Busana inggih menika satunggaling piranti
ingkang dipun ginakaken wonten ing
badanipun manungsa saengga busana
nggadhahi piguna ingkang baken tumrap
gesangipun manungsa. Busana adat Jawi
dados satunggaling Busana tradhisi ingkang
taksih dipun uri-uri dumugi sakmenika.
Busana Jawi asring dipun ginakaken
wonten ing adicara resmi saha dinten
nasional ingkang wonten sambung
rapetipun kaliyan kabudayan.
JARIK atau SINJANG
Jarik/Nyamping/Bebed menika
awujud kain ingkang nggadhahi
motif batik kanthi maneka
warni corakipun. Jarik
nggadhahi peranganipun, inggih
menika :
1) Seret
Seret inggih menika sisanipun kain jarik
ingkang boten ndherek dipun Lukis
motif batik, padatan seret menika
warninipun pethak wujudipun garis
jejeg wiyaripun kirang langkung 1cm –
2cm wonten ing pinggir jarik. Wonten
ing wiron jarik gagrak Ngayogyakarta,
seretipun dipun ketingalaken ananging
menawi gagrak Surakarta seretipun
boten dipun ketingalaken wonten ing
wiron jarik.
2) Latar
Latar menika sesebutan kagem warni
dhasar wonten ing jarik. Wonten ing
gagrak Ngayogyakarta, kathah-
kathahipun nggadhahi latar pethak
utawi cemeng.
STAGEN
Stagen menika awujud kain ingkang
dipun ubengaken wonten ing padharan
kagem ngencengaken jarik supados
wironipun boten uwal
LONTONG
Lontong inggih menika kain
wiyaripun kirang langkung
15cm kanthi dawanipun 3m
dumugi 5m. Lontong
padatanipun wonten ingkang
motif Cindhe saha motif polos.
KAMUS atau EPEK TIMANG
Kamus utawi epek inggih menika
perangan busana ingkang pigunanipun
kados setut, epek menika kadamel
saking bahan kain kanthi wiyar 5cm
dumugi 6 cm saha dawanipun kirang
langkung 1,5m. Timang nggadhahi
fungsi kados gesper wonten ing setut.
SURJAN
Surjan inggih menika busana awujud
rasukan kagem piyayi kakung. Surjan
nggadhahi benik cacahipun kalih
ingkang mapan wonten ing dhadha
kiring saha tengen. Benik sanesipun
cacahipun tiga ingkang mapan wonten
ing caket padharan. Surjan nggadhahi
perangan motif ing antawisipun polos
saha sembagi.
BLANGKON
Blangkon inggih menika perangan
busana kagem piyayi kakung ingkang
mapan wonten ing mustaka. Blangkon
kadamel saking kain polos utawi saged
dipun damel saking kain batik ingkang
dipun tekuk kaping 17 saha dipun iket
kanthi sakmesthinipun saengga saged
dipun agem wonten ing mustaka.
KERIS
Keris utawi dhuwung inggih menika
perangan busana jawi kagem piyayi
kakung. Dipun ginakaken mapanipun
wonten ing nggigir kanthi dipun
tancebaken wonten ing antawisipun
ubetan lontong. Wonten ing gagrak
Ngayogyakarta, keris nggadhahi 2
warni inggih menika Branggah, saha
Gayam.
CENELA
Selop utawi Canela inggih menika alas
suku wonten ing busana jawi. Nutupi
perangan wingking suku dumugi
tumit. Selop asringipun kadamel saking
lulang kewan, karet, ugi saged saking
bahan sintetis sanesipun
KEBAYA
Kebaya menika busana awujud rasukan
kagem piyayi putri. Wonten ing gagrak
Ngayogyakarta, kebaya kaperang dados
3 macem, inggih menika Tangkeban,
Janggan saha Kutu Baru
SANGGUL
Sanggul inggih menika satunggaling
perangan busana kagem piyayi putri
ingkang mapan wonten ing mustaka
awujud gelungan rekma.
Nginakaken Jarik
• Wiron jarik kedah ganjil. Wiyaripun
wiron jarik kirang langkung 3cm
dumugi 5cm.
• Badanipun ngadeg jejeg. Sukunipun
dipun benggang sekedhik
sawiyaripun bahu piyambak-
piyambak.
• Kedah dipun taliti rumiyin ceplokipun
madhep inggil.
• Saksampunipun sukunipun dipun
benggang, wiron jarik dipun asta tangan
tengen, lajeng jarik ingkang dipun asta
tangan kiring dipun ubetaken saking
kiring dhateng tengen.
• Kain ingkang dipun ubetaken radi
dipun inggahaken supados
jarikipun boten ketingal.
• Jarik sampun ngantos nutupi polok.
Ngginakaken stagen kanthi dipun ubetaken
wonten ing padharan
Ngginakaken lontong, caranipun sami kados
ngginakaken stagen. Ngginakaken kamus
timang.
Ngginakaken Surjan
Ngginakaken Blangkon
Ngginakaken Keris
Ngginakaken Selop utawi Canela
Ngginakaken jarik
• Suku ingkang kiring radi
majeng supados saged sekeca
menawi dipun ginakaken
mlampah.
• Wiron jarik kedah cacah ganjil
• Wiron jarik dipun asta tangan
kiring. Kain jarik ingkang
tangan tengen lajeng dipun
lebetaken saking tengen
dumugi kiring.
• Jarik ingkang lebet kedah
dipun tekuk sekedhik
supados boten ketingal
saking wingking.
• Menawi sampun nembe
ngginakaken stagen
Ngginakaken stagen kanthi
dipun ubengaken wonten ing
padharan supados jarikipun
boten uwal.
5. Ngginakaken sanggul
• Rekma ingkang dipun
kempalaken dados setunggal,
saged miwiti dipun damel
Ngginakaken kamisol
Ngginakaken kebaya
Ngginakaken sanggul
• Rekma ingkang dipun kempalaken
dados setunggal, saged miwiti dipun
damel sanggul
• Sepisan, damel bunderan sisih kiring
• Rekmanipun dipun sisir saha dipun
tata madhep inggil kanthi damel
sepalih bunderan tumuju dhateng
ukelan rekma.
• Dipun wangsuli wonten ing sisih
tengen supados sami kaliya ingkang
sisih kiring
• Menawi sisih kiring dalah tengen
sampun awujud bunderan, pucuk
rekma dipun tata wonten ing tengah
sanggul dhateng sising tengen, lajeng
madhep inggil, tumuju ukelan rekma.
Pucuk rekma dipun iket wonten ing
pucuk iketan saha dipun kencengaken
ngginakaen jepet rekma
• Perangan bunderan kaping kalih
dipun walik arahipun supados
sanggul saged madhep inggil
dados setunggal.
• Saged ginakaken lungsen kagem iket
sanggul supados langkung kiyat.
Ngginakaken canela utawi selop
Guntur Gagat Tri Putranto
Lahir di Kabupaten Sragen, tepatnya pada
tanggal 17 Juni 2003. Seorang mahasiswa
Pendidikan Bahasa Daerah, Fakultas Bahasa
dan Seni, Universitas Negeri Yogyakarta.
Memiliki ketertarikan pada bidang kesenian
khusunya seni pedalangan. Lahir dengan latar
belakang keluarga seni. Memulai karir
menjadi seorang dalang pada umur 4 tahun.
Hingga sekarang aktif menjadi penampil
dalam berbagai acara maupun festival
diberbagai daerah.
Bagus Dwi Cahyo
Lahir di Temanggung, 17 agustus 2001. Seorang
mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah Fakultas
Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta.
Memiliki ketertarikan pada bidang kesenian
dunia tari sudah dimulai sejak kecil, karena
senang memperagakan tari kerakyatan,
contohnya jaran kepang atau Jathilan
Galih Kartiko
Lahir di kabupaten Kutai Kartanegara,
Kalimantan timur tepatnya pada
tanggal 1 Januari 2003. Seorang
mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah,
Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas
Negeri Yogyakarta. Lahir di
Kalimantan namun besar di Jawa,
menetap di Jawa mulai tahun 2006.
Mulai menginjak bangku sekolah
pertama kali di Paud RA Jasmine
Petungrejo, lanjut ke TK Dharma wanita
Petungrejo, lanjut ke SDN Petungrejo,
lanjut ke SMPN 1 Nguntoronadi masih di
kabupaten yang sama yaitu di
Kabupaten Magetan. Melanjutkan ke
jenjang SMA di kabupaten Madiun,
tepatnya di SMAN 1 Geger dan lulus
pada tahun 2021.