Sumber: https://bit.ly/3Sj8st4
1 |Upacara Tradisi Tunggul Wulung
Prosesi Upacara Tradisi Tunggul Wulung
Dening: Tika Parameswari
Upacara Tunggul Wulung inggih
menika salah satunggal upacara adat
tradisi ing Kabupaten Sleman mliginipun
ing Desa Sendang Agung. Sejarah
upacara Tunggul Wulung inggih menika
napak tilas Ki Ageng Tunggul Wulung
ingkang taksih tus bangsawan saking
nagara Majapahit, amargi nagara
Majapahit ambruk. Ki Ageng Tunggul
Wulung saha ingkang garwa Raden Ayu
Gadhung Mlati tuwin para abdinipun
nglampahi laku ngantos dumugi Sendang Gb 1 Ki Ageng Tunggul Wulung
Laman:https://www.kuwaluhan.com/20
Beji dusun Diro. 19/06/kisah-legenda-asal-usul-tunggul-
wulung.html
Ing sawijining dalu, dinten Jumat Pon, Ki Ageng Tunggul
Wulung nindakaken tirakat ing sangandhapipun wit Timoho ingkang
caket kaliyan kali Progo, sareng kaliyan garwa, para abdi, tuwin para
kewanipun, kados ta manuk perkutut, gemak, macan gembong, macan
putih, naga ijo, naga ireng, saha pitik jago wiring kuning. Ing tirakat
menika sadaya mukswa (ical saraganipun). Salajengipun awit
pamanggihipun tiyang Walanda dhateng juru kunci Nyai
Kriyoleksono, patilasan Ki Ageng Tunggul Wulung dipundamelaken
kijing minangka pralambang makamipun.
Ngantos samenika, upacara Tunggul Wulung taksih dipunadani
dening masarakat saha pamarentah wonten ing wewengkon Minggir.
Upacara kasebut minangka upacara pangeling-eling dhateng Ki Ageng
Tunggul Wulung saha upacara resik desa kangge masarakat Sendang
Agung tuwin sakiwa tengenipun. Kejawi menika upacara Tunggul
2 |Upacara Tradisi Tunggul Wulung
Wulung ugi dipuntindakaken
minangka raos syukur
masarakat ngengingi asilipun
tetanen ingkang sae. Upacara
menika katindakaken dinten
Jumat Pon ing wulan Agustus.
Urutanipun prosesi kanthi
mendhet toya pawitra saking
Sendang Beji dinten Kemisipun
Gb.2 Mendhet toya saking Sendang Beji dening tetua kanthi kairing
Laman:https://sseratan.blogspot.com/2018/07/ prajurit Tunggul Wulung. Toya
sendan-beji sendangmulyo.html
dipunlebetaken kendhi, lajeng
dinten Jumat ipun toya dipunbekta tumuju ing petilasan Ki Ageng
Tunggul Wulung. Toya minangka sarana ingkang dados pralambang
kesuburan ing wewengkon Minggir.
Acara kalajengaken pasamuan utawi pagelaran uyon-uyon
mawarni tontonan kados ta karawitan, tari, drama saha tembang. Uyon-
uyon menika kagelar dinten Kemis ndalu malem Jumat Pon ing
pendhapa juru kunci petilasan Ki Ageng Tunggul Wulung. Uyon-uyon
pralambang upacara tradisi Tunggul Wulung sampun kawiwitan saha
sarana pangundang dhateng masarakat kangge ndherek mriksani acara
kasebut.
Prosesi kalajengaken kirab
budaya, kirang langkung tabuh 13.00,
kirab tumuju Bale Desa Sendangagung
kadherekaken dening para bregada,
mawi busana ingkang beda-beda. Prosesi
kirab kawiwitan kanthi nyaosaken
pusaka Ki Ageng Tunggul Wulung
dhateng ingkang kapatah dhawuh.
Paserta kirab inggih menika bregadha, Gb 3. Nyaosaken Pusaka
kasepuhan, pangarsa desa ing Laman: https://bit.ly/3Sj8st4
Kapanewon Minggir, pangarsa dusun ing Kelurahan Sendangagung,
3 |Upacara Tradisi Tunggul Wulung
kang bekta pusaka, sesaji tuwin
asilipun bumi, saha muspika.
Gunungan asilipun bumi arupa
jangan-jangannan, saha woh-wohan
Kirab saking desa Sendangagung
tumuju petilasan Ki Ageng Tunggul
Wulung. Kirab minangka pangiring
sarana prasarana ing upacara tradisi
menika.
Gb. 4 Bregada Tunggul Wulung
Laman:https://journal.uny.ac.id/index.php/w
uny/article/view/3534
Sasampunipun arak-arakan
kirab dumugi ing petilasan, prosesi
kalajengaken kendhuri. Kendhuri
dipunpangarsani dening juru kunci
kadherekaken arakan kirab saha
masarakat. Kedhuri minangka
sarana dedonga dhumateng Gusti Gb. 5 Kirab upacara Tunggul Wulung
Laman: https://bit.ly/3Sj8st4
awit sih kanugrahanipun tuwin
pakurmatan dhateng leluhur nun
inggih Ki Ageng Tunggul Wulung.
Prosesi salajengipun inggih
menika nggrayah gunungan.
Masarakat sami rebutan wulu wetu
asilipun bumi kados ta jejanganan,
saha woh-wohan, minangka
pralambang kaslametan sinten
kemawon ingkang kasil mendhet
asilipun bumi menika.
Sasampunipun nggrayah
gunungan,prosesi dipunlajengaken
Gb 6. Ngrayah Gunungan pagelaran tari tayub. Tari tayub
Laman:https://www.antarafoto.com/mudik/v1505480 menika kabagi dados kalih sesi,
ingkang sepisan tari tayub sakral
101/upacara-adat-tunggul-wulung
4 |Upacara Tradisi Tunggul Wulung
lan sesi kalihipun tari tayub kangge
hiburan dhateng masarakat. Tari
tayub saged dipunpriksani ing
pendhapa dalemipun juru kunci
ingkang dipundamel kados
panggung. Panarya tarub sakral
namung satunggal tiyang setri,
gendhing pangiringipun ugi boten
pareng dipuntabuh sembarangan
wekdal. Tari tayub sakral tuwin
gendhing pangiringipun minangka Gb 7. Tari Tayub
Laman: https://bit.ly/3Sj8st4
pralambang kangge pakurmatan
dhateng leluhur.
Prosesi upacara Tunggul Wulung dipunpungkasi kanthi
ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sawengi dheg. Pagelaran
menika mendhet lakon Sri Mulih tegesipun konduripun Dewi Sri. Lakon
Sri Mulih dipunpilih minangka pralambang nagari kang tentrem kreta
raharja. Pagelaran ringgit wacucal saged dipunpriksani ing pendhapa
dalemipun juru kunci.
Sadaya kalawau minangka urut-urutanipun prosesi upacara
Tunggul Wulung. Ananging, sadaya tata rantamaning adicara boten
saged ical saking pambiyantunipun pamarentah saha masarakat ing
tlatah Sendangagung Minggir. Upacara tradisi Tunggul Wulung
samenika sampun katetepaken dening pamarentah Kabupaten Sleman
minangka salah satunggal wisata tradisi ing Yogyakarta. Upacara
menika ugi saged narik kawigatosan masarakat lokal tuwin manca
kangge mriksani prosesinipun. Kejawi menika, kanthi dipunwontenaken
upacara Tunggul Wulung saged ngindhakaken pagesangan masarakat
sakiwa tengenipun, kados ta saged ngindhakaken sosial saha ekonomi,
mbikak papan padamelan, saha ngindhakaken raos tulung tinulung ing
masarakat.
5 |Upacara Tradisi Tunggul Wulung