular-ular, wursitawara, wasitawara Ular-ular, wursitawara, wasitawara yaiku sesorah kang ancas lan isine babagan kautaman, pitutur, lan sapanunggale. 3) Atur pambagyaharja Atur pambagyaharja yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu. 4) Tanggap wacana Tanggap wacana yaiku sesorah kang ancas lan isine kanggo nanggapi ature pambagyaharja. 5) Kotbah Kotbah yaiku sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama. b. Miturut pendekatan isi sesorah Jinising sesorah menawa ditonton saka pendekatan kang digunakake yaiku kaya ing ngisor iki. 1) Pendekatan intelektual Pamicarane kudu migatekake kahanan pendhidhikan pamirenge. Nalika ing ngarepe wong kang nduweni tingkat pendhidikan dhuwur, pamicara bisa bae nganggo basa intelek. Nanging nalika pamirenge ora nduweni pendhidhikan kang cukup, pidato jinis iki ora pas dilakokake. 2) Pendekatan moral Pendekatan iki digunakake nalika pamirenge seneng melu kagiatan moral. Tuladhane pengajian. Pamicara bisa nganggo dalil saka kitab suci supaya pamirenge tambah pracaya karo sing dikandakake dening pamicara. 3) Pendekatan emosional Pendekatan iki efektip nalika pamicara bisa mancing emosine pamireng Nganggo rasa sedhih, seneng, lucu lan liya-liyane. Sesorah jinis iki ngetrepake marang kahanan emosi pamirenge, supaya pamireng bisa nampa kanthi cetha apa kang diandharake dening pamicara.
C. Ancase Sesorah Saben sawijining sesorah iku mesthi nduweni guna, ancas, utawa tujuwan Ancase sesorah yaiku kaya mangkene a. Atur pambagya Atur pambagya yaiku sesorah kang nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa bae kayata acara supitan, tanggap warsa (ulang taun), lan sapiturute b. Atur kabar Pawarta utawa informasi Informasi ing kene bisa arupa palapuran utawa nyritakake sawijining bab marang pamirsa (pangrungu/pendengar) Bab sing digatekake yaiku sing sesorah kudu bisa medharake kanthi cetha/ gamblang prakara apa kang kudu dimangerteni dening wong akeh. Pamiarsa kang sadurunge ora ngerti babar pisan dadi ngerti/gamblang informasi kang diwedharake. Upamane sesorah palapuran ing rapat organisasi, promosi sawijining barang, lan sapiturute. c. Menehi hiburan Pidato jinis iki ditindakake ana ing acara pahargyan. Dene ancasane yaiku supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pamicara mung ngandharake babagan kang gawe seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket d. Menehi kawruh Pidato iki isine ngandharake babagan kang sacetha-cethane, supaya pamireng mangerti. Pamicara bisa nganggo tuladha, mbandhingake, nerangake, lan liya-liyane kang kabeh mau gunane kanggo njelasake marang pamirenge. e. Ajak- ajak Pamicara ngandharake alesan, bukti, lan conto supaya pamirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake panicara. Pidato iki umume jinis pidato kampanye arep pemilihan umum. 4. Kahanane Sesorah Kahanan sesorah iku swasana pahargyan nalika sesorah. Kahanane sesorah iku ana papat yaiku kaya mangkene. a. Kahanan resmi
Kanggo kahanan resmi, lumrahe pamicara maca naskah kang wis dicepakake supaya ora salah anggone pidato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pamicara ora bisa ngandharake pidatone sakarepe dhewe amarga wektune wis diatur. b. Kahanan setengah resmi Pamicara bisa ngandharake pidatone rada longgar. Nanging, swasana resmi kudu tetep digatekake. c. Kahanan ora resmi d. Kahanan liya-liyane Pamicara bisa ngandharake pidatone miturut ancasane utawa pamirenge. Saliyane kahanan kang wis kaandhrake iku, isih ana kahanan kang uga nduweni prabawa marang cara ngandharake pidato, yaiku pamirenge lungguhapa ngadeg wektune esuk apa awan anggone pidato dhewe apa karo wong liya. Contone, yên pamirenge ngadeg pidatone kanthi singkat bae D. Tata Cara Ngrakit Nggawe Sesorah Bab kang kudu digatekake nalika gawe sesorah yaiku kaya mangkene a. Nyiapakake underan/tema sesorah b. Nyiutake tema dadi irah-irahan (judhul) c. Naliti kahanan pamiarsa. d. Gawe cengkorongan/kerangka sesorah e. Nemtokake ancase/ancase sesorah. f. Ngumpulake bahan sesorah g. Ngembangake/ngrembakake cengkorongan h. Gladhen sesorah. Cengkorongan sesorah yaiku kaya mangkene a. Salam pambuka 6. Cengkorongan Sesorah Isine ngucapake salam marang para tamu, kawiwitan nganggo tembung kula nuwun utawa Assalamualaikum Wr. Wb. b. Purwaka basa
Isine purwaka basa yaiku muji sokur lan panyuwun marang Gusti, muga adicara kang ditindakake bisa lumaku kanthi rancag lan ora ana alangan sawiji apa Pambagya sugeng katunjukake marang para tamu kanthi ngaturake panuwun dene wis kersa rawuh lan nglonggarake wektu ing adicara kasebut c. Surasa basa Surasa ngaturake wigatine adicara sing ditindakake. d. Pangarep-arep Bab-bab kang diaturake ing pengarep-arep yaiku kaya 1) Nyuwun donga pangestu supaya sing digayuh ing adicara mau bisa kaleksanan kanthi becik. 2) Nyuwun pangapura menawa adicara kang katindakake ana kakurangane utawa kaluputane. e. Panutup utawa wasana basa Surasa adicara panutup lumrahe dipungkasi kanthi utawa Wassalamualaikum Wr.Wb. E. Nulis Sesorah Nulis sesorah kudu gatekake bab-bab antarane kaya ing ngisor iki: 1. Isine bisa nalar, nyata, lan bener 2. Basa kang digunakake kudu trep karo unggah-ungguh, nganggo ejaan kang bener lan paramasastrane kudu bener. 3. Ukarane prasaja, ringkes lan mentes, ora 4. Anggone medharake bisa runtut lan gamblang. 5. Perangane sesorah kudu jangkep kaya sing wis digawe ing cengkorongan. 6. Menawa wis dadi, naskah sesorah iku ditliti luwih dhisik, supaya menawa ana sing luput bisa dibenerake. F. Tuladha Teks Sesorah Sadurunge gawe teks pidato, semaken crita ing ngisor iki! a. Wacan kapisan Pangeran Diponegoro
Awit saking tumindakipun Walandi ingkang kejem nalingsir saking raos kamanungsa. Pramila wonten ing sadhengah panggenan asring tuwuh reresah, amargi para rakyat sampun boten kiyat nampi panandang ingkang awrat langkung dangu. Wiwit taun 1825 Pangeran Diponegoro mandhegani ngawontenake paperangan mengsah Walandi wonten ing Dhusun Tegalrejo Anggenipun nglawan Walandi, Pangeran Diponegoro kabyantu dening Kyai Mojo ingkang dados ulama ing Mataram, ugi Senthot Prawiradirja salah satunggaling pangeran mudha ingkang pinter lan kendel. Anggenipun perang, Pangeran Diponegoro sawadyabala ginakaken siyasat gerilya kangge numpes Walandi. Kanthi siyasat kalawau ugi saged warga Walandi miris. Taun 1825 ngantos taun 1826 Pangeran Diponegoro pikantuk kemenangan wonten sadhengah panggenan kados ta Delanggu, Purwadadi, lan Pacitan. Nalika taun 1827 kawontenan punika ewah jalaran Walandi saged boyong prajurit saking Sumatra lan Sulawesi. Kanthi prajurit enggal kalawau Walandi ginakaken cara ingkang kawastanan Benteng Stelsel saengga damel repotipun Pangeran Diponegoro sawadyabalanipun. Taun 1828 Kyai Mojo kacepeng banjur kabucal dening Walandi dhateng Minahasa. Dene Senthot Prawiradirja kabucal dhateng Sumatra. Pangeran Diponegoro piyambak kacepeng lajeng kabucal dhateng Sulawesi. Pangeran Diponegoro seda tanggal 8 Januari 1855 lajeng kasarekaken wonten ing Makassar. b. Wacan kapindho Dr. Karyadi Republik Indonesia nalika semana wis dinyatakake mardika. Nanging ing saben kutha tentara Jepang isih ana. Tentara-tentara Jepang isih asikep gegaman cukup, kaya-kaya isih nduweni panguwasa. Ing Semarang para pemudha pengin banget ngrebut senjata-senjata Jepang iku. Sawijining perembugan ngalami dalan buntu. Mula paperangan ora bisa diendhani maneh. Para korban rubuh ing antarane sing lagi paperangan iku. Paperangan lagi bisa leren nalikane ana panjaluk saka Gubernur Wongsonegoro ing wektu sabanjure Jepang isih rumangsa serik marang rakyat Indonesia Tentara Jepang tansah golek kasempatan kanggo nyilakakake rakyat Indonesia. Sawijining wektu ana kabar menawa panyimpenan banyu ing Wungkal direbut sakelompok tentara Jepang. Wong-wong dadi padha sujana. "Wah, bahaya iki," omonge sawenehing wong "Kita bakale mati kabeh yen tentara Jepang menehi racun ing panyimpenan banyu mau "Kita ora kena meneng bae yen nganti Jepang ngracun panyimpenan banyu kasebut. Akeh sing bakal dadi korban yen banyu iku diombe dening pendhudhuk Semarang." "Apa durung ana wara-wara resmi ngenani banyu iku?" "Kabar wis sumebar rata. Muga-muga kabeh wong padha mangerteni, lan kita uga kudu nyebarake warta iki kanggo upaya jaga-jaga. "Kowe bener. Tumindak iki kanggo jaga-jaga anane tumindake Jepang Jepang bisa tumindak apa bae
tanpa duwe rasa kamanungsan. Para pemimpin ing Kutha Semarang uga wis krungu ngenani panyimpenan banyu wungkal sing dikwasani dening sakelompok tentara Jepang Malah sadurunge prastawa iku ana pirang-pirang pulisi sing jaga panyimpenan banyu padha dipejahi tentara Jepang iku Piye kedadeyan satemene?" pitakone Gubernur Wongsonegoro. " "Pulisi ingkang jagi panyimpenan toya dipuntembaki Pak. Kathah pendhudhuk ingkang sumerep kedadosan wau inggih ngalami kedadosan ingkang sami Gugur katembak," jawabe anak buahe Gubernur. "Apa wis pasthi yen panyimpenan banyu iku kena racun?" "Warta ingkang kula tampi pancen makaten. Pak. Criyosipun sampun wonten korban sasampunipun ngginakaken toya saking ngrika." "Yen pancen ngono prelu dibuktekake maneh, menawa panyimpenan banyu iku kena racun Iki mbebayani banget. Awake dhewe kudu protes marang pimpinan Jepang ing Semarang." Sawise nganakake rembugan, Gubernur banjur nimbali Dokter Karyadi Dokter iki isih enom. Panjenengane kepala laboratorium RS Purusara Semarang. Dokter Karyadi banget ditresnani dening masarakat Semarang Panjenengane pemudha patriotik. "Panyimpenan banyu iku akeh banget gunane. Ameh kabeh pendhudhuk Semarang sing gunakake. Mula nyangka panyimpenan banyu ing Wungkal mau. Priksanen apa bener panyimpenan banyu iku wis klebon racun?" prentahe gubernur marang dokter enom iku. Kapetik saka Penyebar Semangat
Lembar Kerja Peserta Didik Nama: … Kelas: … Absen: … Gatekna wacan ing ngisor iki kanggo jawab pitakonan sabanjure! Salam Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang satuhu kula tresnani Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti dina Pahlawan Kangge ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopon arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda ingkang manut sekutu (Inggris) mlebet ing tanah Jawi Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi peristiwa punika. Para rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan punika kula mboten badhe caos gegambaran bab prastawa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan. Kanthi rahmating Gusti Allah Ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipunpendhegani dening panjenengan Bung Tomo kanthi sora paring semangat Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa kangge mbangun Negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa, raga, lan bandha kangge bela bangsa lan negari Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan. Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah-bawa ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu- wantu kula nyuwun agenging samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti Allah ingkang Maha Kuwasa. Amin
Wangsulana pitakonan ing ngisor kanthi trep! 1. Identifikasi teks sesorah mau kanthi struktur kang wis diandharake sadurunge! 2. Sebutna apa wae kang kudu digatekake supaya anggone sesorah bisa bisa kanthi apik! 3. Sebutna apa kang diarani wasana basa! 4. Jlentrehna bab kapindho kang kudu digatekake nalika gawe sesorah! 5. Tulisen ringkesan saka sesorah ing dhuwur!
TEKS WAYANG Materi Bahan Ajar A. Sejarah Wayang Para ahli durung ana kang bisa mesthikake kapan wayang wiwit ana ing Indonesia. Nanging yen deleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurunge agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur. Sawetara anggitan sastra jaman Mataram Anyar akeh kang nulis prakara sejarah wayang. Nanging, para ahli sejarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono, amarga ora cocog marang cathetan lan tinggalan sejarah kang wis ana. Prasasti paling kuna ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trawaca ing Prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis Si Galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma yakumara. Artine kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawe crita ay ang bada karnali Crite Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggos), akeh crita saka india Ing pang Rasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akeh crita sakay india kang mlebu lan digawe gagrag jawane Wayang wiwit nyebar ing ngendkingendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara. Crita-crita kang asline saka India iku pungkasane wis geseh karo maune. Para pujangga Jawa gawe crita dhewe kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan Jaman Islam miebu, wali sanga uga nganggo wayang ing panyebarane. Ing jaman iki wiwit ana wayang menak. Gagrag-gagrag tambah akeh ngepasi Mataram Anyar. Walanda kang digdaya gawe Kraton Surakarta ngracik akeh crita wayang kanggo ngielipur ati. Indonesia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang maneka warna. Maneka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamane dhewe. Wayang kang paling akeh dienggo yaiku wayang kulit purwa.
B. Tegese Wayang Wayang sing ana ing Indonesia akeh jinise, salah sijine yaiku wayang purwa Padatane, wongwong padha ngarani wayang purwa kuwi wayang kulit. Menawa disawang saka bahan gawene pancen ora kleru. Ananging, wayang sing kagawe saka kulit uga maneka warna jinise, salah sijine yaiku wayang beber. Apa ana kang ngarani wayang beber kanthi sinebut wayang kulit sanadyan bahan bakune saka kulit. Wayang kang arep dijlentrehke ana ing kene yaiku wayang kang mula bukane saka crita Ramayana lan Mahabarata, saengga luwih trep yen kasebut kanthi tulisan wayang purwa Wayang yaiku sawijining tembung basa indonesia (Jawa) asli kang nduweni teges wewayang utawa wewayangan, kang uga asale saka tembung wod "yang" lan dadi wayang. Tetembungan ana ing basa Jawa kang nduweni wod yang kanthi maneka warna variasi vokale kayata layang, dhoyong, puyeng, reyong, kang nduweni teges tansah obah, ora tetep, samar-samar, lan sayupsayup. Tembung wayang, hamayang ana jaman semana nduweni teges, nontonake wewayangan Saya suwe dadi tontonan wayangan. Sabanjure dadi seni pentas wewayangan utawa wayang. Lakon-lakon wayang purwa, kang wiwitane mung wewates ana crita pakem. kang isih ngugemi sumbering crita, upamane Ramayana lan Mahabarata, kalebu sing katulis ing basa Jawa kuna, Jawa tengahan, lan Jawa anyar. Ana ing wektu sakwise iku dadi rembaka. Mula lair lakon-lakon gubahan anyar kang tetep ngatonake paraga-paraga utama wayang purwa ananging garapane wus kebak variasi lan diarani kanthi lakon carangan. Cacahe naskah sastra wayang lumayan akeh. Kuwi mau nunjukake menawa sutresna lan kawigatene masarakat karo sastra wayang ing kalangane masarakat Jawa sing durung sepira tepung karo buku-buku cithakan, mula kudu nyalin naskah sastra wayang Maneka warna jinise, wayang kang ana ing Indonesia, yaiku wayang kulit wayang golek Sunda, wayang Betawi, wayang Sasak, wayang timplong wayang krucil, wayang thangwongyang lemblung, wayang cepak, wayang wa wayang beber, wayang wong, wayang topeng, wayang suluh, wayanganakyan sapanunggale.
C. Jinising Wayang Wayang iku salah sijining wujud seni pagelaran kang lakon critane saka Ramayana. Mahabharata, utawa Serat Menak, sing akeh diweruhi ana ing Pulo Jawa lan Bali. Seni pertunjukan wayang iki diiringi dening gamelan. Wayang wis diakui dening UNESCO amarga dadi karya cipta kang endah lan nyengsemake saka critane, wayangane, lan dadi warisan kang banget agunge Pengesahe ing tanggal 7 November 2003. Ing watara jinising wayang yaiku kayata ing ngisor iki a) Wayang purwa Wayang purwa uga kasebut wayang kulit amarga digawe saka kulit lembu/ maesa/sapi. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabharata kanthi basa Jawa kuna ana ing jaman Raja Jayabaya. Mpu Sedah lan Mpu Panuluh sarta Mpu Kanwa yaiku pujangga kang misuwur ing jaman iku. Sunan Kalijaga salah satunggaling wali sanga yaiku wong kang nyipta wayang saka kulit lembu. Dhalang kang misuwur antarane: Ki Nartosabdo, Ki Mantep Sudarsana, Ki Anom Suroto, Ki Timbul Hadiorayitna, lan sapanunggalane. b) Wayang wong Wayang sing paragane wong, uga nyritakake lelakone Ramayana lan Mahabharata c) Wayang titi Wayang titi yaiku wayang saka lan sumbering crita ana Nagara Tiongkok Wayang iki bisa ditingali ana tanggapan ing kampung Tiongkok utawa kelenteng d) Wayang wahyu Wayang wahyu uga kasebut wayang bibel iki karepta dening Bruder Temotheos kanggo nyiarake agama Kristen. e) Wayang kancil Wayang iki uga diarani wayang dupara Wayang sing digawe saka lulang. Ngandharake crita serine Kancil. f) Wayang Dhongeng Wayang kang digawe saka dluwang kang digamban wayang awujud kewankawan Wayang iki nyitakake babagan donyane kewan kang dadi sarana refleksi saka donyane manungsa. Ana wayang iki disarujuki ora ana sing dadi dhalang kang lumrahe tunggal dadi sakabehing paraga ana wayang.
banjur sapa bae bisa dadi dhalang, uga kang bisa prasaja gunemane g) Wayang doa Wayang iki klebu wayang kreasi anyar sing gawe dening Riyono alumine ISI Yogyakarta. Wayang iki digawe awit taun 1990. Sayatane wayang iki saka akronime dongeng-dongeng bocah banjur dadi doa sakabehane wayang kang dadi lakon satriya iku nganggo sorban. Nganti tekan taun 1998 Riyono wis gawe wayang iki nganti sewidak wujud iji h. Wayang beber Wayang beber yaiku wayang kang digawe saka kain utawa kulit lembu kang awujud beberan (lembaran). Saben beberan iku gambarake sak adegan crita. Yen wis rampung dilakonke, beberane digulung maneh. Wayang iki digawe saka jaman Krajan Majapait. Wayang iki asale saka Pacitan lan Gunungkidul. Wayang iki digawe ing rong dimensi banjur dilukis. Wongwong kang nglestarekake wayang iki yaiku Musyafiq kanthi gawe wayang beber kang narasine paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake lakon wayang kang wujude dekoratip lan ornamentik, Agus Nuryanto gawe wayang beber kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka realitas uripe manungsa ing saben dinane. h) Wayang gedhog Wayang iki wujude meh padha karo wayang kulit. Kang digawe kurangluwih taun 1400-an. Sumbering crita saka crita raja ing Jawa, antarane Banten,Singasari, Mataram, Kediri, lan sapanunggale. Wayang sing nyeritakake lelakone Panji Asmarabangun, Dewi Candra Kirana, lan sapanunggale. ➢ Serat Jawa Kuna kaperang dadi loro, yaiku Serat Ramayana lan Mahabharata Serat Ramayana Ramayana dumadi saka basa Sangsekerta. Ramayana utawa lelakune Rama. iku salah siji wiracrita saka tlatah India Wiracrita Ramayana nyaritakake Dewi Sinta, garwane Sri Rama kang kadusta dening Rahwana Kitab iki dianggep buku fiksi paling tuwa sadonya yen kitab Weda ora mlebu petungan. Kitab kuwi ditulis dening Empu Walmiki kira-kira ing taun 300 Sadurunge Masehi. Crita Ramayana banjur nyebar lan akeh banget variasine kang ana ing India dhewe lan ing nagara liyane Ing tlatah Jawa, naskah Ramayana paling tuwa tinemu iku Kakawin Ramayana (awujud tembang gedhe). Kakawin iku ditulis nganggo basa Jawa Kuna ing Jawa Tengah, kurang luwihe taun 870 (abad kaping 9 M. pungkasan). Kakawin iku diarani adikakawin marga kaanggep kang kapisan, dawa dhewe, lan basane apik ing jaman HindhuJawi Ing sastra Jawi anyar, kakawin Ramayana digubah maneh dening Yasadipura dadi serat Rama kawi. Crita iki kasebar lan mlebu dadi lakon wayang kanthi owah-owahan ing sawetara panggonan. Crita Ramayana uga katatah ing Candhi Prambanan. Ing candhi iki, uga kagelar sendratari Ramayana (Ramayana Ballet) ing platarane. Ing India versi basa Sangsekerta, Ramayana kaperang dadi pitung kitab Saptakanda, yaiku Balakanda, Ayodhyakanda, Aranyakanda, Kiskindhakanda, Sundarakanda, Yuddhakanda, lan Uttarakanda.
Ramayana yaiku serat kang ngrasuk agama Siwa. Wose ngandharake tumindak lan solahbawane Prabu Rama. Wondene wose kaperang dadi pitung perangan kang diarani Sutkandha, kaya ing ngisor iki. 1) Balakanda Kitab Balakanda iku pinangka awal saka lakon Ramayana. Kitab Balakanda nyritakake Prabu Dasarata, Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. Prabu Dasarata peputra papat, yaiku: Rama, Bharata, Lesmana, lan Satrughna. Kitab Balakanda uga nyritakake Sang Rama kang kasil menangake sayembara lan garwa Sinta, Putri Prabu Janaka. 2) Ayodhyakanda Kitab Ayodhyakanda nyritakake lelakone Rama kang dibuwang ing alas bebarengan lawan Dewi Sinta lan Lesmana marga panjalukke Dewi Kekayı. Sawise iku, Prabu Dasarata kang wis sepuh banjur seda. Bharata ora gelem dijumenengake dadi raja, dheweke banjur nyusul Rama. Rama nampik yen kasuwun bali menyang Ayodya. Bharata jumeneng nata pinangka sulih Sang Rama 3) Aranyakanda Kitab Arany akakanda nyritakake babagan uripe Rama. Sinta, lan Lesmana ning satengahing alas nalika lagi nglakoni wektu pengasingan Ana ing satengahing alas mau, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo raseksa Kitab Aranyakakanda iku uga nyritakake babagan Sinta kang diculik dening Rahwana lan crita babagan paprangane Rahwana mungsuh Jatayu. 4) Kiskindhakanda Kaab Keskindhakanda nyotakake tabagan konkoon Sang karo Raja Kethek kang aran Suriwa Sang Rama biyantu Sugawa kangg ngrebut krajane saka Subali kakange Sugowa Subali seda Banjur Sugriwa didadekaks rajaning Gowa Kan Sang Rama karo Sugriwa dadi sekutu kanggo numpes Krajan Alenggus 5) Sundarakanda Kaab Sundarakanda nyitakake lakon tentara Kiskindha sing lagi bangin Jembatan Situbanda sing nggabungake antarane India karo Alengka Anoman sing dadi dutane Sang Rama lunga menyang Alengka lan ngadhep karo Dewi Sinta Ning kana. Anoman ditangkep Ananging bisa lunga saka kunjara lan ngobong Krajan Alengka 6) Yuddhakanda Kitab Yuddhakanda nyritakake lakon paprangan antara laskar kethek dhuweke Sang Rama karo pasukan raseksa Sang Rahwana Critane diww nalika usahane pasukan Sang Rama bisa nyebrang segara menyang Nagara Alengka Ananging bebarengan karo iku Wibisana ditudhung minggat karo Rahwana amarga kakean menehi pitedah. Ning paprangan, Rahwana
dikalahake karo Rama nganggo gaman panah sektine. Sang Rama ball menyang Ayodhya kanthi Slamet bareng karo Dewi Sinta. 7) Uttarakanda Kitab Uttarakanda nyritakake lakon Dewi Sinta amarga Sang Rama krungu kabar-kabar saka rakyat utawa warga sing ora pracaya marang kasucene Dewi Sinta Banjur Dewi Sinta manggon ning pratapan Resi Walmiki lan nglairake Kusa lan Lawa. Kusa lan Lawa mara menyang krajane Rama nalika lagi dianakake upacara Aswamedha. Nalika iku dheweke kabeh nyanyikake Ramayana sing digubah dening Resi Walmiki. Serat Mahabharata Serat Mahabharata yaiku serat kang wose nyritakake lakune trah Kuru nalika rebutan Nagara Astina Umume lakune Pandhawa lan Kurawa. Serat iki dianggit dening Resi Wahana awujud gancaran sing kaperang dadi 18 parwa utawa lampahan Urutane kaya ing ngisor iki 1) Adiparwa Wose bab laire lan crita kang dadi lakune wayang nom-noman. 2) Sabaparwa Pandhawa main dhadhu karo para Kurawa 3) Aranyakaparwa Pandhawa karo Dewi Drupadi dedunung ing wana 4) Wirathaparwa Pandhawa karo Dewi Drupadi nylamur laku menyang Wiratha. 5) Udyagaparwa Wose crita jalarane Perang Bratayuda. 6) Bhismaparwa Bisma madeg dadi senapati 7) Dronaparwa Drona madeg dadi senapati 8) Karnaparwa Kama madeg dadi senapati 9) Setyaparwa Setya madeg dadi senapati.
10) Gadaparwa Perang gada, Bisma perang karo Duryudana 11) Aswatamaparwa Aswatama nyidra Pandhawa ing wayah wengi 12) Stripalapaparwa Sedhekahe para putri karo para pejuang kang seda ing palagan. 13) Santikaparwa Pandhawa kawejang bab ngelmu pangadilan. 14) Aswamadaparwa Ngemot sesaji jaran. 15) Asramawasaparwa Destarastra, Gendari, Kunthi, Widura, lan Senajaya dedunung ing 16) Mansalaparwa Samba ethok-ethok garbi kanggo nyoba kasektene para resi. 17) Prastonikaparwa Pandhawa padha arep nunggu Gunung Himalaya. 18) Swargarohanaparwa Yudhistira kapanggih Duryudana ing swarga saha kapetuk sadulu Duryudana ing neraka.
D. Ngringkes Crita Wayang Ing pasinaon iki, kowe bakal diajak nyinaoni babagan carane ngringkes crita wayang Ramayana Ngringkes wacan iku bisa kanggo gladhen dadi penulis profesional. Bisa kawiwitan saka ngringkes buku pelajaran utawa wacan kang narik kawigatenmu 1. Paugerane Ngringkes Supaya anggonmu ngringkes wacan mau becik, mula kudu ngerti paugerane, kaya ing ngisor iki Maca wacan kang arep diringkes mau kanthi premati 2. Nulis ukara-ukara bakune 3. Ngronce ukara-ukara baku mau dimangerteni dadi paragrap kang becik lan gampang 4. Bab kang Digatekake nalika Gawe Sinopsis. Menawa para siswa pengen gawe sinopsis, kang perlu digatekake yaiku kaya ing ngisor iki a. Tema, yaiku ide pokok utawa pokok crita. b. Latar, yaiku papan lan wektu kedadeyane. Alur, yaiku dalan crita. c. Paraga yaiku wong kang main ana ing crita 5. Urut-urutane Gawe Sinopsis Urut-urutane gawe sinopsis yaiku kaya ing ngisor iki. a. Maca wacan asline luwih dhisik supaya mangerteni kesan umum penulis. b. Nyathet ide pokok kanthi cara garis ngisor ide pokok sing mligi c. Nulis ringkesan andhedasar ide pokok sing wis dicathet ana ing langkah keloro Migunakake ukara kang padet, efektip, lan narik kanggo nyambung crita dadi karangan cekak sing nggambarake karangan asline. d. Pacelathon para paraga cukup ditulis utawa digoleki garis gedhene bae. e. Ringkesan ora oleh beda saka dalan crita lan isi saka sakabehe novel Karya sastra nduweni unsur-unsur kang mangun karya sastra saengga karya sastra isa madeg Supaya isa nyaritakake unsur karya sastra kang ana ing sawijining teks kudu sangerteni maksud utawa tegese kang kaemot sajroning teks. Unsur-unsur instrinsik karya sastra kaperang dadi pitu, yaiku tema, tokoh dan penokohan, plot (alur cerita), setting (pelataran), sudut pandang (point of view), style (gaya), dan pesan (amanat) . 1) Tema yaiku ide utawa gagasan pokok sing dadi dhasare crita kanthi wutuh. 2) Alur utawa plot yaiku lakune crita seka purwa-madya-wasana sing duwe sesambungan sebab-akibat. Alur kaperang dadi telu yaiku alur maju, mundur, lancampuran
3) Setting utawa latar, yaiku perangane unsur intrinsik sing wujude papan, wektu, sosial, lan swasana 4) Paraga yaiku tokoh sing ana ing sajrone crita. Wewatekane paraga bisa dimangerteni kanthi cara kaya mangkene. a) Analitik, yaiku wewatekane paraga digambarake kanthi cetha b) Dramatik, yaiku wewatekane paraga digambarake kanthi samudana. Dene wateke paraga yaiku watek utawa sipate paraga ing sajrone crita. Watake paraga kaperang dadi telu yaiku kaya mangkene. a) Antagonis, yaiku paraga kang duwe watek ala. b) Protagonis, yaiku paraga kang duwe watek apik. c) Tritagonis, yaiku paraga (dudu paraga utama) kang netral. 5) Amanat yaiku pesen utawa pitungkas sing diaturke panulis marang pamaca. 6) Cara mawas yaiku dununge panulis ana ing sajrone crita. 7) Lelewa basa yaiku tembung-tembung pilihan sing digunakake panulis sing ana sajrone crita supaya critane bisa luwih endah lan urip.
Lembar Kerja Peserta Didik Nama: Kelas: Absen: Wacanen teks wayang kanthi tliti! Anaman obong Dewi Sinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang Kraton Alengkadiraja. Dewi Sinta dipapanake ing Taman Kaputren. Ing taman, Dewi Sinta ora doyan mangan lan ora donyan ngombe. Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi bae Dewi Sinta tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur ngancam arep nganyut tuwuh. Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Sinta supaya gelem mangan. Dewi Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah-bawane ora beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Sinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil ngarih-arih Dewi Sinta supaya ora lampus dhiri. Ora kacarita nelangsane Dewi Sinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka Kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya kirim utusan kethek putih aran Anoman Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi lan kepriye kahanane Dewi Sinta. Tekan Kraton Alengka, Anoman njujug taman keputren. Ing kono dheweke kelakon nemoni Dewi Sinta lan Trijatha. Anoman banjur ngaturake ali-aline Sri Rama marang Dewi Sinta. Sawise mangerteni kahanane Dewi Sinta lan entu sisik melik bab kahanane kraton lan prajurit Alengkadiraja, Anoman banjur pamit bali. Emane nalika arep bali, Anoman konangan lan kecekel prajurit Alengkadiraja. Anoman dirangket disowanake Prabu Rahwana. Dening Prabu Dasamuka Anoman diukum obong Anoman diukum obong ing alun-alun Alengka. Nanging Anoman kuwi kethek sekti mandraguna, ora tedhas diobong. Nalika diobong Anoman mberot banjur pencolotan sandhuwure wewangunan kraton lan omah. Wewangunan lan wit-witan sing diencoke Anoman kabeh kobong. Kraton Alengkadiraja sing maune apik
lan endah saiki dadi segara geni sing mbulat-mbulat amarga pokale Anoman. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake prajurit Alengka supaya nyekel Anoman. Nanging Anoman wis kasil ucul lan bali atur palapuran marang Sri Ramawijaya. Pitakonan: 1. Identifikasi teks wayang kanthi irah-irahan Anoman Obong manut unsur intrinsik kang wis diandharake! 2. Ringkes teks wayang ing dhuwur kanthi paugeran kang trep!
TEKS TANGGAPAN DHESKRIPTIF Materi Pembelajaran A. Tegese Teks Tanggapan Dheskriptif Teks tanggapan dheskriptif yaiku teks sing isine nggambarake obyek kanthi gamblang lan rinci. Tanggapan dheskriptif yaiku kesan tumrap apa sing wis dideleng, dirungu marang (tumrap) obyek tartamtu, lan nalika maca kaya-kaya weruh lan ngrasakake obyek sing diwaca. B. Tujuan Teks Tanggapan Dheskriptif Tujuan paragraf ing teks tanggapan dheskriptif yaiku kanggo njlentrehake, nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami tumrap apa sing wis didheskripsekake dening penulise. C. Titikane Teks Tanggapan Dheskriptif 1. Nggambarake panggonan, wong, barang, kahanan nganggo pancadriya 2. Tujuane supaya wong sing maca kaya-kaya melu ngrasakake utawa ndeleng dhewe marang obyek sing didheskripsekne 3. Ciri-cirine obyek diterangake kanthi gamblang lan rinci. D. Struktur Teks Tanggapan Dheskriptif Struktur Teks Katrangan Idhentifikasi Perangan utawa bagean kang nerangake titikan (ciri), barang, tandha, lan sapanunggale. Klasifikasi/ Dhefinisi Perangan kang mantha-mantha manut jinis utawa kelompoke. Dheskripsi Bagean Perangan kang nerangake gegambaran kanthi gamblang lan rinci.
E. Unsur Basa Teks Tanggapan Dheskriptif a. Swara Jejeg lan Swara Miring Swara jejeg uga diarani swara sampurna. Swara iki durung owah saka asale. Swara /a/ jejeg tuladhane kaya ing tembung mata, wana, rasa, lan liya-liyane. Swara /a/ miring iku manawa lafale padha karo tembung wani, garu, sate, wedang, nanas, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani swara jejeg manawa lafale dadi /i/ kaya ing tembung bali, sasi, wisata, wanita, pitulung, lan sapanunggalane. Swara /i/ bakal diarani swara miring manawa lafale kaya ing tembung bathik, nangis, guling, tertib, lan sapanunggalane. Kanggo mangerteni swara jejeg lan swara miring jingglengana tabel ing ngisor iki: b. Jinise Tembung Kanggo nyinaoni teks tanggapan dheskriptif uga kudu nyinaoni jinising tembung basa Jawa. Jinise tembung ing basa Jawa kaperang dadi 10, yaiku: 1) Tembung Aran (Kata Benda) Tembung aran yaiku tembung sing nerangake sakabehe jenenge barang utawa sing dianggep barang.Tembung aran diperang dadi loro, yaiku: a) Tembung aran sing kasat mata Tuladha: gunung, jaran, jeep, pura, omah, dalan, segara, wedhi, lan sapanunggalane. b) Tembung aran sing ora kasat mata Tuladha: pemandhangan, kabudayan, pariwisata, lan sapanunggalane 2) Tembung Kriya (Kata Kerja) Tembung kriya yaiku tembung sing nerangake pagawean. Tuladha: lunga, dolan, tuku, turu, nulis, numpak, nggawa, mangan, njaluk, nggambarake, nerangake, lan sapanunggalane.
3) Tembung Kahanan (Kata Sifat) Tembung kahanan yaiku tembung sing nerangake watak, sipat, lan kahanane samubarang. Tuladha: adoh, cedhak, ayu, panas, sugih, kepenak, sengsara, luwe, panas, nengsemake, lan sapanunggalane. 4) Tembung Katrangan (Kata Keterangan) Tembung katrangan yaiku tembung sing nerangake tembung aran, tembung kriya, lan tembung kahanan.Tuladha: saiki, sesuk, awan, bengi, minggu ngarep, lan sapanunggalane. 5) Tembung Wilangan (Kata Bilangan) Tembung wilangan yaiku tembung sing nerangake cacahe utawa jumlahe barang lan pepangkatan. Tuladha: siji, loro, telu, sepuluh, selawe, seket, satus, sewu, sasendhok, sethithik, akeh, kabeh, pirang-pirang, separo, seprapat, sakjam, ka-2, lan sapanunggalane. 6) Tembung Sesulih (Kata Ganti) Tembung sesulih yaiku tembung sing dadi sesulih utawa gantinewong, kewan, barang utawa sing dianggep barang.Tuladha: aku, kowe, dheweke, iki, kuwi, kae, lan sapanunggalane. 7) Tembung Ancer-Ancer (Kata Depan) Tembung ancer-ancer yaiku tembung sing dienggo nyambung tembung kriya karo panggonan. Tuladha: ing, saka, menyang, lan sapanunggalane. 8) Tembung Panggandheng (Kata Sambung) Tembung panggandheng yaiku tembung sing dienggo nggandheng gagasan loro utawa luwih. Tuladha: nalika, karo, lan, banjur, mula, yen, manawa, sebab, lan sapanunggalane. 9) Tembung Panyilah (Kata Sandang) Tembung panyilah yaiku tembung sing dienggo menehi sesilah utawa sandhangane tembung aran sing wis genah. Tuladha: sang, si, para, lan sapanunggalane.
10) Tembung Panguwuh (Kata Seru) Tembung panguwuh yaiku tembung sing nerangake rasa pangrasa.Tuladha: ah!, adhuh!, oh!, hore!, ya ampun...!, lho!, haa!, lan sapanunggalane. F. Nyunting Teks Tanggapan Dheskriptif Nyunting teks yaiku mbenerake panulisan kang kleru lelandhesan wewaton. Cara nyunting teks : 1. Njingglengi teks lan nggoleki panulisan sing kleru, bisa jeneng, panggonan, gelar, ejaan, lan tandha panulisan. 2. Mbenerake panulisan kang kleru lelandhesan wewaton. G. Nyimpulake Teks Tanggapan Dheskriptif Maca teks tanggapan dheskriptif kanthi premati kowa bakal mangerti apa isi wacane. Gatekna pituduh ing ngisor iki kanggo nyimpulake isi wacan. 1. Wacanen teks tanggapan dheskriptif kanthi premati. 2. Tulisen ukara baku ing saben pada (paragraf). 3. Roncenen ukara-ukara baku supaya dadi sapada. 4. Dudutan (kesimpulan) H. Nyusun Teks Tanggapan Dheskriptif Kanggo nyusun teks tanggapan dheskriptif tindakna pratikel-pratikel ing ngisor iki: 1. Goleka dhata lan informasi salah sawijine obyek kang kokweruhi (utamane obyek wisata). 2. Idhentifikasinen obyek wisata kang wis kokpilih. 3. Gawea klasifikasi utawa dhefinisi kang gegayutan karo obyek wisata. 4. Dheskripsekake bagean-bagean obyek wisata kanthi rinci lan gamblang. Tuladha teks tanggapan dheskriptif Gunung Bromo Gunung Bromo
Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah pamarentahan propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku kabupaten Probolinggo, Pasuruan, Lumajang lan Malang. Dhuwure gunung Bromo yaiku 2.392 meter saka lumahe segara. Gunung Bromo minangka obyek wisata kang wis misuwur ing saindenging donya didadekake icon wisata dening pamarentah Propinsi Jawa Timur. Gunung Bromo tansah dadi papan kang nyenengake, jalaran duwe pemandhangan kang ora tinemu ing panggonan liya. Gunung Bromo kinupengan segara wedhi kang jembare kurang luwih 10 km persegi, misuwur anane sunrise sing saben-saben dienteni dening para wisatawan. Ing pucuke gunung Bromo katon kawah sing ajeg nyemburake geni lan kukus, nduweni dhiameter kurang luwih 800 meter yen diukur saka arah lor nganti sisih kidul, lan kurang luwih 600 meter saka arah wetan nganti pinggire kawah sisih kulon. Ana papan sing dianggep mbebayani tumrape pangunjung, yaiku papan radhius 4 kilometer saka kawah. Obyek wisata Gunung Bromo klebu wewengkon Taman Nasional Bromo Tengger Semeru. Tumuju menyang Gunung Bromo sing paling kepenak kawiwitan saka Penanjakan. Ing Penanjakan para wisatawan bisa ndeleng sunriseutawa prastawa mletheke srengenge sing sesawangane endah lan nengsemake. Sabanjure bisa nerusake laku menyang kawahe gunung, bisa mlaku bisa uga nyewa jaran utawa jeep supaya ora kesel. Nalika ngliwati segara wedhi bisa ndeleng bangunan papan ibadahe suku Tengger sing nggilut agama Hindu. Bangunan kasebut diarani Pura Luhur Poten.
MEDIA PASINAON 1 : Kuis Link: https://create.kahoot.it/details/57867e92-6934-4d39-afb4d1242a77bf30 Kelas : Jeneng : No. Absen : Gladhen 2 A. Tujuan Pembelajaran Peserta didik dapat menulis teks tanggapan dheskriptif tentang pengalaman secara berkelompok. B. Petunjuk Belajar 1. Setelah mengetahui cara menulis teks tanggapan dheskriptif peserta didik diminta untuk membuat teks narasi dengan tema “Pengalamanku”. 2. Teks narasi dengan 2 paragraf menggunakan bahasa sehari-hari. 3. Teks narasi ditulis di lembaran kertas. Teks narasi dipresentasikan di depan kelas.
TEKS IKLAN Materi Pembelajaran A. Tegese Teks Iklan Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa, utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandharake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajakajak tegese supaya ngajak wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake. B. Jinise Teks Iklan Miturut ancas utawa tujuane, iklan dibedakake dadi: 1. Iklan Komersial Iklan komersial nduweni tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani masyarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake. Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan sapanunggalane. 2. Iklan Layanan Masyarakat Iklan layanana masyarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane adol gagasan kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan, pranyatan, utawa himbauan marang masyarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining pakarti kanggo kepentingan umum. Tuladha iklan layanan masyarakat upamane: ajakan suapya ora mbuwang larahan sembarangan, milah larahan miturut jinise, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu samangsa dianakake pemilihan, lan sapanunggalane. C. Struktur Teks Iklan Sawise nyinaoni jinis-jinise teks iklan para peserta didik diajab bisa mangerteni tata rakite teks kasebut arupa headline, subheadline, amplifikasi, tagline, lan productshot. Apa tegese tetembungan kasebut bisa kokwaca ing andharan ngisor iki.
1. Inti Iklan (Headline) yaiku perangan teks iklan kang dadi punjere tulisan. Perangan iki kudu bisa narik kawigatene pamaos. 2. Kaluwihane Iklan (Subheadline) nuduhake perangan teks iklan kang medharake kaluwihan utawa katrangan babagan prodhuk kang ditawakake. 3. Peprincen Iklan (Amplifikasi) mujudake perangan teks iklan kang nerangake luwih runtut babagan prodhuk utawa jasa kang ditawakake. 4. Slogan Iklan (Tagline) kalebu eprangan teks iklan awujud ukara cekak aos kang nuduhake kualitas utawa kaunggulane prodhuk sing ditawakake kanthi nggunakake basa Rinengga. 5. Merk Iklan (Productshot) ing sajrone teks iklan awujud gambar utawa brand kang ditawakake.
D. Nintingi Struktur Teks Iklan Supaya luwih jeru anggone mahami struktur teks iklan, ing ngisor iki kaandharake tata cara nintingi struktur teks iklan manut tata rakite. 1. Wacanen Teks Iklan kanthi premati. 2. Gatekna tata rakite struktur Teks Iklan. 3. Golongna perangan iklan manut tata rakite struktur Teks Iklan. Tuladha nintingi struktur Teks Iklan manut tata rakite ing ngisor iki: Gatekna Iklan ing ngisor iki! No. Perangan Iklan Katrangan 1. Headline SUPER GEDE 2 2. Subheadline 2 pitik + sega + pepsi 3. Amplifikasi Khusus mangan ing panggon, Rebo spesial 4. Tagline Sing double tansah nggawe wareg
5. Productshot Pitik goreng krispi, sega, lan pepsi Judhul Iklan : Kelas : Kelompok : Jeneng Anggota Kelompok : A. Tujuan Pembelajaran Peserta didik mampu mengidentifikasi struktur Teks Iklan. B. Petunjuk Belajar 1. Setelah menyimak materi Teks Iklan, peserta didik mengerjakan LKPD sesuai intruksi. 2. Peserta didik secara berkelompok mengerjakan latihan soal. C. Gladhen 1 a) Jingglengana Iklan ing ngisor iki kanthi premati!
b) Asil tintingan manut tata rakite struktur Teks Iklan. No. Perangan Iklan Katrangan 1. Headline 2. Subheadline 3. Amplifikasi 4. Tagline 5. Productshot
CANGKRIMAN Mbaturi Bapak lan Ibu Ing dina Minggu tabuh enem esuk, cahya wis mubyar ing sisih wetan. Kaya biyasane, aku lan mbak yuku, Sari sing wektu iku libur sekolah, budhal menyang kebon sing manggon ing mburi omah kanggo mbaturi bapak lan ibu, kira-kira telung atus meter adohe. Ing wektu limag menit, kita wis tekan kebon, Mbak Sari mara mbengok, "Mir, Mira, kuwi lho ana pitik walik saba kebon!" Aku bingung, banjur ndeleng panggon sing dituding mbak yuku, "walah, jebul tanduran kuwi, ta, sing dikarepake." Ndeleng aku sing nandhang bingung, mbak Sari malah ngguyu kekel. Ora let suwe, kita krungu swara sing lucu. "Bapak pucung bunder dawa ya wujudku Kecut ing pangrasa Wernaku yaiku kuning Ngandhut vitamin C kanggo awak sehat" "Lho, sapa kuwi, Mbak Sar?" "Aku ya ra weruh, Mir!" "He, aja wedi, rek! Iki aku," ana swara saka wit ing pojokan kebon. "Sik sik, Mbak Sar, coba dibaleni ukarane mau!" Kanthi tumemen, kekarone ngupaya negesi tembang kuwi mau. Nganti kekarone mangerteni sapa sing ngewenehi badhekan mau, "lemoon!!" Mira lan mbak yune saut-sinautan. Ing pungkasan, kekarone kasil mangsuli cangkringam kuwi lan mbacutake anggone ngrewangi bapak ibu ing kebon. Mbaturi Bapak lan Ibu
Ayahan I 1. Sawise kokrungakake crita ing dhuwur, kepriye pamawasmu bab cangkriman? 2. Ana pirang cangkriman sing kinandhut ing crita "Mbaturi Bapak lan Ibu" 3. Cangkriman apa wae kang kinandhut ing crita "Mbaturi Bapak lan Ibu"? 4. Apa batangane cangkriman-cangkriman kuwi mau? 5. Andharake kepriye carane mbatang cangkriman! Ayahan II Sawise kowe mangerteni bab cangkriman, sasuwene seminggu iki, coba golekana cangkriman sing isih ana ing sakiteranmu! Presentesekna garapanmu minggu ngarep!