The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Mahriza Aulia, 2023-03-24 01:26:53

Bahan Ajar Tembung Dasanama

Bahan Ajar Tembung Dasanama

K E L A S V I I I K U R I K U L U M M E R D E K A BAHAN AJAR BASA JAWI Disusun Oleh: Mahriza Aulia (20205241037) TTEEMMBBUUNNGG DDAASSAANNAAMMAA


D A F T A R I S I Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII Daftar Isi ............................................................................................................................................. 1 Pitedah Pasinaon ............................................................................................................................ 2 Capaian Pembelajaran .................................................................................................................. 3 Indikator Pencapaian Kompetensi ............................................................................................ 3 Tujuan Pembelajaran .................................................................................................................... 3 Pangertosan Dasanama ......... ..................................................................................................... 4 Tuladhanipun Tembung Dasanama ......................................................................................... 5 Tuladha Ukara ingkang Ngewrat Tembung Dasanama ................................................... 6 Gladhen ............................................................................................................................................... 7 Daftar Pustaka ................................................................................................................................ 8


P I T E D A H P A S I N A O N Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII Kawaosa lan kapahamana materi ingkang wonten ing saben kagiyatan pasinaon. Menawi wonten materi ingkang dereng paham, siswa saged nyuwun pirsa dhateng guru. Garapen saben gladhen ing LKPD gayut kaliyan materi-materi ingkang karembag ing salebetipun kagiyatan pasinaon. Menawi dereng nguwaosi level materi ingkang dipuntemtokaken, dipunambali malih ing kagiyatan pasinaon saderengipun utawi saged nyuwun pirsa dhateng guru. A. Pitedah Kangge Siswa Kangge nggayuh asil sinau ingkang sae, mila lampahing pasinaon ingkang kedah dipuntindakaken ing salebetipun modul inggih menika : 1. 2. 3. Mbiyantu siswa nalika proses pasinaon katindakaken. Paring andharan dhateng siswa supados saged mangertos konsep, analisis, saha mangsuli pitakenan siswa ngengingi materi. Paring bimbingan nalika kagiyatan gladhen kelompok. B. Pitedah Kangge Guru Ing salebetipun kagiyatan pasinaon, guru kedah : 1. 2. 3.


Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII 3.7.1. Membuat kalimat yang memuat tembung dasanama dengan benar. (HOTS C6) C A P A I A N P E M B E L A J A R A N Peserta didik mampu memberikan contoh dasanama tembung melalui kegiatan membaca kalimat yang memuat tembung dasanama. I N D I K A T O R P E N C A P A I A N K O M P E T E N S I T U J U A N P E M B E L A J A R A N 3.7. Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan saintifik, model pembelajaran problem based learning, diskusi, ceramah, tanya jawab peserta didik dapat: membuat (C6) kalimat yang memuat tembung dasanama dengan benar.


P A N G E R T O S A N D A S A N A M A Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII Tembung ‘dasa ’ asalipun saking tembung ‘sedasa ’ ingkang tegesipun sedasa utawi sepuluh. Wondene tembung ‘ nama ’ tegesipun jeneng, aran, utawi jejuluk. Dasanama inggih menika tembung-tembung ingkang gadhah teges sami. Uga saged dipunwastani padhan tembung utawi aran liya. Dasanama limrahipun kapendhet saking basa Kawi inggih menika basa Jawi Kina. Senadyan jejuluk dasa (sepuluh), dasanama dereng mesthi gadhah gunggung utawi cacah sepuluh, saged langkung saking sedasa ugi saged kirang. Amargi tembung ‘dasa ’ menika namung dados ’ pralambang saking kathahipun ’. Tembung dasanama menika boten namung satunggaling tembung ingkang limrah, ananging minangka jinis tembung ingkang saged nggampilaken andharan masarakat ing pawicantenan saben dintenipun saha dados pilian tembung utawi diksi dening para pamaosipun.


T U L A D H A N I P U N T E M B U N G D A S A N A M A Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII Anak = atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga. Angin = anila, bayu, bajra, maruta, samirana. Banyu = udaka, amerta, ranu, tirta, toya, tuban, warih, waya Bintang = lintang, sasa, sudama, kartika Bumi = buwana, bawana, basundara, jagad, bantala Dalan = margi, marga, lurung, elu, delanggung Kethek = kapi, wanara, juris, munyuk, bedhès Geni = agni, brama, dahana, pawaka, bahni Gunung = aldaka, ardi, arga, giri, wukir Langit = awang-awang, gegana, tawang Layang = surat, nawala, pustaka, kinteki, walgita, wilapa, palupi, patra. Lintang = kartika, sasa, sudama, taranggana, wintang Rembulan = badra, basanta, candra, kirana, sasi, sasangka, ratih, wulan Segara = ernawa, tasik, jaladri Srengenge = aruna, bagaskara, bagaspati, raditya, surya Anoman = Anjaniputra, Bambang Senggana, Kapiwara, Wanaraseta. Raden Arjuna = Janaka, Premadi (Permadi), Kuntadi, Wijanarka


T U L A D H A U K A R A I N G K A N G N G E W R A T T E M B U N G D A S A N A M A Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII Mas Doni nyaosaken layang ing dalemipun Budhe. Dasanamanipun tembung ‘layang ’ inggih menika : surat, nawala, pustaka, kinteki, walgita, wilapa, palupi, patra. Srengenge angslup ing wanci sonten. Dasanamanipun tembung ‘srengenge’ inggih menika : aruna, bagaskara, bagaspati, raditya, surya. Kathah montor liwat ing dalan anyar. Dasanamanipun tembung ‘dalan ’ inggih menika : margi, marga, lurung, elu, delanggung. Cahyaning rembulan sumunar padhang. Dasanamanipun tembung ‘rembulan ’ inggih menika : badra, basanta, candra, kirana, sasi, sasangka, ratih, wulan. Banyu sumur ing sabinipun Pak Warno bening sanget. Dasanamanipun tembung ‘banyu inggih menika : udaka, amerta, ranu, tirta, toya, tuban, warih, waya.


G L A D H E N Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII Sasampunipun para siswa sinau bab tembung dasanama, sumangga dipungarap Gladhen Kelompok saha Soal Evaluasi (Individu) wonten ing LKPD!


D A F T A R P U S T A K A Bahan Ajar Basa Jawi Kelas VIII · Buku Suyati., dan Sri Winarti. 2017. Kartika Basa. Kartasura: Media Karya Putra. Setyawati, Bethy Mahara. 2020. Basa Jawa. Kartasura: CV Hasan Pratama. · Video Pembelajaran Tembung Dasanama Link: https://youtu.be/mDHohQ-26-w · Website http://dwitaryanto.blogspot.com/2012/11/dasanama.html https://adjar.grid.id/read/543212571/tembung-dasanamapengertian-fungsi-jenis-jenis-dan-contohnya?page=all https://budiarianto.web.id/2020/04/29/tembung-tembung-dasanama-lengkap/


Click to View FlipBook Version