RANGKUMAN MATERI
UJIAN SATUAN PENDIDIKAN
TAHUN 2021
BAHASA JAWA
DISUSUN OLEH :
YULI TRIANTO, S.Pd
SD NEGERI 1 SIRANDU - KARANGJAMBU
RANGKUMAN MATERI UJIAN SEKOLAH DASAR
TAHUN PELAJARAN 2019/2020
BAHASA JAWA
1. Disajikan sebuah teks geguritan dengan tema budi pekerti, siswa dapat menentukan arti
salah satu kata dalam teks tersebut dengan benar.
Geguritan utawa guritan iku mujudake sawijining jinis susatra Jawa, kang ing basa
Indonesia diarani puisi. Geguritan iku biyasane disusun utawa dirakit kanthi
migunakake basa susatra kang endah lan kerep migunakake tembung-tembung kias.
Mula saka iku kanggo bisa mangerteni isine geguritan, luwih dhisit kudu ngerteni
tegese tetembungan kang ana ing geguritan iku.
Nalika Aku Pamit
Karipta dening Rio Mataram
ibu
bun esuk katon kemerlip
kaya mutiara ing pasuketan
aku tansah kelingan ing dalan sapecak
sing saben dina dakliwati
budhal lan mulih sekolah iki
ibu nguntapake aku
kanthi paningal wening lan asih
“ngger, budhala
ngudi ngelmu kanggo sangu mbesuk
ibu mung bisa nyangoni pangestu
dadio generasi kang migunani.”
angles rasaning ati
bening lan asih panyawange ibu
dakenggo sami
mecaki dina-dinaku kanti semangat
jroning batin
kersane ibu bakal dakwujudake
kanti tulus lan bekti
ibu
keng putra bakal mituhu.
Akeh tetembungan ing gegutitan iku nganggo basa kias kudhu ditegesi supaya isine
geguritan bisa dimangerteni, kayata :
No. Tembung kias Tegese
1 Bun tetesing banyu ing gegodongan
2 sapecak ciut, cilik
3 budhal mangkat, lunga
4 nguntapake ngesotake kon lunga
5 paningal Mripat
6 wening Bening
7 ngudi Golet
8 pangestu Restu
9 angles anteng, ayem
10 mituhu Nurut
2. Disajikan teks geguritan dengan tema budi pekerti, siswa dapat menyimpulkan
geguritan dengan benar.
Ing Endi Kuburmu
Karipta dening Aka Cahyaningrat
kembang telon iki sesuk mesthi bakal alum
kanthi kenanga mawar mlathi mesthi bakal kucem
aku ora ngerti ana ing endi kudu daksebar
aku banget kelangan
aku banget ngantu-antu baline
adhiku bapa ibu
kang mokal
nalika tsunami ngruket ngubel kenceng
jasadmu musna
kubure bapa ibu ora cetha
nalika langite sangsaya padhang
pangangenku sangsaya adoh
ngumbara bareng sepiku kang tanpa wates
wewayagane bapa ibu lan eseme adhiku
cat katon cat ilang
sangsaya angles rasaning ati
ing kene kairing donga
daksebar kembang telon
kanggo adhiku bapa ibu
tanpa waspa
Kanggo mangerteni dudutan utawa simpulan isini geguritan bisa dibantu kanti gawe
ukara pitakon, migunakake tembung-tembung pitakon kang pas, kayata:
a. Apa sing dirasakake dening paraga (aku)?
Aku ngasakake banget kelangan
b. Sapa kang diantu-antu baline dening paraga (aku)?
Adhiku, bapa lan ibu.
c. Kepriye nasibe adhi, bapa lan ibu nalike tsunami?
Jasadne musna (seda) lan kubure ora cetha dununge.
d. Apa pungkasane sing ditindakake paraga aku?
Ngirimiake donga kanggo adhi, bapa lan ibune tanpa pedhot.
Cara gawe dudutan utawa simpulan geguritan kanthi ngrangke ukara kasile njawab
ukara pitakon ing nduwur.
Dudutane dadi kaya mangkene:
Aku ngrasakake banget kelangan marang adhi, bapa lan ibu sing seda lan ora cetha
kubure nalika tsunami. Paraga aku mung bisa kirim donga marang adhi, bapa lan
ibune.
3. Disajikan sebuah tembang macapat Gambuh, siswa dapat menentukan karakter dari
tembang Gambuh
Gambuh
(pelog Pathet Nem)
sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kelantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katutuh pan dadi awon,
aja nganti kabanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kebanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupaya iku
pitutur ingkang sayektos.
Wateke tembang gambuh:
a. Nyritakake babagan tugas lan tanggung jawabe generasi muda
b. Grapyak, sumanak lan aweh pitutur kanggo liyan
c. Menehi piwulang lan pituduh kang nuwuhake kepribaden becik
4. Disajikan sebuah tembang macapat Gambuh, siswa dapat menentukan guru lagu dan
guru wilangan dari tembang Gambuh
Gambuh
(pelog Pathet Nem)
sekar gambuh ping catur
kang cinatur polah kang kelantur
tanpa tutur katula tula katali
kadaluwarsa kapatuh
katutuh pan dadi awon,
aja nganti kabanjur
barang polah ingkang nora jujur
yen kebanjur sayekti kojur tan becik
becik ngupaya iku
pitutur ingkang sayektos.
Ciri-cirine tembang gambuh:
a. Saben sapada (bait) ana 5 gatra (larik)
b. Gatra utawa larik 1 guru wilangane 7, guru lagune u
c. Gatra utawa larik 2 guru wilangane 10, guru lagune u
d. Gatra utawa larik 3 guru wilangane 12, guru lagune i
e. Gatra utawa larik 4 guru wilangane 8, guru lagune u
f. Gatra utawa larik 5 guru wilangane 8, guru lagune o
Cekake guru lagu lan guru wilangan tembang gambuh 7 u, 10 u, 12 i, 8 u, 8 o
5. Disajikan teks nonsastra tentang tradisi, siswa dapat menentukan amanat dengan
benar.
Ki Hadjar Dewantara
Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar Dewantara, tokoh sing
duwe jasa bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang duwe jeneng asli R.M.
Suwardi Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan nasional. Kegiatane diwiwiti minangka
jurnalis ing pirang-pirang layang kabar karo EFE Douwes Dekker, ngelola De Expres.
Ki Hadjar aktif dadi pengurus Boedi Oetomo lan Sarikat Islam. Sakbanjure karo Cipto
Mangun Kusumo lan EFE Douwes Dekker dijuluki ”Tiga Serangkai.” Deweke
ngedekke Indische Partij, organisasi politik kaping siji ing Indonesia sing kanthi tegas
nuntuk Indonesia mardika. Ing zaman Jepang, peran Ki Hadjar tetep nonjol. Karo
Soekarno, Hatta, lan Mas Mansur, dijuluki “Empat Serangkai,” mimpin organisasi
Putera. Nalika mardika, Ki Hadjar dadi Menteri Pengajaran Kapisan.
Ajaran kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing poluler ing kalangan masyarakat
yaiku Ing Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun Karso, Tut Wuri Handayani. Sing
intine pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya iso dadi panutan kanggo bawahan
utawa anak buah.
Ing Ngarso Sun Tulodo artine Ing ngarso kuwe ing ngarep , Sun sekang kata Ingsun
sing artine aku, Tulada berarti tauladan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe
dadi pemimpin kudu bisa ngewei suri tauladan nggo anak buahe. Saiki akeh pemimpin
sing sikap lan prilakune ora kena dadi panutan nggo anak buahe.
Ing Madyo Mbangun Karso, Ing Madyo artine neng tengah-tengah. Mbangun ngemu
teges nggugah lan Karso artine niat. Maknane, dadi pemimpin neng tengah kesibukane
kudu bisa nguripake semangat kerja bawahane.
Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artinya melu sekang mburi lan handayani artine ngewei
dorongam moral. Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa ngewehi dorongan
moral sekang mburi ben bawahane nduweni semangat kerja.
Kanggo ngenang jasa suwargi, mula Pengetan Dina Pendidikan Nasional 2 Mei ora
bisa dipisahke saka sosok Ki Hadjar Dewantara, tokoh kang jasa majukake pendidikan
ing Indonesia. Muga-muga awak dewe generasi enom bisa nglanjutke cita-cita
panjenengane, lan bisa ngamalake ajaran sing uwis dibabarke dening Ki Hajar
Dewantara.
Amanat utawa pesen moral yaiku babagan kang dikarepake dening penulis kanggo sing
maca. Goleki ukara prentah, saran, pangajak, kekarepan kanggo ngamalake perkara-
perkara becik, utawa prentah ninggalake perkara ala.
Amanat utawa pesen moral teks ing nduwur yaiku pangajak marang generasi enom
muga-muga bisa nglanjutake cita-citane Ki Hajar Dewantara kanthi ngamalake ajarane
luhur Ing ngarsa sun tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
6. Disajikan teks nonsastra tentang tradisi, siswa dapat menjawab pertanyaan sesuai
bacaan dengan benar
Nyadran
Nyadran iku salah siji prosèsi adat budaya Jawa awujud kagiyatan setaun sapisan ing
sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya
déné apem, jajan pasar, sega putih lan klubanan. Jeneng nyadran iki asalé
saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana
ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti
sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing taun 1350. Upacara sraddha minangka
pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar,
nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar).
Tradhisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahit nganti saiki.
Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri déning masarakat, mligi ing tlatah
padésan. Nyekar ing sasi Ruwah duwé surasa utawa wulangan marang anak putu
supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.
Ukara pitakon kang pas karo isine wacan biasane nganggo tembung pitakon, kayata:
a. apa, nakokake piranti, barang utawa kedaden
Pitakon : Panganan apa sing biasa dicawisake ana ing upaca nyadran?
Wangsulan : apem, jajan pasar, sega putih lan klubanan.
b. sapa, nakokake wong, paraga utawa pelaku
Pitakon : Nyekar ana ing sasi Ruwah saperlu bukti tresna marang sapa?
Wangsulan : leluhur sing wis puput yuswa
c. kapan, nakokake wektu
Pitakon : Kapan Gusti Ratu Tribhuwana Tungga Déwi seda?
Wangsulan : Taun 1350
d. ana ngendi, nakokake papan utawa panggonan
e. kepriye, nakokake kedadiyan
f. pira, nakokake wilangan utawa jumlah
g. geneya, nakokake sebab musababe, alesane
7. Disajikan tabel berisi kata dalam huruf Jawa yang menggunakan sandhangan swara
dengan kata dalam tulisan latin, siswa dapat menentukan pasangan yang benar.
Aksara Sandhangan Swara Tembung Unine
adi gu n
a = ha p = sa adhiguna
i Nwl
n = na d = dha u Cilk nawala
c = ca j = ja e prem\ cilaka
r = ra y = ya parem
k = ka v = nya { {khpi
o kopi
f = da m = ma
t = ta g = ga Dkyu f m/ kayu damar
s = sa b = ba Kklicilik\ kali cilik
w = wa q = tha sbwn saba wana
l = la z = nga wnimti wani mati
lirurugi liru rugi
8. Disajikan kata dalam huruf Jawa secara acak yang menggunakan sandhangan
panyigeg/wyanjana, siswa dapat mengurutkan dengan benar.
Ngurutake tembung dadi ukara kang bener.
No. Tembung ukara
an swh weruh mnuk\
1 mnuk\ - swh - an -
weruh ly z {nmbu/ duwu/
an [boch [polh
2 mbu/ - ly z {n - duwu/
3 [polh - [boch - an
9. Disajikan teks pidato, siswa dapat memberi tanggapan tentang isi pidato dengan benar.
Nanggapi isi pidato kuwi padha karo menehi penemu marang sawijining bab.
Nanggapi isine teks pidhato iku menehi panyaruwe utawa panemu marang isine teks
kasebut. Tanggapan utawa panyaruwe iku nyatakake cocog orane marang isine teks
pidhato, dikanteni alasan kang mathuk.
Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuuh, sugeng enjang.
Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak lan Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani.
Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban
anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu
Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Cekap semanten atur kawula, nyuwun pangapuntun bilih wonten tutur ingkang kleru
lan suba sita ingkang kirang trep.
Kula pungkasi, wassalamu’alaikum warokhmatullahi wabarokatuuh.
Tuladha tanggapan:
Becike kanggo ngawali pidhato dipentingangake ngucap syukur marang Gusti Allah
sadurunge njangkah intine pidhato, saperlu mbuktekaken minangka dhewek kuwi
kawulane Gusti sing kebak syukur lan supaya ditambahi nikmate.
10. Disajikan teks pidato, siswa dapat menentukan bagian-bagian dari pidato dengan benar.
Perangane pidhato:
a. Salam Pambuka
Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokatuuh
Sugeng enjang.
b. Purwaka/pambuka
Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak lan
Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-
rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti ingkang
Maha Agung, ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula lan
panjenengan saged makempal ing aula punika kangge ngawontenaken acara
perpisahan.
c. Isi/ surasa
Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun
ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken
kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
d. Wigati/simpulan
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru,
saengga saged ngrampungaken pawitan menika.
e. Pangajeng-ajeng
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak
Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang
maremaken.
f. Wusana/panutup
Cekap semanten atur kawu nyuwun pangapunten bilih wonten tutur ingkang kleru
slan suba sita ingkang kirang trep. Kula pungkasi
g. Salam panutup
Wassalamu’alaikum warokhmatullahi wabarokatuuh.
11. Disajikan teks cerita wayang Pandhawa, siswa dapat menentukan watak tokoh dalam
cerita wayang Pandhawa tersebut dengan benar.
Karna Madeg Senapati
Manut pamikire Prabu Duryudana, sawise sedane Resi Bisma lan Resi Durna, senapati
perang kang bisa diandelake yaiku Raja Awangga kanthi aran Adipati Karna utawa
Narapati Basukarna. Prabu Duryudana milih Adipati Karna dadi pimpinan perang
prajurit Astina kanggo nyerang Pandhawa ing Tegal Kurusetra. Kedadean iki
ndadekake perang suluh yaiku perang ing wayah wengi. Perang kasebut gawe sedhihe
para Pandhawa amarga Gathotkaca gugur ing Palagan.
Para Kurawa padha seneng meruhi lan krungu yen Gathotkaca, senopatine Pandhawa,
gugur. Para Kurawa sarujuk yen Adipati Karna diangkat dadi senapati perang Kurawa.
Adipati Karna ngajak Prabu Salya dadi kusire ing palagan Kurusetra. Prabu Salya
siyap nindakake apa kang dikarepake deneng senapatine. Ananging, satemene Prabu
Salya wegah dadi kusir mantune dhewe.
Saweijining dina Adipati Karna nemoni ibune yaiku Dewi Kunthi. Dewi Kunthi ora
liya uga ibune para Pandhawa. Dewi Kunthi rumangsa seneng amarga Adipati Karna
kang biyen dititipake saiki wis ngakoni ibune. Dewi Kunthi njaluk supaya Adipati
Karna gelem kumpul karo sedulur-sedulure yaiku para Pandhawa. Ananging, Adipati
Karna ora gelem. Adipati Karna nduwe panemu yen sing ngopeni lan nggulawethah
dheweke dudu para Pandhawa, nanging para Kurawa. Adipati Karna kepengin mbales
budi marang para Kurawa.
“Ibu Kunthi sampun kuwatos amargi kula badhe milih sinten ingkang gesang, Karna
menapa Arjuna. Ingkang wigatos Pandhawa ajeg gangsal. Pramila ingkang putra
nyuwun pamit,” kandhane Adipati Karna marang ibune.
Krungu ature putrane kaya mangkono, Dewi Kunthi nangis lan katon nelangsa atine.
Sabanjure, Dewi Kunthi nguntapake putrane kanthi easa was sumelang.
Sang bagaskara wis sumunar. Sangkala wis diunekake. Para prajurit padha siyaga
nglawan mungsuh-mungsuhe. Kereta perange Adipati Karna kang dikusiri dening
Prabu Salya wis lumebu Tegal Kurusetra. Semana uga ing papan liya, Raden Arjuna
wis siyap siyaga arep tetandhingan karo Adipati Karna. Raden Arjuna nggunakake
kereta perang Kyai Jaladrara duweke Prabu Kresna. Kereta perang kang dikusiri
dening Prabu Kresna mlayu kenceng tumuju palagan paprangan Tegal Kurusetra.
Kereta perang loro mau wis adhep-adhepan. Perang tandhing antarane Adhipati Karna
lan Raden Arjuna ora bisa diendhani. Senopati loro iki pada trampil oleh gegaman
arupa panah. Senapati loro mau kang sejatine isih sedulur tunggal ibu padha-padha
sektine. Anggone tenandhingan mbutuhake wektu kang sue. Wusanane Raden Arjuna
kasil ngeculake panah lan ngenani dhadhane Adipati Karna. Adipati Karna tumiba ing
bumi, gugur ing palagan Kurusetra.
No Jenenge Paraga Watak Paraga
1 Adipati Karna Wani, setya, pinter lan sekti
2 Prabu Salya sombong, pinter lan sekti
3 Dewi Kunthi Luhur budhine, asih, bekti lan mituhu
12. Disajikan teks cerita wayang Pandhawa, siswa dapat menentukan ringkasan cerita
wayang Pandhawa tersebut dengan benar.
Karna Madeg Senapati
Manut pamikire Prabu Duryudana, sawise sedane Resi Bisma lan Resi Durna, senapati
perang kang bisa diandelake yaiku Raja Awangga kanthi aran Adipati Karna utawa
Narapati Basukarna. Prabu Duryudana milih Adipati Karna dadi pimpinan perang
prajurit Astina kanggo nyerang Pandhawa ing Tegal Kurusetra. Kedadean iki
ndadekake perang suluh yaiku perang ing wayah wengi. Perang kasebut gawe sedhihe
para Pandhawa amarga Gathotkaca gugur ing Palagan.
Para Kurawa padha seneng meruhi lan krungu yen Gathotkaca, senopatine Pandhawa,
gugur. Para Kurawa sarujuk yen Adipati Karna diangkat dadi senapati perang Kurawa.
Adipati Karna ngajak Prabu Salya dadi kusire ing palagan Kurusetra. Prabu Salya
siyap nindakake apa kang dikarepake deneng senapatine. Ananging, satemene Prabu
Salya wegah dadi kusir mantune dhewe.
Saweijining dina Adipati Karna nemoni ibune yaiku Dewi Kunthi. Dewi Kunthi ora
liya uga ibune para Pandhawa. Dewi Kunthi rumangsa seneng amarga Adipati Karna
kang biyen dititipake saiki wis ngakoni ibune. Dewi Kunthi njaluk supaya Adipati
Karna gelem kumpul karo sedulur-sedulure yaiku para Pandhawa. Ananging, Adipati
Karna ora gelem. Adipati Karna nduwe panemu yen sing ngopeni lan nggulawethah
dheweke dudu para Pandhawa, nanging para Kurawa. Adipati Karna kepengin mbales
budi marang para Kurawa.
“Ibu Kunthi sampun kuwatos amargi kula badhe milih sinten ingkang gesang, Karna
menapa Arjuna. Ingkang wigatos Pandhawa ajeg gangsal. Pramila ingkang putra
nyuwun pamit,” kandhane Adipati Karna marang ibune.
Krungu ature putrane kaya mangkono, Dewi Kunthi nangis lan katon nelangsa atine.
Sabanjure, Dewi Kunthi nguntapake putrane kanthi rasa was sumelang.
Sang bagaskara wis sumunar. Sangkala wis diunekake. Para prajurit padha siyaga
nglawan mungsuh-mungsuhe. Kereta perange Adipati Karna kang dikusiri dening
Prabu Salya wis lumebu Tegal Kurusetra. Semana uga ing papan liya, Raden Arjuna
wis siyap siyaga arep tetandhingan karo Adipati Karna. Raden Arjuna nggunakake
kereta perang Kyai Jaladrara duweke Prabu Kresna. Kereta perang kang dikusiri
dening Prabu Kresna mlayu kenceng tumuju palagan paprangan Tegal Kurusetra.
Kereta perang loro mau wis adhep-adhepan. Perang tandhing antarane Adhipati Karna
lan Raden Arjuna ora bisa diendhani. Senopati loro iki pada trampil oleh gegaman
arupa panah. Senapati loro mau kang sejatine isih sedulur tunggal ibu padha-padha
sektine. Anggone tenandhingan mbutuhake wektu kang sue. Wusanane Raden Arjuna
kasil ngeculake panah lan ngenani dhadhane Adipati Karna. Adipati Karna tumiba ing
bumi, gugur ing palagan Kurusetra.
Kanggo nggampangake ngringkes utawa nggoleti dudutane carita bisa migunakake
pambiyantu ukara pitakon kayata:
a. Apa
Pitakon : Kedaden apa ana ing Tegal Kurusetra?
Wangsulan : Perang antarane Kurawa lan Pandhawa
b. Sapa
Pitakon : Sapa kang madeg senapati perang saka Kurawa ana ing peperangan
Tegal Kurusetra?
Wangsulan : Adipati Karna gugur ana ing palagan Kurusetra.
c. Kepriye
Pitakon : Kepriye kasile paperangan iku?
Wangsulan : Adipati Karna ketaman panah dening Raden Arjuna ana ing
dhadhane wusanane tumiba ana ing bumi lan gugur.
Dudutan utawa simpulan : Adipati Karna madeg senapati perang Kurawa ana ing
peperangan Tegal Kurusetra nglawan Pandhawa, ing wusanane gugur ketaman panah
dening Raden Arjuna.
13. Disajikan cerita legenda, siswa dapat membuat pertanyaan sesuai teks bacaan dengan
benar.
Sunan Kalijaga lan Kayu Jati
Ing jaman biyen nalika para wali lagi ngadegake masjid Demak, saben wali diparingi
jejibahan golet kayu jati kang rep digawe saka guru masjid Demak. Salah sawijining
wali kang entuk jejibahan golek saka kayu jati yaiku Sunan Kalijaga. Sunan Kalijaga
banjur tindak golet kayu jati kanggo gawe saka masjid Demak. Tindake Sunan
Kalijaga didherekake dening para santrine.
“Sedulur-sedulur kabeh, aku arep tumuju alas kanthi tujuan golek kayu jati kanga rep
didadekake saka masjid Demak. Apa kowe para sedulur gelem ndherekake aku?”
ngendikane Sunan Kalijaga.
“Nggih, Sunan. Kula saha para santri sedaya sagah ndherekaken panjenengan ngupadi
kajeng jatos menika,” sumaure salah sijine santri.
Satekane ing tengah alas, Sunan Kalijaga kendel ing sangisore wit jati. Sunan Kalijaga
banjur ngendika, “Sedulur-sedulurku kabeh, coba pandengan wit jati kae! Apa kayu
wit iku cocog digawe saka guru masjid?” ngendikane Sunan Kalijaga marang santrine.
“Inggih . . . . inggih, Kanjeng Sunan,” wangsulane para santrine bebarengan.
“Nek mangkono, saiki tegoren wit jati iku!” dhawuhe Sunan Kalijaga marang para
santrine.
Para santrine Sunan Kalijaga banjur negor wit jati iku. Ananging anehe, nalika wit
jati mau ditegor, wit jati mau ora gelem ambruk. Wit jati mau malah pindhah
panggonan. Saben para santrine nututi wit jati iku, wit jati iku mesthi ngalih
panggonan. Mangkono prastawa iku bola-bali kedadean.
Para santrine mengkono iku, Sunan Kalijaga banjur ngendika, “Sedulur-sedulurku,
besuk yen wewengkon kene iki dadi rame dening menungsa, wewengkon kene iki
dakwenehi jeneng jati Ngaleh.” Para santri ngestokake pangandikane Sunan Kalijaga.
Sunan Kalijaga lan para santrine banjur terus ngoyok wit jati sing tansah pindhah-
pindhah panggonan mau. Suanan Kalijaga lan para santrine banjur golek akal supaya
bisa ngalang-ngalangi pindhahe wit jati iku. Sunan kalijaga dhawuh marang santrine
supaya gawe kalangan kang ngupengi wit jati mau supaya ora bisa pindhah panggonan
maneh. Panggonan ing sakiwa tengene wit jati mau banjur diwenehi jeneng Jati
Kalangan.
Wusanane wit jati mau kasil ditegor dening para santri, Amrih gampange nggwa kayu
jati iku meyang Demak, kayu jati mau banjur dikelekake ing kali. Dene Sunan Kalijaga
lan para santrine ngetutake ing mburine. Sunan Kalijaga lan para santrine anggone
ngetutake kayu jati mau nganti ngancik wektune salat. Sunan Kalijaga banjur dhawuh
marang para santrine mandheg saperlu salat, ngaso, lan mangan. Sunan Kalijaga lan
para santrine padha leren ing sawijining guwa. Guwa iku dumunung ing sapinggiring
kali kang ana grojogane. Dening Kanjeng Sunan Kalijaga guwa mau banjur dijenengi
Gua Kreo.
Sawise ilang kesele, Sunan Kalijaga lan para santrine nerusake lakune nggawa kayu
jati tumuju Demak. Kayu jati mau banjur dikelekake maneh ing kali lan lancar iline
tumuju Demak.
Gawe ukara pitakon kang pas karo kasunyatan isine wacan nganggo, kayata:
a. Apa jejibahane para wali kanggo ngupaya gawe saka guru masjid Demak?
b. Sapa sing tindake ngupadi kayu jati didherekake para santri?
c. Kepriye carane nggawa kayu jati kang wis ditegor menyang Demak?
d. Ana ngendi panggonan sing kanggo leren salat, ngaso lan mangan nalika Sunan
Kalijaga lan para santrine ngetutake keline kayu jati tumuju menyang demak?
14. Disajikan cerita legenda, siswa dapat menyimpulkan pesan yang terkandung di
dalamnya dengan benar.
Pitutur utawa pesen moral kang pas karo cerita ing nduwur yaiku:
Pagaweyan abot bisa dirampungi kanthi saiyeg, bebarengan lan miturut karo dhawuhe
pimpinane.
15. Disajikan teks bacaan deskriptif, siswa dapat menjawab pertanyaan bacaan dalam
ragam ngoko dengan benar.
Candi Borobudur
Candi Borobudur mujudake candi Budha kang digawe ing abad IX dening Raja
Semaratungga sing ngasta kraton Mataram Hindu. Raja Semaratungga saka wangsa
syailendra. Candi iki minangka candi Budha gedhe dhewe sejagat. Prenahe candi
Borobudur dumunung ana ing sakidul kulone kutha Muntilan, kabupaten Magelang.
Candi Borobudur dumadi saka 9 tataran yaiku enem teras wujud pasagi lan telu
wujud bundher, kanthi pucukan wujud cungkup ing pusere. Candi iki direnggani
panel relief cacah 2.672 lan reca Budha cacah 504. Cungkup pusere kinubengan
reca Budha lungguh cacah 72 sing padha dipapanake ing jero stupa sing bolong-
bolong.
Mangsuli pitakon nganggo basa ngoko:
a. Ana ngendi dununge candi Borobudur?
Wangsulan : Sakidul kulon kutha Muntilan, kabupaten Magelang.
b. Pira cacahan tataran candi Borobudur kang wujud pasagi?
Wangsulan : 9 (sanga)
c. Sapa sing mangun candi Borobudur?
Wangsulan : Raja Semaratungga
d. Kapan candi Borobudur digawe?
Nalika abad IX
16. Disajikan kalimat singkat berhuruf latin, siswa dapat mengubah kalimat tersebut
dengan huruf Jawa dengan benar.
No. Latin Ukara
1 tuku buku lima
2 tini lali bali Jawa
3 laku suba sita tuku buku li m
4 lajur sepur tini l li b li
aku sub sit
l ju/sepu/
5 nini dukun nini fukun\
17. Disajikan kalimat rumpang menggunakan huruf Jawa, siswa dapat melengkapi kalimat
tersebut dengan benar.
Ukara rumpang :
aj …… tuku bubu/
Jangkepane :
lli
18. Disajikan teks pidato perpisahan kelas VI siswa dapat mengartikan kata sulit dengan
benar.
Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuuh, sugeng enjang.
Nuwun Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak lan Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang
ingkang kula tresnani.
Kula minangka wakil saking siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban
anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu
Guru pikantuk piwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.
Cekap semanten atur kawula, nyuwun pangapuntun bilih wonten tutur ingkang kleru
lan suba sita ingkang kirang trep.
Kula pungkasi, wassalamu’alaikum warokhmatullahi wabarokatuuh.
Negesi tembung: Tegese
No. Tembung lan
1 Saha karo, lan
2 tuwin sekolah
3 pawiyatan ilmu, pangerten
4 kawruh olih, entuk
5 pikantuk ngrumat, ngupakara
6 nggulawentah
19. Disajikan dua penggalan pidato perpisahan kelas VI, siswa dapat membandingkan
pesamaan/perbedaan kedua teks pidato tersebut dengan benar.
Teks 1 Teks 2
Wonten ing kalodhangan punika kula
minagkani wakilipun warga dusun Mboten supe kawula ngaturaken gunging
Sukatani keparenga matur dhumateng panuwun saking sedaya pambiyantu para
hadirin wonten ing rapat desa mriki warga dusun Sukatani, mugiya sedaya
sapelu mbutulaken niyat sae para warga. pambiyantu panjengenan sedaya cinathet
Ingkang insya Allah sasi ngajeng badhe minangka amal sae saha pikantuk piwales
ngawontenaken gotong royong kangge saking Gusti ingkang Maha Agung.
ngleresi margi pinggir lepen supados toya Wusana nyuwun pangapunten bilih
jawah boten sangsaya ngrisak margi. anggen kula matur wonten ingkang boten
maremaken panggalih.
Wassalamu’alaikum warokhmatullahi
wabarokatuuh.
Teks pidhato ing nduwur ngemu babagan sing padha lan uga ana sing beda,
Padha : padha-padha nganggo basa karma
Bedha : teks 1 perangan wigati/intine pidhato, nanging teks 2 minangka panutupe
pidhato.
20. Disajikan teks pidato perpisahan kelas VI yang rumpang, siswa dapat melengkapinya
dengan benar
….
Mangga kita sedaya boten supe tansah ngonjukake puji syukur dhumateng ngarsa
dalem Gusti Allah, ….. kanikmatan dhumateng kita sedaya.
….
Jangkepane :
Ingkang sampun paring
21. Disajikan gambar ilustrasi tentang budaya, siswa dapat menceritakan isi gambar
dengan benar.
No. Gambar Carita adhedhasar gambar
Dalang iku minangka pangudale
carita ana ing pagelaran wayang
kulit. Caritane wayang bisa
dimangerteni kanthi udhalane carita
saka dhalang.
Pagelaran tari biasa dianakake ana
ing papan kang jembar, kayata
panggung. Perlune supaya bisa
dipriksani dening pamiarsa.
22. Disajikan cerita deskripsi tentang budaya,siswa dapat mengartikan kata sulit dengan
benar.
…..
Sekaten inggih punika upacara pengetan Maulid Nabi ingkang kaleksanan pitung
dinten, awit surya kaping 5 wulan Mulud ngantos dumugi 12 Mulud. Prosesi ingkang
sepisanan inggih punika mboyong 2 gamelan pusaka saking kraton dhateng Masjid
Agung Solo. Kekalih gamelan kalawau nggadahi asma pyambak-pyambak. Ingkang
sepisanan inggih punika Kyai Guntur madu, ingkang dipunginakaken wonten sisih
kidul mesjid agung Solo. Dene ingkang setunggalipun inggih punika gamelan Kyai
Guntur Sari ingkang dipunpanggenaken wonten ing sisih ler. Gamelan punika dipun
tabuh gantosan awit enjang ngantos dumugi tengah dalu. Para abdi dalem ingkang putri
sami ndhahar kinang ingkang dipun wadhai conthong. Jajanan khas sekaten inggih
punika cabuk rambak, wedhang ronde. ndog asin, lan sekul liwet.
….
No. Ukara Tegese
1 Surya Tanggal
2 mboyong Mindah
3 pusaka barang aji
4 Asma Aran
5 conthong godhong gedhang dilinthing
6 cabuk rambak panganan khas solo, kupat sing deiris tipis disiram
bumbu
7 Sekul Sega
23. Disajikan cerita budaya, siswa dapat menentukan kalimat utama salah satu paragraf
dengan benar.
Festival Kethoprak Remaja
…….
Manut pangandikane Kepala Seksi Kebahasaan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan
Provinsi Jawa Tengah Festival Kethoprak Remaja iku dianakake saben tahun. Saiki
ngancik tahun kaping pindho, ateges wis rong tahun anane Festival Kethoprak Remaja
iku digelar. Pesertane sangsaya tambah, iku merga kerja kerase panitia kanggo woro-
woro ana ing saben media.
Festival kethoprak Remaja iku dianakake kanthi tujuan kanggo nguri-uri ngiras
nglestarekake kesenian tradisional Jawa kang kaya-kaya arep cures. Seni kethoprak
nalika semana mujudake sawijining kesenian rakyat utawa tontonan kang kerep
dipentasake nalika ana pasamuan utawa wong duwe gawe. Jaman biyen menawa ana
pentas kethoprak sing nonton mesthi mludag, akeh banget.
Jenenge wae Festival Kethoprak Remaja, ya wis mesthi pesertane para remaja. Kabeh
minangka wakil-wakil saka sekolahan. Taun iki pesertane ana 29 kelompok. Kabeh
makili kabupaten kota ing Jawa Tengah. Pesertana siswa SMA, SMK utawa saka MA.
……..
No. Paragraf Kalimat utama
1 Paragraf 1 Manut pangandikane Kepala Seksi Kebahasaan Dinas Pendidikan
dan Kebudayaan Provinsi Jawa Tengah Festival Kethoprak
Remaja iku dianakake saben tahun.
2 Paragraf 2 Festival kethoprak Remaja iku dianakake kanthi tujuan kanggo
nguri-uri ngiras nglestarekake kesenian tradisional Jawa kang
kaya-kaya arep cures.
3 Paragraf 3 Jenenge wae Festival Kethoprak Remaja, ya wis mesthi pesertane
para remaja.
24. Disajikan cerita budaya, siswa dapat menentukan pokok pikiran salah satu paragraf
dengan benar.
Festival Kethoprak Remaja
…….
Manut pangandikane Kepala Seksi Kebahasaan Dinas Pendidikan dan Kebudayaan
Provinsi Jawa Tengah Festival Kethoprak Remaja iku dianakake saben tahun. Saiki
ngancik tahun kaping pindho, ateges wis rong tahun anane Festival Kethoprak
Remaja iku digelar. Pesertane sangsaya tambah, iku merga kerja kerase panitia
kanggo woro-woro ana ing saben media.
Festival kethoprak Remaja iku dianakake kanthi tujuan kanggo nguri-uri ngiras
nglestarekake kesenian tradisional Jawa kang kaya-kaya arep cures. Seni kethoprak
nalika semana mujudake sawijining kesenian rakyat utawa tontonan kang kerep
dipentasake nalika ana pasamuan utawa wong duwe gawe. Jaman biyen menawa
ana pentas kethoprak sing nonton mesthi mludag, akeh banget.
Jenenge wae Festival Kethoprak Remaja, ya wis mesthi pesertane para remaja.
Kabeh minangka wakil-wakil saka sekolahan. Taun iki pesertane ana 29 kelompok.
Kabeh makili kabupaten kota ing Jawa Tengah. Pesertana siswa SMA, SMK utawa
saka MA.
……..
No. Paragraf Pokok Pikiran
1 Paragraf 1 Festival Kethoprak remaja dianakake saben tahun
2 Paragraf 2 Tujuan dianakake Festival Kethoprak Remaja nguri-uri
ngiras nglestarekake kesenian tradisional Jawa.
3 Paragraf 3 Pesertane Festival Kethoprak Remaja.
25. Disajikan teks percakapan/dialog dengan teman sebaya, siswa dapat menentukan tokoh
utama dengan benar.
Bima, Nina, Kiki lan Dimas lagi padha gawe tugas majalah dinding ing omahe Nina.
Awan iku langite pancen mendhung. Dumadakan udane tumiba.
Bima : “Wah, udan sangsaya deres ya.”
Dimas : “Iya, sakjane saiki wis mangsa ketiga. Ananging saben dina kerep udan.
Malah udane kadhang kala deres kaya ngene iki.”
Nina : “Iya, ya. Wah, yen mangsa kaya ngene iki tukang ngundang udan nganggur
ya. La wong udan ora susah diundang wae saben dina wis teka.”
Kiki : “Bener, Nin. Aku dadi kelingan bab pawing udan. Aku tau dicritani eyang
Nina kakung bab upacara adat ngundang udan ing desane eyang, Jatilawang,
Kiki Banyumas.”
: “Apa jenenge upacara adat ngundang udan iku Kiki?”
: “Upacara iku jenenge Cowongan. Miturut eyang kakungku upacara
Cowongan iku wis dileksanakake atusan taun kepungkur kanthi turun-
temurun. Upacara iku dianakake dening masyarakat Jatilawang minangka
nyenyuwun marang Gusti Allah supaya udan tumiba ing bumi. Kanthi
Dimas tekane udan mau tanduran sing kurang banyu bakal dadi subur. Panen
Kiki palawija, pari, jagung bisa gawe makmure wong tani.”
: “Apa kowe mangerteni lakune upacara Cowongan iku Ki?”
: “Aku ya uga dicritani eyang kakungku. Sadurunge upacara adat Cowongan
dianakake, para tetua padha nglakoni tirakat suwene pitung dina pitung
Bima wengi. Dene tujuane tirakat iku ngresiki jiwa lan raga. Sawise tirakat para
Kiki tetua siyap ngundang Dewi Nawang Wulan sing ketelah Nini Cowong.”
: “Nini Cowong? La kuwi sapa?”
: “Nini Cowong iku mujudake pralambange Dewi Nawangwulan. Ananging
miturut eyang kakungku. Kabeh panyuwun mau kudu ditujokake marang
Gusti Allah ora kena nyuwun marang kekuatan liyane.”
Nina :Wah, jebule maneka warna ya jinise upacara adat ing masyarakat jawa iku.
Ananging, aku setuju marang ngendikane eyang kakungmu mau. Kabeh
pisuwunan ing upacara adat iku kudu katujokake marang Gusti Allah.”
Paraga utama ana ing pacelathon yaiku : Kiki
26. Disajikan teks percakapan/dialog dengan teman sebaya, siswa dapat menentukan watak
dari tokoh utama
Ana ing ngarep kelas bocah papat katon padha cecunggrengan.
Rio : “Dudu aku sing nyuwek buku gambarmu koh, senenge nuduh ora nganggo
waton kowe Yan.”
Yanti : “Lah iki nyatane bukuku suwek kaya ngene, pokoke daktempuhke kowe.”
Dian : “Yan, kudune kowe golek sababe bukumu suwek, aja asal nuduh tanpa
bukti. Yen ngene iku mesake Rio.”
Danang : “Wah aku ngerti, suweke bukumu kuwi ora merga disuwek Rio,
Yanti nanging Yanti dhewe sing kesusu njupuke saka tas, aku mau weruh dhewe
kok.”
: “Iya, ya ngapurane, aku dhewe sing salah.”
Paraga utama : Yanti
Wateke : Gampang nuduh tanpa bukti, ngakoni kesalahan
27. Disajikan teks percakapan/dialog dengan teman sebaya, siswa dapat menentukan latar
tempat pada dialog tersebut dengan benar.
…….
Tono : “Ren, ngopo kowe esuk-esuk bengak-bengok ing pipir omah?”
Rendi : “Goleti piyikan dara Ton. Kawit wingi siji ora ngandhang.”
Tono : “Jajal jingglengen ana kandhangku, mbok menawa campur karo daraku!”
Rendi : “Wah bener kowe Ton, nyatane ana kene iki.”
Latar panggonan pacelathon mau ana ing pipir omah.
28. Disajikan teks cerita Gathutkaca Gugur, siswa dapat mengartikan salah satu kata sulit
dalam teks tersebut dengan benar.
Gathotkaca Gugur
Perang Baratayuda wis dumadi. Ing Tegal Kurusetra, prajurit Pandhawa lan Kurawa
wis padha adhep-adhepan. Prajurit kang ketaton lan nemahi tiwas wis ora bisa
diwilang. Para senapati kang gugur uga wis akeh.
Sagugure Abimanyu pinangka senapati agung Pandhawa, ganti Gathotkaca winisudha
madeg senapati agung. Senapati agung iku pemimpin perang, menawa ing istilah saiki
panglima perang.
Pinangka sawijining prajurit, Gathotkaca seneng banget lan mongkog dipercaya para
pinisepuh kanggo mimpin prajurit Pandhawa. Kanti mengkono dheweke bisa melu
mbelani bangsa lan negarane. Mbelani para leluhure kang wis mbangun negarane.
Sawise pamit lan nyuwun pangestu ibune, Dewi Arimbi, ing Kraton Pringgandani
Gathotkaca maju ing palagan. Kekuwatane prajurit Pandhawa sangsaya tambah, nalika
kabeh prajurit Pringgandani ngombyongi retune maju perang. Gathotkaca iku sejatine
wis winisuda ratu ing Pringgandani. Mula nalika Gathotkaca madeg senapati lan maju
perang, sakabehe prajurit meshi bakal ngetutake.
Ing Tegal Kurusetra, kanthi semangat anyar semangat perange Pandhawa kang
ditambahi prajurit Pringgandani mubal makantar-kantar. Tandange nggegirisi,
ndadekake prajurit Astina keseser ing yuda. Duryudana pinangka ratu ing Astina
tanggap ing kahanan, enggal-enggal ngumpulkake para sesepuh lan panasehat perange.
Asiling rembug para pinisepuh lan sesepuh Astina mutusake menawa Adipati
Awangga, iya Adipati Karna ditetepake pinangka senapati agung Astina. Sigra, sang
senapati banjur tali wanda, nyiapake ubarame lan kabeh prajurite, maju ing pabaratan.
Tandange senapati agung Gathotkaca pancen ngedab-edabi. Kanthi semangat kabeh
maju tanpa duwe rasa wedi. Bab iku ndadekake prajurit Astina sengsaya akeh kang
nemahi tewas.
Nalika sumurup kumlebete Gathotkaca, ing sajerone kereta perange, Adipati Karna
enggal-enggal mentheng gendhewane. Jemparing piandele, Kunta Wijayadanu sigra
katujokake marang Gathotkaca kang ana ing awing-awang.
Ringkesing carita panah Kunta Wijayadanu nembus dhdadhane Gathotkaca, sanalika
gugur ana ing palagan.
No. Tembung Tegese
1 nemahi nyebabke, ndadeke, nemoni
2 mongkog seneng atine
3 pangestu ijin,
4 ngombyongi ngetut, melu, ngiring
5 makantar-kantar banget semangate
6 nggegirisi Medeni
7 ngedab-edabi Nggumunaken
8 jemparing anak panah
9 piandele Senjata
10 bantala siti, lemah
29. Disajikan teks cerita Gathutkaca Gugur, siswa dapat menyimpulkan isi dari cerita
Gathutkaca Gugur dengan benar
Dudutan utawa simpulane carita Gathotkaca Gugur yaiku:
Gathotkaca gugur ketaman Panah Kunta Wijayadanu dening Adipati Karna ana ing
palagan Tegal Kurusetra paperangan antarane Kurawa lan Pandhawa.
30. Disajikan cerita Gathutkaca gugur siswa dapat menjawab pertanyaan dengan ragam
bahasa karma dengan benar
Mangsuli pitakon kanthi basa karma:
1. Pitakon : Sapa kang padha perang ing Tegal Kurusetra?
Wangsulan : Ingkang sami perang wonten ing Tegal Kurusetra Pandhawa lan
Kurawa.
2. Pitakon : Kepriye kahanane para korban perang iku?
Wangsulan : Para korban perang kathah ingkang tiwas.
3. Pitakon : Sadurunge Gathotkaca, sapa senapati agung Pandhawa?
Wangsulan : Senapati perang Pandhawa saderenge Gathotkaca inggih punika
Abimanyu.
4. Pitakon : Senapati agung iku apa?
Wangsulan : Senapati agung punika pemimpin perang, utawi panglima perang.
5. Pitakon : Apa sebabe Gathotkaca seneng diwisuda dadi senapati agung
Pandhawa?
Wangsulan : Amargi saged mbelani bangsa saha negeranipun.
6. Pitakon : Prabu Anom Gathotkaca iku Ratu ing ngendi?
Wangsulan : Prabu Anom Gathotkaca inggih punika ratu ing Pringgandani.
7. Pitakon : Sapa senapata saka Kurawa kanggo nandingi Gathotkaca?
Wangsulan : Senapati saking Kurawa inggih punika Adipati Karna
8. Pitakon : Sawise ditetepake dadi senapati, Adipati Karna banjur ngapa?
Wangsulan : Adipati Karna sigra, nyiapaken ubarampe saha prajuritipun.
: Kepriye tandange Gathotkaca lan saprajurite?
9. Pitakon : Tandhangipun Gathotkaca lan prajuritipun ngedab-edabi.
Wangsulan : Kepriye plesete panah Kunta Wijayadanu?
: Plesetipun panah Kunta Wijayadanu mlengkung.
10. Pitakon
Wangsulan
31. Disajikan teks cerita pengalaman mengesankan, siswa dapat menentukan kalimat
utama dengan benar.
Apes sing Gawe Guyu
“Bima tangi, Bima…! Jam pira iki?” dhawuhe ibu karo ngoyog-oyog awakku.
Aku isih krasa ngantuk banget. Mripatku abot banget dakelekake. Mau bengi meh
sawengi nutug aku nonton bal Kejuranaan Bola Dunia ing televise. Kebeneran wengi
iku tim faforitku, Belanda, sing main. Aku njago Belanda sing bakal tekan final
mungsuh Jerman. Mau bengi isih perempat final utawa 8 besar, Belanda mungsuh
Costa Rica. Maine rame banget, loro-lorone padha kuwate, padha ngeyele, lan padha
kepengin menange. Nganti perpanjangan wektu durung ana kang menang utawa kalah.
Sidane adu pinalti. Ya ing adu pinaltiniki wusanane Belanda wis menang. Aku seneng
amarga jagoku menang lan bakal maju ing babak sateruse. Muga-muga kelakon bisa
tekan final mungsuh Jerman.
Ibu ora pirsa menawa sejatine aku durung turu nalika diajak saur bareng. O iya,
Kejuaraan Bola Dunia taun 2014 iki dileksanakake pas kebeneran wulan pasa. Bubar
saur, aku terus bali njujug kamarku, turu. Rumangsaku nembe sakleren, jebul wis
digugah ibu.
“Engh… jam pinten, Bu?” pitakonku isih ngantuk karo ngolet.
“Wis jam enem luwih. Ibu ngira kowe wis adus. Wis kana ndang adus, terus sekolah,
selak telat!”
“Sekolah?”
Aku nggragap, kelingan menawa esuk iki Bu Guru janji arep ulangan basa
Jawa. Age-age aku tangi, terus nyandhak anduk tumuju kolah. Rampung salin, aku
terus nggeblas budhal sekolah. Ibu karo bapakku wis ndhisiki tindak.
Sekolahanku ora adoh saka omahku. Saka omahku marang sekolahan ana dalan
loro. Dalan sing siji sidhatan luwih cedhak, nanging liwat dalan jero kampong. Dene
dalan sijine rada adoh, nanging liwat dalan gedhe sing rame. Amarga wis kawanan, aku
milih budhal sekolah liwat dalan sidhatan, kareben luwih cepet.
Liwat dalan kampong rada jenes amarga sorene bubar udan deres. Kanthi mlayu
aku nrabas dalan kampong kang jenes. Amarga kesusu supaya enggal bisa tekan
sekolahan lan ora telat, aku ora nggateke kiwa tengenku.
Embuh saka ngendi sangkane, aku ora ngerti. Ngerti-ngerti ing saburiku ana
banyak telu kang lagi ngiring anak-anake ngoyak lan arep nyosor aku. Aku keweden,
banjur mencolot. Karepku ngendhani panyosore banyak-banyak iku. E, jebul aku
kepleset, tiba ing blethokan. Sikil lan tanganku gluprut blethok. Semono uga kathokku.
Sing ndadekake aku luwih isin, jebul ing sakiwa tengenku akeh wong padha
nggatekake nalika aku dioyak lan arep disosor banyak nganti tiba kepleset ing
blethokan. Isin banget aku.
Sakjane pengalaman iki dudu pengalaman kang nyenengake, nanging nabet
banget ing ati lan angel daklalekake. Sanajan kaya mengkono, bab iki dadi pelajaran
lan pepeling kanggoku sing akire dadi nyenengake. Apes nanging gawe guyu. Wiwit
dina iku, aku bisa mareni anggonku seneng ngumbar kaseneng tanpa eling wektu.
Tegese wiwit dina iku aku sadhar, sekolah luwih penting tinimbang nonton bal kang
ora eling wektu.
No. Paragraf Ukara Utama
1 Paragraf 1 Mripatku abot banget dakelekake.
2 Paragraf 2 Ibu ora pirsa menawa sejatine aku durung turu nalika diajak saur
bareng.
3 Paragraf 3 Aku nggragap, kelingan menawa esuk iki Bu Guru janji arep
ulangan basa Jawa.
4 Paragraf 4 Sekolahanku ora adoh saka omahku.
5 Paragraf 5 Liwat dalan kampung rada jenes amarga sorene bubar udan deres.
6 Paragraf 6 Kepleset, tiba ing blethokan.
7 Paragraf 7 Apes nanging gawe guyu.
32. Disajikan teks cerita pengalaman mengesankan, siswa dapat menentukan topik cerita
dengan benar.
Topik cerita yaiku babagan utama kang arep dironce dadi cerita, kayata:
a. Kabudayan
b. Pengalaman
c. Pendidikan
d. Kesehatan
e. Budi Pekerti
f. Agama
g. Bela Negara
Dene topik utama cerita ana ing ndhuwur mau yaiku pengalaman.
33. Disajikan teks cerita pengalaman mengesankan, siswa dapat merangkum teks cerita
tersebut dengan benar.
Dudutan utawa simpulan cerita ing nduwur yaiku:
Gugup mangkat sekolah amarga tangi kawanen mergane sawengi nontol bal. Mangkat
sekolah liwat dalan kampung rada jenes, dioyak lan arep disosor banyak, akire tiba
kepleset mlebu ing blethokan.
34. Disajikan teks cerita mengesankan, siswa dapat menentukan latar suasana dalam teks
cerita tersebut dengan benar.
Latar swasana carita ing nduwur yaiku isin nanging gawe guyu.
35. Disajikan tembang Kinanthi yang rumpang, siswa dapat melengkapi tembang Kinanthi
tersebut dengan benar.
Wateke tembang kinanthi yaiku nyaritakake babagan kesenengan, kabecikan, piwulang
luhur lan sutresna.
Tembang kinanthi biasane dipigunakake kanggo ngisahake carita sing isine ngemu
nasihat utawa piwulang babagan kasih sayang.
Dene paugerane tembang kinanthi yaiku:
Ciri-cirine tembang gambuh:
a. Saben sapada (bait) ana 6 gatra (larik)
b. Gatra utawa larik 1 guru wilangane 8, guru lagune u
c. Gatra utawa larik 2 guru wilangane 8, guru lagune i
d. Gatra utawa larik 3 guru wilangane 8, guru lagune a
e. Gatra utawa larik 4 guru wilangane 8, guru lagune i
f. Gatra utawa larik 5 guru wilangane 8, guru lagune a
g. Gatra utawa larik 6 guru wilangane 8, guru lagune i
Cekake guru lagu lan guru wilangan tembang gambuh 8 u, 8 i, 8 a, 8 i, 8 a, 8 i
Tembang kinanthi
Rumpang Jangkep
Kinanthi Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu (8 u) Padha gulangen ing kalbu (8 u)
(8 i) Ing sasmita amrih lantip (8 i)
Ing sasmita amrih lantip (8 a) aja pijer mangan nendra (8 a)
aja pijer mangan nendra (8 i) Kaprawiran den kaesthi (8 i)
Kaprawiran den kaesthi (8 a) Pasunen sariranira (8 a)
Pasunen sariranira (8 i) Sudhanen dhahar lan guling (8 i)
….
(8 u)
Panggawe becik puniku (8 u) Panggawe becik puniku (8 i)
Gampang yen wus den lakoni (8 i) Gampang yen wus den lakoni (8 a)
…. (8 a) Angel yen durung kalakyan (8 i)
(8 i) Aras-arasen nglakoni (8 a)
Aras-arasen nglakoni (8 a) Tur iku den lakonana (8 i)
Tur iku den lakonana (8 i) Mupangati badaneki
Mupangati badaneki (8 u)
(8 i)
Kinanthi Kinanthi (8 a)
(8 i)
…. (8 u) Kukusing dupa kumelun (8 a)
Ngeningaken tyas kang apekik (8 i) Ngeningaken tyas kang apekik
Kawengku sagung jahanan (8 a) Kawengku sagung jahanan
Nanging saget angikipi (8 i) Nanging saget angikipi
Sang resi kaneka putra (8 a) Sang resi kaneka putra
…. (8 i) Kang anjog saking wiyati (8 i)
36. Disajikan tembang Kinanthi, siswa dapat menyimpulkan isi/pesan.yang terkandung
dengan benar.
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodyayu kuru aking
Gelung rusak wor lankisma
Kangiga-iga kaeksi
Pesen ana sing sajeroning tembang kinanthi yaiku dadiya manungsa sing seneng
tetulung marang liya kang lagi nandang kasusahan.
37. Disajikan tembang Kinanthi, siswa dapat menjelaskan karakter/watak tembang
Kinanthi dengan benar.
Kinanthi
Dadia lakunireku
Cegah dhahar lawan guling
Lan aja sukan-sukan
Anganggoa sawatawis
Ala watake wong suka
Nyuda prayitnaning batin
Wateke tembang kinanthi ing nduwur yaiku ngemu piwulang utawa nasihat supaya
lakune padha priyatin.
38. Disajikan beberapa kalimat berhuruf Jawa, siswa dapat menentukan kalimat yang
mengandung salah satu pasangan (ha sampai nga) dengan benar.
No. Ukara Pasangan
1 aymHlsMbu/ ha, ma
2 teknPs/tukukLamBi pa, la, ba
3 kLyubpkTinDk\ la, ta, dha
4 pkGururwuhse[kolh ga
5 lelabuanipunSpunikapu/n Sa
39. Disajikan tulisan berhuruf Jawa yang belum ada pasangannya, siswa dapat menentukan
pasangannya dengan benar.
No. Ukara tanpa pasangan Jangkepe
1 [bolaklikr{m [bolkBlikr{m
2 syekiiku…d.usb/
syekTikudusb/
….
3 luput ….g{wsush luputHg{wsush
4 witrkSemPa\ witJrkSemPa\
5 mkua[lon …. {lon\ mLkua[lonH{lon\
40. Disajika…n. beberapa kalimat berhuruf Jawa secara acak, siswa dapat mengurutkan
kalimat tersebut menjadi paragraf yang padu.
Ukara bubrah Ukara runtut
1. kre[ben=K[gonri 1. finsetu{asuk\
2. suum/nitukukLmBi 2. suum/nitukukLmBi
3. ankeluran] 3. kre[ben=K[gonri
4. finsetu{asuk\ 4. ankeluran\
41. Disajikan kalimat dalam tulisan latin, siswa dapat mengubah kalimat tersebut menjadi
kalimat berhuruf Jawa dengan benar.
No. Ukara latin Ukara Jawa
1 Tuku iwak jaher tukuaiwkJ[a/
2 Aja liwat dalan rame
3 Pak Haji tumbas motor ljaiwtFlnR{m
4 Lampu kebon ilang
5 Sarwita bali ndesa pkHjitumB{sMo{to/
lmPuke{bonHil=
s/witbli[nFs
42. Disajikan gambar salah satu tokoh wayang Pandhawa, siswa dapat menjelaskan
karakter tokoh wayang tersebut dengan benar.
No. Jeneng Gambar Watek
1 Puntadhewa Sabar, ora gampang
nesu, narima, setya,
jujur, seneng tetulung,
adil
2 Werkudhara/Bima Lugu, jujur, prasaja
3 Arjuna/Janaka
4 Nakula Seneng tetulung, sekti
tanpa aji-aji, satria
socaning bathara
Setya marang negara
5 Sadhewa Setya marang negara
43. Disajikan ilustrasi, siswa dapat menyusun bagian pembuka pidato perpisahan kelas VI
dengan benar.
Ilusterasi
Deniza didhawuhi Pak Guru supaya makili pidhato ana ing acara perpisahan kelas VI
sabubare pengumuman kasile ujian sekolah tahun iki. Miturut pangandikane Pak Guru,
acara perpisahan mengko bakal dirawuhi dening Bapak Kepala Sekolah, Bapak lan ibu
Guru, Bapak Pengawas Sekolah, para pengurus komite sekolah, wali murid kelas VI
uga Bapak Kepala Desa sing gedhe banget pambiyantune tumprap kemajuan
pendidikan ing sekolah kene. Kajaba kuwi adhi-adhi kelas siji tekan kelas lima uga
melu mahargya acara tahunan kuwi. Acara arep dianakake ana ing aula sekolah, mulai
wetara tabuh wolu esuk tekan rampung.
Perangan Pambuka Pidhato
Assalamu’alaikum warokhmatullahi wabarokatuh.
Sugeng enjang.
Bapak Kepala Sekolah saha dewan guru ingkang kinurmatan, Bapak Pengawas
Sekolah ingkang kawula ormati, para pengurus komite sekolah ingkang kawula ormati,
Bapak saha Ibu wali murid kelas enem ingkang dahat kawula bekteni, Bapak Kepala
Desa ingkang kinurmatan, saha adhi-adhi kelas setunggal dumugi kelas gangsal
ingkang kawula tresnani.
Ngawali matur wonten ing ngarsa panjenengan sedaya, mangga kita tansah
ngonukaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung,
awit saking berkah saha rakhmatipun kita sedaya saged pinanggihan wonten ing aula
sekolah mriki saperlu kangge ngawontenaken acara perpisahan kelas IV.
44. Disajikan teks cerita mengesankan, siswa dapat menyimpulkan cerita tersebut dengan
ragam krama.
Sedekah Dhaharan
Menawa ora lali wis ping telu aku liwat dalan jejer masjid agung alun-alun kutha.
Kebeneran saben dina Jum’at ngepasi ing masjid kuwi dianakake salat Jumat. Puluhan
remaja putri ngadeg jejer sangarepe gerbang mesjid nyiapake dhaharan kang dikemas
ana ing gardus. Miturut kabar sing kaprungu pancene babagan kasebut wis dadi
kabiasan suwe. Saben dina Jumat akeh wong sing padha sedekah ngaturi dhaharan
awan kanggo para jamangah masjid agung. Sabubare salat Jumat, para remaja putri
kuwi kanthi tumata ngaturake kotak dhaharan maring saben wong sing metu saka
masjid. Iya pancene, sedekah dhaharan kuwi kanggo sapa wae sing mentas shalat
Jumat ana ing masjid agung alun-alun kutha kuwi. Akeh sing padha langsung didhahar
ana ing ruang parkir masjid, ananging akeh uga sing deastha kondur.
Dudutan utawa simpulan crita ing nduwur yaiku:
Ana ing gerbang masjid agung alun-alun kutha dianakake sedekah dhaharan saben dina
Jumat sabubare salat Jumat. Sedekah dhaharan kuwi dibagi dening para remaja putri
kanggo sapa wae sing mentas shalat Jumat ana ing masjid agung alun-alun kutha.
45. Disajikan sebuah gambar, siswa dapat menceritakan gambar tersebut dengan
menggunakan huruf Jawa yang mengandung pasangan (ha sampai nga)
Nulis carita adhedhasar gambar mawa tulisan Jawa
bkulB[l×omP[kMo{to/
b{lo{na{kh w/nw/ni
s=itukuddimrem\
am/gb{lo{napikHpik\
bakul balon numpak motor
balone akeh warna-warni
sing tuku dadi marem
amarga balone apik-apik