The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.

Kangge kelas 8 SMP kanthi materi aksara swara

Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by parameswaritika07, 2022-12-15 00:42:03

Bahan Ajar Aksara Jawa

Kangge kelas 8 SMP kanthi materi aksara swara

1 | Kaca


BAHAN AJAR

Satuan Pendidikan : SMP Muh. 1 Minggir
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi Pokok : Aksara Jawa
Kelas/ Semester : VIII/ Gasal
Alokasi Waktu : 2 x 40 Menit

KOMPETENSI INTI (KI)

3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan
prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan
kejadian tampak mata

4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret
menggunakan, mengurai, merangkai, modifikasi, dan
membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,
menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan
yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam
sudut pandang/teori

2 | Kaca


KOMPETENSI DASAR dan INDIKATOR

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi

3.3Menganalisis Aksara 3.3.1 Menganalisis tata penulisan aksara Jawa
Rekan, Aksara Swara, yang menggunakan aksara swara dengan
Aksara Murda dalam benar (C4)
paragraf sederhana
beraksara Jawa 3.3.2 Menyusun kembali kalimat acak
beraksara Jawa yang menggunakan aksara
swara (C6)

4.3Membuat paragraf 4.3.1 Mengalihaksarakan kalimat sederhana

sederhana beraksara berhuruf latin menjadi beraksara Jawa

Jawa menggunakan yang menggunakan aksara swara. (P3)

Aksara Rekan, Aksara 4.3.2 Mengalihaksarakan paragraf sederhana
Swara, Aksara Murda
berhuruf latin menjadi beraksara Jawa

yang menggunakan aksara swara. (P3)

Pertemuan 1. 3.3.1 Menganalisis tata penulisan aksara Jawa yang
Pengetahuan menggunakan aksara swara dengan benar (C4)

Keterampilan 4.3.1 Mengalihaksarakan kalimat sederhana berhuruf
latin menjadi beraksara Jawa yang menggunakan
aksara swara. (P3)

Pertemuan 2. 3.3.2 Menyusun kembali kalimat acak beraksara Jawa
Pengetahuan yang menggunakan aksara swara. (C6)

Keterampilan 4.3.2 Mengalihaksarakan paragraf sederhana
berhuruf latin menjadi beraksara Jawa yang
menggunakan aksara swara. (P3)

Untuk UKIN menggunakan pertemuan 2

3 | Kaca


Pamulangan 2
Peserta didik saderengipun mlebet ing wulangan aksara Jawa
mliginipun aksara swara, sumangga mangsuli soal pretest menika
rumiyin, mawi aplikasi Wordwall, utawi saged kanthi scan barcode

Link: https://wordwall.net/play/38755/322/753

Fase 1: Stimulus

Peserta didik sasampunipun mangsuli soal pretest, sumangga ningali
gambar-gambar ingkang ngginakaken aksara swara menika!

Gb 1 Wujud aksara swara

Fase 2: Identifikasi Masalah
Materi Faktual

Peserta didik, ing pamulangan dinten menika badhe ngrembag
wulangan aksara swara. peserta didik saged nggatosaken andharan
materi aksara Jawa mawi aksara swara kanthi PPT Canva

4 | Kaca


Wujudipun Aksara Jawa

Peserta didik sumangga dipuntingali wujudipun aksara Jawa legena,
sandhangan saha pasanganipun!

A. Aksara Legena

Ha ꦲ Na ꦤ Ca ꦕ Ra ꦫ Ka ꦏ

Da ꦢ Ta ꦠ Sa ꦱ Wa ꦮ La ꦭ

Pa ꦥ Dha ꦝ Ja ꦗ Ya ꦪ Nya ꦚ

Ma ꦩ Ga ꦒ Ba ꦧ Tha ꦛ Nga ꦔ

B. Pasangan

ꦲꦲ ꦤꦤ ꦕꦕ ꦫꦫ ꦏꦏ

ꦢꦢ ꦠꦠ ꦱꦱ ꦮꦮ ꦭꦭ

ꦥꦥ ꦝ ꦝ ꦗꦗ ꦪꦪ ꦚꦚ

ꦩꦩ ꦒꦒ ꦧꦧ ꦛ ꦝ ꦔꦔ

C. Sandhangan Suku Taling Taling Tarung
Wulu ꦺꦶ =è/é
ꦶ=i ꦶ =u ꦺꦶꦶ = o

Pepet Cakra Keret Pengkal
ꦶ = ra ꦶ =re
ꦶ=ê ꦶ = ya
Layar
Wignyan Cecak Pangkon
ꦶ = mati r
ꦶ =h ꦁ= mati ng ꦁ = panyigeg

5 | Kaca


Fase 3: Mengorganisasikan Peserta Didik

Materi Konsepsual

Peserta didik sumangga dipunsinau sesarengan materi ing ngandhap
menika!

Pamulangan 2
Katrangan:
Wonten ing pepanggihan kaping kalih menika, ingkang badhe
dipunsinau inggih menika perangan ndamel susunan saking ukara acak
mawi aksara Jawa ingkang ngewrat aksara swara supados laras kaliyan
ukara nipun, saha nyerat paragraf prasaja saking aksara latin dados
aksara Jawa ingkang ngewrat aksara swara.

Pangretosan

Swara tegesipun uni utawi ing basa Indonesia diarani
vokal. Aksara swara inggih menika aksara ingkang
dipunginakaken kangge nyerat swara vokal /a/, /i/, /u/, /e/, /o/.
Miturut (Padmosoekotjo, 1939: 40) Aksara swara
dipunginakaken kangge nyerat tembung utawi seserepan

6 | Kaca


saking manca. Tembung manca menika ingkang ngewrat swara
vokal /a/, /i/, /u/, /e/, saha /o/ ing wiwitanipun tembung.

Wujudipun Aksara Swara

Wujudipun aksara swara saged dipuntingali kados ing
ngandhap menika:

A I UEO

ꦄꦆꦈ ꦌ ꦎ

Titikanipun Aksara Swara

1. Aksara swara dipunginakaken kangge nyerat tembung
seserepan saking bangsa manca, nami wong, nagara, saha
wulan.

2. Aksara swara boten gadah pasangan kados aksara legena
3. Aksara swara boten saged dipundadosaken pasangan
4. Aksara swara boten saged kawuwuhan sandhangan vokal

kados ta sandhangan : wulu, suku, taling, pepet, saha
taring tarung
5. Aksara swara saged kawuwuhan sandhangan wignyan,
layar saha cecek
6. Aksara swara boten kangge paring pakurmatan.

7 | Kaca


Fase 4: Membimbing Penyelidikan

Materi Prosedural

Sasampunipun peserta didik mangretos wujudipun aksara
Jawa swara, kaajab saged ndamel susunan saking ukara acak
aksara Jawa, saha mengalihaksarakan ukara saha paragraf
mawi aksara latin dados aksara Jawa ingkang ngewrat aksara
swara.

A. Tata Panyeratipun Aksara Swara

1. Aksara swara boten saged dados pasangan.
Amargi boten saged dados pasangan, dados aksara ing
sangajengipun kedah dipunsigeg ngangge pangkon ꦶ

Tuladhanipun :

Wulan Agustus: ꦮꦭꦤ ꦄꦒꦱꦱꦠꦸ

Tembung wulan, aksara (ꦤ) mati lajeng ketemu aksara

swara (ꦄ), dados (ꦤ) ing tembung wulan kudu
dipangkon.

2. Aksara swara boten saged kawuwuhan sandhangan swara.

Tuladhanipun :

1. India : ꦆꦤꦪꦢ (panyeratan kang leres)

8 | Kaca


sanes aksara swara ꦄ kawuwuhan sandhangan wulu (ꦶ)
kados mekaten:

India : ꦄꦤꦢꦪ (panyeratan ingkang klentu)

2. Olimpiade : ꦎꦭꦩꦥꦪꦢ (leres)

sanes aksara swara ꦎ kawuwuhan sandhangan taling
tarung (ꦺꦶꦶ ) kados mekaten:

Olimpiade: ꦺꦎ ꦭꦩꦥꦪꦢ (klentu)

3. Aksara swara kawuwuhan sandhangan wignyan, layar,

saha cecag

Tuladhanipun :

Anggun : ꦄꦒꦁ ꦤ (jeneng wong)

B. Mengalihaksarakan Aksara Latin ing Aksara

Jawa

Peserta didik anggenipun nyerat aksara Jawa mawi aksara
swara saged ngecakaken paugeran seratan aksara swara saha
saged nyetitekaken wujudipun aksara rumiyin.

9 | Kaca


Fase 5: Mengembangkan dan Menyajikan
Hasil Karya

Materi Metakognitif

Peserta didik sasampunipun maos saha mangretosi cak-
cakanipun kangge nyerat aksara Jawa mawi aksara swara,
sumangga saged dipungarap kados mekaten!

Pamulangan 2

Gladhen Klompok

Peserta didik supados langkung wasis anggenipun sinau aksara
Jawa mliginipun nyerat aksara swara, sumangga:
1. Susunen ukara acak mawi aksara Jawa menika supados laras

kaliyan ukara latinipun!
a. Isna tuku sayur

ꦱꦪ ꦆꦱꦤ ꦠꦏ = 2 – 3 – 1

1 23

Anggenipun peserta didik mangsuli pitakenan menika,
ngginakaken metode Teams Games Tournamen (TGT). Cara
anggenipun mangsuli pitakenan kanthi metode TGT inggih
menika, peserta didik dipunperang klompok, salajengipun
kanthi cepet saha pener mangsuli pitakenan ingkang sampun
dipunsamektakaken mawi media kertas asturo ing ngajeng
kelas.

2. Peserta didik sasampunipun mangsuli pitakenan gladhen 1,
sumangga sareng-sareng kaliyan kanca klompokipun
mengalihaksarakan utawi nyerat paragraf prasaja ingkang

10 | Kaca


ngginakaken aksara latin dados aksara Jawa ingkang ngewrat
aksara swara.
Sasampunipun mangsuli pitakenan ing LKPD, perwakilan
saking klompok majeng ing ngajeng kelas kangge
ngandharaken asilipun dhiskusi. Klompok sanesipun suka
pamanggih saha panyaruwe.

Fase 5: Menganalisis dan Mengevaluasi
Pemecahan Masalah

Peserta didik sasampunipun nganalisis wujud aksara swara,
paugeran utawi tata panyeratipun tuwin gladhen, sumangga
sami dipunanalisis saha evaluasi anggenipun manggihaken
sadaya perangan kalawau!

Perangan menapa kemawon ingkang ndadosaken bingung
saking sedaya perangan kalawau?
1. Peserta didik anggenipun mangsuli pitakenan kedah

magretos wujudipun aksara swara, langkung gampil bilih
peserta didik ngapalaken aksara swara menika.
2. Anggenipun maos aksara Jawa mawi aksara swara kedah
tliti saha permati.
3. Anggenipun nyerat kedah mangretos paugeran nyerat aksara
Jawa mawi aksara swara.
Peserta didik mangsuli pitakenan ing soal post test mawi
Google Form.

11 | Kaca


Dudutan saha Relevansi

Dudutan
Dudutan saking wulangan aksara Jawa ingkang ngewrat

aksara swara inggih menika:
1. Ginanipun aksara swara kangge nyerat aksara vokal saking

tetembungan nagara manca, nami wong, mergi, saha wulan.
2. Paugeran aksara swara, inggih menika boten saged

kawuwuhan sandhangan swara, saha boten saged dados
pasangan.
3. Kangge maos saha nyerat seratan mawi aksara Jawa ingkang
ngewrat aksara swara kedah mangretos paugeran
seratanipun rumiyin.

Relevansi
Wulangan aksara Jawa ingkang ngewrat aksara swara

menawi dipungayutaken kaliyan gesang samenika taksih
relevan. Pawadanipun kathah dipunpanggihaken wonten plang
nami mergi utawi nami papan ingkang ngginakaken aksara
Jawa, kejawi menika paedah sinau aksara Jawa mliginipun
aksara swara, peserta didik ugi saged nyerat naminipun
ngangge aksara Jawa ingkang kawiwitan aksara swara.
Satemah peserta didik sasampunipun angsal wulangan aksara
Jawa menika dipunajab saged maos nalika manggihaken ing
mergi. Kejawi menika kanthi sinau aksara Jawa, saged dados
salah satunggal padamelan kados ta saged ndamel kaos printing
mawi aksara Jawa

12 | Kaca


Kapustakan

Sri Winarti dkk. 2017. Kartika Basa. Yogyakarta: Dinas Dikpora
Yuwono Sudiprayitno, dkk. 2020. Kartika Basa Kelas VIII Edisi Revisi 2020.

Yogyakarta: Dikpora DIY.

Sumber internet:

https://wordwall.net/play/38755/322/753
https://forms.gle/eDQ2QqM2VfJrcD3j6
https://bit.ly/3UX33IU
https://begawanariyanta.wordpress.com

13 | Kaca


Click to View FlipBook Version