48 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP Wondene perangan perangan utawa unsur-unsur kang kasusun ana ing sajroning sandiwara yaiku: 1. Plot utawa Alur carita yaiku lumakune carita ana ing sajroning carita Wiwit purwa/ ngarep tumekane pungkasan, lan uga gambarane perkara antarane rong paraga kang beda. Ana ing bab iki, lakuning carita kudu runtut wiwit awal 2. Paraga (tokoh) lan Watak Paraga tansah duwe sambung raket karo apa kang diarani watak. Susunan paraga yaiku dhaftar para paraga kang ana ing sajroning carita. Ana ing susunan kuwi kaping pisan kudu dijlentrehake babagan jeneng, umur, lanang utawa wadon, titikane awak, kalungguhan, lan uga kahanan batine. Para paraga ana ing drama bisa kaperang dadi pirang- pirang perangan, kayata : Miturut kiprahe tumrap lumakune carita. a. Paraga protagonis Yaiku paraga kang duweni watak becik. b. Paraga antagonis Yaiku paraga kang duweni watak ala. c. Paraga tritagonis Yaiku paraga kanggo aweh pitulungan marang paraga protagonis utawa antagonis. Uga bisa diaranai paraga panyengkuyung 3. Setting Yaiku papan kedadeane carita, wektu kedadeane lan kahanan utawa swasanane carita. 4. Underaning rembug utawa tema Yaiku mujudake gagasan pokok sing kakandhut sajrone sandiwara. 5. Amanat Yaiku Pesen utawa piweling luhur kang bisa kajupuk saka caritake. Kajaba unsur instrinsik, uga ana tetembungan-tetembungan kang kerep digunakake kang gegayutane karo sandiwara, antarane yaiku : 1. Lakon Tetembungan iki duweni teges irah-irahan ing sajroning sandiwara, wayang, utawa film 2. Tonil Tonil asale saka basa Walanda toneel, kang tegese tontonan ( pertunjukan) 3. Teater Teater asale saka basa Yunani theathron kang tegese nonton, nyawang. Teges liyane yaiku sawijing tontonan seni kang diperagakake ing ngarepe wong akeh. 4. Sendratari Sendratari iki kajupuk saka tembung seni drama lan tari, tegese tontonan kang awujud tarian kang dilakoni dening para penari kang nyaritakake sawijining carita. 5. Adegan Adegan iku kalebu perangan swasana lan kahanan ing sawijing babak. 6. Prolog Prolog yaiku pambukaning ing carita sandiwara. Lumrahe prolog isine pitepungan para paraga utawa nyaritake wiwitane prekara( konflik).
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 49 7. Epilog Epilog yaiku panutuping carita sandiwara. Wose lumrahe wujude dudutan ( kesimpulan) utawa pesen pesen luhur ( amanat ) kang diperagakake dening paraga carita. 8. Dialog Dialog uga wujude pacelathon utawa percakapan antarane paraga siji lan paraga liyane. Anggone micara utawa nindakake pacelathon iki kudu trep lan pantes tumrap swasananing carita. 9. Blocking Blocking yaiku aturane pindahing papan siji menyang papan liyane supaya paraga anggone meragakake ora mboseni. 10. Mimik Mimik yaiku ekspresi obahing awak paraga kang nuduhake teges utawa maksud tertemtu. B. Tuladha Sandiwara Sawise mangerteni babagan tegese sandiwara lan tetembungan kang gegayutan karo sandiwara,saiki siswa bisa maca saperangan tuladha sandiwara ing ngisor iki. Mangga siswa bisa maca kanthi premati, banjur bisa diperagakake ana ing ngarep kelas ! 1. Guru karo Murid Sesuk iku pelajaran bahasa inggris. Putro koyo biasane manggon mburi karo ngemuti pensil. Bu guru nunjuk Putro kon jawab pertanyaane. Bu guru : Putro cobo jawab boso inggrise pintu opo? Putro : Door bu Bu guru : Nek boso inggrise mbuka pintu? Putro : Open the door bu Bu guru : Terakhir boso inggrise pintu ra dibukakke opo put? Putro : Gedoor-gedoor bu Koncone Putro do ngguyu mergo Putro jawab koyo ngono pas ditakoni bu guru. Saka carita sandiwara ing dhuwur , coba tulisna dudutan caritane ! ...................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ...................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... .....................................................................................................................................
50 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 2. Salah Persepsi ( Petruk entuk bonus akeh soko bos e. Duite terus digunakne nggo liburan ning Bandung. Pas transit ning Terminal Sumedang, Petruk ganti bis anyar. Pas wes mlebu bis anyar Petruk langsung lungguh. Terus ana wong lanang mlebu trus bengok-bengok, "Nangkana, nangkana, nangkana". Petruk ngirone wong iki kondektur bus e. Dheweke trus pindah panggonan mergo dikon karo wong lanang mau) "Nangkana, nangkana, nangkana," bengok wong anyar mau. Petruk sing bingung ngirone panggonane wes dipesen uwong. Akhire dheweke pindah panggonan ning mburi dhewe. "Nangkana, nangkana, nangkana," omong e wong lanang iku maneh. Petruk sing mangkel trus takon karo bapake iku. "Pak, aku iki wes pindah-pindah nggon isih mbok kon pindah ae. Jane bis e iki wes kebak opo piye?" takon Petruk. "Lho, Mas. Ngomong apa ya? Mau nangka?" jawabe wong lanang kuwi karo nyodorke bungkusan plastik bening isi buah nangka. "ora , Pak. Matur nuwun. Aku sing luput," wangsulane Petruk karo ngempet isin. Saka carita sandiwara ing dhuwur , coba tulisna dudutan utawa wose caritane ! ...................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... 3. Dokter lan Simbah Dokter : Mbah, untune jenengan niku sampun ompong, kulo pasangi untu anyar mawon nggih? Simbah : Ya wis rapapa, lha rega pira? Dokter : Murah mbah naming rong yuta mawon. Simbah : Yo pasangen wae, gek ndang Dokter : (masang untu palsu dinggo simbah) (Dokter wis rampung masang untu palsu dinggo simbah. Simbah ngekeki duit nang doktere). Simbah : Iki dok dhuite, tak bayar pas rong yuta ya. Dokter : Nggih mbah matur suwun nggih. Simbah wis mlaku tekan latar klinik gigi trus diceluk meneh karo doktere Dokter : Mbah niki duite palsu! Jenengan badhe ngapusi ta? Simbah : Lha ngapusi piye?
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 51 Dokter : Lha niki duite jenengan palsu lakyo ngapusi. Simbah : Yo pak dokter kan masang untu palsu nang cangkemku to, yo aku bayare nggo duit palsu. Wong podo-podo palsune. Dokter : ( Dokter kaged krungu wangsulane simbah, sinambi ngantep bathuke dhewe karo ngobahake sirahe pratandha mumet rumangsa dipaeka simbah) Saka carita sandiwara ing dhuwur , coba tulisna dudutan utawa wose caritane ! ...................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... ..................................................................................................................................... II. Nulis Sandiwara Gandheng para siswa wis maca lan mangerteni tuladha carita sandiwara ringkes ing dhuwur, saiki coba karo kanca sebangkumu gladhi nulis carita ringkes sabisamu. Yen wis rampung utawa purna banjur bisa diperagakna ing ngarep kelas ! Lembaran kanggo nggarap ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ....................................................................................................................................... ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ ........................................................................................................................................ .
52 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP III. Nulis lan meragakake pacelathon A. Tata krama srawung Saben wong kepengin diurmati dening wong liyane. Supaya bab iku bisa kasembadan, mula wong kasebut gelem ora gelem kudu duweni tata krama lan gelem ngajeni marang wong liya. Kajaba iku mumpagate duweni tatakrama kasebut, yaiku bisa nambahi ajining dhiri lan bisa ndadekake urip krasa krasa kepenak lan tentrem. Tatakrama iki gegayutan karo tindak tanduk lan solah bawa utawa tata kramane bab micara marang wong liya . Tuladhane carane nampa dhayoh, carane madhayoh carane micara, carane nganggo busana lan sapuninggalane. Bab kasebut jumbuh karo unen-unen ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka busana kang tegese becik alane liyan iku gumantung apa sing diomongake , lan becik alane awak iku gumatung saka kepriye carane nganggo busananane. Bab iku siswa bisa gladhi saka saiki siswa bakal bisa duweni aji ana ing madyaning masarakat utawa ana ing sadhengah papan.. Kanggo patuladhan bab tata krama ,ing bab iki bakal diandharake yaiku : Tata cara madhayoh lan nampa dhayoh Srawung ana ing masarakat iku, kajaba nggunakake unggah-ungguh kang trep, uga prayogane bisa ngetrapake tatakrama lan subasita. Apa maneh nalika madhayoh utawa nampa dhayoh. Mung gara-gara kurang bisa ngajeni tamu, bisa ndadekake lara ati tamu kang tundhone wong mau bisa ora madhayoh maneh ing wektu candhake. Mula saka iki ing ngisor iki saperangan tuladha tata kramane nalika madhayoh lan nampa dhayoh bisa siswa ditrapake ing saben pasrawungan : 1. Nganggo busana kang pantes lan luwes 2. Micara kanthi alus lan nyengsemake 3. Polatan sumeh ora mbesengut 4. Kanggo sing duwe tamu,prayogane bisa nindakake lungguh, gupuh, suguh, lan rengkuh. 5. Bab pangolahing raga (awak)aja kakehan polah 6. Menawa guneman, guneman kang perlu-perlu wae. Aja nganti nggunemake alaning liyan. 7. Yen madhayoh kudu ngerti wektu, aja nganti kesuwen. Yen nginep aja punjul 3 dina. 8. Ngaturake panuwun lan njaluk ngapura menawa arep pamit. 9. Lsp Kompetensi Inti 4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai, merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut Kompetensi Dasar 4.4 Menulis dan memeragakan dialog di sekolah Indikator 4.4.1 Mampu mengetahui tata krama srawung lan micara 4.4.2 Mampu memperagakan pacelathon di depan kelas 4.4.3 Mampu mengetahui jenis jenis layang dan definisinya 4.4.4 Mempu menulis berapa contoh layang
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 53 B. Nulis teks pacelathon ing sekolah Saben siswa ing sekolah duweni kegiyatan dhewe-dhewe lan beda beda. Coba saiki tulisna kegiatan mu ing sekolah kanthi nulis pacelathon migunakake basa sing becik. Sawise nulis pacelathon karo kanca utawa gurumu, siswa bisa meragakake ing ngarep kelas !
54 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP Papan kanggo nggarap ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... .................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... ..................................................................................................................................................... IV. Kawruh Basa A. Tembung Entar Tembung entar yaiku tembung sing mratelakake samubarang kanthi cara pepindhan utawa kiasan. Gladhen ! Tembung entar ing ngisor iki golekana tegese, kanthi milih pilihan kang wis sumadya ing sisih ngisor ! 1. Dadi wong kudu sing becik aja duwe watak atine ana wulune. 2. Sawise dadi pegawe dheweke yen mangan seneng mogel ilate. 3. Jalaran ditinggal bojone, tanggaku kae pingget atine. 4. Wah pancen pait banget lelakone wong kae saben dina entuk pacoban terus. 5. Kancaku kae bareng wis dadi mulya dadi kembang lambe ana ing desaku. 6. Dadi wong aja seneng ngabangake kuping wong liya. 7. Yen dadi wong sugih, aja gegedhen sirah nanging kudu tetep watak andhap asor. 8. Yen guneman iku kira – kira aja nganti lunyu ilate. 9. Wah Barno kae pancen kandel raine wani nembang ing ngendi – endi. 10. Atlet pencak silat saka Indonesia akeh sing dadi juara amarga wis akeh mangan uyah anggone tandhing ing mancanegara. Tuladha : Bocah kuwi entheng tangane tanpa duwe melik apa apa. Tegese : seneng mbiyantu.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 55 Pilihane : B. Saloka Saloka yaiku unen unen kang ajeg panganggone (ora kena owah lan ora kena diganti tembunge) mawa teges entar mawa gegambaran kewan utawa barang kang nerangake sifating manungsa. Gladhen Saloka ing ngisor iki golekana tegese kanthi milih wangsulan kang wis kacawisake ing sisih tengen ! 1. Endhas gundhul dikepeti a. Ala rupane nanging becik bebudene 2. Gajah ngidak rapah. b. klakon sing dikarepak, ning ora gawe rusak / rame 3. Bathok bolu isi madu. c. Nindakake pagaweyan kang cocog karo kekarepane. 4. Tebu tuwuh socane d. Wis kepenak dipenak-penakake. 5. Belo melu seton. f. Wong sing nerak wewelare dhewe. 6. Kebo bali menyang kandhange g. Waton melu ora ngerti karepe. 7. Kena iwake aja buthek banyune. h. Prakara wis apik, bubrah amarga ana sing ganggu 8. Rindhik asu digithik i. Wang ala dipasrahi barang kang aji malah ngenteke 9. Pitik diumbar ing padharingan j. wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae. 10. Timun wungkuk jaga imbuh k. Wong cilik mungsuh wong gedhe mesthi kalahe. 11. Timun mungsuh duren l. lunga adoh banjur bali menyang omahe maneh. 12. Bebek mungsuh mliwis m. Kumpulane wong becik, kelebon wong ala. 13. Asu gedhe menang kerahe n. Sing gedhe penguwasane menang perkarane 14. Jati ketlusuban ruyung o. Wong pinter mungsuh wong pinter. 15. Kebo kabotan sungu p. Wong rekasa amarga kakehan anak a. Atine ala b. Mangane enak-enak c. Uripe rekasa d. Umuk , gumedhe e. Ora isinan f. Dadi omongan g. Wis akeh pengalamane h. Omongane ora bisa dipercaya i. Gawe nesu j. Atine kelara-lara Tuladha : Kebo nusu gudel tegese : wong tuwa njaluk warah marang wong enom Ula marani gebug tegese : wong kang sengaja marani bebaya
56 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP C. Nulis Layang Sanajan saiki jaman modern lan apa apa wis nggunakake sarane media online, nanging ing sawijing dhaerah tertemtu isih migunakake sarana layang kanggo sesambungan karo wong liya. Sarana layang iki isih perlu digunakake lan dilestarekake. Sadurunge ngandharake kepriye carane nulis layang, perlune siswa mangerteni dhisik tegese layang. Layang yaiku alat utawa piranti kang duweni wujud tulisan sing ditulis ing kertas kanggo ngaturake uneg uneg utawa pesen kanggo wong liya. Layang Iber-Iber Layang Kitir Layang Ulem Layang lelayu Layang Paturan Layang Dhawuh 1. Layang Iber Iber Layang iber iber yaiku layang pribadi kang isine bab utawa perkara kang pribadi . Layang pribadi iku layang non formal. Layang iber-iber iku katujokake biasane kanggo kulawarga, sanak kadang, kanca utawa kenalan. Dene layang ang kanggo wong tuwa kudu nggatekake tata krama lan basane. 2. Layang Kitir Jenise Layang Jenis layang ing piwulangan basa jawa yaiku : 1. Titi mangsa yaiku tanggal,sasi,tahun layang (kapan surat ditulis ) 2. Satata Basa yaiku alamat kang dikirimi layang ( Alamat yg dituju ) 3. Adangiyah/ adawiyah yaiku pangucapan puji syukur 4. Purwaka yaiku salam pambuka biasane duweni isi Assalamualaikum 5. Surasa basa yaiku isine layang 6. Wasana basa yaiku Salam panutup 7. Prepenah yaiku hubungane wong sing dikirimi karo wong sing ngirim. 8. Tapak asma yaiku Tanda tangan 9. Asma terang yaiku wong sing ngirimi layang Perangane Nulis Layang Layang Kitir yaiku layang kang isine cekak aos, biasane ing B.indonesia diarani MEMO, Layang kitir duweni perangan bebas , tuladhane yaiku
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 57 3. Layang Ulem Layang Ulem yaiku Ulem kang ngaturake rawuh amarga arep nandang gawe, tuldhane : ulem nikahan, ulem sunatan, ulem arisan lsp 4. Layang Lelayu yaiku Layang sing ngabari wong kesusahan utawa kepaten (kematiann) 5. Layang Dhawuh yaiku layang saka dhuwuran(pangkate) marang andhahane contoh, Layang saka pak lurah kang isine rapat .kang duweni perangan Lengkap.
58 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP I. Pitakon pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih pilihan a, b, c utawad sing ko anggep bener ! 1. Ing ngisor iki unsur unsur saka sandiwara, kajaba... a. Setting c. Amanat b. Tema d. Blocking 2. Lumrahe lakone carita jupuk saka sujarah jaman biyen utawa babab tanah Jawa. Bab iki kalebu sandiwara.... . a. Panggung c. Wayang b. Tradisional d. Modern 3. Ing ngisor iki ora kalebu tuladha sandiwara tradisional... . a. Ande ande lumut c. Pak Kendhil b. Roro Jonggrang d. Joko Kendil 4. Aja dadi bocah sing seneng melu melu, nanging ora ngerti karepe. Pratelan kasebut jumbuh karo saloka... . a. Kebo kabotan sungu c. Timun mungsuh duren. b. Belo melu seton. d. Bebek mungsuh mliwis 5. Dadi wong kudu sing becik aja duwe watak atine ana wulune. Tembung kagaris miring tegese... a. Kakean polah c. Luhur b. Seneng nyacad d. Atine ala 6. Mas Jeki kae bathok bolu isi madu, mula kancane akeh. Saloka kang kagaris ngisor tegese... .. a. Wong sugih bandha c. Ala rupane becik bebudene b. Ala rupane ala bebudene d. Wong kakehan mangan bolu 7. Dadi wong aja seneng ngabangake kuping wong liya. Tembung kagaris miring tegese... . a. Gawe seneng c.Golek kanca b. Gawe nesu d. Gojek/guyon 8. Ing ngisor iki kalebu tata kramane medhayoh... . a. Micara kanthi alus lan nyengsemake c. Basa sakarepe b. Polatan mbesengut d. Ngomongke alane kanca 9. Becik alane liyan iku gumantung apa sing diomongake. Bab kasebut jumbuh karo unen unen.... a. Ajining dhiri saka lathi c. Becik ketitik ala ketara b. Ajining raga saka busana d. Ora ana wong kang sampurna 10. layang kang isine cekak aos, biasane ing B.indonesia diarani MEMO, Layang iki diarani... . a. Layang dhines c. Layang iber-iber b. Layang kitir d. Layang ulem UJI KOMPETENSI IV
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 59 11. Layang pribadi kang isine bab utawa perkara kang pribadi,diarani.. . a. Layang iber-iber c. Layang kitir b. Layang dhines d. Layang ulem 12. Cukup samene layang saka aku, bisa disambung maneh wulan ngarep. Perangan teks layang ing dhuwur kalebu tuladha... . a. Adangiyah c. Pambuka b. Satata basa d. Wasana basa 13. Aturane pindahing saka papan siji menyang papan liyane supaya paraga anggone meragakake ora mboseni. Bab iku diarani... . a. Mimik c. Blocking b. Latar d. Skenario 14. Samenika ibu sampun… .. menawi Bu Hari sampun dhahan gerahipun. Tembung kang trep kanggo nggenepi ukara ing dhuwur yaiku… a. Mangertos c. Mudheng b. Pirsa d. Sumerep 15. Bu Guru kula mangke wangsulipun badhe numpak sepedha kemawon. Ukara ing dhuwur tuladha basa… . a. Krama lugu c. Ngoko lugu b. Krama alus d. Ngoko alus 16. Doni : Bu, nuwun sewu kula badhe ......dalemipun Bu Dona pundi nggih?” a. Nyuwun pirsa c. Tangklet b. Mundhut pirsa d. Takon 17. Kula badhe matur ngengingi pendhidhikan karakter. Ukara kasebat ngginakaken basa… a. Ngoko lugu c. Krama lugu b. Ngoko alus d. Krama alus 18. Pambukaning sandiwara kang katindakake dening sawijining narator diarani . . . . a. Prolog c. Epilog b. Pacelathon d. Paraga 19. Ing ngisor iki ora kalebu carane gawe teks Sandiwara yaiku... a. Nemtokake irah-irahan lan tema b. Nemtokake kapan dipentasake c. Nemtokake paraga-paraga kang kadhapuk d. Nemtokake alur utawa urutaning carita 20. Rahwana iku pancen lunyu ilate. Lunyu ilate ateges . . . . a. Jujur c. Akeh idune b. Mencla-mencle d. Ilate ditelesi banyu
60 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP UJI KOMPETENSI PENILAIAN AKHIR TAUN I. Pitakon pitakon ing ngisor iki wangsulana kanthi milih pilihan a, b, c utawad sing ko anggep bener ! 1. Wong kang jejibahane nglantarake pidhato diarani… a. Pamedhar Sabda C. Pranatacara b. Wiyaga D. Budayawan 2. Kang dudu dasanamane pidhato… a. Atur Pangandikan C. Sesorah b. Tanggap Wacana D.Atur Pamitan 3. Bab bab kang ora prelu digatekake ing pidhato… a. Busanane C. Swarane b. Basane D. Biayane 4. Kesenian menika sampun kawentar dumugi manca kabupaten. Kawentar tegese… . a. Payu C. Resmi b. Kondhang D. Maju 5. Ing ngisor tata kramane nindakake srawung, kajaba… . a. Matur sakarepe c. Grapyak sumanak karo sapa wae b. Alus guneme d. Sumeh polatane 6. Asiling kesenian jawa iku kudu diuri uri supaya... . a. Mingslep c. Mekar b. Aman d. Lestari Teks 1 kanggo nggarap soal no - “… kados kawuningan bilih anggenipun sunatan mawi tanggapan ringgit purwa amargi ringgit utawi wayang punika kajawi dados tetingalan ugi dados tuntunan. Kangge tuntunan mengku teges kangge tuntunaning tiyang gesang. Ringgit boten namung kangge ngremenaken manah kemawon, nanging saged kangge sarana komunikasi , paring seserepan saha piwucalan. 7. Ing ngisor iki dudu mumpangate ringgit purwa yaiku… a. Bisa kanggo sarana tuntunan c. Bisa kanggo sarana komunikasi b. Bisa menehi seserepan d. Bisa ndadekake sugih kanca 8. Ing ngisor iki pratelan kang ora jumbuh miturut wacan ing dhuwur yaiku… a. Yen sunatan prayogane nanggap wayang b. Wayang kulit bisa dadi sarana komunikasi c. Wayang kulit bisa nyenengake utawa nglipur ati. d. Wayang bisa dadi tuntunaning wong urip 9. wayang punika kajawi dados tetingalan ugi dados tuntunan.Tetingalan basa ngokone… a. Ditonton C. Tontonan
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 61 b. Disekseni D. Nanggap Bapak ibu ingkang dahat kinurmatan ing pangajap mugi-mugi Allah SWT tansah maringi nugraha asih saha nampi sedaya gegayuhan kula saha panjenengan, amin. 10. Teks sesorah ing dhuwur kalebu perangan… a. Purwaka basa C. Wasana basa b. Surasa basa D. Pengarep – arep 11. Dasanamane tembung nugraha yaiku… a. Putra C. Bandha b. Keslametan D. Semat utawa pangkat 12. Saka wacan ing dhuwur, tembung saroja ana ing tembung… a. Nyengkuyung C. Ngrembaka lan lestantun b. Adhem ayem D. Saeya saeka kapti 13. Wiwit jaman Sunan Kalijaga, saben sasi Mulud diadani tablik akbar. Tembung kang kagaris ngisor duwe teges… a. Nglekasi C. Siyap-siyap b. Nganakake D. Ngrampungi 14. Sega gurih minangka tetenger menawa masarakat padha ndherek mangayubagya wiyosane Nabi Muhammad SAW. Tembung tetenger nunggal teges karo… a. Sarana C. Ubarampe b. Pratandha D. Nyukuri 15. Dadi anak kudu bisa ngurmati lan njunjung martabating wong tuwa. Bab iki jumbuh karo paribasa… a. Ora ana banyu mili mendhuwur c. Durung pecuc keselak besus b. Mikul dhuwur mendhem jero d. Anak polah bapa kepradhah 16. latine… a. Jenenge Kalimah C. Jenengku Fatimah b. Jenengmu Marsumi D. Jenange Faizah 17. Ing ngisor iki kalebu dasanamane gunung yaiku… a. Bawana, buwana C. Warih, toya b. Wukir,redi D. Bagaskara, raditya 18. Ana kabar ing wewengkon Banjarmangu, Kabupaten Banjarnegara, akeh kurban sing tiwas jalaran lemah longsor. Sing ora kalebu dasanamane wewengkon yaiku… a. Pusat C. Laladan b. Dhaerah D. Tlatah 19. Watak wantune wanitama tata, titi, tlaten tumemen. Pratelan kasebut migunakake Purwakanthi…. a. Basa C. Guru Swara b. Guru Sastra D. Guru Lagu 20. Ing ngisor iki ora kalebu carane nulis geguritan… a. Nemtokake tema c. Nemtokake irah-irahan b. Nemtokake lelawa basa lan purwakanthi d. Nemtokake guru gatrane 21. Mangga pasugatan ingkang sampun kacawisaken dipunlahabi kanthi mardika. Pasugatan tegese… a. Panganan tradhisional c. Suguhan
62 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP b. Sandhangan d. Dibayar 22. “Budhe menapa panjenengan sampun…. Menawi simbah tindak dhateng kitha Solo?” Tembung kang trep kang nggenepi ukara ing dhuwur yaiku… a. Ngerti c. Mudheng b. Pirsa d. Mangertos 23. Dadi wong kudu ngulinakake tumindak... , gelem tulung tinulung, mbiyantu wong kang nandhang kesusahan. Tembung kang jumbuh kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku… a. Luhur c. Wening b. Unggah-ungguh d. Tata krama 24. Bab kang ora perlu digatekake ing sesorah … . c. Wirama c. Wiguna d. Wirasa d. Wicara 25. wacane yaikui… a. Zaki, Fatimah, Khusnul c. Joni, Fatma, Kuswanti b. Juri, Faim, khusnudhin d. Khusnul, Faim, Kuswaningsih 26. Wayang kang nyaritakake lakone Pandhawa lan Kurawa kaserat ing serat… a. Dewa Ruci c. Ramayana b. Mahabarata d.Wulangreh 27. Sumangga pasugatan menika dipundhahar sawontenipun. Pasugatan tegese... . a. Suguhan c. Ubarampe b. Unjukan d. Werna-werna Teks I Kanggo mangsuli pitakon no 28-30 Kahanan saya tintrim Sawise tekane covid 19 Akeh wong dadi kurban Enom tuwa padha kena bebaya 28. Pratelan ing dhuwur kalebu tuladha... a. Parikan c. Sanepo b. Geguritan d. Kerata basa 29. Tembung tintrim tegese... . a. Wedi c. Seneng b. Rame d. Ndrawasi\ 30. Danama tembung bebaya yaiku ... . a. Kasenengan c. Rekasa b. Apes d. Suntik II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk ! 1. Kancaku ora sida mlebu sekolah, …. wong tuwane gerah. Tembung panggandheng kang trep kanggo ngisi ceceg ceceg ing dhuwur yaiku…. 2. Urip ing ngalam donya kudu pethel lan temen ngangsu kawruh saakeh-akehe.
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 63 Tembung kang kagaris ngisor tegese…. 3. Bapak kepala kepala madrasah ingkang dahat kinabekten, saha bapak ibu guru ingkang dahat kinurmatan. Ukara ing dhuwur kalebu tuladha sesorah perangan…. 4. Dwi naga rasa tunggal . Nuduhake sengkalan angka taun…. 5. Saiki adhik isih turu ana ing omahe kancaku, dene bapak isih… ana ing jero kamare. 6. Paribasan……………………………………………….., tegese saben panggonan duwe adat lan tata cara dhewe-dhewe. 7. Kalpika endah ya mas, dumeh wis suwe ora ketemu saiki wis…… karo aku. 8. Sawise kabeh acara ritual katindakake, purnaning acara kanthi nanggap wayang kulit. Tembung purnaning acara kosok balene.... 9. Kulinakna srawung marang kanca lan tangga teparo, umpama kepethuk biasakna sumeh lan polatan... 10. unine... III. Wangsulana pitaken-pitaken ing ngandhap menika kanthi patitis ! 1. Nalika kowe arep ngumpulake buku ing meja guru Bahasa Jawa sing durung mu ngerteni panggonane, ing kantor ana bapak ibu kang isih lenggahan. Atur mu kang prayoga adhedhasar unggah ungguh yaiku? Wangsulan : ………………………………………………………………………..……………………….….…… …………………………………………………………………………………………….................... 2. Tulisna 1 (siji ) pada utawa paragraph kang isine carane ngembangake seni seni tradhisional lan budaya Jawa ! Wangsulan : ………………………………………………………………………………...………………………... ……………………………………………………………………………………………...….………. 3. Upacara sedhekah laut ditindakake kanthi ancas supaya tansah pinaringan keslametan, ayem tentrem lan bisa kasembadan apa sing disedya. Tembung kang kagaris miring golekana tegese... Wangsulan : ………………………………………………………………………...……………………………… …………………………………………………………………………………………………………
64 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 4. Wacan kasebut unine… Wangsulan : ………………………………………………………………………………………………………… ………………………………………………………………………………………………………… 5. Tulisna tatakrama micara marang wawan gunem ing pasrawungan padinan, 3 bae ! Wangsulan : ………………………………………………………………...………………………………………… …………………………………………………………………………………………………………..
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 65 DAFTAR PUSTAKA https://yudiswati.wordpress.com/2011/01/13/sesorah-atur-pambagya-ing-lelayu/ https://www.bola.com/ragam/read/4292644/4-cerita-lucu-singkat-bahasa-jawa-bikin-susah-nahan-tawa https://www.pembelajaranmu.com/2017/07/istilah-dalam-drama-babak-dan-istilah.html https://jatimulyo.kec-petanahan.kebumenkab.go.id/index.php/web/artikel/117/927 http://isnen-widiyanti.blogspot.com/2017/01/serat-wulangreh-pupuh-durma.html Margana, dkk. 2005. Trampil Basa. Karanganyar:Setya Grafika. Priyantono dkk. 2011. Marsudi Basa lan Sastra Jawa.Jakarta : Erlangga Pedoman penulisan aksara Jawa Media Internet https://bahasajawasmp.wordpress.com/2016/03/15/geguritan/ http://elepansite.blogspot.com/2020/08/cara-nulis-geguritan.html http://risangaryodw.blogspot.com/2017/11/jenis-jenis-sandiwara.html (https://www.djarumfoundation.org/public/images/aktivitas/20121007121001Para_pendukung pertunjukan_Roro_Mendut.JPG)
66 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 1 4. 6. 3 16 14 29 27 8 12. 5. 18 10 7. O 21. 28 24. 20. 9. 22 25. 26 23. 15 17. 19 11 13. NENGEN MUDHUN 1. tentrem,sayuk, aman 1. ajur, ora bisa dianggo maneh 3. Utange arang wulu kucing kalebu tuladha................. 4. lawas 5. kampret, senengane mangan woh-wohan 6. Jinising iwak banyu 7. sawise pitu 9. piranti ing olahraga bulu tangkis 8. Akon, dhawuh 11. rayi 10. Nibakake mungsuh ing tinju 13. negarane Kurawa 12. Negara kita 15. urip mulya, sarwa kacukupan 14. Piranti kanggo gawe dalan 17. ora banter 16. Panganan khas kang digawe ing 19. basa ngokone nate wulan ruwah 21. dianggo cocog, ora seseg utawa ora klombor 18. Kewan mirip sidat, panganan 23. basa kramane wengia khas kutha Klaten 25. Remot Digital Control, cekakane.............................. 20. Irung 27. nalika wengi sing didol ana ing pinggir dalan, pecel.. 21 ora beda 29. bus cepet, banter 22. edi peni, ayu,luwes,sulistya 24. satriya Pandhawa, bagus 26. kancane tempe 28. tujuwan, karep
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 67 KUNCI WANGSULAN LKS PANABASA KELAS 9 SEMESTER GENAP 6. Gladhen 1. Negesi tembung a. Hiburan b. Didhidhik c. Guru sastra d. Kalakon e. Kekarepan, cita cita 2. Amanat geguritan a. Siswa kudu seneng diwulang dening guru b. Seneng ngrumat taman sekolah c. Sanajan sayah kudu mempeng anggone sekolah d. Pangajab supaya gegayuhane kasembadan 3. Mangga kersa guru III. Micara marang wong tuwa 1. Mundhut, tumbas 2. Rayi, adhik 3. Soca/paningal,mripat 4. Ngasta,mbekta 5. Kakung, jaler 6. Mundhut pirsa, nyuwu pirsa, taken 7. (Gawanipun, nitih), (Semahipun, numpak) 8. (Nyare, dalemipun) nyipeng griyanipun 9. Mirsani, ningali 10. Midhanget, Mireng, Aksara Jawa 6. $]i$ulTnHmeku*wn:10: 7. %]bu%unT[fw 8. ai=#=kubn²]au 9. @bup[tn°ulu=z gu= 10. cnDi[^*orobudu/ Gathukke tulisan aksara jawa karo tulisan latine 11. B 12. C 13. A 14. E 15. K 16. F 17. H 18. G 19. I 20. J Wangsulana pitakon pitakon ing ngisor iki ! 1. Indonsia 2. WR Spratman 3. Panuwun 4. salam
68 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 5. pinter UJI KOMPETENSI 5 I. Pilihan Ganda NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN 1 C 6 D 11 B 16 D 21 C 2 B 7 B 12 A 17 D 22 C 3 D 8 A 13 D 18 C 23 D 4 C 9 B 14 B 19 B 24 C 5 D 10 D 15 C 20 A/D 25 B II. Mangsuli Pitakon 1. Matur 2. Lan 3. Panjangka,kekarepan /cita cita 4. Unggah-ungguh 5. Krama alus 6. Geguritan 7. Gajah Mada 8. bu$inT 9. andhap asor 10. ndhidhik III. Essay 1. Gawe seneng/hiburan, golek ngelmu, pinter 2. Manggakersa guru 3. Bisa diumati dening wong liya ,ati kepenak, bisa rumangsa padha padha ngurmati lan ngajeni lsp 4. Bu Guru menapa leres menawi benjing siyang bapa ibu gurubadhe tindak dhateng kitha Semarang. 5. [$o[lo kuqr[m WULANGAN 6 TEMBANGMACAPAT DURMA Gancaran Pada 2 Bener, ala, luput, begja lan cilaka iku asale saka awake dhewe dhewe dudu saka wong liya. Mula tumindak kudu ngati ati, bakal akeh bebaya awake dhewe kudu tansah eling lan waspada Pada 3 Ana telu perkara sing kudu diendhani,kang gedhe pengaruhe marang awake dhewe. Saka Telung perkara iku, aja seneng ngalem awake dhewe, lan aja seneng nyacad marang won liya. Pada 4 Mangga kersa guru Gladhen A. Mangsuli Pitakon 1. Guru wilangan lan guru lagune gatra 1-7 yaiku : 12 a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i 2. Urip kudu ngati ati, bener luput ala, egja lan cilaka iku asale saka awake dhewe
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 69 3. Aja seneng nyacad marang won liya, kudu tansah eling lan waspada, tumindak kudu ngati ati lsp 4. - 5. 7a B. Nulis tembang Mangga kersa guru Purwakanthi 1. Purwakanthi swara 2. Purwakanthi sastra 3. Purwakanthi sastra 4. Purwakanthi basa 5. Purwakanthi basa 6. Purwakanthi swara 7. Purwakanthi sastra 8. Purwakanthi sastra 9. Purwakanthi sastra 10. Purwakanthi swara Dasanama 1. Remen, suka, bungah, tresna, lsp 2. Angkasa, diwangkara, bomantara, dirgantara lsp 3. Sitaresmi, kartika lsp 4. Mulya, reja, kerta 5. Putra, yoga, kusuma, atmaja 6. Becik, prayoga , edi peni, sae 7. Kaloka, misuwur, kawentar, kaonang 8. Toya her, warih, tirta 9. Sakit, mriyang, gering, gerah 10. Wasis, widura, lebda, wignya, mumpuni, limpat Gladhen aksara Jawa 1. AgmIsLm\ 2. negr Arb\ 3. UsMnMc[korn\ 4. IsMailHisihturu 5. r,A EnFh UnTri p+aij+h p+aij+h aiku put][n bup+timh ln pkK+sNn\, p+aij+hfididikKwitCilikBbHgmfeni=[w=otuw[n,kjbnmP[zlM|a=b=kuse[kolhp+ aij+haug[mo[nDokHi=pes[nÒn\, mulskWi[sge[d[d[w[kKffiwnitk=[so[lk+h. knCknC[nanTr[n yaikuj+ki,k+us×l\ln¯rimh. k[bhpdsen_s]wu=mr=p+aij+h,sebbKjbpinTe/,p+aij+haikubebu[d [nluau/k=v_semMken\ Nulis aksara jawa 1. j+[anpMumet\ 2. [p]o[p+[s/omit]#run 3. nbij+kriy
70 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 4. $ulTnHji [g+op+u/ 5. pÆt]iafus\ 6. k+us×lLgituru 7. k+rimhaisihps/ 8. kur=pÆtmin\ 9. j+uhritukua[p 10. p+j+[k+oai[romh KETRAMPILAN 1. Nulis tembang Pesan moral cakepan tembang macapat 1. Aja seneng ngalem awake dhewe 2. Aja seneng nyacad marang wong liya. Nulis cakepan tembang Mangga kersa guru II.Wangsalan 1. Glali 2. Bengla 3. Barongan 4. Peniti 5. Tegesan 6. Dumung 7. Munyuk 8. Ingklik 9. Pang 10. Dangu 11. Mawa 12. Roti 13. Kethek 14. So 15. Mbesengut IV. Sengkalan 1. Taun 1105 2. Taun 1682 3. Taun 1445 4. Taun 1719 5. Taun 1971 6. Taun 1983 7. Taun 1061 8. Taun 1972 9. Taun 1610 10. Taun 1062 UJI KOMPETENSI 6 1. Pilihan Ganda NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN 1 B 6 D 11 B 16 - 21 C
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 71 2 B 7 D 12 - 17 B 22 A 3 D 8 A 13 A 18 - 23 B 4 D 9 D 14 B 19 B 24 A 5 D 10 D 15 D 20 A 25 C 2. Mangsuli Pitakon 1. Dasanama 2. 8i 3. Duka, nesu, muntab 4. p+[lnTi[no [rosSi 5. Limpat, mumpuni, wasis lsp 6. Kekarepan, gegayuhan, cita cita 7. Purwakanthi basa 8. Gunung 9. Mirsani 10. Dina mulih ngaji 3. Essay 1. Bedane antarane tembang macapat lan tembang dolanan NO KATERANGAN TEMBANG MACAPAT TEMBANG DOLANAN 1. Duweni paugeran antarane yaiku guru gatra guru lagu guru wilangan Ya Ora 2. Migunakake purwakanthi Ya Ya 3. Jumlahe larik wis ditentokake Ya Ora 2. Sengkalan yaiku saka tembung Saka lan Kala. Menggah kang dikarepake yaiku unen-unen kang duweni teges angka taun. Sengkalan uga diarani pengetan wektu kang mawa kedadean utawa lelakon wigati, kang lumrahe anggone mengeti cacahing taun ora katulis angka ananging nganggotetembungan utawa gambar. Tuladha Ganda (9) wangi (9) aruming (9) bantala (1) = taun 1999 Sirna ( 0) ilang (0) kertaning (4) bumi (1) = taun 1400 Panca catur trusing tyas = Taun 1945 3. E/nk+risM sinau 4. - Nemtokake jenis tembang macapat - Nemtokake guru gatra - Nemtokake Guru wilangan - Nemtokake Guru lagu 5. Bu, kula badhe nyuwun pirsa kaliyan panjenengan, benjing menapa ibu kagungan wekdal longgar, amargi kula badhe sowan ing dalem panjenengan.
72 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP WULANGAN 7 PIDATO BASA JAWA Gladhen a. Negesi Tembung 1. Wong sing dituwakake amarga duwene pangkate lan derajade dhuwur 2. Wong sing dituwakake amarga pancen sing paling tuwa dhewe. 3. Para 4. Banget diurmatine 5. Dedonga 6. Kabaswarasan, (kesehatan) 7. Keslametan 8. Wektu longgar, (kesempatan) 9. Rame 10. Kaendhani (terhindar) 11. Alangan, bebendu, pepalang, pacoban lsp 12. Wakil 13. Dimulyakake 14. Metu 15. Mumpangati 16. Suguhan ( jamuan) 17. Beciking ati, bebudene luhur 18. Oleha 19. Slamet 20. Kawigaten ( perhatian) 21. Lereni, rampungi 22. Nyenengake, ngepenakake 23. Gedhe 24. pangapunten b. Mangsuli pitakon 1. Atur pakurmatan 2. Wakil 3. Pambagyaharja 4. Syukuran kagungan putra kakung 5. Mugi mugi ingkang putra sageddados putra ingkang soleh, bekti, mbarokahi lan murakabi tumrap kulawarga, masarakat,bangsa lan negari. 6. Pasugatan saha saha sanes-sanesipun 7. Njaluk pangapura saakeh akehe 8. Pinanggih 9. Pangapura 10. Para tamu c. Pratelan b apa s 1. B 2. S 3. B 4. B 5. B 6. B 7. B
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 73 8. S 9. B 10. B d. Nggawe teks pidhato Mangga kersa guru KETRAMPILAN Gladhen 1. Suguhan 2. Rampung 3. Nyenengake 4. Ati 5. Patemon/ pertemuan 6. Pengarep arep / harapan 7. Nulung 8. Kepenak 9. Disiapake 10. Manasuka/bebas 11. Jejagongan 12. Pangapura 13. Makumpul 14. Dadi siji 15. Wis wektune UJI KOMPETENSI 7 I. Pilihan Ganda NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN 1 A 6 D 11 D 16 C 21 B 2 C 7 D 12 C 17 B 22 A 3 B 8 C 13 D 18 A 23 C 4 - 9 B 14 D 19 D 24 A 5 C 10 C 15 B 20 B 25 B II. Mangsuli Pitakon 1. Gampang dimangerteni 2. Wirasa 3. Pangajap/harapan 4. Aturaken 5. Suguhan 6. Pambagyaharja 7. Mantenan,syukuran 8. Panjenengan, griya 9. Medhar sabda 10. Wong sing tuwa umure III. Essay 1. Tata kramane pidhato a. Patrape kudu sing manteb, ngaded jejeg, tangan ngapurancang, ora kakehan obah, sirah orandhingkluk utawa ndhangak. Sing baku kabeh polahe badan mau kudu luwes ngepasake marang kahanan kang diadhepi. b. Swara (wirama) kepenak dirungokake, ora keseron utawa kelirihen bisa ngepasake marang kahanan.
74 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP c. Busanane kepenak disawang d. Lsp 2. Bab bab kang perlu diaturake ing pambagyaharja a. Ngaturake sugeng rawuh b. Ngaturake pangapura in bab : - Suguh - Lungguh - Rengkuh 3. Perangan Pidhato a. Salam pambuka b. Purwaka basa Purwaka basa kaprinci dadi :atur pakurmatan lan atur pamuji c. Surasa basa d. Dudutan e. Pengarep-arep f. Wasana basa g. Salam Panutup 4. Ing wasana, kula pungkasi semanten atur kula, bok menawi anggen kula matur kirang mranani penggalih panjenengan kula ngaturaken agunging sih samodra pangaksama. Nuwun. ( mangga kersa guru ) 5. Negesi tembung a. Atur Pakurmatan yaiku atur kang wose ngaturake pakurmatan marang para pamiyarsa, supaya sing diwenehi pakurmatanrumangsa diajeni lan diurmati. b. Atur pambagyaharjo Yaiku atur ang wose ngaturake sugeng rawuh marang para lenggah/tamu WULANGAN 8 SANDIWARA i. Tuladha Sandiwara 1. Nulis dudutane sandiwara “Guru karoMurid” Bu guru Basa Inggris mundhut pirsa marang salah sawijining siswa kang jenenge Putra. Yaiku supaya bisa negesi bahasa Inggrise lawang,mbukak lawang lan lawange ora dibukak bukak. Nanging wangsulane Putra ndadekakake siswa liyane padha ngguyu-ngguyu 2. Nulis dudutane sandiwara “Salah Persepsi” Salah sawijining penumpang bus sing jengkel pindhah-pindhah papan lungguhe amarga rumangsane dikon pindhah dening kondekture bus. Nanging sawise penumpang kasebut nggenahake jebulane, sing dikira kondektur bus iku sawijining bakul kang nawakake dodolan nangkane.. 3. Nulis dudutane sandiwara “ Dokter lan Simbah Pasiene kang njaluk marang dokter gigi supaya dipasangake gigi palsu.Nalika wis dipasangake,pasiene kasebut mbayar ragade uga nganggo dhuwit palsu. Pawadane / alasane amarga untune ya palsu, mula dhuwite palsu. Doktere banjur mumet lan rumangsa dipaeka. ii. Nulis sandiwara Mangga kersa guru iii. Nulis Teks pacelathon
BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 75 Mangga kersa guru iv. Kawruh basa 1. Tembung entar a. Atine ala b. Mangan enak c. Atine kelara lara d. Uripe rekasa e. Dadi omongan f. Gawe nesu g. Umuk h. Omongane ora bisa dipercaya i. Ora isinan j. Akeh pengalamen 2. Saloka a. D b. F c. A d. H e. G f. L g. B h. C i. I j. J k. K l. O m. N n. M o. P UJI KOMPETENSI 8 I. Pilihan Ganda NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN 1 D 6 C 11 A 16 A 2 B 7 B 12 D 17 C 3 C 8 A 13 C 18 A 4 B 9 A 14 B 19 B 5 D 10 B 15 A 20 B UJI KOMPETENSI PAT NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN NO KUNCI JAWABAN 1 A 6 D 11 B 16 C 21 C 26 B,C
76 BAHAN AJAR BAHASA JAWA - KELAS 9 - SMT GENAP 2 D 7 D 12 - 17 B 22 B 27 A 3 D 8 A 13 B 18 A 23 A 28 B 4 B 9 C 14 B 19 B 24 C 29 D 5 A 1 0 D 15 B 20 D 25 A 30 B II. Mangsuli pitakon 1. Amarga 2. Gole ngelmu 3. Atur pakurmatan 4. Taun 1682 5. Sare 6. Desa mawa cara Negara mawa tata. 7. Lali 8. Purwaka, lekas 9. Nyengsemaken, nyenengake disawang 10. Fani Rahma III. Essay 1. Nuwu sewu bade nyuwun pirsa lenggahanipun Bapak/ibu.. Guru basa Jawi pundi nggih. Nggih sampun, pareng Pak/Bu matur nuwun. 2. Mangga kersa guru 3. Ancas tegese tujuan, kasembadan tegese kalakon, disedya tegese dikarepake 4. Faizah iku putrane Bu Dzalimah. 5. Guneme kepenak dirungokake, ulat nyengsemake, matur ora kesusu, ature ora nglarani ati, ora ngomongake alaning liyan lsp. Matur nuwun