2023 Piwulangan Basa Jawa SMA Kelas X Bahan Ajar Flipbook CERIT A WA Y A NG Dening : Sandra Delli Marselina, S. Pd. SMA NEGERI 1 TEMANGGUNG I
A tur Pangi r ing Puji sukur mugi konjuk dhateng Allah SWT, awit saking berkah saha rahmatipun buku digital (flipbook) Sinau Cerita Wayang punika saged karakit. Buku punika karakit adhedhasar Kurikulum Merdeka Muatan Lokal Mata pelajaran Bahasa Jawa. Kanthi buku punika kaangkah para siswa saged nambahi kawruh babagan piwulang babagan cerita wayang ingkang ringkes lan ugi kawuwuhan gambar ilustrasi ingkang narik kawigatosan para siswa. Buku punika sampun kaserat Capaian Pembelajaran, Tujuan pembelajaran, lan gladhi kawruh ingkang nerapaken higher order thingking skill (HOTS). Panyerat anggenipun ngrantam buku punika nglenggana, menawi wonten kiranging basa saha ukara ingkang kirang tata trapsila, pramila andhap asoring manah para sutresna basa Jawa saged damel jangkeping buku punika saha gampil lan tinarbuka dening para siswa pinangka sarana nyinau basa Jawa ing jaman samangke. Nuwun. II
Dhaptar Isi III Sampul ......................................................................................i Atur Pangiring ........................................................................ii Dhaptar Isi ..............................................................................iii Capaian dan Tujuan Pembelajaran ...................................iv Sejarah Wayang .....................................................................1 Unsur-Unsur Cerita Wayang .............................................2 Nilai-Nilai Kang Kaamot ing Cerita Wayang...................3 Sasmitaning Pakeliran Wayang Purwa ............................4-6 Wataking Wayang ................................................................ 7 Dasanama Wayang .............................................................. 8 Dewa lan Kahyangane ........................................................ 9 Silsilah Pandhawa lan Kurawa ......................................... 10-11 Uji Kompetensi .................................................................... 12-13 Kapustakan ........................................................................... 14
Capaian Pembelajaran Peserta didik mampu memahami informasi dalam menyimak teks sastra dalam bentuk cerita wayang Mahabarata. Tujuan Pembelajaran 1. Menjelaskan arti kata dalam cerita wayang (Mahabharata) “Bima Bungkus.” 2. Menyimpulkan pesan moral dalam cerita wayang Mahabarata "Bima Bungkus.” 3. Menceritakan kembali isi cerita wayang Mahabharata “Bima Bungkus.” IV
SEJ A R A H WA Y A NG 1 Wayang yaiku mujudake gegambaraning lelakone panguripane manungsa ing alam donya kang dikantheni nganggo paraga seni aran wayang, mligine babagan watake manungsa, ngendi kang apik kanggone awake dhewe iku patut dijupuk tuladhane, kosok balene tuladha kang ala mesthine ora dicontho. Wayang inggih punika satunggaling kabudayaan asli Indonesia. Mligine wayang kulit wis diakoni dening UNESCO tanggal 7 November 2003. Minangka organisasi kang mayungi babagan kabudayan, UNESCO netepake menawa wayang iku dadi seni pakeliran paling kondhang (Masterpiece of Oral and Intagible Heritage of Humanity) Indonesia kang ditulis ana ing Daftar Representatif Budaya Takbenda Warisan Manusia. Panemu babagan asale wayang iku maneka warna. Miturut Dr. Ga. J. Hazeau (1897), wayang iku asale saka Jawa. Prasasti Mantyasih abad ke-4 tinggalan saka dinasti Mataram Kuna dipercaya dadi prasasti kapisan kang nyerat babagan seni pewayangan. Ana ing Prasasti kuwi kaserat unen-unen “si galigi mawayang” kang tegese “si galigi (dhalang) ndhalang”. Para ahli durung ana kang bisa mesthekake kapan wayang wiwit ana ing Indonesia. Nanging yen ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kapungkur, wayang kira-kira wis ana sadurunge agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk saka India. Pakeliran wayang iki srana nyembah marang roh leluhur. Crita wayang kang gumelar ing tlatah Jawa mligine, asumber saka crita Mahabharata lan Ramayana, nanging ora winates ing pakem wae. Crita isa uga nglakonake crita carangan (gubahan). Para Wali uga nggunakake wayang minangka sarana dakwah marang masyarakat. Crita wayang iku jinise maneka warna. Saka babon critane Ramayana kang dianggit dening Empu Walmiki lan crita Mahabarata dening Empu Wiyasa, nanging saben crita iku ngemot piwulang dhewe-dhewe. Satemene jinis wayang iku maneka warna, kajaba wayang purwa/kulit, wayang krucil, wayang gedhog, wayang dupara, wayang suluh, wayang madya lan isih akeh jinis wayang liyane. Nanging jinis wayang kasebut wis arang/ ora nate metu ing pagelaran wayang minangka panglipur, kajaba wayang purwa, wayang uwong lan golek. Wayang iku satemene mujudake gegambaran watak wantu, solah bawane wong urip ing ngalam donya iki. Lire wong kang padha nyemak bisa oleh kaca pengilon saka lakon wayang mau. Menawa dithinthingi saripatine, lakon genah asung sesuluh bab ala lan becik, sarta patrape titah marang Gusti kang Murbeng Dumadi lan sapiturute.
U N S U R - U N S U R CE R IT A WA Y A NG 2 Bab-bab kang mbangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane, yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering cerita/ sudut pandang, perkara (konflik). UNSUR INTRINSIK : Tema / underaning cerita Setting / latar Sudut pandang / punjering cerita / cara pamawas. sudut pandang wong kapisan (pertama). Ciri saka sudut pandang iki yaiku nggunakake tembung sesulih wong kapisan: aku/ dak / tak, nyritakake apa sing dilakoni lan ngandharake rasa pengrasa pribadi kanthi tembung aku. sudut pandang wong katelu. Ciri utamane yaiku nggunakake tembung sesulih wong katelu yaiku dheweke / wonge lan sapanunggalane. Alur / plot / lumakuning cerita Tokoh penokohan / paraga lan watak Gaya Bahasa / Lelewaning Basa Amanat/ Piwulang/ Pitutur Tema yaiku gagasan ide utawa underan pokok sing dibahas sajerone cerita wayang. Tema minangka dhasar lumakune cerita wayang. Setting yaiku latar sing nyengkuyung lumakune cerita wayang. Setting ana 3, yaiku setting wayah, setting papan lan setting swasana. Unsur iki nuduhake papane panulis ing jerone cerita. Ing unsur iki, panulis bisa mapan ing 2 sudut pandang, yaiku: Alur yaiku rerangken kedadean sing dumadi sajerone cerita wayang. Alur diperang dadi 3 yaiku alur maju, alur mundur lan alur campuran. Alur maju yaiku alur sing nuduhake laku progresif (maju). Alur mundur nyritakake peristiwa flashback, dene alur campuran nyuguhke persitiwa acak, kadang maju lan kadang mundur. Paraga lan watak iku unsur sing ora bisa dipisahke. Paraga yaiku tokoh pelaku sajeroning cerita wayang, dene watak yaiku sifat sing diduweni paraga. Paraga ana 3, yaiku protagonis (tokoh apikan) tokoh antagonis (tokoh penentang protagonis) lan tokoh netral (tritagonis). Lelewaning Basa yaiku gaya cerita panulis. Lelewaning basa iki bisa arupa majas lan purwakanthi. Majas sing umum digunakake ing cerita wayang yaiku majas sarkasme (basa kasar) lan eufisme (basa alus) ing basa krama alus. Saliane majas kasebut, ana uga majas majas hiperbola, metafora lan sapanunggalane. Amanat yaiku piwulang utawa pitutur sing ana sajeroning cerita wayang. Amanat iki ora kudu padha saben pawongan sing maca cerita. Bisa wae amanat sing ditampa pamaca siji lan liyane beda.
N IL A I - N IL A I K A NG K A M O T I NG S A J R O N I NG CE R IT A WA Y A NG 3 a.Tanggap ing sasmita/ empati Tegese saben titah kang urip ingnjagat iki, kudu duwe sikep empati marang pepadhane manungsa, tanduran lan sato kewan.namargo sikep empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane lan wong liya, supaya urip tentrem ayem. b.Jujur Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi. Kala mangsane jujur iku gampang diucapake nanging angel dilakoni “gedhang wohing pakel, ngomonge gampang nglakoni angel”. c.Mad sinamadan/ saling menghargai Panguripan iki bakal tentrem yen tinanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni piyayi sepuh, lan kosok balene. Sikep iki ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula lumakunung bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. d.Tanggung jawab Wong kang nduweni tanggung jawab ora bakal tumindak kang sak akrepe dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenanan. e.Keadilan Sikep adil bisa mbrasta opo wae kang dadi pepalanging lan bisa mbela kang bener sanajan kang diadepi iku ana sesambungan sedulur utawa waris (ora mban cindhe mban silatan). f.Ngabdi mring negara Awake dw kudu duwe sikep kang loyal marang negara, amarga kanthi mangkono bisa bangun lan ningkatake derajat panguripan, ngleluri, nglestarekake, alam sakiwo tengene. g.Lsp
S A S M IT A N I NG P A KELIR A N WA Y A NG P URWA 4 Wayang iku mujuake wewayangan uriping manungsa ing alam donya. Ing jagading pewayangan tinemu sakabehing kagunan kang endah edi. Endah, amarga yen kadulu bisa agawe reseping ati, amarga bisa ngalusake budi pekerti. Ora sathithik para warga bebrayan Jawa kang kagembleng jiwane amarga nyemak wayang. Ala lan becik kabeh dibeberna kanthi gamblang, sineling guyon sarta rerengganing gendhing gamelan kang laras. Mulane ora mokal senajan wayang purwa digelar ing wanci bengi nganti parak esuk, kang padha mresani tetep betah. Awit saka gedhening daya pangaribawane, seni pewayangan sinebut seni adiluhung. Adi tegese linuwih, luhung kebak ing piwulangan becik, sakliyane tontonan uga tuntunan. Ing pakeliran wayang purwa, saliyane crita kang bisa ambabar kasejatining manungsa, ubarampening pakeliran ringgit uga ngemu pralampita uriping manungsa. Terange mengkene : Gunungan gunane kanggo pambuka lan panutup, kaya layar nalika pagelaran sandiwara, uga dadi tandha gantine jejeran (adegan/ babak), lan nggambarake wit-witan, angin, samodra, gunung, gludhug, bledhek, tandha ganti swasana, panggonan, lan wektu (setting/ latar) tartemtu. Gunungan pralambange urip. Gunungan Gunane kelir dadi layar kang digunakake nalika pakeliran wayang,. Kelir pralambang langit. Kelir Gunane debog kanggo nancepake wayang. Debog pralambang bumi. Debog
5 Gunane kothak gawe nyimpen wayang Kothak pralambang sangkan paraning dumadi, utawa alam sakdurunge lair. Kothak Keprak iku digunakke ing pakeliran ringgit gagrak Surakarta, dene kepyak digunakake ingpakeliran ringgit gagrak Ngayogyakarta. Gunane keprak gawe ngetokake swara kang mratandhakake swasana. Keprak pralambang lakuning urip. Keprak/ Kepyak Gunane cempala gawe nuthuk kothak pratandha ganti babak. Cempala pralambang jantung. Cempala Gunane kanggo ngiringi carita. Gamelan pralambang kabutuhane manungsa, sandhang, pangan, lsp. Gamelan Dhalang -Dhalang kuwi wong kang nglakokake wayang, kang dadi inti saka pagelaran wayang. Wayang gunane minangka paraga ana ing carita. Wayang pralambang manungsa. Wayang Gunane blencong gawe madhangi pagelaran wayang. Blencong pralambang srengenge, rembulan, lan lintang Blencong
6 Kaya kang wis kababar ing bab sadurunge yan wayang kang kagelar ngandhut critaning panguripan maungsa, kang uga kinandhut filosofi. Gampangane dijingglengi saka mapane wayang ing simpingan (mapane wayang ing layar utawa kelir) tengen lan simpingan kiwa iku wis duweni makna kang rubeda. Simpingan tengen pralambang paraga apik (patut ditiru), dene wayang kang mapan ing simpingan kiwa iku mralambangake paraga kang ala (ora becik ditiru). Dene jeneng wayang kang mapan ing saben simpingan, yaiku: - Simpingan kiwa : 1. Buta Raton (Kumbakarna) 2. Raksasa Muda (Prahasta, Suratrimantra) 3. Rahwana kanthi pirang-pirang wanda 4. Wayang Bapang (Ratu Sabrang) 5. Wayang Boma (Bomanarakasura) 6. Indrajit 7. Trisirah 8. Trisetra lan sejenise 9. Prabu Baladewa kanthi pirang-pirang wanda 10. Lsp. - Simpingan tengen : 1. Prabu Tuguwasesa (Tuhuwasesa) 2. Wrekudara saka pirang-irang wanda
WA T A K-WA T A K WA Y A NG 7 Ndingkluk : nduweni watak sabar, wicaksana , luruh lan temen. Lancip : nduweni watak ala, brangasan ananging tetep siyaga waspada. Mrongos : nduweni watak ala, galak, brangasan, nesunan, lan ugal-ugalan. Stria : nduweni watak nindakake utama, sekti sabar, narima lan wicaksana. Kethek : nduweni watak pecicilan, usil, seneng ngrusuhi. Buta : nduweni watak dur angkara, murka, ugal-ugalan lan brangasan. Putih, kuning, lan ireng : nduwenu watak wantu becik lan suci Abang : nduweni watak galak, brangasan, ugal-ugalan Biru : nduweni watak wantu jirih Sakliyane saka simpingane, bisa uga sipat-sipat mau dijingglengi saka bab ing ngisor iki: 1. Watake wayang miturut gambar sirahe: 2. Watake wayang miturut jinise 3. Watake wayang miturut sunggingane
D A S A N A M A WA Y A NG 8 Semar = Ismaya, Badranaya, Nayantaka, Sukma Sujati, Sukma Ekalaya Kresna = Narayana, Padmanaba, Wisnu Murti, Wasnu Dewa Putra, Narasinga Anom = Anjani Putra, Kapiwara, Rewandapingul, Wanara Seta, Rama Handaya Pati, Puntadewa = Yudhistira, Wijangka= Gunatali, Darmakusuma, Ajata Satru Arjuna = Pamade, danajaya, Janaka, Premadi, Margana, Mintaraga, Kendhitanala, Wrekudara = Bima, jagabilawa, Bratasena, Bayu putra, Wija Sena, Arya panenggak Duryudana = Kurupati, Suyudana, Dastradmaja, Gendari Suta, Jakapitana, Tri Panangsah, Pambangun Kuru, Kurendra Pati Bethara Guru = Girinata, Sang Hyang Jagad Nata, Pukulun Pramesthi, Ciwa Maha Dewa Tokoh-tokoh wayang iku biasane ora mung duweni jeneng siji, nanging ana pirangpirang jeneng, tuladhane kaya kang kapacak ing ngisor iki ; Dasanamane Jeneng wayang sawatara : Jlamprong, Endra Tanaya, Ciptaning, Wijarnaka ARANE ABDI KINASIH 1. Abdine Pandhawa : a. Semar b. Gareng c. Petruk d. Bagong 2. Abdine Prabu Suyudana : a. Cangik b. Limbuk 3. Abdine R. Abiyasa : Cantrik Janaloka a. Abdine Ratu Sabrang :Togog & Mbilung
DEWA L A N K A HY A NG A N E 9 1. Bathara Indra ing Kahyangan Endra Loka 2. Bathara Brama ing Kahyangan Arga Dahana 3. Bathara Kamajaya ing Kahyangan Cakra Kembang 4. Bathara Wisnu ing Kahyangan Ariloka 5. Bathara Yama ing Kahyangan Yomani Loka 6. Bathara Durga ing Kahyangan Setra Ganda Mayit 7. Sang Hyang Antaboga ing Kahyangan Sapta Pratala 8. Sang Hyang Bathara Guru ing Kahyangan Junggring Saloka 9. Sang Hyang Nagaraja ing Kahyangan Sumur Jalatundha 10. Sang Hyang Wenang ing Kahyangan Ngandhar-andhir Bawana
10 SILSIL A H P A NDH AWA L A N KU R AWA SILSILAH KURAWA
SILSIL A H P A NDH AWA L A N KU R AWA SILSILAH PANDHAWA LAN KURAWA 11
UJI KOMPETENSI 12
Babon cerita wayang kuwi ana loro, sebutna! c. Janaka d. Yudhistira e. Kresna 9. Sapa kang dadi mungsuhe pandawa iku … a. Dasamuka b. Punakawan c. Kurawa d. Sengkuni e. Adipati Karna 10. Gamane Raden Werkudara yaiku … a. Jamus Kalimasada b. Kuku Pancanaka c. Kotang Antakusuma d. Gandirwa e. Panah Pasopati II. Wangsulana putakon ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep! 1. Wangsulan : 2. Coba gawea unsure intrinsik saka crita wayang “Bima Bungkus”! Wangsulan : 3. Piwulang apa kang bisa kapetik saka crita wayang “Bima Bungkus”! Wangsulan : 4. Coba sebutna perangane wayang lan pralambange! Wangsulan : 5. Sebutna 5 wae jinis-jinis wayang! Wangsulan : MATURNUWUN 13
14 KAPUSTAKAN Gandung Widaryatmo, dkk. 2014. Prigel Basa Jawa Kelas XI. Jakarta: Erlangga. Heri Setiawan. 2015. Mumpuni Basa Jawi 1. Solo: PT. Tiga Serangkai Lucia Yuyun Dian Susanti. Mandiri Basa Jawa. Jakarta: Erlangga. Sucipta, M. (2010). Ensiklopedia tokoh-tokoh wayang dan silsilahnya. Penerbit Narasi. Sari, A. P. (2021). Filosofi karakter tokoh kesatria dalam lakon wayang purwa Mahabarata. Piwulang: Jurnal Pendidikan Bahasa Jawa, 9(1), 13-25. https://journal.unnes.ac.id/sju/index.php/piwulang/article/view/41231 1. Internet: http://ensiklopedia.kemdikbud.go.id/sastra/artikel/Cerita_Wayang https://www.sastra.org/leksikon https://budiarto.id/bausastra/