DAFTAR ISI
DAFTAR ISI...................................................................................................................... ii
A. Crita Ramayana .......................................................................................................... 1
Cerita Anoman Duta .......................................................................................................... 2
B. Pupuh Kinanthi ........................................................................................................... 3
Tegese tembang Kinanthi ................................................................................................. 4
Watak tembang Kinanthi .................................................................................................. 4
Fungsi tembang Kinanthi ................................................................................................... 4
Paugeran tembang kinanthi ................................................................................................ 4
Cakepan tembang kinanthi ................................................................................................. 5
C. Legenda ....................................................................................................................... 7
Tegese Legenda ................................................................................................................ 8
Jenise Legenda ................................................................................................................... 8
Unsur intrinsik ................................................................................................................... 8
Cerita legenda Gunung Merapi .......................................................................................... 8
D. Dialog ............................................................................................................................ 10
Tegese dialog .................................................................................................................... 11
Tata cara nglakoni dialog ................................................................................................... 11
Dialog Pangeran Diponegara ............................................................................................. 11
E. Nulis Huruf Jawa ....................................................................................................... 12
Aksara Jawa ....................................................................................................................... 12
Pasangan ............................................................................................................................ 14
Tuladha nulis Jawa ............................................................................................................. 14
Nyalin teks Naratif.............................................................................................................. 14
DAFTAR PUSTAKA........................................................................................................ 18
2
A. Crita Ramayana
Kompetensi Inti
KI -1 Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
KI-2 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong) santun, percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial
dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
KI-3 Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, terkait fenomena dan kejadian
tampak mata.
KI-4 Mencoba, mengolah, dan menyajikan dalam tanah konkret(menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan tanah abstrak (menulis, membaca, menghitung,
menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang
sama dalam sudut pandang atau teori.
Kompetensi Dasar
3.1 Memahami isi teks Ramayana ( Anoman duta)
4.1 Menanggapi isi yeks cerita Ramayana (Anoman duta)
Indikator
1. Siswa membaca pemahaman teks cerita sayang Ramayana.
2. Siswa mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam cerita Ramayana
Anoman Duta.
3. Siswa mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan.
4. Siswa menuliskan pesan yang terdapat dalam Ramayana lakon Anoman Duta.
Anoman Duta
1
Ramawijaya tidak mbebedhag utawa golek kewan ing alas. Sadurunge tindak, Prabu
Rama wis weling marang sing garwa yaiku Sinta. Sinta diweling ora kepareng nerak wewaler
utawa garis mistik saka Prabu Rama. Tindake Rama diweruhi wadyabalane Rahwana lan padha
golek sisik melik kanggo ndhusta Sinta. Sawuse oleh sisik melik, Rahwana banjur mbudidaya
supaya bisa mboyong Sinta. Kanthi maneka cara dilakoni, supaya penggalihe Sinta kapilut
dening Rahwana. Rahwana malih rupa, sing pungkasan rupa malih dadi kidang kencana utawa
kidang emas kang minangka klangenane utawa kasenengane Sinta. Penggalihe Sinta eneng
campur gumun, ana kewan apik minangka klangenane, mula enggal-enggal dicedhaki. Ora
ngertiya, kidang kencana iku mau minangka penjelmaan Rahwana. Sanalika Sinta kaboyong lan
kabopong Rahwana diasta mabur menyang ngakasa. Sawuse Ramawijaya kondur saka
mbebedhag, pranyata Sinta ora ana, mula banjur utusan marang wadyabala Rama supaya golek
sisik melik dumununge Sinta. Gancanging carita, Prabu Ramawijaya golek sisik melik utawa
mata-mata ngenani kaanane Dewi Sinta kang wis didhusta dening Rahwana. Wis pirang-pirang
dina pisah karo Dewi Sinta andadekake penggalihe Prabu Rama sungkawa utawa sedhih. Kang
diutus utawa dadi duta yaiku kethek putih kang aran Anoman.
Anoman dadi duta utawa utusane Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Keputren.
Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Sinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake ali-aline Sri
Rama menyang Dewi Sinta. Sawise oleh sisik melik lan kaanan liyane, Anoman ya kethek putih
banjur bali. Nanging nalika arep pamit bali, konangan para prajurit Alengkadiraja, lan dirangket
nuli disowanake marang Prabu Rahwana. Dening Rahwana, Anoman kapratapan paukuman
yaiku bakal diobong ing alun-alun Ngalengka. Ngadhepi kahanan kang kaya mangkono,
Rewandaseta utawa kapiseta tatag tanggon tanpa kiris, tanpa gigrig manahe. Ing batine, kabeh
prakara kang bener, bakal pener lan prakara luput bakal luput utawa salah mesthi bakal seleh. Iki
minangka watak kasatriya kang patut ditiru. Ora gigrig lan wedi paukuman, nanging paukuman
kang wedi marang bebener.
Kacarita, kethek putih ya Anoman nglakoni paukuman. Nanging senadjan diobong,
Anoman ora bisa kobong amarga sekti mandraguna lan malah mecolot sandhuwuring kraton.
Omah, bangunan liyane, lan wit-witan kang diencoki Anoman kabeh kobong. Kraton Ngalengka
sing maune apik asri saiki dadi lautan geni. Prabu Dasamuka nesu lan mrentahake para prajurit
supaya nyekel Anoman. Anging Anoman kasil lolos lan wis bisa ketemu maneh atur palapuran
marang Prabu Rama.
(Pustaka Candra, Edisi 8 kanthi kabesut saprelune)
2
B. Pupuh Kinanthi
Kompetensi Inti
KI -1 Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
KI-2 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong) santun, percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial
dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
KI-3 Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian
tampak mata
KI-4 Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,menghitung,
menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang
sama dalam sudut pandangan/ teori.
Kompetensi Dasar
3.2 Menelaah teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi
4.2 Menulis syair tembang Kinanthi.
Indikator
1. Siswa dapat mengartikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam teks
Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi.
2. Siswa dapat mengajukan dan menjawab pertanyaan bacaan tentang teks Piwulang Serat
Wulangreh pupuh Kinanthi.
3. Siswa dapat menulis pokok-pokok isi teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi.
4. Siswa dapat membaca pehamaman teks tembang macapat Kinanthi.
5. Siswa dapat menulis syair tembang macapat Kinanthi.
Serat Wulangreh pupuh Kinanthi
a. Tegese Tembang Kinanthi
Tembang, ing susastra Jawa iku maneka warna, antarane : tembang gedhe (ageng),
tembang tengahan, tembang cilik (alit), lan tembang dolanan. Macapat, klebu jinis tembang cilik
3
(alit). Dene jinise tembang macapat iku ana sewelas, yaiku : Mijil, Kinanthi, Maskumambang,
Asmarandana, Gambuh, Durma, Dhandhanggula, Pangkur, Kinanthi, Megatruh lan Pocung.
Tembang Kinanthi kalebu Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhan Pakoe Boewana IV.
Tembang macapat, racake isine pengeling, pemut utawa ajaran/ nasehat. Ana uga
tembang macapatkang isine dolanan utawa batangan,umpamane Pocung. Dene wujude tembang
macapat, kaiket ing paugeran utawa aturan: guru lagu, guru wilangan lan guru gatra. Guru lagu
iku tibaning swara ing saben gatra. Guru wilangan iku jumlahe wanda (suku kata) ing saben
gatra. Dene guru gatra iku jumlah larik ing saben pada. Tembang Kinanthi asale saka tembung
“Kanthi” kang nduweni arti tuntun maksude manungsa iku saling mbutuhake. Tembang kinanthi
isine ngambarake kemantepan awak.
b. Watak Tembang Kinanthi
Watakipun tembang kinanthi inggih menika seneng, tresna asih, mituturi, nuladhani,
mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih.
c. Fungsinipun Tembang Kinanthi
Fungsinipun tembang kinanthi inggih menika :
1. Paring wejangan dumateng para kadang mudha.
2. Dipunginaaken kagem paring pitutur utawi mituturi.
3. Kagem ungkapan tandha tresna.
4. Didpun dadosaken iringan wonten ing pamentasan seni.
d. Paugeran Tembang Kinanthi
1. Guru gatra tembang kinanthi inggih menika saben sapada wonten enem gatra utawi saben
pada gadah enem larik.
2. Guru lagu tembang kinanthi inggih menika a,i,a,i,a,i .
3. Guru wilangan tembang kinanthi inggih menika 8,8,8,8,8,8.
e. Cakepan tembang Kinanthi lan gancaran
- Nembang
Sekar Tembang Kinanthi
5 66 6 6 1’ 2’ 2’
Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh
2’ 2’ 1’ 1’ 6 61’ 5 6’
4
Sa- la- mi- mung a- was e- ling
5 6 1 1’ 1’ 1’ 1’ 61’
A- was sa- jro- ning lu- mam- pah
5 5 5 5 5 2 32 1
E- ling lu- ki- ta du- ma- di
1 235 5 55 5
Su- pa- di nir ing sang- sa- ya
3 222 2 32 3 5
Ye- ku- pang- rek- sa- ning u- rip
- Tembang Kinanthi
Pada 1
Mangka kanthining tumuwuh
(Mangka kanggo sanguning urip)
Salami mung awas eling
(Selawase kudu awas lan eling)
Awas sajroning lumampah
(Ing mlaku kudu ati-ati)
Eling lukita dumadi
(Eling marang pertandani urip)
Supadi nir ing sangsaya
(Supaya adoh saka sangsaya)
Yeku pang rekasaning urip
(Yo ngono carane nglakoni urip)
Pada 2
5
Marma den taberi kulup
(Mula sregepa anak-anakku)
Angulah lantiping ati
(Sinau netepi ati)
Rina wengi den aneda
(Rina wengi den upaya)
Pandak-panduking pambudi
(Mrasuk ing sajroning ati)
Bengkas kahadaning driya
(Ngilangake nepsu)
Supaya dadyta utami
(Supaya dadi wong kang utama)
6
C. Legenda
Kompetensi Inti
KI -1 Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
KI-2 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong) santun, percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial
dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
KI-3 Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian
tampak mata
KI-4 Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,menghitung,
menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang
sama dalam sudut pandangan/ teori.
Kompetensi Dasar
3.3 Memahami legenda asal-usul tempat.
4.3 Meringkas isi teks legenda asal-usul/ tempat.
Indikator
1. Mendengarkan dan mencatat kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam wacana
narasi.
2. Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat.
3. Mengajukan dan menjawab pertanyaan wacana yang didengarkan dalam ragam krama.
4. Mendiskusikan isi wacana.
5. Mengungkapkan isi wacana yang didengarkan secara tulis.
7
Legenda
Pengertian :
Legenda yaiku dogeng kang gegandhengan karo dumadine sawijining panggonan.
Jenise lengenda :
1. Legenda keagamaan yaiku legenda kang isisne ngenani agama.
2. Legenda alam gaib yaiku legenda kang isine bener-bener kedadeyan utawa dialami manungsa
ana hubungane karo gaib.
3. Legenda pawongan yaiku legenda manungsa lang dianggap bener-bener kedadeyan.
4. Legenda sawijining papan yaiku legenda kang ana hubungane karo jeneng papan utawa
topografi ing sawijing daerah.
Unsur Intrinsik :
1. Irah-irahan yaiku digawe saringkes-ringkese nanging wis bisa kanggo nggambarake isine crita
lan digawe sing narik kawigaten.
2. Tema minangka dasare crita mula banjur diarani ide sentral.
3. Latar utawa setting yaiku wektu, kahanan utawa papan kedadean jroning crita.
4. Wattak yaiku kualitase paraga yaiku ngenani mbedakake paraga siji karo sijine
5. Sudut pandangan yaiku ana ngendi paraga punjer , mingangka paraga punjer dadi wong
kapisan jroning crita dadi aku apa dadi wong ketelu yaiku nganggo jeneng wong.
6. Amanat yaiku gagasan sing pingin diwedharake panganggit marang kang maca utawa
ngringokake.
Legendha Gunung Merapi
Ing sawijining dina, Bathara Narada lan Dewa Penyarikan lunga menyang Gunung
Jamurdipa kanggo mriksa kahanan ing kana. Kaloro empu sakti kuwi kandha marang Bathara
Guru yen gunung iku agawe Pulo Jawa miring ing sisih kidul. Mula, dheweke kabeh kudu
mindhahke gunung kuwi menyang tengah Pulo Jawa, yaiku ing dataran rendhah sisih lor.
Ora suwe, Bathara Narada lan Dewa Penyarikan diwenehi prentah marang Bathara Guru
kanggo meksa Empu Rama lan Empu Pamadi supaya gelem pindhah. Dheweke kabeh banjur
rerembugan bareng, ananging ora nemoni dalan metu sing trep.
8
“Yen dhewe pindhah, bisa agawe keris sing tak gawe iki dadi elek kwalitase. Naming
wana iki sing isa gawe keris iki nduweni kwalitas sing apik,” kandhane Empu Pamadi.
Sakwise gagal rerembugan, Bathara Narada lan Dewa Penyarikan banjur milih nganggo
dalan peperangan. Dheweke kabeh banjur gelut karo Empu Rama lan Empu Pamadi. Empu
Rama lan Empu Pamadi langsung ngetokake keris kanggo peperangan kuwi.
Perang kuwi kalangsungan kanthi suwe. Ananging, ing pungkasan Empu Rama lan Empu
Pemadi bisa ngalahke Bathara Narada lan Dewa Penyarikan. Banjur dheweke madhep marang
Bathara Guru.
“Ora ana dalan liya. Kowe kabeh kudu mindhahke Gunung Jamurdipa saiki masio
gunung kuwi bakale nibani Empu Rama lan Empu Pamadi,” prentah Bathara Guru.
Bathara Narada lan Dewa Penyarikan banjur ngangkat gunung kuwi mau karo mabur.
Sakbanjure, dheweke kabeh nggletakake gunung kuwi ing papane Empu Rama lan Empu Pamadi
sing lagi ngadek. Kaloro empu kuwi banjur mati.
Papan Gunung Jamurdipa wis dipindhahke lan gunung kasebut dadi aktif maneh amarga
gunung kuwi ana ing dhuwure tungku geni. Tungku geni kuwi papan kang dienggo karo Empu
Rama lan Empu Pamadi kanggo manasi wesi. Suwe-suwe gunung kasebut dijenengi Gunung
Merapi.
(Sumber: https://www.solopos.com/asal-usul-gunung-merapi-kisah-pertempuran-2-empu-
dandewa-1073588
9
D. Dialog
Kompetensi Inti
KI -1 Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
KI-2 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong) santun, percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial
dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
KI-3 Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian
tampak mata
KI-4 Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,menghitung,
menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang
sama dalam sudut pandangan/ teori.
Kompetensi Dasar
3.4 Menelaah dan menangkap isi dialog.
4.4 Menulis dan menyajikan teks dialog yang melibatkan tokoh.
Indikator
1. Mendiskusikan dan mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam dialog.
2. Mengajukan dan menjawab pertanyaan wacanadialog.
3. Mendiskusikan isi wacana dialog.
4. Mengungkapkan isi wacana dialog yang didengarkan secara tulis.
10
Dialog
1. Pengertian :
Teks Dialog yaiku pacelathon kang diucapake sambung sinambung antarane salah
sawijining paraga klawan paraga liyane (wong loro utawa luwih saka loro). Pacelathon
dalam bahasa Indonesia artinya "Percakapan". Sakatembung celathu entuk aterater Pa-lan
Panambangan-an.
2. Tata Cara Melakukan Dialog
Ing budaya Jawa, pacelathon diatur dening unggah-ungguh. Dening Unggah-unguh
pacelathon mau digunakake kanggo ngurmati antarane wong siji lan liyane sing diajak
guneman. Ragam bas aunggah-ungguh kanggo pacelathon kaperang dadipapat:
-Ragambasangokolugu
-Ragambasangokoalus
-Ragambasakramalugu
-Ragambasakramaalus
Pacelathon kuwi ora bias sembarangan, antarane wonga nom karo wong tuwa kudu ana
pakurmatan mawa unggah-ungguh kuwi.
Contoh Dialog :
Pangeran Diponegoro
Ing sawijining dina, ana papat bocah sing lagi sinau bareng nggarap PR saka gurune.
Bocah papat mau jenenge Mirza, Nina, Imam, dan Yoga. Yoga iku bocah sing ora paham
karo sejarah pahlawan-pahlawan. Yoga ngerasa isin lan salah amarga dhewekke ora
mangerti jasa-jasa pahlawan sing wis berjuang. adalah sosok remaja yang kurang
menghargai jasa pahlawan, bahkan sejarah tentang Jendral Sudirman pun tidak
diketahuinya.
Yoga : “Cah, soal nomer 9 ikigambar fotone sapa ya? Cerita perjuangane kaya ngapa?
Mirza : “Lhoh, lha kowe apa ora ngerti ta, Yog?. Gambar iku tak kira ya gampang
dibedhek lho. Iku rak ya gambar e Pangeran Diponegara ta? Pahlawan negeri iki”.
Nina : “Yoga iki kok ya aneh, mosok ora ngerti pahlawan nasional sing wis akeh jasane
marang negeri”.
Imam : “Yog, kuwi artine kowe ora ngajeni perjuangan lan jasane Pangeran Diponegoro.
Pangeran Diponegoro kuwi rak ya salah siji pahlawan nasional, mestine kowe ngerti”.
Yoga : “Ning negeri iki rak ya akeh pahlawane ta? Mosok aku ndadak ngeling-eling
kabeh?”.
11
Mirza : “Ya bener, tapi sak ora-orane kowe ya kudu ngerti yen kuwi Pangeran
Diponegoro”.
Nina : “Ya, Bener kuwi, Za”.
Yoga takon marang kanca-kancane jasa-jasa apa wae sing wis dilakoni Pangeran
Diponegoo kuwi kanggo bangsa Indonesia, amarga dhewekke ora ngerti babar blas.
Yoga : “Cah, emange apa wae kuwi jasane Pangean Diponegoro kanggo bangsa iki? Kok
jenenge ya akeh ana ing dalan-dalan”.
Imam : “Ya akeh banget ta, Yog. Jasane ora kinira kanggo bangsa iki.”
Mirza: “Iya, benar kandhane Imam kuwi. Mulane ta, kowe kuwi ya kebangeten tenant a,
Ga. Pangeran Diponegoro wae nganti ora weruh”.
Yoga biasa-biasa wae sakwise diomongi ngono karo kanca-kancane. Kaya-kaya ora
nduwe rasa salah ing awake.
Yoga : “Oo, ngono ta?”.
Nina : “Kok mung ngono tanggapanmu, Yog? Kepriye ta karepmu iki sakjane”.
Yoga : “Lha terus aku kudu kepiye? Saiki aku wis paham yen Pangeran Diponegoro iki
salah siji pahlawan nasional”.
Imam : “Ya aja mung kandha yen wis ngerti, kowe ya kudu ngajeni perjuangane
Pangeran Diponegoro”.
Yoga : “Ngajeni kepiye? Aku kudu kepiye? Kowe iki nggawe aku mumet wae ta”.
Mirza : “Mumet Kepiye? Yen kowe wis paham, kowe ya kudu golek apa wae jasa-jasane
kanggo negeri iki, ora ngono ya supaya tugasmu cepet rampung”.
Yoga : “Iya, aku ngajeni, tapi ngajeni kepiye maksudmu?”.
Mirza : “Yak owe kudu dadi pemuda penerus bangsa, kaya apa sing dikarepke pahlawan
marang pemudane, lha kuwi sing diarani ngajeni, amarga awak e dewe isih sekolah”.
Yoga : “Oo, ngono ta”.
12
E. Nulis Huruf Jawa
Kompetensi Inti
KI -1 Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya.
KI-2 Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (toleransi,
gotong royong) santun, percaya diri dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial
dan alam dalam jangkauan pergaulan dan keberadaannya.
KI-3 Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait fenomena dan kejadian
tampak mata
KI-4 Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret (menggunakan, mengurai,
merangkai, memodifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis, membaca,menghitung,
menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang dipelajari di sekolah dan sumber lain yang
sama dalam sudut pandangan/ teori.
Kompetensi Dasar
3.5 Mengetahui penerapan sandhangan, pasangan, dan aksara murda
4.5 Menyalin satu paragraf teks naratif berhuruf latin ke teks berhuruf Jawa
Indikator
1. Siswa dapat membaca kalimat berhuruf Jawa dengan penerapan sandhangan, pasangan,
dan aksara murda
2. Siswa dapat menyalin kalimat berhuruf latin ke huruf Jawa
3. Siswa dapat menyalin paragraf berhuruf Jawa dengan penerapan sandhangan, pasangan
dan aksara murda
4. Siswa dapat menyalin paragraf berhuruf Jawa dengan penerapan sandhangan, pasangan,
dan aksara murda ke huruf latin.
13
Aksara Jawa dan pasangannya
Aksara Jawa pasangan adalah aksara yang digunakan untuk mematikan huruf vokal
sebuah huruf dasar. Aturan letak pasangan setiap huruf berbeda beda, ada yang di sampingnya,
ada yang terletak di bawah huruf, ada yang bentuknya sama persis sepeeti huruf dasarnya, dan
ada yang berbeda.
Sandhangan aksara Jawa
Aksara murda
14
Berdasarkan buku “Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa” karya
S.Padmosoekotjo, aksara murda berasal dari kata “murda” yang memiliki arti “sirah.” Aksara
murda disebut juga aksara sesirah. Yang dianggap aksara murda itu ada 8, yaitu :
Aksara murda pada jaman dahulu digunakan untuk menghormati nama leluhur, julukan, dan
tempat. Penulisan aksara murda biasanya hanya di awal saja, cukup satu huruf. Jika huruf paling
depan tidak ada aksara murdanya ya huruf setelahnya. Misalnya seperti ini :
15
Teks Naratif
Dalam Kamus Besar Bahasa Indonesia, narasi artinya n 1 pengisahan suatu cerita atau kejadian;
2 Sas cerita atau deskripsi suatu kejadian atau peristiwa; kisahan; 3 tema suatu karya seni: --
menyajikan sebuah kejadian yang disusun berdasarkan urutan waktu. Jadi dapat kita simpulkan
bahwa teks naratif adalah teks yang menceritakan tentang suatu kejadian. Teks naratif terdiri dari
beberapa jenis, yaitu :
a. Fabel
b. Legenda
c. Dongeng
d. Cerpen
e. Novel
f. dan karangan fiksi lainnya
Teks naratif tentang Kepahlawanan
KI HAJAR DEWANTARA
Ki Hajar Dewantara lair ing kulawarga Kraton Ngayogyakarta, tanggal 2 Mei 1889,
kaparingan asma Raden Mas Suyudi Suryaningrat. Nalika yuswa 40 tahun ganti asma Ki Hajar
Dewantara. Wiwit kuwi panjenengane ora ngagem gelar kebangsawanane, ing pangangkah
supaya lair lan batine luwih cedhak karo rakyat. Panjenengane ngrampungke Sekolah Dasar ing
ELS (Europesche Lagere School utawa Sekolah Dasar Belanda) banjur nerusake menyang
STOVIA (School Tot Opleiding Van Inlandsche Arsten utawa Sekolah Dokter Pribumi) nanging
ora tutug amarga gerah. Banjur nyambut gawe dadi wartawan ing pirang pirang layang kabar,
antarane yaiku Sedyotomo, Midden Java, De Express, Oetoesan Hindia, Kaoem Moeda, Tjahaja
Timoer lan Poesara. Seratane komunikatif, landhep, lan patriotik saengga bisa nuwuhake greget
antikolonial.
Budi Utomo tansah sengkud nggugah bangsa Indonesia supaya nglenggana pentinge
persatuan lan kesatuan bangsa. Tanggal 25 Oktober 1912, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo
Douwes Dekker lan Tjipto Mangunkoesoemo ngedekake Indische Partij, duwe tujuwan nggayuh
Indonesia mardika. Nalika sasi November 1913 Walanda arep nganakake prayaan satus taun
kamardikan Walanda saka penjajah Prancis ing Indonesia. Rakyat Indonesia dikongkon uga
ngrayakake prayaan kuwi. Ki Hajar Dewantara banjur ngritik lumantar seratane kang judhule
"Als Ik Eens Nederlander Was utawa Saumpama Aku Wong Walanda." Tulisan kuwi kapacak
ing surat de Express kagungane Douwes Dekker antarane katulis kaya mangkene: Menawa aku
wong Landa, aku ora bakal nganakake adicara pesta kamardikan ing negeri sing wis dakjupuk
dhewe kamardikane. Sejajar karo kuwi, dudu mung ora adil, nanging ya ora pantes ngongkon
Inlander menehi sumbangan kanggo pesta kuwi. Pikiran kanggo nganakake pesta kuwi wae wis
ngina kae, apa meneh digaruk uga kanthonge.
16
Amarga kritike kuwi, Ki Hajar Dewantara diukum, diguwang menyang Pulo Bangka.
Douwes Dekker lan Tjipto Mangoenkoesoemo rumangsa dadi kanca saperjuwangane disawiyah
wiyah, banjur macak tulisan ing layang kabar kanggo ngobong semangate rakyat supaya
mungsuhi penjajah. Kalorone uga banjuf oleh ukuman guwang. Douwes Dekker dibuwang ing
Kupang, Tjipto dibuwang menyang Pulo Banda. Nanging, kabeh padha njaluk dibuwang
menyang nagari Walanda supaya isa sinau Basa Walanda, lan akhire Walanda sarujuk.
Ing Walanda, Raden Mas Suryadi Suryaningrat oleh kalodhangan nyinau bab
pendhidhikan lan pangajaran nganti kasil oleh Europeesche Akte. Sawise mulih saka
paguwangan, tanggal 3 Juli 1922 bebarengan karo kanca kancane, bajur ngadegake paguruan
nasional sing dijenengake National Onderwijs Institut Taman Siswa (Perguruan Nasional Taman
Siswa). Piwulange Ki Hajar Dewantara kang kondhang yaiku "Ing ngarsa sung tuladha, Ing
madya mangunkarsa, Tut wuri handayani." Sawise Indonesia mardika, Ki Hajar Dewantara dadi
mentri. Ki Hajar seda tanggal 24 April 1959 lan disarekake ing Ngayogyakarta. Panjengengane
entuk pirang pirang tandha pakurmatan, antarane yaiku gelar Doctor Honoris Causa saka
Universitas Gajah Mada taun 1957, ditetepake minangka Surat Keputusan Presiden RI No. 305
taun 1959. Lan minangka Bapak Pendhidhikan Nasional. Dina laire dipengeti minangka Dina
PendhidhikanNasional.
17
DAFTAR PUSTAKA
Pustaka Candra, Edisi 8 kanthi kabesut saprelune
Padmoesoekotjo, S. 1989. Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa 4. Surabaya: PT
Citra Jaya Murti.
https://failfaire.org/tembangkinanthi/#:~:text=Tembang%20kinanthi%20diambil%20dari%20kat
a,%2C%20bimbingan%2C%20didampingi%20atau%20diarahkan.&text=Tembang%20ini%20m
erupakan%20gambaran%20fase,atau%20masa%20mencari%20jati%20dirinya
https://www.synaoo.com/tembang-kinanthi-beserta-artinya/
https://www.senibudayaku.com/2018/09/contoh-tembang-macapat-kinanthi.html?m=1
https://www.solopos.com/asal-usul-gunung-merapi-kisah-pertempuran-2-empu-dandewa-
1073588
https://www.scribd.com/document/331350368/Cerita-Ki-Hajar-Dewantara-Ngoko
18