The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

e Book ini berisi Modul ajar

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by ratnaprabandari98, 2022-12-01 09:22:04

MODUL PEMBELAJARAN

e Book ini berisi Modul ajar

Keywords: Modul Ajar kelas VIII Semester gasal

MODUL PEMBELAJARAN BAHASA JAWA
KELAS VIII

SEMESTER GASAL 2021/2022
SMP PANCASILA 3 BATURETNO

DISUSUN OLEH
RATNA PRABANDARI, S.Pd

SMP PANCASILA 3 BATURETNO

Jl. Sido Mukti, Batu Tengah, Baturetno
2022

i

LEMBAR PENGESAHAN

MODUL
BAHASA JAWA KELAS VIII SEMESTER GASAL

DISUSUN OLEH:
RATNA PRABANDARI, S. Pd

MODUL INI DISUSUN SEBAGAI PEDOMAN DAN ACUAN DALAM
PELAKSANAAN PEMBELAJARAN BAHASA JAWA KELAS VIII
SEMESTER GASAL

DINYATAKAN DAPAT DIGUNAKAN
TANGGAL, JULI 2021

Mengetahui Baturetno, Juli 2021
Pengampu

Retno Dewi Istiningsih, S.Pd Ratna Prabandari, S.Pd
NIP.

ii

DAFTAR ISI

COVER .................................................................................................... i

LEMBAR PENGESAHAN ....................................................................... ii

DAFTAR ISI ............................................................................................ iii

PIWULANG 1 CARITA LEGENDHA ..................................................... 1

PIWULANG II SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR ................. 9

PIWULANG III NYEMAK TEKS PAWARTA ....................................... 18

PIWULANG IV IKLAN ABASA JAWA, ATUR-ATUR IJEMAN .......... 24

DAFTAR PUSTAKA ............................................................................... 30

iii

PIWULANG I
CARITA LEGENDHA

KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami isi teks cerita legenda
4.1 Menceritakan kembali cerita legenda

1. Njlimeti Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang asal-usule saka masyarakat lang ngrembaka ing

sajrone masyarakat nalika jaman kepungkur sing dadi ciri khas, saben
daerah nduweni kultur budaya sing bedo-bedo nyakupi budaya lan sejarah
sing dipek saben dhaerah. Umume crita rakyat ngisahke babagan kadadean
neng daerah utawa asal-usule daerah.
2. Titikane crita rakyat
a. Dicritakake kanthi lesan.
b. Dicritakake kanthi turun-temurun.
c. Ora bisa dimangerteni sapa sing dhisik dhewe sing gawe crita.
d. Ngandhut piwulang-piwulang luhur.
3. Jinise crita rakyat
a. Mitos yaiku crita kang nyritakake kepercayaan anane roh utawa

kekuatan ghoib.
b. Legendha yaiku crita kang nyritakake babagan kadadeane salah

sawijine papan panggonan.
c. Fabel yaiku dongeng kang paragane kewan sing sipate menyerupai

manungsa.

4

d. Sage yaiku crita kang ana gegayutane karo sejarah, sing nyritakake
kepahlawanan, kesaktian, keajaiban manungsa.

4. Legendha
a. Tegese crita rakyat legendha.
Crita rakyat legendha iku nyritakake babagan kadadeane salah sawijine
bab, papan panggonan, utawa asal-usule sawijine papan.
Crita rakyat legendha sumebare sarana gethok tular, mulane ana crita kang
kurang, utawa ana uga sing ditambah.
b. Titikane legendha
1. Dipercaya menawa kedadean kang nyata.
2. Paraga legendha biasane manungsa.
3. Dhuwe sipat keduniawian.
4. Sipate pindah-pindah.
5. Sipate semihistoris.
c. Tuladha crita legendha
1. Asal-usule Rawa Pening
2. Baturaden
3. Rawa Pening
4. Candhi Prambanan
5. Malin kundang
6. Asal-usul Kota Salatiga
7. Asal-usul Wana Kethu
8. Asal-usule Iwak Bandeng
9. Dumadine Tengger lan Gunung Bathok
Lsp.

5

TULADHA LEGENDHA
DUMADINE RAWA PENING
Ing erenge Gunung Merbabu ana sawijining pandhita sekti, asmane Ki
Ajar Salokantara. Sawijining dina Ki Ajar Salokantara arep tapa, mula banjur
nitipake kerise marang abdine sing aran Ni Mas Prawan. Ki Ajar Salokantara
meling menawa keris iku ora kena dipangku, awit yen nganti dipangku bakal
nemahi bilahi. Ni Mas Prawan nyendikani dhawuh piwelinge Ki Ajar Salokantara.
Ora let suwe, Ki Ajar Salokantara banjur tindak tapa.
Sapungkure Ki Ajar Salokantara, Ni Mas Prawan pijer nyawang kerise
iku mau. Amarga kena sumilire angin saka gunung, Ni Mas Prawan keturon lan
ora krasa keris mau diselehake ing pangkone. Nalika Ni Mas Prawan tangi, keris
iku wis ilang. Dheweke banjur kelingan marang piwelinge Ki Ajar Salokantara,
menawa wis nerak piweling mula dheweke amung pasrah.
Nuju sawijining dina Ni Mas Prawan nemu ula, banjur diopeni lan
diwenehi jeneng Baru Klinthing. Baru Klinthing digulawenthah kaya dene
ngopeni bayi. Baru Klinthing bisa tata jalma kaya manungsa. Baru Klinthing
banjur takon marang Ni Mas Prawan, sapa sejatine bapake. Ni Mas Prawan
mangsuli, menawa bapake iku sawijining Wiku sekti aran Ki Ajar Salokantara.
Wektu saiki Ki Ajar Salokantara lagi mertapa ana erenging Gunung Merbabu.
Baru klinthing banjur pamitan karo Ni Mas Prawan, arep nggoleki bapake.
Tekan erenging Gunung Merbabu, Baru Klinthing ketemu Ki Ajar
Salokantara. Panjenengane gelem ngakoni dadi putrane menawa dheweke bisa
nglekeri Gunung Merbabu nganti tepung. Baru Klinthing sendika dhawuh, banjur
nglekeri Gunung Merbabu. Ananging Baru Klinthing ora bisa nglekeri Gunung
Merbabu nganti tepung, jalaran awake wis ora bisa modod maneh. Baru Klinthing

6

banjur ngeletake ilate kanggo nyambung awake. Ki Ajar pirsa pokale Baru
klinthing kang mangkono, panjenengane duka, ilate banjur dikethok. Sanalika iku
Baru Klinthing ora duwe daya. Ki Ajar Salokantara dhawuh marang Baru
Klinthing supaya nindakake tapa ing papan iku. Mbesuk yen ketrima tapane, Baru
Klinthing bakal dadi manungsa lumrah.

Wis puluhan taun anggone Baru Klinthing tapa, awake lumuten nganti
ora ketok blegere ula. Awake Baru Klinthing wis memper oyod kang gedhe
banget. Sawijining dina wong padesan ing ereng Gunung Merbabu kono padha
mbeburu kewan kang bakal dienggo upacara merti desa. Wis sedina muput wong-
wong mau padha mbeburu, nanging durung entuk kewan siji-sijia, mula banjur
padha leren. Nalika lagi enak-enak leren, ana salah sawijining wong bacok-bacok
oyod wit. Ora kanyana awake Baru Klinthing uga katut kebacok. Baru Klinthing
ora bisa apa-apa. Baru Klinthing mung pasrah awake dikethok-kethok digawa
mulih menyang desa. Amarga kapasrahane mau, Baru Klinthing nampa
kanugrahan. Rohe Baru Klinthing malih dadi bocah cilik..

Sawetara wektu, ing desa kasebut wong-wong padha pista. Baru
Klinthing sing wujud bocah cilik mau tumuju menyang desa kasebut. Dheweke
nembung njaluk mangan marang wong-wong desa. Ananging ora ana wong kang
gelem menehi pangan marang Baru Klinthing, malah ditundhung lunga lan
disiya-siya. Dheweke keranta-ranta atine, ing atase sing dienggo pista iku awake
kok wong-wong desa dijaluki sega sapiring wae ora ana kang sudi menehi.

Baru klinthing banjur mlaku ngadoh saka wong-wong desa kang padha
pista. Lakune Baru Klinthing tekan sangarepe gubug. Mbok Randha tuwa aran
Nyi Latung kang urip ing gubug iku, banjur ngajak Baru klinthing mlebu ing
gubuge.

7

“ Le, mrenea ! Kowe mampira menyang gubugku dakwenehi mangan !,
mangkono kandhane Nyi Latung.

Baru Klinthing banjur diwenehi pangan dening Nyi Latung, atine
rumangsa seneng banget. Sawise wareg anggone mangan, Baru Klinthing pamit
arep nonton wayang. Sadurunge lunga, Baru Klinthing meling marang Nyi
Latung.

“ Nyi Latung, matur nuwun banget aku wis diwenehi pangan. Mengko
menawa ana banjir, Nyi Latung enggala numpak lesung iki !, “ piwelinge Baru
klinthing.

Baru klinthing banjur nrambul ing tengahe keramean wong kang lagi
padha pista. Wong-wong kang lagi padha seneng-seneng mau ditantang
sayembara. Baru klinthing nancepake sada ing tengah latar. Sapa kang bisa njabut
sada mau bakal diwenehi apa kang dadi panjaluke. Wong-wong padha nyoba
njabut sada iku, ananging ora ana kang bisa. Wong-wong desa gumun marang
kasektene Baru klinthing.

Baru klinthing alon-alon njabut sada kang tumancep ing lemah iku.
Kaelokaning lelakon, sada kajabut sanalika metu banyu muncrat banter banget.
Sedhela wae desa kono wis dadi tlaga. Wong-wong desa padha klelep kabeh,
kejaba mung Nyi Latung kang slamet kanthi numpak lesung. Dening Baru
Klinthing, tlaga kasebut dijenengi Rawa Pening. Sawise kedadean mangkono iku,
Baru Klinthing banjur nusul bapake ya Ki Ajar Salokantara, mertapa ing Gunung
Merbabu.

ASAL USULE IWAK BANDENG

8

Tindake Sunan Kalijaga nyiarake agama Islam paribasane njajah desa
milangkori, tekan laladan pesisir lor Tanah Jawa. Ana tlatah kono Sunan Kalijaga
banjur mejang wong-wong desa. Sawijine dina Sunan Kalijaga mejang bab
panguwasaning Gusti Allah kang tanpa wates. Bukti kasunyatane, ing ngendi ana
banyu mesthi ana iwake. Sunan Kalijaga banjur nguncalake jala. Sanajan anggone
nguncalake jala mung waton nguncalake, , nanging iwak sing kejala akehe ora
mekakat. Wong-wong desa banjur akeh kang padha nglumpuk ngrungokake
wejangane Sunan Kalijaga lan pungkasane padha kepengin dadi muride Kanjeng
Sunan.

Ing anatarane para murid iku, ana sawijine sesepuh desa kang lantip
pikire aran Ki Salaga. Dheweke ora seneng menawa wong-wong desa padha dadi
muride Kanjeng Sunan. Dhasare Ki Salaga watake drengki, angkuh, adigang
adigung adiguna, seneng neter kawruhing liyan. Rumangsa disaingi kasektene lan
kawruhe, Ki Salaga banjur matur kepengin nyoba kasektene Kanjeng Sunan
Kalijaga.

“ Heh Sunan Kalijaga, kowe umuk sesongaran pamer kasekten. Yen
mung njala iwak ngono wae aku ya bisa. Sawangen ! “ kandha ngono Ki Salaga
banjur nguncalake jala.

Eloking lelakon jalane Ki Salaga ya entuk iwak akeh. Wong-wong
banjur padha mbalik meguru marang Ki Salaga. Sunan Kalijaga mung mesem.

“ Ki Salaga, jumbuh karo omonganku, panguwasaning Gusti Allah
tanpa wates. Ing ngendi ana banyu mesthi ana iwake, rak bener, ta ? “ ngendikane
Sunan Kalijaga aris.

“ Yen pancen bener omonganmu, coba saiki njalaa ing blumbang kae !
“ kandhane Ki Salaga karo nuding blumbang sing mentas dipanen iwake.
Blumbang iwak iku wis garing tur lagi diisi banyu. Sunan Kalijaga mesem banjur
nguncalake jala ing blumbang sing dituding Ki Salaga. Nalika jala diangkat, jala
iku kebak iwak gedhe-gedhe. Wong-wong desa percaya maneh marang Sunan
Kalijaga. Ki Salaga rada kisinan.

“ Yoh, pancen sekti tenan kowe Kalijaga. Yen pancen bener
kandhamu, ing ngendi banyu mesthi ana iwake, coba buktekna! Ing njero degan
iku ya ana banyune, nanging apa ya ana iwake ? “ kandhane Ki Salaga.

“ Mesthi wae ya ana Ki. “ wangsulane Sunan Kalijaga.

9

“ Endi ana degan kok ana iwake. Aku ora percaya, coba buktekna !
Yen pancen ana iwake, aku bakal dadi muridmu, “ kandhane Ki Salaga nantang.

Sunan Kalijaga banjur mandeng degan sing isih ana ing wit. Awit
saka Sihing Gusti Kang Maha Suci, wit klapa diprentah mentiyung, banjur
dijupuk degane.

“ Para sedulur, seksenana omongane Ki Salaga. Yen ing njero degan
iki ana iwake, dheweke bakal dadi muridku, “ ngendikane Sunan Kalijaga.

Degan banjur dipasrahake marang Ki Salaga lan didhawuhi mecah.
Karo jegegesan Ki Salaga banjur mecah degan. Kaelokane lelakon, ing njero
degan ana iwake cilik-cilik. Ki Salaga netepi ujare. Dheweke banjur meguru
marang Sunan Kalijaga.

Iwak-iwak cilik sing ana njero degan banjur diculake ing blumbang
bedhengan. Wong-wong desa durung tau ngerti iwak iku iwak apa. Wong-wong
iku banjur nyuwun pirsa marang Sunan Kalijaga. Kanjeng Sunan Kalijaga banjur
ngendika menawa iwak iku jenenge iwak pandeng jalare asale saka dipandeng
dening Sunan Kalijaga. Suwening suwe, tembung pandeng banjur owah dadi
bandeng. Nganti saiki iwak iku dijenengi iwak bandeng.

Dumadine Tengger lan Gunung Bathok
Jaman semana Majapahit kaancam mungsuh saka maneka warna
jurusan. Mula rakyat uga para Dewa padha sumingkir golek panggonan kang
aman lan tentrem yaiku menyang dhaerah aran Tengger. Wektu iku gunung
Bromo isih aman lan gunung Bathok durung maujud.
Ing dhaerah iku para Dewa padha masanggrah ing papan kang
kaanggap aman. Saliyane para Dewa ana sawijining pandhita sing banget tawakal.
Pandhita mau nuju sawijine dina kagungan garwa lan nglairake putra kakung
kang bagus rupane. Amarga saking baguse banjur dijenengake Jaka Seger.
Mbarengi wektu iku uga ana bayi wadon kalebu titising widadari.
Bayi mau ayu, tur anteng banget malah nalika lair tanpa nangis. Mula marang
wong tuwane bayi iku dijenengake Rara Anteng.
Sawise putri mau dhewasa katon saya endah lan sulistiya ing warna.
Akeh putra raja lan wong sekti padha kepengin nglamar pinangka dadi garwane.
Nanging siji-sijia ora ana kang ditampa jalaran putri mau wus sesambungan
tresna klawan Jaka Seger. Pancen kekarone wus prasetya.

10

Kahanan mangkono iku dumadi mataun-taun, nganti ketekan
panglamar saka begal kang sekti mandraguna. Rara Anteng ora wani nampik,
dheweke saguh nanging kinanthen panyuwun digawekake segara tengahing
gunung. Segara mau kudu rampung sajrone sewengi sadurunge ana jago kluruk.
Amarga saking senenge panyuwune Rara Anteng mau tetep disaguhi.

Sawise surup surya begal miwiti ndhudhuk wedhi lan watu ing
tengahe gunung kanthi mingunakake bathok. Kanthi kasektene begal kang
ngedap-edapi, ora nganti sewengi wus meh rampung. Rara Anteng golek cara
kanggo murungake pakaryane begal mau. Rara Anteng njupuk alu diunekake ana
lesung kaya dene lumrahe wong nutu pari. Keprungu swara lesung mau sanalika
jago padha kluruk.

Kedadean iku ndadekake si begal jengkel atine amarga wurung
pambudidayane. Kanthi rasa jengkel bathok diuncalake tiba mengkurep
wusanane dadi gunung aran gunung bathok. Dene segara sing wus meh rampung
mau isine wedhi mula ingaran segara wedhi.

Salungane begal Rara Anteng kelakon dadi garwane Jaka Seger.
Wiwit iku uga papan panggonane mau diarani Tengger, kang mujudake
camboran saka tembung anteng lan seger kanthi dijupuk wandane sing mburi.

11

PIWULANG II
SERAT WULANGREH PUPUH PANGKUR

KOMPETENSI DASAR
3.2 Menelaah Teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur
4.2 Menanggapi teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Pangkur

1. Njimeti Tembang Macapat
Tembang Macapat iku salah sawijine jenis tembang Jawa. Jinise tembang

Jawa iku ana werna papat, yaiku tembang Gedhe, Tengahan, Macapat, lan
tembang Dolanan. Tembang Macapat uga sinebut tembang cilik, kang
thukul kira-kira jaman Majapahit, Raja Brawijaya VII taun 1478, lan
ngrembaka ing jaman Demak lan jaman sateruse. Sumebare tembang iki
menyang wilayah wetan saka Jawa (Jawa Tengah lan Jawa Timur) nganti
teka Bali lan wilayah kulon tumeka Sundha.
Buku-buku “kuna” (serat) kayata serat “Srikandhi Maguru manah”,
“Centhini”, “Wulangreh”, “Wedhatama”, “Tripama”, yaiku asile susastra
jawa kang tinulis wujud tembang macapat. Ana ing cakepan tembang
macapat uga ngandhut kawruh kagunan basa, kayata : sanepa, paribasan,
wangsalan, purwakanthi, lan parikan, kang mujudake ciri susastra jawa lan
uga nuduhake endah-edine basa.
Tembang macapat sinebut, “ Lagu Winengku Sastra”, kang werdine yaiku
sajrone nembang macapat iku luwih wigati sastrane, tinimbang lagune.
Kanthi mangkono, mula titikane nembang macapat kaya kasebut ngisor iki
:
a. Lagu lan cengkok prasaja
b. Wiletan paling akeh migunakake telung titi laras.
c. Kedal (artikulasi) kudu cetha.

12

d. Andhege napas diatur jumbuh karo maksude ukara/ aja nganti ngowahi
teges.

e. Ora kena medhot tembang.

f. Laras kudu trep.

g. Anggone njupuk swara, jumbuh karo laras lan pathet kang wus
tinemtokake.

Kanggo mangerteni isi lan piwulang kang ana ing sajroning tembang iku
ora gampang. Tembung-tembung kang dipigunakake ing tembang iku
lumrahe nggunakake tembung rinengga, tembung kawi, utawa
tembung endah.

Manawa arep mangerteni isi lan piwulang kang ana ing sajrone tembang,
iku ana carane. Bisa diwiwiti kanthi nggoleki tembung-tembung angel
utawa kang durung dimangerteni tegese. Banjur negesi ukara saben
gatra lan digathukake anatarane gatra sepisan nganti pungkasan.

2. Paugeran Tembang Macapat

Paugeran, pranatan utawa aturan menawa nganggit/yasa tembang macapat
lumrahe mawa lelewaning basa kang gumathok, kayata: (a) nggunakake
tembung-tembung kawi utawa arkhais, tembung garba, baliswara, plutan,
wancah; (b) guru gatra, guru wilangan, guru lagu/ dhong- dhing; (c)
purwakanthi ‘persajakan’; (d) dayasastra yen ditulis kanthi aksara Jawa
utawa ketemu ater-ater anuswara dadi luluh, kejaba ing tembung lingga
kang konsonan ‘katutswara’ suwarane abot (g, j, dh, d, b) ora bisa luluh
‘asimilasi’; (e) sasmita tembang; (f) sandi asma; (g) titimangsa ‘waktu’.

Paugeran tembang macapat yaiku :
a. Guru gatra yaiku cacahing gatra / larik saben sapada

b. Guru lagu yaiku tibaning swara vocal (a, i, u, e, o) saben pungkasaning
gatra

c. Guru Wilangan yaiku cacahing wanda / kecapan saben sagatra

13

Adhedhasar paugeraning utawa konvensi guru-gatra, guru-wilanganlan
guru-lagu (dhong-dhing) tembang macapat bisa digawe tabel ing ngisor
iki.

Nama Paugeran
Tembang 12-u 6-a 8-i 12-a
Pocung 12-i 6-a 8-i 8-a
7-u 10-u 12-i 8-u 8-o - - - - -
Maskumambang 12-u 8-i 8-u 8-i 8-o - - - - -
Gambuh 8-u 8-i 8-a 8-i 8-a 8-i - - - -
Megatruh 10-i 6-o 10-e 10-i 6-i 6-u - - - -
Kinanthi 8-a 11-i 8-u 7-a 12-u 8-a 8-i - - -
Mijil 8-i 8-a 8e/o 8-a 7-a 8-u 8-a - - -
Pangkur 12-a 7-i 6-a 7-a 8-i 5-a 7-i - - -
8-a 8-i 8-a 8-i 7-i 8-u 7-a 8-i 12-a -
Asmaradana 10-i 10-a 8-e 7-u 9-i 7-a 6-u 8-a 12-i 7-a
Durma
Sinom

Dhandhanggula

3. Watak Tembang Macapat

a. Pocung : sakarepe dhewe, lucu, sembrana parikena
b. Gambuh : paseduluran ‘familier’, sumadulur
c. Pangkur : gumregah, semangat, nesu, perang
d. Durma : semangat, nesu, gumregah, padudon
e. Maskumambang : sedhih/susah, trenyuh, getun/gela
f. Megatruh : susah, prihatin, gela/getun
g. Mijil : prihatin, asih tresna
h. Kinanthi : seneng, gembira, asih tresna
i. Asmaradana : asih tresna, sedhih, kasmaran
j. Sinom : asih tresna, lincah, canthas
k. Dhandhanggula : luwes, nyenengake, grapyak semanak.
4. Makna Filosofi Tembang Macapat

a. Mijil : wektu rikala bayi lair/metu/mijil

14

b. Maskumambang : wektu isih bayi kang kebak nikmating murip, bayi
isih mardika durung duwe lan ora ngerti rekasaning urip

c. Sinom : anak wis dadi nom-noman/mudha

d. Durma : rikala isih enom lumrahe gampang kagodha lan kapribawan
prekara kang ala, napsu angkara murka, kagodha ombyaking jaman.

e. Asmaradana : nom-noman kang wis wiwit nduwei rasa tresna,
kasmaran, kepencut marang wong liya beda jinise

f. Kinanthi : mudha-mudhi wis wiwit padha gegandhengan tangan/ urip
bebrayan, wis mbangun bale wisma kang rukun, ayem tentrem, bagya
mulya

g. Dhandhanggula : wis ngancik lan ngrasakake dadi wong tuwa, ngopeni
anak bojo lan srawung karo tangga teparo

h. Gambuh : umur lan watak manungsa tambah tuwa lan kepribadene
tambah dewasa, wusanane bisa njumbuhake kebutuhaning jiwa raga,
lair batin, kulawarga lan masyarakat, pribadi lan marang Pangeran

i. Pangkur : umure manungsa wis laluyuswa lan wancine ngungkurake
napsu lan kadonyan

j. Megatruh : manungsa kang wis nglenggana marang pepesthen,
takdiring kabeh manungsa ya bakal seda, mulih mula mulanira

k. Pocung : manungsa wis seda lan dipocung

5. Tembang Macapat Pangkur

(Saka Serat Wulangreh anggitanipun Sri Susuhunan Pakubuwana IV)

(Laras Pelog Pathet Nem)

3 5 5 5 5 5 33

Kang se- kar pang- kur wi- nar- na

35 5 56 11 1 2

3 3 21

15

Le - la - buh - an, kang -kang - go wong - nga u

-rip

5 6 1 1 1 2 12 2

a- la lan be- cik pu ni ku

i 65 5 5 5 45

pra yo ga ka wruh a na

3 55 56 11 111

23 3

a dat wa ton pu ni ku di- pun ka

du lu

6 11 1 11 1-1

mi- wah ta ing ta- ta kra- ma

1 23 1 2 3 3 21

den ka es thi si- yang ra- tri

Tembang macapat pangkur saka tembung mungkur utawa
ninggalake. Tembang macapat iki nduweni filosofi sing nyritakake manungsa sing
wis siap ninggalake kabeh sing nduweni sifat duniawi lan tansah nyedak karo sing
gawe urip yaiku Gusti Allah. Nyingkiri hawa nepsu sing ala saka ati lan pikiran.

Pangkur

1. kang sêkar pangkur winarna

lêlabuhan kang kanggo wong ngaurip

ala lan bêcik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

miwah ta ing tatakrama

dèn kaèsthi siyang ratri

16

2. dêduga lawan prayoga
myang watara rêringa ayya lali
iku parabot satuhu
tan kêna tininggala
tangi lungguh angadêg tuwin lumaku
angucap mênêng anendra
duga-duga nora kari

3. muwah ing sabarang karya
ing prakara gêdhe kalawan cilik
papat iku datan kantun
kanggo sadina-dina
lan ing wêngi nagara muwah ing dhusun
kabèh kang padha ambêkan
papat iku nora kari

4. kalamun ana manungsa
anyinggahi dugi lawan prayogi
iku watêke tan patut
awor lawan wong kathah
wong diksura daludur tan wruh ing êdur
aja sira pêdhak-pêdhak
nora wurung nêniwasi

5. mapan watêking manungsa
pan katêmu ing laku lawan linggih
solah muna-muninipun
pan dadya panêngêran
kang apintêr kang bodho miwah kang luhur
kang asor lawan malarat
tanapi manungsa sugih

6. ngulama miwah maksiyat
wong kang kêndêl tanapi wong kang jirih
durjana bêbotoh kaum
lanang wadon pan padha
panitiking manungsa wêwatêkipun
apadene wong kang nyata

17

ing pangawruh kang wis pasthi
7. tinitik ing solah muna

lawan muni ing laku lawan linggih
iku panêngêran agung
winawas ginraita
pramilane ing wong kuna-kuna iku
yèn amawas ing sujanma
datan amindhogawèni
8. ginulang sadina-dina
wiwekane tuwin basa basuki
ujub riya kibiripun
sumungah tan kanggonan
mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung
ujar sirik kang rinêksa
kautaman olah wadi
9. ing môngsa mêngko pan arang
kang katêmu ing basa kang basuki
ingkang lumrah wong puniku
drêngki droi lan dora
irèn mèrèn panastèn lawan kumingsun
openan nora pasaja
jail muthakil bêsiwit
10. alaning liyan dèn andhar
ing bêciking liyan dipun simpêni
bêcike dhewe ginunggung
kinarya pasamuwan
nora ngrasa alane dhewe ngêndhukur
wong kang mangkono watêknya
nora pantês dèn pêdhaki
11. iku wong dur bala murka
nora nana marême ing jro ngati
sabarang karêpanipun
nadyan wisa katêkan
karêpane nora marêm saya banjur

18

luamah lawan amarah
iku ingkang dèn tut wuri
12. ing sabarang tingkah polah
yèn angucap tanapi lamun linggih
sungkan kasosor bêkipun
pan lumuh kaungkulan
ing sujanma pangrasane dhèwèkipun
pan norana kang amadha
angrasa luhur pribadi
13. aja nêdya katempelan
ing wêwatêk kang tan pantês ing budi
watêk rusuh nora arus
tunggal lawan manungsa
dipun sami karya labuhan kang patut
darapon dadi tuladha
tinuta ing wuri-wuri
14. aja lonyo lèmèr genjah
angrong pasanakan nyumur gumuling
ambuntut arit puniku
watêkan tan raharja
pan wong lonyo nora kêna dipun êtut
monyar-manyir tan antêpan
dene lèmèrên puniki
15. parapenginan têgêsnya
genjah iku cecegan barang kardi
angrong pasanak liripun
rêmên olah miruda
mring rabine sadulur miwah ing batur
mring sanak myang pasanakan
sok sênênga dèn ramuhi
16. nyumur gumuling têgêsnya
ambêlawah datan duwe wêwadi
nora kêna rubung-rubung
wêwadine dang wutah

19

buntut arit puniku pracekanipun
abênêr ing pangarêpan
nanging garèthèl ing wuri
17. sabarang kang dipun ucap
nora wurung amrih olèh pribadi
iku labuhan tan patut
aja anêdya telad
mring watêkan nênêm prakara puniku
sayogyane ngupayaa
lir mas tumimbul ing warih
Serat Wulangreh – Sri Pakubuwana IV http://ruhcitra.wordpress.com – hal.2/15

20

PIWULANG III
NYEMAK TEKS PAWARTA

KOMPETENSI DASAR
3.3 Memahami isi teks wacana berita
3.4 Menulis dan membacakan isi berita

1. Pengertian Pawarta

Pawarta yaiku pawartos, kabar (Poerwadarminta, 1939). Pawarta /
berita / kabar yaiku laporan kadadeyan utawa prastawa kang narik
kawigaten lan disisarake kanthi cepet lumantar radhio, tv, internet lan media
liyane. Sumber pawarta yaiku asal usule pakabaran utawa kadadeyan, bisa
saka manungsa lan prastawa kang dumadi wektu iku.

Pawarta yaiku kabar anyar utawa kadadean sing lagi dumadi ana
sawijining panggonan sing bisa dicawisake liwat bentuk cetak, siaran,
internet, utawa lisan marang wong akeh.

Pawarta iku diwartakake marang sapa wae, bisa lumantar medhia
elektronik lan medhia cetak. Medhia elektronik kayata : radhio, tv, lan
internet. Medhia cetak kayata : koran, majalah, lan tabloit. Dene isisne
pawarta iku maneka warna kayata : bab prastawa kang gegayutan karo
keamanan, pariwisata, social, lan lingkungan.

2. Tujuan / ancase pawarta

Ancase pawarta menehi kabar lumantar radhio, tv, lan medhia liyane supaya
pawarta kang lagi dumadi/ aktual bisa cepet dingerteni dening masyarakat.

3. Perangan pawarta / berita

a. Irah-irahan pawarta utawa judul berita
 Nggambarake isine pawarta

21

 Kudu bisa ndudut kawigaten (manfaat)
b. Alinea Pambuka

 Kudu bisa ndudut kawigaten pamaca
 Menehi informasi kang penting ing pawarta
 Bisa nggawe pawaca mlebu ing perangan isi pawarta
c. Awak pawarta (isi berita)
 Ana 5W+1H yaiku apa, sapa, ing ngendi, kapan, genea, kepriye.
d. Panutup pawarta
 Ringkasan pawarta
 Ngarahake pawaca ing perkara kang ora diduga-duga.

4. Pokok-pokok pawarta

Pokok-pokok pawarta ana 6, kang diarani 5W+1H yaiku :
a. What (apa) yaiku apa judule pawarta
b. Who (sapa) yaiku sapa kang ana ing pawarta iku mau
c. When (kapan) yaiku kapan pawarta iku dumadi utawa kadadeane jam

pira
d. Where (ing ngendi) yaiku pawarta iku ana ing ngendi papan panggonane
e. Why (kena apa, apa sebabe) yaiku pawarta mau apa sebabe kok bisa

kaya mangkono.
f. How ( kepriye) yaiku pawarta iku kronologi utawa kepriye urut-urutane

kadadean pawarta iku.

5. Sifat pawarta

Sifat pawarta yaiku sifat-sifat kang ana pawarta supaya dadi pawarta sing
apik yaiku :
a. Aktual yaiku bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
b. Adoh / cedhak yaiku pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang

dumadi ing sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyane.
c. Wigati / penting yaiku sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep

perangan kang penting, amarga bisa ngendhaleni panguripan ing
bebrayan agung.
d. Akibat yaiku sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowahi
kahanan.

22

e. Congkrah / konflik yaiku pamaos luwih seneng nggatekake pawarta
kang surasane cecongkrahan.

f. Tintrim / ketegangan. Tuladha : Nalika nulungi wong ing kacilakan.
g. Kemajuan Tekhnologi. Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten

pamaose.
h. Emosi. Sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah,

tangis, gela. Tuladha : nemokake bayi ing pinggir dalan.
i. Humor. Gawe sengsem, mesem, lan guyu.
6. Etika nulis pawarta
a. Objektif

Ing babagan iki panulis ora kena martakake pawarta dikantheni
kepentingan pribadhi lan sponsor.
b. Cover Both Side. Pawarta kudu seimbang, aja abot sisih, luwih-luwih
nyebutake pihak-pihak kang ana sesambungan langsung karo pawarta
kasebut.
7. Carane nemokake pokok-pokok pawarta
a. Konsentrasi yaiku pamaca utawa sing maca kudu bener-bener
konsentrasi supaya paham pawarta iku bab apa wae.
b. Mangerteni pesen pokok saben ukara yaiku pamaca utawa sing maca
kudu nggarisi utawa menehi tanda kang ora ngerti banjur diwenehi arti
utawa teges.
c. Nyathet bab-bab kang penting yaiku pamaca kudu nyathet bab-bab kang
durung mudheng banjur digoleki arti utawa tegese.
d. Nerangake kanthi ringkes saka bab pawarta mau yaiku pamaca kudu
nerangake bab pawarta kang diwaca kanthi ringkes apa, sapa, kapan, ing
ngendi, kena apa lan kepriye pawarta iku mau bisa kadadean utawa
dumadi.

TULADHA PAWARTA/ BERITA
Pawarta 1

23

KSAD Banget Nyondhongi Anane Rabuk Bio Organik
PT Sidomuncul mbudidaya supaya limbah pabrik ora ngganggu

lingkungan, kanthii cara ngolah limbah didadekake rabuk bio organik. Pawarta
babagan rabuk bio organik kasebut, kapidhanget dening Kepala Staf Angkatan
Darat Jendral TNI Budiman, lumantar Pangdam IV Diponegoro Mayjen TNI
Sunindyo. Bapak Pangdam ngendika, menawa rabuk bio organik produksi
Sidomuncul kasebut bisa ningkatake tanduran strawberi wohe dadi tambah gedhe.
Mula Bapak KSAD mau banjur rawuh menyang Pabrik Jamu Sidomuncul,
Bergas, Kabopaten Semarang, tanggal 10 Mei 2014.

Anggone rawuh Bapak Kepala Staf Angkatan Darat Jendral TNI
Budiman, tinampa kanthi becik dening Direktur Utama Sidomuncul Irwan
Hidayat, lan Direktur Sidomuncul Pupuk Nusantara, David Hidayat. Ana ing
kalodhangan iki, Panjenengane nandhatangani pasarujukan makarya bebarengan
migunakake rabuk bio organik ing Kawasan Rumah Pangan Lestari ( KRPL )
Kodam IV Diponegoro.

Sawise kedadean pasarujukan panganggone rabuk bio organik
Sidomuncul karo Kodam IV Diponegoro, Bapak KSAD mratelakake menawa
bakal digunakake kanggo nandur tanduran obat, kayata ; kunir, jahe, lan temu
lawak. Wondene lahan kosong darbeke Kodam IV kang bakal ditanduri, udakara
100 hektar, sing mapan ing wewengkon Bantir, Kecamatan Sumowono,
Kabopaten Semarang.

Sawetara kuwi, Irwan Hidayat mratelakake menawa makarya
bebarengan kasebut digunakake kanggo nyengkuyung undhake kabutuhan bahan
baku obat-obatan herbal lan jamu.Tanduran jahe lan kunir bisa dipanen, watara
umur 9 sasi. Rabuk bio organik pancen cocog kanggo tanduran obat-obatan, uga
tanduran liyane awit saka kwalitase sing dhuwur. Malah rabuk bio organik
produksi Sidomuncul, kasil dieksport menyang manca negara, mligine Amerika
Serikat.
Kapethik lan kabesut saka Solo Pos, 11 Mei 2014.)

Pawarta 2

24

Dusun Mojolengi, Karangtengah, Imogiri Bantul
Majeng Pasanggiri Kampung Hijau Tataran DIY

Lingkungan sangsaya dangu sangsaya risak kanthi maneka warni jalaran,
wonten ingkang jalaranipun alam lan ugi wonten ingkang jalaran pokalipun manungsa.
Kerisakan ingkang paling mrihatosaken langkung kathah jalaran saking pokalipun
manungsa lan dumados kanthi gilir gumantos, sawetawis mboten wonten pambudidaya
kangge ndandosi kanthi samestinipun, babagan kasebat dipun ngendikaaken dening
Ketua Tim Penilai Kampung Hijau Tataran Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY)
ingkang ugi ngasta minangka Kepala Badan Lingkungan Hidup DIY, Ir. Kuncara HP.
MMA. rikala dinten Rabu, 17 September 2014 ing dusun Mojolengi Karangtengah
Imogiri Bantul.

Salajengipun pangandikan, bilih pasang-giri utawi evaluasi punika sanes
pungkasanipun kawigatosan kula-panjenengan dhumateng lingkungan, sampun
ngantos saparipurnanipun pambiji pangupakaranipun papan dunung lajeng kendel ugi.
Salah satunggaling pangangkah saking pasang-giri punika kangge ngajak masyarakat
nindakaken ewah-ewahan pangupakaranipun lingkungan. Menawi rumiyin pamarintah
tansah paring pepenget lan nyuwun dumateng masyarakat kangge migatosaken
lingkungan, sapunika dipun suwun kesadharanipun masyarakat tuwuh piyambak
kangge nggulawenthah lingkungan.

Intinipun tim tindak lapangan kangge mirsani lan nanjihaken punapa palapuran
kemajengan lan kesadharanipun masyarakat saestu jumbuh kaliyan kasunyatanipun.

Assisten Pemerintahan Drs. Misbakhul Muniar ngajab supados masyarakat lan
pemerintah tetep makarya sesarengan kangge amemangun lingkungan. Sampun
ngantos panyengkuyungipun masyarakat luntur satemah kerisakan lingkungan mboten
tansaya mrihatosaken. Kanthi semangat amemangun lan njagi lingkungan, alam saged
dipun lestantunaken. Pramila saking punika, wigatosipun musyawarah warga kedah
dipun tingkataken.

http://www.bantulkab.go.id/pawartos/353.html
kaundhuh : Senin, 22 September 2014 jam 23.43

25

Pawarta 3

Paneraking Tikus Ngrebda Asil Panenan Suda

Klaten, Jawa Tengah, www.jogjatv.tv - Para kadang tani ing Desa Gatak
Kecamatan Ngawen Klaten rumaos eram, awit sampun kalih wulan punika
paneraking tikus ing wewengkon kasebat ngrebda. Para kadang tani kuwatos badhe
nemahi gagal panen malih, awit saperangan pasabinan kalebet bengkok
gadhahanipun Pamong Desa, samangke ugi katerak tikus.

Kades Gatak, Hery mratelakaken, sampun kaping kalih mangsa tanem,
taneman pantun ing wewengkonipun katerak tikus, kepara asil panenan mangsa
tanem kapengker suda ngantos wolung dasa persen. Pasabinan ingkang katerak
tikus tansaya wiyar, kepara bengkok gadhahan para Pamong Desa ugi katerak tikus,
satemah ing mangsa tanem samangke dipun kuwatosaken badhe nemahi gagal
panen.

Kangge ngendhaleni paneraking tikus, seminggu punika warganing
kelompok tani grengseng ngadani gropyokan, kanthi dipun biyantu dening TNI lan
Polisi. Sinaosa makaten paneraking tikus tansaya ngrebda, pramila asil panenan
kadang tani suda. Saking wiyar pasabinan sewu meter persagi, namung ngasilaken
gangsal kuintal gabah.

A.
Kapethik saking : http://www.jogjatv.tv/berita/20/09/2014/paneraking-tikus-

ngrebdaasil-panenan-suda
Senin, 22 September 2014 jam 23.27

PIWULANG IV
IKLAN ABASA JAWA, ATUR-ATUR IJEMAN

26

KOMPETENSI DASAR
3.4 Memahami wacana yang berisi pesan/ iklan.
4.4 Menyampaikan pesan secara lisan.

1. Njlimeti Iklan

Iklan yaiku wara-wara utawa pitutur (Poerwadarminta, 1939). Iklan
nduwe teges ajak-ajak utawa celuk-celuk kang katindakake wola-wali.
Lumrahe dibyawarakake lumantar medhia masa kayata : televise, radhiyo,
laying kabar, kalawarti, lan liya-liyane.

Iklan yaiku pangajak kang ditindakake kanthi dibolan-baleni.
Lumrahe dibiwarake (disebarluaskan) mawa media cethak elektronik,
gawe utawa ngrakit iklan iku ora mung waton nggawe nanging ana
paugeran supaya anggone gawe iklan mau ginayuh tujuane.

Pangertosan Pariwara / Iklan yaiku wujud sesambungan kang nduweni
teges kanggo menehi greget tetuku, nawakake sawijining barang utawa
tenaga, kanggo merbawani panemune wong akeh, narik payengkuyuning
wong akeh amrih pikir lan tumindake laras karo kekarepe sing masang
pariwara.

2. Tujuan / ancase iklan

Ancas utawa tujuwane nggiyarakake iklan, yaiku menehi katerangan, ajak-
ajak, nepungake ngiras nawakake jasa utawa asil prodhuksine marang
wong akeh (masyarakat).

3. Bab-bab kang perlu digatekake sajroning iklan

a. Bab Surasa / Isine Iklan :
1. kudu objektif lan jujur
2. cekak lan cetha
3. ndudut ati (narik kawigaten)

b. Basane iklan :
Iklan kang becik iku basane dirakit kanthi :
1. Gampang ditampa (komunikatif)

27

2. Ukarane cekak aos (ringkes), cetha lan ndudut ati
3. Gambare cetha, gampang dingerteni, ndudut ati, lan nggodha wong

nganti kepengin nduweni, nuwuhake rasa kepengin ngerti lan
nyoba maneh
4. Isine nyata lan ora ngapusi apa ngarang
5. Sipate ajak-ajak, aja nganti kang pirsa utawa kang mireng
rumangsa diguroni apa maneh dipeksa.

4. Isine Iklan

 Tawa dagangan hasil produksi/barang
 Tawa jasa

5. Sifate iklan

 Ngajak-ajak marang konsumen (masyarakat pembeli) supayane
tuku apa sing ditawakake/dipariwarakake.

 Narik kawigaten (menarik perhatian) supaya migunakake jasa sing
ditawakake.

6. Wujude iklan

 Tetembungan
 Gambar
 Swara tetembungan-swara lagu
 Swara instrumentalia-acting

7. Medhia iklan

 Elektronik : radio, TV, internet.
 Cetak : ariwarti (Koran), kalawarti (Majalah), tabloid, cathetan

penting. Pariwara kang wujude pawarta (berita) iku diarani
advertorial
 Wosing publikasi, yaiku aweh katerangan marang
pamaca,babagan : apa wae kang ana sambung rakete karo produk,
ing antarane : kandungan bahan kasiat/manfaat, perijinan, cabang,
lan sapanunggalane.

28

8. Cara mbyawarakake iklan kanthi telung cara, yaiku:
1. Iklan radhiyo yaiku iklan kang awujud swara
2. Iklan medhia cetak yaiku iklan awujud tulisan lan utawa gambar
3. Iklan televise yaiku iklan awujud swara, gambar, lan tulisan.

9. Mangerteni cengkorongan atur-atur cara lisan
Tembung atur-atur mengku teges ngakon utawa ngaturi, kanthi cara lesan.
Atur-atur ndhuweni tujuan supaya ngundhang pawongan ing adicara sing
bakal diadani. Mula saka kuwi perlu mangerteni bab cengkorongane atur-
atur cara lesan kasebut. Dene cengkorongan atur-atur secara lesan iku,
kaya kasebut ing ngisor iki :
1. Ukara pambuka
Tuladha :
Kula nuwun, Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh, lan
sapiturute.
2. Ukara inti kang nuduhake maksud lan tujuan.
Tuladha :
Badhe matur Pak Teguh, sowan kula mriki sepisan silaturahmi, kaping
kalihipun kula dipunutus Pak Rasmuji bilih mangke dalu tabuh
setengah wolu panjenengan dipun aturi rawuh dhateng dalemipun,
saperlu paring donga pangestu anggenipun badhe maringi nama
putranipun.
3. Ukara panutup
Tuladha :
Awit sampun cekap anggen kula matur, kula kepareng nyuwun pamit.
Matur nuwun.

TULADHA IKLAN
Tuladha iklan saking radio :

29

Iklan “Tolak Angin Komplit”

Bapak : “ Aduh bune awakku kok padha pegel kabeh”
ibu : “Kenging menapa to pakne?”
Bapak : “Ora ngerti aku, apa jalarane, rasane kok kaya masuk angin.”
Ibu : “Oalah bapakne masuk angin ta!”
Bapak : “Iya bu, awit wingi bengi bali saka Semarang ngeterke barang

Ibu dagangan”
Bapak : “Niku pakne mesthi supe ngunjuk obat”
Ibu : “Iya bune, ben cepet mari dikapakna ya, dipijeti wae piye bune?
: “Oalah gampil yen soal pijet, niki tak damelke unjukan riyin, supados
Bapak
Ibu ical
pegel-pegelipun”
Bapak : “Apa kuwi bune?”
Ibu : “Niki lho pakne jamu TOLAK ANGIN KOMPLIT, obat herbal kangge

Bapak masuk angin, mendhakake weteng kembung, weteng lara, nglegakake
Ibu
tenggorokan, njaga kasarasan awak, sarta apik diunjuk nalika

perjalanan, awak sayah lan kurang turu. Obat iki didamel saka bahan

alami kayata minyak adas, kayu ules, godhong cengkeh, meniran, jahe
lan madu. Ayo \pakne diunjuk saniki supados enggal saras.”
: “Wah enak tenan bune, awak krasa seger buger kaya lebar dipijeti wae.”
: “Bener ta omongku, awak dadi seger buger amarga ngunjuk TOLAK
ANGIN KOMPLIT.”
: “Lha olehe tuku ngendi bune?”
: “Boten sah kuwatir pak, sakniki saben toko lan warung-warung turut

desa sampun wonten, Wong TOLAK ANGIN KOMPLIT niku pancen

mpun kondhang lan pancen cespleng tenan.

(Kapethik saking : http://belajarbahasajawa2013.wordpress.com/2013/12/12/tuladha-
iklan-ing-radio/ Sabtu, 9 Agustus 2014 jam 20.35)

Tuladha rekaman iklan sanesipun

(pariwara ing radhio)
Swanten Gendhing “Sarung Jagung” mungel alon, swanten wiwit
nggremet saya lirih lajeng alon-alon medal swanten iklan.

“Para kadang tani, boten prelu kuwatos lan bingung, menawi
badhe nanem: “Jagung Hibridha Jenis Unggul”. Gampil, Samenika
sampun sumadhiya wiji Jagung Hibridha wonten ing toko “SUBUR”
alamat komplek peken Tersono Ruko nomer 19A. Toko “SUBUR”
Nyedhiyaken wiji lan obat-obatan taneman. Toko “SUBUR” paling
komplit.

30

Tuladha iklan ingkang kapacak \\wonten kalawarti lan ariwarti

TULADHA WACAN ATUR-ATUR/ PESAN LISAN

Teks I

Koko didhawuhi Pak Rasmuji saprelu atur-atur kang ancase arep maringi

jeneng kanggo putrane Pak Rasmuji. Kanggo maringi jeneng kasebut, Pak Rasmuji

ngaturi tangga teparo supaya paring puji donga marang putrane mau. Acarane

arep diadani dina Senin bengi, tabuh 19.30. Mula dina Minggune Koko wiwit atur-

atur menyang tangga teparo. Atur-atur kang wiwitan ing daleme Pak Teguh sing

cedhak dhisik. Ora lali Koko wis nganggo sandhangan kang prasaja lan sopan.

Koko : Kula nuwun.... (lawang dithothok)

Pak Teguh : Mangga.... (saka njero Pak Teguh mangsuli, nanging durung

mbukakake lawang) Sinten punika, nggih ?

Koko : Kula, Koko....

Pak Teguh : O... Koko... (karo bukak lawang) ayo mlebu lungguh neng kursi.

(wong loro wis padha lungguh). Padha slamet ta le ?

Koko : Inggih.. pengestunipun wilujeng.

Pak Teguh : Piye? Ana apa le... ,kok katone ana sing wigati.

Koko : Badhe matur Pak Teguh, sowan kula mriki sepisan silaturahmi,

kaping kalihipun kula dipunutus Pak Rasmuji bilih mangke

dalu tabuh setengah wolu panjenengan dipun aturi rawuh

dhateng dalemipun, saperlu paring donga pangestu anggenipun

badhe maringi nama putranipun!

31

Pak Teguh : Ya, daktampa aturmu, muga ora ana alangan aku mengko bengi
Koko daksowan..
Pak Teguh
: Nggih pak, matur nuwun. Gandheng sampun cekap, kula nyuwun
pamit. Pareng. (Koko nuli salaman karo Pak Teguh).

: Ya sing ngati-ati.

Teks II

Ing sawijine dina, Gigih ditimbali pak Ahmad dijaluki tulung

supaya ngaturi tangga teparone, amarga arep ngijabake putra putrine. Kang

sepisanan Gigih sowan pak Wawan, dene ature mangkene :

Gigih : “ Kula nuwun “

Pak Wawan : “ Mangga, O... nak Gigih. Ayo pinarak lenggah njero
kene ! ‘

Gigih ; “ Kepareng matur bapak Wawan, ingkang sepisan kula
sowan mriki saperlu tuwi kawilujenganipun bapak
sakulawaarga. Kaping kalih, kula dipun utus bapak
Ahmad, bilih Panjenengan benjing dinten Minggu Legi
surya kaping sedasa wanci tabuh sanga enjing, dipun aturi
rawuh wonten dalemipun bapak Ahmad, saperlu paring
donga pangestu anggenipun ijab putra putrinipun ingkang
asma mbak Bunga Kinasih.

Pak Wawan : “ O, iya matur nuwun nak Gigih. Muga-muga ora ana
Gigih alangan, aku daksowan mrana. “
Pak Wawan
: “ Awit sampun cekap wigatosipun anggen kula sowan,
pramila kula nyuwun pamit lan matur nuwun. “

: “ O, iya nak Gigih ndherekake wilujeng. “

32

DAFTAR PUSTAKA

Sarno. 2017. Baut Basa Jawa. Wonogiri: Perusda.
Poerwadarminta, W. J. S. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers
Maatschappij N. V. Groningen
https://brainly.co.id/tugas/30043903
Kanisius. 2011. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa). Yogyakarta: Tim Balai Bahasa
Yogyakarta.
E.Kosasih. 2017. Bahasa Indonesia. Jakarta: Kementrian Pendidikan dan
Kebudayaan.
Susilorini, Dwi Priyani. 2005. Bahasa dan Sastra Indonesia. Surakarta: Seti-Aji.
https://m.tribunnews.com/amp/pendidikan/2021/09/02/teks-berita-pengertian-
unsur-unsur-struktur-dan-kaidah-kebahasaannya?page=4
https://brainly.co.id/tugas/37234658
http://www.harrywidhiarto.com/2020/08/materi-pembelajaran-pawarta-kelas-
x.html?m=1
https://pawartabahasajawa.blogspot.com/2015/08/pengertian-pawarta-dalam-
bahasa-jawa.html?m=1
https://belajar.diazrahma.com/2020/09/menelaah-teks-berita-utawa-pawarta-
pjj.html?m=1
http://jokobasajawa.blogspot.com/2018/03/materi-iklan.html
https://www.sinaujawa.com/2020/10/pangerten-pariwara-iklan-bahasa-
jawa.html
https://brainly.co.id/tugas/32841275

33

34


Click to View FlipBook Version