The words you are searching are inside this book. To get more targeted content, please make full-text search by clicking here.
Discover the best professional documents and content resources in AnyFlip Document Base.
Search
Published by Sandra Delli Marselina, 2023-08-14 15:19:02

GEGURITAN

GEGURITAN

sinau G E G U R I T A N 2 0 2 3 - 2 0 2 4 K E L A S X S M A N E G E R I 1 T E M A N G G U N G DENING : SANDRA DELLI MARSELINA


Atur Pangiring Panulis : Sandra Delli Marselina, S. Pd. Puji sukur mugi konjuk dhateng Allah SWT, awit saking berkah saha rahmatipun buku digital (flipbook) Sinau Geguritan punika saged karakit. Buku punika karakit adhedhasar Kurikulum Merdeka Muatan Lokal Mata pelajaran Bahasa Jawa. Kanthi buku punika kaangkah para siswa saged nambahi kawruh babagan piwulang babagan geguritan ingkang ringkes lan ugi kawuwuhan tuladha geguritan ingkang narik kawigatosan para siswa. Buku punika sampun kaserat Capaian Pembelajaran, Tujuan pembelajaran, lan gladhi kawruh ingkang nerapaken higher order thingking skill (HOTS). Panyerat anggenipun ngrantam buku punika nglenggana, menawi wonten kiranging basa saha ukara ingkang kirang tata trapsila, pramila andhap asoring manah para sutresna basa Jawa saged damel jangkeping buku punika saha gampil lan tinarbuka dening para siswa pinangka sarana nyinau basa Jawa ing jaman samangke. Nuwun.


DHAPTAR ISI SAMPUL ...........................................................................................I ATUR PANGIRING .......................................................................II DHAPTAR ISI ..................................................................................III CAPAIAN DAN TUJUAN PEMBELAJARAN ............................IV SEJARAH WAYANG .....................................................................1 UNSUR-UNSUR CERITA WAYANG .....................................2 NILAI-NILAI KANG KAAMOT ING CERITA WAYA..........3 SASMITANING PAKELIRAN WAYANG PURWA ...............4-6 WATAKING WAYANG ...............................................................7 DASANAMA WAYANG ..............................................................8 DEWA LAN KAHYANGANE ......................................................9 SILSILAH PANDHAWA LAN KURAWA .................................10-11 UJI KOMPETENSI ........................................................................12-13 KAPUSTAKAN ..............................................................................14


CAPAIAN PEMBELAJARAN Peserta didik memahami, mengevaluasi, menulis informasi berupa gagasan, pikiran, pancangan, arahan atau pesan dari teks sastra berupa geguritan untuk menemukan makna yang tersurat dan tersirat. TUJUAN PEMBELAJARAN Peserta didi k dapat mengarti kan kata-kata yang belum dimengerti dalam tek s sas tra berupa geguritan. Peserta didi k dapat menceritakan kembal i geguritan dalam bentuk gancaran/ prosa. Peserta didi k dapat menyimpul kan pitutur luhur yang terdapat dalam tek s sas tra berupa geguritan. Peserta didi k dapat menganal i s i s dan mengevaluas i kesalahan kata pada has i l kerja kelompok lain. 1. 2. 3. 4.


SINAU GEGURITAN PURWAKA cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah menthes yaiku tembunge duwe teges kang jero endah ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa tembunge pi l ihan Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake karya kang sipate pribadi, mula geguritan antarane panganggit si j i lan si j ine bedabeda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kang dikarepake penganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake purwakanthi, dwi l ingga, seselan, lan l iya-l iyane. Geguritan iku nduweni pitutur luhur lan ancas kang bisa kajupuk kanthi digancarake dhisik. Nggancarake geguritan iku ateges ngowahi lan ngudhari ukara-ukara geguritan supaya isine luwih gampang dimangerteni, kanthi cara nambahi tembung lan negesi . Geguritan iku dumadi saka underan, pami l ihe tembung, purwakanthi lan majas ( lelewane basa ). Pami l ihe tembung lan majas iku paedahe supaya geguritan katon endah lan kepenak diwaca. Ana saperangan bab kang njalari geguritan iku katon endah, antarane yaiku; 1 . 2. 3. 4.


JINISE GEGURITAN Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra. Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda. Dhong-dhing utawa guru lagune ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit. Puisi Jawa gagrag lawas lumrahe isi piwulang : upamane bab tata krama a. Puisi Jawa gagrag lawas yaiku puisi Jawa kang migunakake basa Jawa kuna lan kaperang ana ing pupuhpupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Paugerane puisi Jawa gagrag lawas yaiku; Tuladha puisi Jawa gagrag lawas Sun Gegurit Kaanan jaman saiki Sipat pemudha-pemudhi Srawunge saya ndadi Raket wewekane sepi Tan kadi duk jaman nguni Srawung sarwa ngati-ati Yen manut wasiteng kuna Priya srawung lan wanita Gampang ketaman panggodha Nerak ing laku susila Temah darbe jeneng ala Wasanane tibeng papa


b. Puisi Jawa gagrag anyar Puisi Jawa gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo Puisi Jawa gagrag lawas. Puisi Jawa gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane puisi Jawa gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia, mula puisi Jawa gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”. Ananging owah-owahan saka Puisi Jawa gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis puisi Jawa gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan: a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan. b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung. c. Sajak pungkasan mardika/bebas d. Isine mentes. e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa . Tuladha puisi Jawa gagrag anyar Lumunturing Budaya Dening: Ki Andanawarih Tumetesing waspa dumlewer ing pangrasaku Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku Amersani jaman saiki Tumraping polah tingkahing putra lan putri Kang wis ninggalake subasita Nerak anggeranggering budaya Lali ing tata krama, mbuwang sakabehing unggah-ungguh basa Kabeh rumangsa nistha Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa Sanajan jaman wis maju


Aja banjur dadi kleru Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah Busana owah samesthine Tetunggangan, wisma, laladan rinipta beda saka asline Apa kita wis ora ngregani budaya kita dhewe? Apa budaya kita wis ora ana ajine? Apa budaya kita wis kadaluwarsa? Apa budaya kita wis luntur? Pemuda-pemudi jaman saiki unggah ungguh basa wis dilirwakake Tata krama wis ditinggalna Tata wicara wis ninggalake subasita Apa sing salah sekolah? Apa sing salah ibu bapak? Apa kabeh salah? Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe


Tema yaiku pokok masalah utawa gagasan pokok kang diangkat ing sajroning geguritan. Amanat yaiku nasihat, falsafah, nilai-nilai kang arep diandharake pengarang marang pamaos. Citraan yaiku gambaran angen-angen utawa imajinasine pengarang kang kalairake liwat pancaindra. Gambaran angen-angen iku ana kalane asil liwat indra pandeleng, indra pangrungu, indra pangecap, indra pangrasa, lan indra pangganda. Diksi yaiku pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan. Ana tembung kang maknane denotatif (apa anane) lan tembung kang maknane konotatif (nduweni teges entar utawa ora sabenere). Lelawaning basa Latar yaiku kang nggambarake panggonan, wektu lan swasana utawa kahanan kang bisa narik kawigaten kang maca utawa ngrungokake geguritan. 1. Geguritan iku awujud karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke. Unsur-unsur geguritan kasebut kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur ekstrinsik (unsur ing njaba). a. Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun saka sajrone geguritan. Kang mangaribawani dianggite sawijining geguritan saka unsur intrinsik iku antarane yaiku; Lelawaning basa bisa dipilih panggurit supaya tetembungan kang dironce bisa luwih endah lan menthes kanggo ngandharake rasa-pangrasa saka panggurit. Lelawaning basa kang kerep digunakake kayata; purwakanthi, tembung garba, tembung mawa seselan -in-, lsp. UNSUR-UNSUR KANG AMBANGUN GEGURITAN


Agama Politik Ekonomi Sosial budaya Pendhidhikan Jenis kelamin Adat istiadat, Lsp Para pamaca mangerteni luwih dhisik makna geguritan kang bakal digancarake, carane kanthi maca bola-bali (maca hermeneutik) Nggoleki lan nemokake tembung-tembung kang ngemu teges ora wantah, pasemon, pepindhan, simbolik, utawa sabangsane, banjur negesi tembungtembung mau Nulis maneh tembung-tembung kang sengaja "diilangake" dening panganggit. Tembung-tembung iki ilang lumrahe supaya tuwuh basa endah ing geguritan. Nanging sanajan tembung-tembung mau ilang, ora ngowahi teges Ngronce tetembungan ing geguritan dumadi gancaran (prosa) jangkep, dumadi saka ukara-ukara minimal Jejer-Wasesa (Subjek-Predikat). b. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun geguritan saka sanjabane geguritan (pengarang lan lingkungane). Kang mangaribawani dianggite sawijining geguritan saka unsur ekstrinsik iku antarane yaiku; 2. Pitutur Luhur sing Kakandhut lan Relefansine karo Kahanan Masarakat Jaman Saiki. Teks geguritan iku bisa awujud reriptan apa wae, manawa reriptan iku diwaca lugu iku diarani maca lugu, yen diwaca anthi lelewa iku geguritan, yen diwaca kanthi cara dilagokake iku diarani tembang. 3. Cara Mamarafrasekake Geguritan Parafrase yaiku istilah lingusitik (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake maneh sawijining teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha, nanging tanpa ngowahi maknane. Tata-cara nggancarake utawa parafrasis geguritan kaya ngisor iki:


Para pamaca mangerteni luwih dhisik makna geguritan kang bakal digancarake, carane kanthi maca bola-bali (maca hermeneutik) Nggoleki lan nemokake tembung-tembung kang ngemu teges ora wantah, pasemon, pepindhan, simbolik, utawa sabangsane, banjur negesi tembungtembung mau Nulis maneh tembung-tembung kang sengaja "diilangake" dening panganggit. Tembung-tembung iki ilang lumrahe supaya tuwuh basa endah ing geguritan. Nanging sanajan tembung-tembung mau ilang, ora ngowahi teges Ngronce tetembungan ing geguritan dumadi gancaran (prosa) jangkep, dumadi saka ukara-ukara minimal Jejer-Wasesa (Subjek-Predikat). Parafrase yaiku istilah lingusitik (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake maneh sawijining teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha, nanging tanpa ngowahi maknane. Parafrase nduweni karep supaya gampang anggone mangerteni isine geguritan. Tata-cara nggancarake utawa parafrasis geguritan kaya ngisor iki: Tuladha : Mangsa Rendheng dening Saryono Udan tumiba meh saben dina Ora awan ora bengi Ora esuk ora sore Yen pas udan mesthi tibane Awake dhewe manungsa mung kudu nampa Kersane Gusti Kang Maha Kuwasa Muga-muga kabeh pinaringan raharja nir ing sambekala Murah sandhang pangan gemah ripah PARAFRASE UTAWA NGGANCARAKE GEGURITAN


Tumiba : tiba Kersa : karep/ gelem Raharja : mulya Nir : ora ana Sambekala : bebaya/ alangan Gemah ripah : subur Loh jinawi tata karta raharja Ora kurang sawiji apa Kulon Progo, Januari 2023 Negesi tembung : 1. 2. 3. 4. 5. 6. Gancarane : Udan kang tiba ing saben dina kudu tansah ditampa dening manungsa minangka berkah saka Gusti Kang Mahakuwasa. Manungsa uga kudu tansah ndedonga supaya pinaringan kamulyan lan diadohake saka bebaya, dilancarake rejekine, lan uripe tansah bagya mulya


Wirama : cendhak dhuwure nada utawa keras lemahe swara. Wirasa : perasaan utawa penghayatan nalika maca geguritan. Wiraga : polah utawa gerake nalika maca geguritan. Wicara : lancar orane maca geguritan. Menehi tandha-tandha maca geguritan, kayata : -- kanggo swara datar * kanggo swara munggah ** kanggo swara mudhun # kanggo tembung penting ## kanggo tembung penting banget Menehi tandha mandheg ing geguritan / kanggo mandheg sawetara // kanggo mandheg rada suwe ///kanggo mandheg suwe Menehi tandha ing bageyan-bageyan kang kudu diwaca alon utawa banter Mulane geguritan kudu jumbuh karo tandha-tandha kang digawe. Kang kudu dieling-eling yaiku pangucapane saben tembung lan ukara kanthi pocapan kang cetha. Maca endah geguritan iku ora gampang, geguritan iku gegambaran rasa pangrasa panganggit sing diarani penjiwaan. Pramila anggone maca kudu bisa im provisasi gerak, solah bawa, praupan nalika nyuwarakake tembung. Tegese menawa isine geguritan nyritakake kahanan kang nyenengake, anggone maca geguritan praupane kudu katon seneng. Maca geguritan padha karo maca puisi utawa deklamasi, babagan kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku : 1. 2. 3. 4. Nalika maca geguritan iku nduweni tatacara. Tatacarane kayata : 1. 2. 3. 4. Nulis lan maca endah geguritan


GLADHEN 1 Dhapuka kelompok kang dumadi saka 5-6 siswa. Goleka geguritan ana ing ngendi wae. Gaweya kliping kang isine geguritan kanthi tema kang wernawerna. Wenehna sumbere geguritan utawa asale geguritan sing kokjupuk ! Apa temane geguritan iku? Apa isine geguritan iku? Kepriye pitutur luhure geguritan iku? Tulisen unsur-unsur kang kaandhut ing geguritan iku! Goleka geguritan siji wae, wacanen lan garapen pitakonan ing ngisor iki ! 1. 2. 3. 4. GLADHEN 2


UJI KOMPETENSI Puisi Jawa ing dhuwur kalebu puisi Jawa gagrag…. A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara A,B,C,D utawa E kang koanggep bener! Lega Cidra Cidra tinampa lega-legawaning ati Langgam tresna unine swara Ya mung ukara liwat gurung Najan paseksen kiblating diri iku Kanggo kaca tingal mlaku mecaki wektu Sulap marang mompyor Gebyaring sesawangan edi peni Kabeh mung cinandra Lamun janji iku patrap paseksen jati Nora kena wola wali Tresna satuhu lekasing sedya Tinampa lega datan dora Ngenam crita lungit Amemayu yuning kautaman Janjimu dakugemi Kanthi lila legawaning ati Lamun cidra ilang jatining diri Najan lega mung sakeplasan netra Cinandra mlaku jroning pepeteng Datan dedamar jroning lurung Kebak bebaya Eling lawan waspada Pituwahe pujangga dadya cecala (Bambang Susila Jr,Panjebar Semangat 2022) 1. A. lawas B. anyar C. tradhisional D. kuna E. klasik 2. Geguritan ing dhuwur dianggit dening…. A. Yono Hs B. Maryono Sh C. Galuh Setiawan D. Pustaka Candra E. Bambang Susila Jr 3. Tema geguritan ing dhuwur yaiku…. A. katresnan B. pendhidhikan C. ekonomi D. budaya E. kauripan


4. Lamun cidra ilang jatining diri Tembung cidra iku tegese…. A. blenjani jangi B. ngugemi C. lara ati D. bungah E. kangen 5. Kang diarani geguritan bebas yaiku…. A. geguritan modheren B. geguritan tradhisional C. tembang tengahan D. kidung E. macapat 6. P engarang lan lingkungane iku kalebu unsur … geguritan. A. baku B. primer C .intrinsik D. ekstrinsik E. pokok 7. Pamilihaning tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani…. A. tema B. amanat C. diksi D. rima E. ritma 8. Kang ora kalebu perangan ing babagan nulis geguritan yaiku…. A. tema B. rima C. diksi D. skenario E. pilihan tembung 9. Ekspresi, patrap/ sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani…. A. wicara B. wiraga C. wirasa D. wirama E. wirunggan 10.Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan anyar yaiku…. A. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan B. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung C. Sajak pungkasan mardika/bebas D. Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit E. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa A.Wangsulana pitakon kasebut miturut pitedahipun! 1. Gathosaken geguritan ing ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan nomer 1 lan 2. Lintang Panjer Rahina (Slamet) Nalika bumi isih sepi Lintang panjer rahina wis tangi Menehi pepadhang sagung dumadi Kang wiwit gumrengah ngupaya rejeki Para among tani wis ndalidir mecaki galengan Mbok bakul sinambiwara wus sengkul makarya


Para ngulama tumungkul mengestu puja Para santri wiridan ngaji Jago kluruk sesautan Melu tasbeh marang pangeran Ndonya wis gagat rahina Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa Nitik saka surasaning geguritan, coca golekanan tegese tembung-tembung kayata : A. Rahina B. Tumungkul C. Kalodhangan D. Janma, lan E. Ngupadi 2. Sawise ngerti tegese tembung-tembung kang angel, coba jlentrehna undheraning prekara saka teks geguritan kanthi irah-irahan “Lintang Panjer Rahina”. 3. Tulisen lan jlentrehna kanthi cekak aos lelewaning basa kang kaemot ing geguritan kanthi irah-irahan “ Lintang Panjer Rahina “. 4. Gawea geguritan kanthi tema jumbuh karo gambar kang kapacak ing ngisor iki migunakake basa kang endah . Tulisen uga irah-irahane. 5. Geguritan kang kotulis ing nomer 4, banjur tulisen gancarane lan uga jlentrehna relevansi marang urip bebrayan saiki. Sugeng sinau


Click to View FlipBook Version