BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 1
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 2 CAPAIAN PEMBELAJARAN DAN TUJUN PEMBELAJARAN Capaian Pembelajaran : Elemen Menyimak Peserta didik mampu menganalisis dan mengevaluasi informasi berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan yang akurat dari teks sastra (misalnya: tembang macapat / parikan / wangsalan / cangkriman / dongeng / monolog / geguritan / cerita pendek / cerita rakyat / cerita wayang epos Ramayana atau lainnya) dalam bentuk audiovisual dan aural. Tujuan Pembelajaran : Tujuan pembelajaran yang akan dicapai meliputi: 1. Peserta didik dapat menelaah paugeran tembang macapat Gambuh dengan tepat. 2. Peserta didik dapat memahami arti kata-kata sulit dalam teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh. 3. Peserta didik dapat menelaah teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh dengan benar. 4. Peserta didik mampu memberikan tanggapan atau komentar mengenai isi nilai-nilai luhur teks piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh dengan baik. Alur Tujuan Pembelajaran : Alur tujuan pembelajaran meliputi: 1. Menelaah paugeran tembang macapat Gambuh. 2. Memahami arti kata-kata sulit dalam teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh. 3. Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh. 4. Menanggapi isi teks Piwulang Serat Wulangreh Pupuh Gambuh.
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 3 FASE 1: IDENTIFIKASI MASALAH ➢ MATERI FAKTUAL Kawaosa cakepan Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Pada 1 ing ngandhap punika! 2 3 5 5 5 3 56 Se - kar gam - buh ping ca - tur 6 5 3 2 2 3 5 5 3 56 kang ci - na - tur po - lah kang ka - lan - tur 2 1 6 1 2 2 2 2 2 3 1 65 tan - pa tu - tur ka - tu - la tu - la ka - ta - li 1 2 2 2 3 1 2 3 ka - da - lu - war - sa ka- tu - tuh 3 5 6 5 3 23 1 2 ka - pa - tuh pan da - di a - won Kagatosna video tembang macapat ing ingisor iki! https://www.youtube.com/watch?v=AbJ1H9FPD8k FASE 2: MENGORGANISASIKAN PESERTA DIDIK ➢ MATERI KONSEPTUAL Tembang macapat inggih punika tembang ingkang pangiketipun wewaton guru wilangan saha guru lagu ingkang limrah wonten ing serat-serat jaman sapunika. Wosipun tembang macapat inggih punika pangeling, pemut, utawi nasihat (ajaran). Wujudipun tembang macapat punika kaiket dening paugerang/aturan tembang.
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 4 Paugeran Tembang Macapat Jinisipun Tembang Macapat
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 5
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 6 Serat Wulangreh Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Serat Wulangreh inggih punika seratan ingkang wosipun ajaran supados manungsa gadhah pratingkah utawi tingkah laku ingkang luhur.
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 7 FASE 3: MEMBIMBING PENYELIDIKAN ➢ MATERI PROSEDURAL Sasampunipun sinau babagan tembang macapat, sumangga sami sinau sesarengan kaliyan kanca sakelompokipun ngengingi caranipun mangertosi isi/wosipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh. Mangertosi isi/wosipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Tembang macapat punika kalebet salah satunggalipun karya sastra Jawi ingkang ngandhut piwulang-piwulang luhur ingkang saged dipuntuladhani dening para pamaos. Anggenipun mangertosi piwulang ingkang wonten ing salebetipun tembang, betahaken cara tartamtu. Cara ingkang saged dipuntindakaken kangge mangertosi isi/wosipun cakepan tembang ingkang arupa piwulang luhur inggih punika kanthi cara damel gancaran utawi parafrase. Miturut Padmosoekotjo (1958:29), anggenipun gancaraken tembang kedah gatosaken: 1. Ukara-ukaranipun tembang ingkang pangiketipun ngangge wewaton baliswara, kedah dipunudhari. Supados dados gancaran, dhapukanipun tetembungan kedah dipunwalik. 2. Menawi wonten tembung kawi, kedah dipunjarwakaken utawi dipuntegesi, inggih punika dipungantos mawi tembung ingkang limrah. Langkung-langkung menawi tembung kawi punika boten nate kepireng wonten ing pasrawungan padintenan. 3. Menawi wonten tembung garba utawi tembung sandi, garbanipun kedah dipunudhari. 4. Nalika prelu kangge nglarasaken ukara, supados boten ngantos dados ukara gancaran ingkang sarwa wagu, kenging bucal utawi ngimbuhi tembungtembung sawetawis. Makaten ugi kenging ngicali utawi ngimbuhi ater-ater utawi panambang, menawi pancen prelu. 5. Pada-padanipun pundi ingkang kedah koma, titik, titik koma, titik kalih, pada pakon saha pitakenan, pambuka saha panutup, kedah manut wewaton panganggenipun pada wonten ing ukara-ukara gancaran (ejaan berdasarkan Ejaan Yang Disempurnakan) FASE 4: MENGEMBANGKAN DAN MENYAJIKAN HASIL KARYA ➢ MATERI METAKOGNITIF Sasampunipun para siswa maos saha mangertosi caranipun madosi isi/wosipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh, sapunika mangga sami ngecakaken urut-urutan ingkang dipunginakaken kangge madosi isi/wosipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh!
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 8 1. Analisis Struktur (Paugeran Tembang Gambuh) Gatra kapingGuru Wilangan Guru Lagu 1 Se-kar gam-buh ping ca-tur, 7 u 2 kang ci-na-tur po-lah kang ka-lan-tur 10 u 3 tan-pa tu-tur ka-tu-la tu-la ka-ta-li 12 i 4 ka-da-lu-war-sa ka-tu-tuh 8 u 5 ka-pa-tuh pan da-di a-won 8 o Saking analisis ing nginggil, saged dipunpendhet dudutan bilih paugeran tembang macapat Gambuh punika dumadi saking: a) Guru Gatra : 5 larik b) Guru Wilangan : 7, 10, 12, 8, 8 c) Guru Lagu : u, u, i, u, o 2. Negesi Tembung-tembung Angel Anggenipun negesi tembung ingkang angel wonten ing salebetipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh, saged dipunpadosi wonten ing aplikasi Bausastra utawi kanthi cara online wonten ing https://www.sastra.org/leksikon Gatosna cakepan tembang ing ngandhap punika! Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Pada 1 Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kelantur tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon. Saderengipun pados tegesipun tembang, kagolongaken tetembungan ingkang wonten ing salebetipun tembang miturut jinisipun lajeng dipunpadosi tegesipun! Tembung Lingga No. Tembung Lingga Tegesipun Tembung 1 Sekar Tembang 2 Gambuh Gambuh 3 Ping Ping / kaping 4 Catur Papat 5 Polah Solah / pratingkah 6 Kelantur Kebanjur-banjur 7 Tanpa Ora nganggo 8 Ketutuh Kena kacilakan maneh 9 Dadi Dadi 10 Awon Ala
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 9 Tembung kanthi katrangan engg. tegesipun panggenanipun No. Tembung engg. Tegesipun Tembung 1 Kang Ingkang / sing Tembung ingkang kalebet basa rinengga (br.) No. Tembung Basa Rinengga Tegesipun Tembung 1 Cinatur Dicritakake 2 Kadaluwarsa Kasep Tembung ingkang kalebet basa Kawi No. Tembung Basa Kawi Tegesipun Tembung 1 Tutur Pangeling-eling / piwulang 2 Pan Jer / rak Tembung ingkang kalebet paribasan No. Tembung Paribasan Tegesipun Tembung 1 Ketula-tula katali Tansah kacilakan Tembung ingkang pikantuk ater-ater No. Tembung kanthi ater-ater Tembung Lingga Tegesipun Tembung 1 Kadaluwarsa Dalu Kasep 2 Kapatuh Patuh Ajeg nindakake / kulina 3. Gawe Gancaran/Parafrase Sasampunipun negesi tetembungan ingkang wonten ing salebetipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh, mangga dpunlajengaken damel gancaran saking cakepan tembang Gambuh ingkang wonten ing Serat Wulangreh! Cakepan Tembang Tegesipun Sekar Gambuh ping catur, Tembang gambuh sing kaping papat, kang cinatur polah kang kelantur, Nyritakake tumindak kang kebanjur, Tanpa tutur katula-tula katali, Tanpa piwulang tansah kacilakan, Kadaluwarsa katutuh, Kasep nindakake kena kacilakan maneh, Kapatuh pan dadi awon Kulina rak dadi ala Gancaran / parafrase tembangipun: Ingkang dipunaturaken wonten ing tembang Gambuh angka kaping sekawan inggih punika ngrembag babagan patrap utawi tumindak ingkang boten sae, menawi boten enggal-enggal dipuntuturi mesthi badhe nemahi cilaka, bilih ngantos kasep anggenipun paring pituduh, bakal dados pakulinan ingkang awon.
BAHAN AJAR SERAT WULANGREH PUPUH GAMBUH KELAS VII SMP 10 4. Nafsiraken Piwulang Serang Wulangreh Pupuh Gambuh Sasampunipun damel parafrase utawi gancaran, para siswa saged damel dudutan ngengingi piwulang ingkang wonten ing Serat Wulangreh Pupuh Gambuh supados saged dipuntuladhani saha ditindakaken wonten ing pagesangan padintenan. Piwulang ingkang wonten ing sajroning Serat Wulangreh Pupuh Gambuh yaiku: a. Saenipun tiyang gesang punika tansah nindakaken tumindak ingkang sae. b. Tiyang gesang boten kenging ngulinakaken tumindak/patrap ingkang awon. c. Tiyang gesang kedahipun tansah manut dhateng piwulang supados boten cilaka. FASE 5: MENGANALISIS DAN MENGEVALUASI PEMECAHAN MASALAH Para siswa sampun rampung anggenipun madosi paugeran tembang, negesi tetembungan ingkang angel, damel gancaran, madosi isi saha nemtokaken piwulangpiwulang luhur ingkang wonten ing Serat Wulangreh Pupuh Gambuh, sumangga para siswa sami nindakaken analisis saha evaluasi ngengingi proses anggenipun nindakaken pasinaon ing dinten punika! DUDUTAN & RELEVANSI Dudutan Sekar macapat punika minangka salah satunggalipun karya sastra Jawi kanthi paugeran ingkang gumathok awujud guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu. Serat Wulangreh pupuh Gambuh punika ngandhut piwulang-piwulang luhur ingkang saged dipuntuladhani saha dipuntindakaken ing padintenan. Supados saged nuladha piwulang-piwulang luhur saking tembang macapat, pramila kedah mangertosi tegesipun tembung-tembung angel rumiyin lajeng dipundamel parafrase utawi gancaranipun. Relevasnsi Adhedhasar andharan materi Serat Wulangreh Pupuh Gambuh, saged dipunmangertosi isi utawi wosipun tembang ingkang taksih jumbuh/relevan kaliyan kawontenan sapunika. 1. Saenipun tiyang gesang punika tansah nindakaken tumindak ingkang sae. 2. Tiyang gesang boten kenging ngulinakaken tumindak/patrap ingkang awon. 3. Tiyang gesang kedahipun tansah manut dhateng piwulang supados boten cilaka. KAPUSTAKAN _______. 1985. Serat Wulang Reh. Surabaya: Citra Jawa. _______.Bausastra.online Padmosoekotjo. 1958. Ngrengngrengan Kasusastran Djawa I. Jogjakarta: Hien Hoo Sing. Said, Dewi Pangestu. 2022. Modul 4 Sastra Klasik lan Modern. Surakarta: Kementerian Pendidikan Kebudayaan Riset dan Teknologi.