The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by yumna.fakhriyah31, 2022-12-03 20:45:46

Wacana Deskripsi

Wacana Deskripsi

Keywords: teks deskripsi,teks deskriptif,busana adat jawa,teks deskriptif busana adat jawa

Wacana Deskripsi

Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo
pambudi dayane penulis kanggo menehi pepineren-peprincen saka sawijining
objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi
penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa
pangrasane marang pamaca. Tulisane njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen
wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi
dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya laya pamaca
bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.

Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane
kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Karangan deskripsi objektif yaiku
salah sawijine jenis karangan kang anggone nggambarake objek mau ora
dikantheni karo opini saka penulis. Dene karangan deskripsi subjektif kosok
baline, yaiku anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka
penulis

Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku

a. Kahanan ruang ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa,
lan sapiturute;

b. Kahanan barang maneka warna kembang ing Taman Balekambang, prau prau
ing Pelabuhan Tanjung Emas, wujud wewangunan lan adat Jawa, piranti
praktek ing laboratorium, alat transportasi, lan sapiturute.

c. Proses: proses nggawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah, reresik
lingkungan sekolah. ngopeni lan ngrembakake tanduran, njaga kelestarian
sumber daya alam, lan sapiturute

Tuladha 1

Batik

Batik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa
dicorekake. Pangolahing batik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake
trap-trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal batik minangka sawijining asil
karya luhur bangsa Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantar UNESCO
kawitan 2 Oktober 2009. Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis

corake iku kang narik kawigaten. Jinising corak batik ing antarane kayata: batik
kraton, sida mukt. dadi uga perangan kawung, lan sapiturute. Batik kraton mula
bukane ginawe dening para pembatik kang dumunung ing sajroning kraton.
Motif utawa corake kayata parang barang, parang rusak. lan udan liris

Batik sida mukti yaiku motif corak batik kang lumrahe ginawe saka zat pewarna
soga alam. Batik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif
kang ginambar yaiku gurda. Tembung "sida" iku ateges dadi utawa kelakon.
Kanthi mangkono, corak batik kang kawitan tembung "sida" duwe karep supaya
apa kang ginayuh bisa kawujudan Mula sida mukti duwe makna filosofis
ngandhur pangarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.

Batik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper
klapa utawa woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka
gambaran reroncening kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape
wong Jawa duwe makna nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak batik
kawung uga kaperang saka wujud gedhe lan cilike. Kawung picis iku corak
kawung kang ginambar saemper bunderan cilik-cilik. Ing jaman biyen picis iku
duwit pangaji sepuluh senyang wujude cilik. Kawung bribil corake saemper
kawung picis, nanging bunderan kang kasusun luwih gedhe saka corak picis.
Bab iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang
wujude luwih gedhe lan pangajine setengah sen.

(Katranslit saka Wikipedia)

Tuladha 2

Keris

Pamor iki wujude klumpukan saka bunderan-bunderan cilik kang padha
tinumpuk. Ukuran bunderan iku rata-rata luwih cilik saka bunderan kang ana
ing pamor udan emas. Nanging manawa jroning pamor udan emas bunderan-
bunderane sumebar, ing pamor sisik sewu njendhel.

Tumrape kang pracaya, dayane udakara padha karo pamor udan emas. Pamor
iki kagolong pamor tiban, yaiku pamor kang wujude ora direkadaya dhisik
dening empune. Pamor sekar susun. Sekar susun yakuwi jeneng pamor keris
utawa tumbak kang wu- jud gambarane meh kaya pamor melathi rinonce.
Bedane, gambaran kembang-kembang ing pamor sekar susun ukurane luwih
gedhe.

Pamor iki kagolong pamor kang ora pamilih, tegese cocog dianggo dening sapa
wae. Saperangan sutresna keris nganggep manawa keris kanthi pamor sekar
susun iki bisa nggangsarake anggone golek sandhang pangan. Pamor iki arang
banget ditemokake jroning keris-keris gawean lawas.

(Kapethik saka Solopos, 2011)


Click to View FlipBook Version