The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by baskorosukristiawan20, 2023-08-14 22:58:21

Buku Terampil Basa Jawa

Buku Terampil Basa Jawa

47 (Ya, Pak nanti kalau ada waktu longgar saya main ke rumahmu” ) B : “Ya matur nuwun, ya wis Pak cukup samene wae liya wektu sesambungan maneh?” :”Nggih matur nuwun, nggih sampun pak cekap semanten kemawon sanes wekdal saged sesambetan malih” (“Ya terima kasih, ya sudah Pak, cukup sekian saja lain waktu berhubungan lagi”) A : Ya, padha-padha Nggih, sami-sami (Ya sama-sama) 2. BERKENALAN (PITEPUNGAN) A :”Bapak, sapa jenengmu lan omahe ngendi?” :”Sinten asma panjenengan, lan dalemipun pundi nggih?” (Bapak, siapa namamu dan rumahnya mana) B :”Jenengku andi, omahku Jl.Pramuka No 23 Yogyakarta, njaluk ngapura yen kowe jenenge sapa?” :’Nama kula Andi, griya kula Jl. Pramuka no 23 Yogyakarta, nuwun sewu menawi Panjenengan asmanipun sinten Mas?” (Nama saya Andi rumah saya Jl. Pramuka, maaf kalau kamu siapa namanya?” ) A :” Wah adoh banget ya omahe, jenengku Arya omahku Purworejo” :”Wah tebih sanget nggih dalemipun, kula namanipun Arya, griya kula ing purworejo. (“Wah jauh banget ya rumahnya, saya namanya Arya rumah saya di Purworejo”) B :“Karo terminal Purworejo sebelah mana?” :”Kaliyan terminal Purworejo sisih pundi?” (“Dengan terminal Purworejo sebelah mana ?”) A : “Sakulone terminal Purworejo kurang luwih limangatus meter mas”. :”Sakilenipun terminal Purworejo kirang langkung gangsal atus meter mas”. (“Barat terminal Purworejo kurang lebih 500 m mas) B : “O, ya aku ngerti nalika isih enom biyen aku kerep lunga menyang Purworejo" :“O, nggih kula mangertos mas, nalika taksih enem rumiyin kula asring kesah dhateng purworejo. (O, ya saya tahu mas, ketika masih muda dulu saya sering pergi ke Purworejo) A. :“Kok kerep lunga menyang Purworejo, apa duwe sedulur mas ing kana?”


48 :”Kok asring tindak dhateng Purworejo, menapa kagungan sedherek mas wonten ing mrika?” (“Kok sering pergi ke Purworejo apa punya saudara di sana mas?” B. : “Aku duwe adhik mas ing kana, omahe cedhak karo alun alun kutha “. :“Kula gadhah adhik mas ing mrika, griyanipun caket kaliyan alun alun kitha” ( “Aku punya adhik mas di sana, rumahnya dekat dengan alun alun kota ”) A. : Wah sedulure akeh banget ya mas? Aku mung duwe kangmas wae” :”Wah sedherekipun kathah sanget nggih mas? Kula namung gadhah kangmas kemawon” ( Wah saudaranya banyak sekali ya mas? Saya hanya mempunyai kakak saja ) B. : “Ora akeh akeh banget kok mas mung duwe adhik telu, kangmas 2 mbakyu siji” :”Boten kathah kathah sanget kokmas namung gadhah adhik tiga, kangmas kalih lan mbakyu setunggal” ( Tidak banyak banyak sekali kok mas, hanya mempunyai adhik tiga, kakak dua dan kakak perempuan satu) A. : “Wah seneng ya sedulure akeh” :”Wah remen nggih sedherekipun kathah” ( “Wah seneng ya punya saudara banyak”) B. : “Nggih, alhamdulillah”. :” Nggih, alhamdulillah” (“Ya alhamdulilllah”) 3. MEMPERKENALKAN (NEPANGAKEN) A : ”Sugeng siyang Pak Joko kepriye kabarmu saiki?” :”Sugeng siyang Pak Joko kados pundi kabar panjenengan samenika ?” (“Selamat siang Pak Joko bagaimana kabar anda sekarang?”) B :”Sugeng siyang uga Pak Bayu, alhamdulillah kabarku apik, yen kowe kepriye Pak?” “Sugeng siyang ugi Pak Bayu ,alhamdulillah kabar kula sae, menawi panjenengan kados pundi Pak?” (“Selamat siang juga Pak Bayu, alhamdulillah kabar saya baik, kalau anda bagaimana Pak?” ) A : “Semono uga aku iya apik Pak Joko, oya, iki sapa Pak kok aku durung tau weruh” : Semanten ugi kggih sae Pak Joko, o, nggih menika sinten Pak kok kula dereng nate sumerep”.


49 ( Begitu juga saya juga kabarnya baik Pak Joko, oya ini siapa Pak kok belum pernah melihat aku) B : “Iki anakku sing angka loro, sing angka telu isih SD kelas papat”. : Menika anak kula ingkang angka kalih, ingkang angka tiga taksih SD kelas sekawan. ( Ini anak saya yang nomer dua, yang nomer tiga masih SD kelas empat ) A : Jenenge sapa dhik, sekolah ing ngendi?” : “Namanipun sampeyan sinten dhik?Sekolah wonten pundi?’ ( Namanya siapa dhik, sekolah dimana?”) C :”Jenengku Usman, aku sekolah ing SMAN 7 Purworejo Pak” :”Nama kula Usman, kula sekolah wonten SMAN 7 Purworejo, Pak” ( Nama saya Usman, saya sekolah di SMAN 7 Purworejo, Pak” ) A : Wah yen ing SMA N 7, aku duwe sedulur mulang ing kono. : Wah menawi ing SMA N 7 kula gadhah sedherek, mucal wonten mrika. ( Wah kalau di SMA N 7, saya punya saudara mengajar di sana ) C :“Wah, iya apa Pak, sedulur panjenengan sapa jenenge?” :“Wah, nggih menapa Pak, sedherek panjenengan sinten asmanipun?” (Wah, iya apa Pak, saudara kamu siapa namanya ?”) A :”Iya dhik, sedulurku jenenge Sutikno, mulang piwulang Biologi. :”Inggih dhik, sedherek kula namanipun Sutikno, mulang piwucal Biologi. ( Iya dhik, saudaraku namanya Sutikno, mengajar mata pelajaran Biologi) C :”Yen ngono kebeneran banget, aku duwe niyat arep dolan menyang omahe Pak Sutikno”. :”Menawa makaten kasinggihan sanget, kula ugi gadhah niyat badhe sowan daleme pak Sutikno. (Kalau begitu kebetulan banget aku juga punya niyat mau main kerumahnya) A : O, ya bisa wae, mangga yen arep silahturahmi mrono. :”O, nggih saged mangga menawi badhe silahturahmi mrika . ( Oya, bisa silahkan kalau mau silahturahmi ke sana ) B :“Pak Bayu mangga mampir menyang omahku, njaluk ngapura saiki aku arep mulih” :“Pak Bayu mangga pinarak dhateng griya kula, nyuwun pangapunten samenika kula badhe wangsul“ (Pak Bayu silahkan mampir ke rumah saya, aku minta maaf sekarang saya mau pulang) A : “O,nggih matur nuwun sanes wekdal kemawon Pak Joko” :“O, nggih matur nuwun liya wektu wae pak Joko” ( “Oya, terima kasih lain waktu saja Pak Joko”) B :“Iya, ora apa-apa aku tunggu tenan lho tekamu” : “Nggih, boten menapa menapa, saestu kula tengga lho rawuhipun panjenengan”


50 ( Iya, tidak apa apa benar benar saya tunggu lho kedatanganmu) A :”Iya, matur nuwun banget : “ Nggih matur nembah nuwun (Iya, terima kasih banyak) 4. MENGUNDANG RAPAT (NGATURI RAPAT) A :” Pak Budi krungu-krungu arep ana rapat ing kantor?” :”`Pak Budi mireng-mireng badhe wonten rapat ing kantor? (“Pak Budi dengar-dengar mau ada rapat di kantor “) B : “Wah bener kuwi Pak, aku krungu saka Pak Andi” :”Wah leres menika Pak, kula mireng saking Pak Andi!” (“Wah benar itu pak, saya dengar dari Pak Andi”) A :”T erus, kapan ya rapate arep dianakake?” :” Lajeng benjing menapa nggih rapatipun badhe dipuntindakaken?” (“Terus kapan ya, rapatnya akan dilaksanakan?”) B :”Rapate arep dilaksanakake sesuk dina setu wektu jam sepuluh awan, sing baku arep ngrembug babagan golek karyawan anyar”. :“Rapatipun badhe dipuntindakaken benjing dinten setu, tabuh jam sedasa siyang, ingkang baken badhe ngrembag pados karyawan enggal. (“Rapatnya akan dilaksanakan besok hari sabtu waktu pukul sepuluh siang yang pasti akan membahas mencari karyawan baru) A :’O, ngono, ta”. Miturutmu kira kira apa kanca kanca kerja wis padha ngerti babagan iki” :”O,makaten ta”. Miturut panjenengan menapa kanca-kanca sampun sami mangertos ngengingi bab menika?” (“O,begitu ta”.””Menurut kamu apa teman-teman sudah mengetahui mengenai hal ini?”) B :”’Sebagian ana sing wis ngerti, sebagian durung, pak” : “Sepalih wonten ingkang sampun mangertos, sepalih dereng pak” (“Sebagian ada yang sudah mengetahui, sebagian belum pak”) A :”Sing arep diundang rapat sapa wae Pak?” : Ingkang badhe dipunaturi rapat sinten kemawon pak? : (Yang akan diundang rapat siapa saja pak?”) B : “Iya, mau aku diwenehi tugas saka Bapak Direktur, supaya ngundang kepala-kepala bagian kalebu kowe pak?” : Inggih wau kula kadhawuhan jejibahan dening Bapak Direktur,


51 supados ngaturi kepala-kepala bagian kalebet panjenengan pak”/ (Iya tadi saya diberi tugas olehBapak Direktur supaya mengundang kepala kepala bagian termasuk panjenengan pak”) A. : O, ya matur nuwun wis menehi berita Pak, :O, inggih matur nuwun sanget Sampun maringi pawartos Pak” (O,ya terima kasih banyak sudag member informasi Pak”) B : Iya pak, padha-padha saiki aku arep menehi kabar marang Pak Yoga Lan Pak Doni, mangga…” :”Inggih Pak, sami-sami, samenika kula badhe nyaosi kabar dhatengPak Yoga lan pak Doni, mangga…” (Iya Pak, sama-sama sekarang saya mau member kabar kepada Pak Yoga dan Pak Doni, mari”) 5. BANGUN TIDUR (TANGI TILEM) A : “Dhimas, ayo tangi wis awan !” (Dhimas, ayo bangun sudah siang) B. :”Iya ibu, aku wis tangi kawit mau” : “Inggih bu, kula sampun tangi kawit wau” (Iya bu, saya sudah bangun sejak tadi”) A : “Lha, adhimu wis tangi apa durung, yen durung coba saiki digugah!” (Lha, adik kamu sudah bangun apa belum, kalau belum coba sekarang dibangunkan) B :”Durung bu, saiki isih turu ing kamar” :“Dereng bu, samenika taksih tilem wonten kamar”. (Belum bu sekarang masih tidur di kamar) A :“Wah, kok bisa-bisane tangi kawanen” (Wah, kok bisa-bisanya bangun kesiangan) B :”Iya bu,amarga adhik mau bengi nonton tv tekan bengi”. :”Inggih bu amargi wau dalu adhik ningali TV dumugi ndalu”. (Iya Bu, sebab tadi malam adhik nonton tv sampai larut malam) A :”Mau bengi adhimu nonton tv karo sapa kok kadingaren tekan wengi (tadi malam adhik kamu nonton tv dengan siapa kok tidak biasanya sampai malam) B :”Mau bengi adhik nonton karo bapak Bu” :”Wau dalu adhik ningali kaliyan Bapak” (Tadi malam adhik nonton dengan bapak, Bu”)


52 A :O, ngono ta yowis mengko kowe lungane menyang sekolah bareng bapak wae ora usah numpak bus” (O,begitu ta ya sudah”.Oya, nanti kamu eberangkat ke sekolah bersama bapak saja tidak usah naik bus) B :”Nanging mengko ana les Bu, dadi mulihe sore, yen kesoren buse langka bu, angel” :”Nanging mangke wonten les Bu, dados wangsulipun sonten, menawi kesontenan busipun awis, sisah” A :”o, ana les ta, terus arep mangkat bareng sapa, numpak apa?” (“O, ada les ta, terus mau berangkat dengan siapa, naik apa?” B :”Iya bu aku mengko arep nggawa montor wae, mangkate arep bareng kancaku”. : Inggih Bu, kula mangke badhe mbekta montor kemawon, bidhalipun sareng kaliyan kanca”. (Iya Bu, saya nanti akan membawa sepedha saja berangkatnya bersama dengan teman”. A :”yowis yen ana kancane mono, ibu ora sumelang”. (“Ya sudah kalau ada temannya begitu ibu tidak khawatir) B : “Iya,ibu ora usah sumelang ana kancane kok, :“Inggih, Ibu boten sah sumelang kula wonten kancanipun kok” (Iya, Ibu tidak usah khawatir saya ada temannya kok?”) A :”Yowis, ati ati ya numpak montor !” (Ya sudah, hati- hati ya naik motor!”) B :”Iya ibu aku numpak montore ati ati :Inggih ibu, kula numpak montoripun atos – atos” (Iya Ibu, saya naik motornya hati hati”) 6. MENERIMA TAMU ( NAMPI DHAYOH) A. : Kula nuwun… (Permis) B : “Apa bener iki omahe Pak Joko? : “Menapa leres menika dalemipun Pak Joko?” (Apa bener ini rumahnya Pak Joko?”) A : Iya bener, ngapurane bapak sapa ya lan duwe perlu apa?” : “Inggih leres, ngapunten bapak sinten nggih, lan badhe kagungan kersa menapa?” (Iya benar, maaf Bapak siapa ya lan punya perlu apa?” B : Nepungake,jenengku Angga ana bab wigati kang kudu tak omongke karo Pak Joko :”Nepangaken nama kula Angga, wonten bab wigatos ingkang kedah kula aturaken kaliyan Pak Joko” (Kenalkan namaku Angga, ada bab penting yang harus saya sampaikan/bicarakan dengan Pak Joko”) A : O, Pak Angga , nuwun sewu tunggu sedhela ya, Bapak ana nang jero kok”


53 : “O, Pak Angga, nuwun sewu nengga sekedhap nggih, Bapak wonten ing lebet kok” (”O, Pak Angga, maaf tunggu ya Bapak ada di dalam kok B :”O, ya matur nuwun :”O, nggih matur nuwun ( “Oya, terimakasih) C :”O, ana Pak Angga teka ta,nuwun sewu ya pak menawa nengga suwe” : “O, wonten Pak Angga rawuh ta, nuwun sewu nggih Pak menawi nengga dangu”. (“O, adaPak Angga dating ta, minta maaf ya Pak kalau menunggu lama) B :”Ora apa-apa Pak Joko, nembe wae kok aku tekane” :”Boten menapa-menapa Pak Joko nembe kemawon kok kula dhatengipun” (Tidak apa-apa Pak Joko, baru saja kok saya datangnya) C :Suwi ora tau ketemu, kepriye kabarmu?” :”Dangu boten nate pinanggih, kados pundi kabar panjenengan?” (Lama tidak pernah bertemu bagaimana kabar anda) B : Kabarku apik Pak, mung minggu wingi lara alhamdulillah saiki wis mari” : “Kabar kula sae Pak, namung minggu kepengker / kala wingi sakit Alhamdulillah samenika sampun mantun” (“Kabar saya baik Pak, hanya minggu kemarin sakit Alhamdulillah sekarang sudah sembuh”) C :”Lho, wingi lara apa Pak? :(“Lho, kala wingi gerah menapa Pak”) ( “Lho, kemarin sakit apa Pak”) B :”Mung lara weteng Pak” :”Namung sakit weteng Pak” : (“Hanya sakit peut Pak” C :”O, lara wteng ta. Nanging alhamdulilah menawa saiki wis mari” :”O, Gerah padharan ta, nanging alhamdulillah menawi smenika sampun dhangan” (”O, sakit perut ta , tetapi Alhamdulillah kalau sekarang sudah sembuh”) B :”Kabar Pak Joko sakulawarga dhewe rak ya slamet ta? :”Kabar Pak Joko sakulawarga piyambak rak nggih sugeng ta?” ( Kabar Pak Joko sekeluarga sendiri juga sehat kan?”) C :”Kabar ku sakularga Alhamdulillah slamat ora ana apaapa”) : “Kabar kula sakulawarga Alhamdulillah wilujeng boten wonten menapa-menapa”) B :”Ya, syukur yen ngono”O, ya aku arep ngomong Pak karo kowe ana salahe njaluk ngapura” :Nggih, syukur menawi makaten”. O, nggih kula badhe matur pak kaliyan panjenegan wonten lepatipun nyuwun pangapunten” (Oya, syukur kalau begitu”. Oya, saya mau bicara dengan anda ada salahnya mohon maaf”) C :”Mangga, arep ngomong apa dikepanake wae”


54 :”Mangga, badhe ngendika menapa dipunsekecakaken kemawon” (Silahkan, mau bicara apa dibuat santai santai saja) B :“Aku teka mrene sepisan pengin ngerti kabarmu, kapindhone yen oleh arep nyilih dhuwit Pak” :“Kula dhateng/ sowan mriki sepisan pengin mangertos kabar panjenengan, kaping kalihipun menawi kepareng badhe nyuwun ngampil arta Pak” (“Saya datang kesini yang pertama pengin mengetahui kabar kamu, kedua kalau boleh akan meminjam uang Pak” C :”O ya oleh Pak, arep nyilih pira ya?” :”O nggih angsal Pak, badhe ngampil pinten nggih?” (Oya boleh Pak, mau pinjam berapa ya?”) B :”Ora akeh Pak mung limang atus ewu (Rp500.000)wae” :”Boten kathah Pak namung gangsal atus kemawon” (“Tidak banyak Pak hanya lima ratus ribu saja) C : O, ya bisa Pak, tunggu sedhela ya dakjupuke”) :”O, nggih saged Pak, tengga sekedhap nggih kula pundhutaken”) (“O,ya bisa Pak tunggu sebentar ya saya ambilkan) B :”Ya, Pak” :’Nggih Pak (“Ya Pak) C :”Iki pak dhuwite, mangga” :”Menika Pak artanipun , mangga” B :”Nggih Pak matur nuwun banget minggu ngarep dakbalekakake, saiki aku arep njaluk pamit” :”Nggih Pak matur nuwun sanget minggu ngajeng kula konduraken, samenika kula badhe nyuwun pamit” (Ya pak terima kasih banyak minggu depan saya kembalikan sekarang saya akan minta pamit C :”O, ya tidak apa-apa, ya mangga yen arep mulih, ati ati ya Pak nang dalan” :”O, nggih boten menapa-menapa , nggih mangga menawi badhe kondur, atos –atos nggih Pak ing margi” (“O,ya tidak apa-apa silahkan kalau mau pulang, hati hati ya Pak di jalan”) B :”Ya Pak Joko matur nuwun banget, yen duwe wektu teka meyang omahku ya Pak, gentian. :”Nggih Pak Joko matur nuwun sanget menawi kagungan rawuh dhateng griya kula nggih Pak, gantosan” (Ya Pak Joko terima kasih banyak, kalau punya waktu dhateng griya kula ya Pak, gentian” C :Ya pak matur nuwun, mengko yen aku duwe wektu longgar aku teka ing omahmu” : “Inggih Pak matur nuwun, mangke menawi kula gadhah wekdal sela, kula dhateng ing dalem panjenengan” (Ya Pak, terima kasih nanti kalau punya waktu saya datang ke rumahm.u


55 7.PERGI KE PASAR (KESAH DHATENG PEKEN) A :Sugeng Enjang Bu Ida, esuk esuk arep lunga menyang ngendi?” :”Sugeng enjing Bu Ida, enjingenjing badhe tindak dhateng pundi?” (“Selamat pagi Bu Ida, pagi-pagi akan pergi ke mana?” B :”Sugeng enjang uga Bu Nur, iya iki arep lunga menyang pasar” :”Sugeng enjing ugi Bu Nur, inggih menika badhe kesah dhateng peken” (Selamat pagi juga Bu Nur, iya ini mau pergi ke pasar” A :”Pasar ngendi Bu Ida, aku ya arep menyang pasar” “Peken pundi Bu Ida, kula inggih badhe dhateng peken” (Pasar mana Bu Ida, saya juga akan ke pasar) B :”Pasar Purworejo Bu Nur, kowe arep tuku apa Bu? : Pasar Purworejo Bu Nur, panjenengan badhe mundhut menapa Bu? ( Pasar Purworejo Bu Nur, kamu mau membeli apa Bu? A : Aku arep tuku klambi kanggo anakku sing cilik, lha kowe arep tuku apa? :Kula badhe tumbas rasukan kangge anak kula ingkang alit lha panjenengan badhe mundhut menapa Bu?. (saya mau membeli pakaian buat anak saya yang paling kecil, lha kamu mau membeli apa? B. Aku arep tuku gula,uyah,lan bumbon-bumbon kanggo masak. : Kula badhe tumbas gendhis, sarem lan bumbon-bumbon kangge masak. (Saya mau membeli gula, garam dan bumbu-bumbu untuk masak) A : Umpama pengin rega rada murah, coba mengko mlebua ing warung no 121 : Umpami pengin regi radi mirah cobi mangke mlebeta ing wandi nomer 121. ( seandainya menginginkan harga agak murahcoba masuklah diwarung nomer 121. B :Wah kowe kok ngerti Bu, apa kowe kerep tuku ing kene? : Wah panjenengan kok pirsa Bu, menapa panjenengan asring mundhut ing mriki?” (Wah kamu kok tahu Bu, apa kamu sering membeli di sini?”) A : Ngerti wae, aku kerep tuku ing kono kok”. : Mangertos kemawon, kula asring tumbas ing mrika kok” (Tahu saja, saya sering membeli di sana kok)


56 8. MINTA TOLONG (NYUWUN TULUNG) A : “Kula nuwun!” (Permisi) B :” Mangga, Pak Untung, mangga mangga !” (Silahkan Pak Untung, silahkan, silahkan!”) A : Sampun ngriki kemawon, Pak Kas.” : Sudah sini saja, Pak Kas) B :“Saestu lho Pak Untung, mangga lenggah ingkang prayogi, ing nginggil .” (Benar lho Pak Untung, silahkan duduk yang baik, di atas.” A : “Inggih matur nuwun.” (Iya, terima kasih) B :Nggih sami-sami. O, nggih dangu boten pinanggih kados pundi kabaripun Pak Untung? ( Ya sama-sama. O,ya lama tidak jumpa bagaimana kabarnya Pak Untung? A : Inggih kepareng matur, ingkang sepisan tuwi kawilujengan panjenengan sakulawarga ,ingkang kaping kalihipun sowan kula mriki badhe nyuwun tulung panjenengan. :Iya, ijinkan untuk berkata, yang pertama besuk keslamatan kamu sekeluarga, yang kedua kedatangan saya kemari akan minta tolong kamu. B : Badhe nyuwun dipunbiyantu menapa Pak Untung. (Mau minta dibantu apa Pak Untung?) A : Makaten Pak Kas, kula menika gadhah niyat badhe ngijabaken anak kula ingkang namanipun Dewi Uma, nanging kula ajrih menawi mangke boten saged nyekapi kabetahanipun. ( Begini Pak Kas, saya ini mempunyai niat akan menikahkan anak saya bernama Dewi Uma, tetapi saya takut kalau nanti tidak bisa mencukupi kebutuhannya). B : O, makaten ta. Lha putri panjenengan menika pikantuk pundi?” : (O, begitu ta, Lha anak (perempuan) kamu itu dapat orang mana? A : pikantuk putranipun Bapak Mitro Suwarno saking tlatah Wedi, Klaten Pak”. (dapat anaknya Bapak Mitro Suwarno dari wilayah Wedi, Klaten, Pak”) B : Kersanipun badhe rame-rame menapa namung prasaja kemawon Pak? (Maunya mau rame-rame apa hanya sederhana saja Pak?) A : Nggih namung prasaja kemawon Pak, ingkang baken acara saged kalampahan kanthi , lancar, boten wonten alangan, menika ingkang kula suwun. (Ya hanya sederhana saja Pak, yang pokok acara bisa berjalan dengan selamat. Lancar dan tidak ada halangan, itu yang saya minta. B : Nggih Pak kula ndherek dedonga mugi menapa ingkang


57 panjenengan kersakaken saged lumampah kanthi sae amin. (Ya Pak saya ikut mendoakan semoga apa yang kamu inginkan bisa berjalan dengan baik, amin) A : Nggih matur nuwun Pak, kejawi menika kula badhe nyuwun ngampil arta panjenengan bok bilih mangke kula kekirangan. (Ya terima kasih Pak, kecuali itu saya mau pinjam uang kamu kalau nanti saya kekurangan) B : Inggih saged Pak, kula badhe mbiyantu panjenengan sasaged saged kula. (Ya bisa Pak, saya akan membantu kamu sebisa saya). A : Nggih, matur nuwun sanget Pak Kas (Ya terima kasih sekali Pak Kas) B : Inggih sami - sami Pak (Ya sama-sama Pak) 8. GOLEK NGELMU (PADOS NGELMU) A : Sugeng sonten Bu Lurah? ( Selamat sore Bu Lurah) B : Sugeng sonten Bu Ita, taksih menapa panjenengan?” ( Selamat sore Bu Ita, sedang apa kamu?) A : Saking dugekaken lare nembe les matematika Bu” (Dari mengantar anak baru saja les matematika Bu”) B :”Samenika putranipun panjenengan kelas pinten? Ingkang ageng si Rahma sampun semester pinten Bu?” (Sekarang anak kamu kelas berapa?Yang besar si Rahma sudah semester berapa Bu?") A : Taksih kelas gangsal (5) SD Bu, dene Rahma samenika semester sekawan (4). “Menawi putra panjenengan samenika nglajengaken wonten pundi? :(Masih kelas lima SD Bu, sedangkan Rahma sekarang semester empat.”Kalau anak kamu sekarang melanjutkan di mana ?”) B : “Kuliah wonten pundi lan mendhet jurusan menapa bu, mbk Rahma?” (Kuliah dimana dan ambil jurusan apa Bu, mbak Rahma?” A: “Kuliah wonten Stikes ing Yogyakarta Bu, mendhet jurusan keperawatan”. (Kuliah di Stikes Yogyakart a Bu, ambil jurusan keperawatan). B :” Wah sae sanget jurusanipun Bu. miturut pawartos ingkang kula tampi, benjing pamerintah badhe ngangkat kathah tenaga kesehatan”. (“Wah bagus banget jurusannya Bu, menurut informasi yang saya terima besuk pemerintah akan mengangkat banyak tenaga kesehatan). A : “Nggih menapa Bu?” (Iya apa Bu?”) B : Inggih Bu, babagan kesehatan menika minangka program


58 pamerintah ingkang sanget dipungatosaken. Malah anggaran bidhang kesehatan taun menika mindhak tinimbang taun kepengker. (Iya Bu, mengenai kesehatan ini sebagai program pemerintah yang sangat diperhatikan. Malah anggaran bidang kesehatan tahun ini naik dari pada tahun kemarin). A : Lajeng, menapa wonten sesambetanipun anggaran kesehatan mindhak kaliyan kabetahan tenaga kesehatan Bu?” (Terus, apa ada hubungannya anggaran kesehatan naik dengan kebutuhan tenaga kesehatan Bu?” B : Nggih wonten kemawon kanthi anggaran ingkang ageng pamerintah anggenipun mbayar para pegawenipun saged katindakaken kanthi lancar. Awit saking menika pamerintah badhe ngangkat tenaga kesehatan sakathah kathahipun taun mbaka taun. : (Ya ada saja, dengan anggaran yang besar pemerintah di dalam membayar pegawainya bisa dilaksanakan dengan lancar. Maka dari itu pemerintah akan mengangkat tenaga kesehatan sebanyak banyaknya dari taun ke taun. A :“Wah marem kula mirengaken pawartos saking panjenengan Bu, raosipun bingah lan ageng ing pangajeng – ajeng kula mugi sasampunipun purna anggenipun sinau ing pawiyatan inggil samangke anak kula saged daftar lan ketampi dados CPNS pegawe kesehatan”. (“Wah puas saya mendengarkan berita dari kamu Bu, rasanya senang dan besar harapan saya semoga sesudah selesai menempuh kuliah nanti anak saya bisa daftar dan diterima menjadi CPNS pegawe kasehatan”). B : Amin, menawi ketampi nggih kula ugi ndherek bingah Bu” (Amin, kalau diterima ya saya juga ikut bahagia Bu”) A : Inggih Bu, matur nuwun pawartos lan kawigatosan panjenengan”. (“Ya Bu, terima kasih berita dan perhatian kamu”) B : “Inggih Bu sami-sami” (Iya Bu, sama-sama) 9. MEMBELI TIKET ( TUMBAS TIKET) A :Badhe tindak dhateng pundi Bapak?” (Mau pergi ke mana Bapak?”) B :Kula badhe kesah dhateng Jakarta Mas, lha panjenengan badhe tindak dhateng pundi Mas?” (Saya mau pergi ke Jakarta mas, lha kamu mau pergi ke mana Mas?”) A :Kula badhe wangsul dhateng Purworejo Pak” (Saya mau pulang ke Purworejo Pak”)


59 B :“Panjenengan badhe kondur dhateng Purworejo ta, lha menika saking tindak pundi?” (Kamu akan pulang ke Purworejo ta, lha ini dari mana?”) A :“Inggih Pak, saking Solo. Sampun pikantuk tiket dereng panjenengan ?” (Iya Pak, dari Solo. Sudah dapat tiket belum kamu?) B :”Dereng angsal Mas, lha menika kula taksih badhe tumbas tiket kok. (Belum dapat Mas, ini masih mau membeli kok) A :“O, makaten ta, lha ingkang badhe dipunkersakaken kreta bisnis menapa ekonomi Pak?” (“O, begitu ta, lha yang mau diinginkan kreta bisnis apa ekonomi?”) B :”Nggih ingkang bisnis ta Mas - mas? (“Ya yang bisnis ta Mas - mas) A :“Nggih leres, pancen sekeca bisnis nggih Pak, nanging menapa bapak dereng pirsa, ingkang bisnis samenika dipunlayani via online boten dadakan kados makaten!” (Ya benar, pasti enak bisnis ya Pak, tetapi apa bapak belum tahu, yang bisnis sekarang dilayani via online tidak mendadak seperti ini!”) B :”Nggih menapa Mas, lajeng saenipun kados pundi nggih?” (“Ya apa Mas, terus baiknya bagaimana ya ?”) A :“Nggih Pak, sagedipun bapak mundhut ingkang ekonomi kemawon mugi mugi taksih wonten” (“Nggih Pak, bisanya bapak membeli yang ekonomi saja mudah-mudahan masih ada”) B :“Nggih umpami boten wonten bisnis, ekonomi nggih saged”. (“Ya umpama tidak ada bisnis, ekonomi juga bisa) A :”Samenika kula badhe nyuwun pirsa rumiyin kaliyan petugasipun taksih nyade tiket ekonomi boten?” (Sekarang saya akan bertanya dulu dengan petugasnya masih menjual tiket ekonomi tidak? B : “Walah mas, mangke malah ngrepoti panjenengan ?” ( “Walah Mas, nanti malah merepotkan kamu”) A :”Boten menapa-menapa Pak”. (Tidak apa-apa Pak) A :“Pak, tiket ekonomi tujuan Jakarta tasih wonten boten?. Umpami wonten, bidhal jam pinten?” (“Pak, tiket ekonomi tujuan Jakarta masih ada tidak. Umpama ada berangkat jam berapa ?” C :Taksih namung kretanipun ingkang wonten tilar Progo. Dos pundi ?” (Masih, namun keretanya yang ada tinggal Progo. Bagaimana? A : “O,nggih Pak sekedhap”. (O, ya Pak sebentar) A :”Pak, kretanipun ingkang ekonomi taksih wonten, nanging namung tilar kreta Progo”. (“Pak, keretanya yang ekonomi masih ada, tetapi hanya tinggal kreta Progo)”


60 B :Alhamdulillah, nggih sampun boten menapa menapa. Menika nggih saged. ( Alhamdulillah ya sudah tidak apa-apa. Itu ya bisa) A : “Nggih Pak kula ndherek bingah, mugi panjenengan saged tindak dhateng Jakarta kanthi lancar”. (“Ya Pak saya ikut senang semoga bapak bisa pergi ke Jakarta dengan lancar”) B : Nggih mas matur nuwun sanget, semanten ugi panjenengan mugi saged kondur kanthi lancar boten wonten alangan. (“Ya mas terima kasih banyak, begitu juga kamu semoga bisa pulang dengan lancar tidak ada halangan suatu apa”) A : Amin, nggih Pak sami-sami. ( Amin, ya Pak sama-sama) B : Mas-mas sekedhap, nuwun sewu meh kesupen asma panjenengan sinten?” (Mas-mas sebentar, maaf hamper lupa nama kamu siapa?”) A : Nama kula Zaki, Panjenengan sinten Pak?” B :”Nama kula Pak Bowo, Panjenengan Purworejonipun pundi?”. (Nama saya Pak Bowo, kamu Purworejonya mana”) A :”Griya kula Tegalreja, Kecamatan Banyuurip Pak, lha kados pundi?” (“Rumah saya Tegalreja Kecamatan Banyuurip Pak, lha bagaimana”) griyanipun anak kula, kula badhe mampir ing dalem panjenengan. (Kapan-kapan kalau saya dirumahnya anak saya, saya akan mampir di rumah kamu). A :Lha dalem putra Bapak pundi?” (Lha rumah anak Bapak mana?”) B :Griya anak kula ing dhusun Sukomanah, Kecamatan Purwodadi. (Rumah anak saya di desa Sukamanah, Kecamatan Purwodadi) A :Wah menika caket kaliyan griya kula watawis namung 10 (sedasa) km kemawon. (Wah itu dekat dengan rumah saya kira-kira hanya 10 (sepuluh) km saja). B :”O, nggih menapa?” Kaleresan menawi makaten. (“O, ya apa?”. Kebetulan kalau begitu.) A : “Nggih Pak. O, nggih sekedhap malih kreta kula badhe dugi. Sampun nggih Pak, mugi saged pinanggih ing sanes wekdal. ( Ya Pak.”O, ya sebentar lagi kereta saya mau datang, sudah ya Pak, semoga bisa bertemu di lain waktu). B : “Nggih Mas, amin. Atos atos ing margi nggih mas !” ( Ya Mas amin. Hati-hati dijalan ya Mas!”) A : Nggih Pak, Bapak ugi atos-atos. Nuwun (Ya Pak, Bapak juga hati-hati. Terima kasih/permisi)


61 DAFTAR PUSTAKA R. S. Subalidinata. Drs.1994. Kawruh Kasusastran Jawa. Surakarta: Yayasan Pustaka Nusatama Siswadi. 1988. Kridha Basa. Klaten: Intan Pariwara Soetarno, Drs. 1994. Mardi Basa. Surakarta: Widya Duta Sri Atun. 2010. Artikel Wawasan: Kecap Tempe Busuk: Semarang


Click to View FlipBook Version